KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Kidang Kencana

Kababar | October 19, 2011 | 1 Celathu

KIDANG KENCANA

Sawijining kewan alasan memper wedhus, nanging ulese mrusuh kuning ngemu giring arane kidang kencana. Aja dumeh kidang, nanging beda lan kidang liyane, dheweke duwe prabawa kang gedhe, nganti gawe kepencute sapa kang wuninga.  Mungguh sapa sejatine kang memba-memba dadi kidang iki, ora liya abdi kinasih, hiya pothete negara Ngalengka, kang ora ana liya kajaba Ditya Kala Marica. Kapinujon tinimbalan dening Sang Prabu Rahwana, mungguh perlune wis suwe anggone saguh bakal methukake karo salah sijine pawongan titisane Widowati kapiyarsa pangandikane Prabu Dasamuka, “He, Marica, sira iku mung janji-janji thok ora ana kasunyatane. Seprana seprene tinemune mung wuwus, buktine ara ana. Mangka sing dakimpi ora ana liya wanodya ing satumahing bantala iki ingkang dadi memaniking atiku kejaba mung titising Widowati. Aku wis jeleh, aku wis bosen nyawang kowe, aku wis ora nggugu rembugan kang elok-elok nanging jebul amung lamisan. Supaya ora nyepet-nyepeti mripatku, aluwung dina iki klakon dakuntapake nyawamu neng Yomani”. Mak brebet age-age Kala Marica ngrungkebi pangkone Prabu
Dasamuka lan ngrerepa, “Adhuh Gusti sesembahan kula, inggih pepundhen kula ingkang mahambeg welas asih mring dasih. Mugi kacandheta saking sawetawis, dereng kemawon kula munjuk atur wonten ngersa dalem kaselak paduka andukani dhateng pun Marica. Yektosipun inggih wiwit dinten punika kula angsal sisik melik menggah sinten pawongan ingkang dados titising Widowati.

Lagi tekan kene ucape, bramantyane Prabu Dasamuka sirna. “Lhaa, ha ha, ha, Rak ya ngono. Saiki mula enggal prasajaa, pawongan kuwi jenenge sapa lan wis duwe bojo apa durung, panggonane ana ngendi Marica. Aja sing mung legan, nadyan wis duweya bojo pisan aku saguh megatake.

“Inggih sareh rumiyin. Panggenanipun wonten ing wana Dhandhaka, piyambakipun sampun gadhah garwa naminipun Sri Rama, dene nami pun Dewi Sinta. Wonten ing wana ngriku sajakipun lelana, kadherekaken kadangipun taruna nami Raden Lesmana, rupinipun sadaya tanpa cacat. Ingkang sepuh, ingkang enom, punapa dene Dewi Sinta, sampun prasasat widadari ngejawantah.”

Bungah Sang Dasamuka, “Lha yen ngono prayoga didhusta wae, sepira banggane wong wadon, krubyuk kabotan pinjung.”
Nanging Kala Marica menggak, prayoga dicedhaki dhisik, yen wis ketemu gampang mangke ana cara kang prayoga amrih bisane kena. Ora gantalan wektu wong loro padha budhal menyang alas Dhandhaka, panggonane para satriya padha cangkrama. Nahenta kawuwusa kang enak-enak padha lelangen ana kono, Sri Rama lan Dewi Sinta apa dene Raden Lesmana padha kesimur dene ndeleng sesawangan alas kang endah. Alas kene akeh tetanduran kang uwohe enak pinangan kayadene rambutan, dhuku, jambu lan liya-liyane, tur akeh kewane cilik-citik kang endah-endah, kaya ta merak, kancil, lan sabangsane. Iku kabeh dadi panglipur kasangsaraning batine Rama apa dene Dewi Sinta lan Lesmana. Sadina dina nutug nggone lelangen ana ngalas.

Kacarita lakune Prabu Dasamuka lan Kala Marica wis tekan kono, nuli padha gawe cara. Si Marica malih dadi kidang kencana, dene Prabu Dasamuka dadi wong tuwa pikun. Sawise andum gawe, si kidang nuli wiwit ngreridhu sang Dewi, kidange ethek ethek lulut, nanging bareng diparani nuli lumayu, mangkono sateruse, nganti gawe kagole panggalihe Dewi Sinta. Nuli ngrerepa marang Sri Rama supaya bisa nyekelake si kidang mau. Ing sekawit Sri Rama mopo, nanging suwe-suwe banjur gelem. Kocapa lakune si kidang ora pati adoh, mung tansah cacaketan wae, nanging mripat kang mancereng tansah maspadakake mungsuhe. Bareng Sri Rama rumangsa diece karo si kidang, gregeten banjur musthi jemparing, dienerake marang si kidang, nanging si kidang weruh saklebatan nuli nggeblas nglungani. Sajroning ilang saka pandulu, si kidang gawe swara kang melas asih nganti bisa gawe trenyuh panggalihe Dewi Sinta. Mangkono swara mau dibolan-balenu, nganti kawelasaning panggalihe Dewi Sinta tumuju marang Raden Lesmana. “Mangko ta adhiku bocah bagus Lesmana, jeneng sira apa ora midhanget swara kang melas asih kae, kae swarane ingkang raka Sri Rama kang njaluk tulung. Mula yayi sira enggal lumakuwa, mesakake banget, mung bot-bote nututi lakune si kidang wae direwangi lara lapa kaya ngana kae.

Ature Lesmana, “Kawula nuwun kakang mbok, punika sanes swantenipun kakang mas Sri Rama, nanging swantenipun jubriksa ingkang memba-memba swantenipun kangmas Sri Rama. Nanging Sang Dewi ngarani yen kuwi swarane ingkang raka Sri Rama, ora ngerti yen sejatine dudu. Jalaran Raden Lesmana wus darbe rasa jatimulya, ingkang ora kadarbe dening sapa wae. Banjur thukul panggalih kang ora becik, kinira yen Raden Lesmana darbe karep ora prayaga marang dheweke. Luput pandakwane Dewi Sinta, mula nuli bramantya, Raden Lesmana banjur ngutus pusaka kinarya nigas ponang palandhungane, diasta digawe garis bunder ngubengi papan panggonane Dewi Sinta, sarwi nyupatani, “Kakangmbok sampun ngucapake pangandikan bilih kula kadakwa mboten sae, tandhanipun sampun kula wujudi patandhungan kula, sampun kula jabut. Lan kakangmbok yen medal saking garis, badhe nemahi bilahi, “nggone ngendika mangkono karo mlaku ninggalake papan panggonane Dewi Sinta.

(Ki Nayantaka, Panjebar  Semangat, 2 September 2006)

Celathon

1 celathon to “Kidang Kencana”

  1. ahmad nashir
    November 1st, 2014 @ 4:15 am11

    maturnuwun sanget

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur