KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Astirin Mbalela

Kababar | October 19, 2011 | 3 Celathu

Astirin Mbalela

[Suparta Brata, 1995, Lembaga Studi Asia]

1. Ngunut, Kutha Mboseni

Astirin prawan ndesa biasa, melu mbokdhene sing bakul sega pecel ing desa sisih kidul Kutha Ngunut. Kuwi tata laire. Sandhangane bedinan nggedhobroh diwenehi lungsuran saka mbok¬dhene. Rambute madhul-madhul ora tau kambon shampo lan jungkat. Driji sikile nyepor, kapalen lan erangen, saking jarange dicriponi. Gaweane saben dina ngewangi mbokdhene nandangi keperluan uba-rampene wong bakulan sega, ya mepe kayu, nggeneni janganan, nggodhog wedang, ndheplok kacang. Apa wae. Isih kudu tambah nyapu latar lan jogan saben esuk, sadurunge budhal sekolah. Ah, kuwi rak jare sing nonton laire. Astirin dhewe ora rumangsa dadi bocah wadon biyasa. Ora! Dheweke kuwi mbesuk dadi penyanyi. Dadi lintang TV kaya Dewi Yull. Menyanyi bisa, main dadi Dokter Sartika ya baut. Astirin ora tau gang namatake polah tingkahe Dewi Yull ing TV tanggane. Uga ngematake carane Anggun utawa Nike Ardilla eksyen. Lagu-lagune diapalake. Mbesuk Astirin kuwi lintang abyor kang kaya mengkono kuwi! Saiki meneng-meneng, sinambi nyambut gawe nggethu ngewangi mbokdhene, rengeng-rengeng ngapalake lagu. Malah kerep wae ing panggonan kang ndhelik, Astirin, nyanyi karo lenggak-lenggok kaya patrape Paula Abdul. “Blowing Kisses in the wind …!” nggandhange swarane dialus-alusake.

Dudu! Astirin dudu bocah ndesa biyasa. Dheweke ngrasa bakal dadi seniwati unggul. Kosik, ora saiki, telung-pitung taun engkas, yen wis umur rong puluh. Saiki kabeh bakate, digladhi sesidheman, diumpetake. Ben, klambine gedhombrohan, rambute sing ketel lan ireng kuwi pating srandhul, wentise sing merit gluprut blethok. Astirin sengaja ndhelik ing tata lair kang kemproh.

Nanging wingi kae jan atine kumesar kaget lan gela! Mbokdhe Nik karo Pakdhe Mar rasan-rasan arep ngawinake Astirin karo Buamin. Gendheng apa!

Pakdhe Mar kuwi sing marahi! Wong lanang gaweane mung main thok. Rekake biyen ya macul tegal, lan kanggo tambah golek dagangan maklaran sepedhah lan kendharaan liyane. Nanging senenge tombokan ora jamak, nganti tegale saiki wis diiris-iris entek. Tujune anake loro wis padha mentas. Siji Marwin wis dadi tukang jaga sekolah ing Kras, sijine wadon, Pinah, dikawin pegawe ing Blitar. Saiki sing dadi bau suku ngrewangi Mbokdhe ya Astirin kuwi. Ngono arep dikawinake karo Buamin, sing bukak bengkel sepedhah montor ing kulon pasar cedhak enggok-enggokan. Ah, emoh! Anyel ngono yen kelingan sing diprungu mau bengi! Astirin gedrag-gedrug ing trotoar pinggir dalan Prapatan Jepun, pangkalan colt.

Saiki mulih sekolah. Rasane wegah ngono golek colt menyang Ngunut. Sekolah isih awan wis dibubarake. Pikirane kisruh, lakune mandheg mangu. Buku dikekep, dheweke ndhingkluk nyawang sikile wong-wong sing pating sliwer liwat ing cedhake.

“Ngidul, Ning? Kalidawir?!” pambengoke kernet colt.

Astirin gedheg.

“Kowe kuwi arep nyang endi? Ngidul nggak, ngetan nggak.” colt srengen. Astirin ora nggape.

“Saksire, ta! Arep mulih, arep mblayang, saksir ta!”

Mikir ngono Astirin karo nyawang sikile wong numpak sepedhah montor sing mandheg ing trotoar. Clanane warna soklat, pucuke reged kena gemuk. Sepatune ukuran gedhe, lulange diwalik. Wonge sajak bakuh. Wong lanang mau tetep numpak sepedhah montore, sikile njlagrag, mesine dipateni. Kena apa ndadak mandheg ing kono, wong ora duwe keperluan apa-apa? Ora tuku rokok, apa ngompakake ban. Uga ora omong-omongan karo wong sing padha pating klanjir ing ndheg-ndhegan colt kuwi? Wangune wong lanang kuwi semayan karo kancane, arep ketemu ing kono. Apa mapag adhine sekolah? Ah, yen Astirin dadi adhine ya gemang semayan neng pangkalan colt ngono! Apa maneh wong lanang kuwi nganggo jaket ijo tentara, lengene dilinthing tekan sikut. Modhel menganggo kaya mengkono kuwi ora disenengi dening Astirin. Mratandhani yen wong brutal, orakan, kasar. Upama milih lancur ngono Astirin mesthi ngemohi lanang sing kaya ngono! Senajan durung weruh raine marga ditutupi helm cakil, Astirin wis nulak!

Hihihik! Kowe isih cilik, Rin! Aja pokal-pokal golek lancur barang! Saru!

La nanging, Buamin wis ngesiri dheweke. Pakdhe Mar karo Mbokdhe Nik mau bengi wis rasan-rasan arep njodhokake Astirin karo Buamin! Rak Astirin ya kudu wis bisa naksir lancur ngono! Dheweke pancen durung tau namatake Buamin. Nanging upama Buamin kuwi watege kaya sing numpak sepedhah montor kuwi, Astirin wegah nglakoni omah-omah! Ah, sakjane Buamin kuwi kaya ngapa wae, Astirin pancet wegah, wong pancene Astirin kuwi isih cilik. Nanging sing paling digelakake kuwi marga Astirin du¬rung oleh kelonggaran nggelar bakat senine! Dheweke durung kober nuduhake kewasisane nyanyi, karo lenggak-lenggok ing ndhuwur pentas. Upama klakon ana kalodhangan munggah panggung, Astirin bakal gawe cingake para sing nonton, para sing ngrungokake suwarane! Huh, kapan? Ah, aja kawin dhisik!

Astirin anggone mlaku wis saya adoh karo prapatan, karo sing numpak sepedhah montor. Sajak golek panggonan kang luwih eyup.

“Dhik Tirin! Mulih sekolah, Dhik?”

Disapa wong lanang ngono, Astirin nggragap. Wong lanang kuwi katon resik, nganggo klambi dhines, nanging embuh pegawe ngendi, Astirin ora ngreti. Wangune mentas wae mudhun becak. Nyangking tas kantor. Wah, bregas. Kok grapyak anggone nyapa dheweke? Sapa? O, anu, kanca sekolah ing SD Ngunut biyen! Wis suwi banget, lo, ora tau ketemu. Saiki kok malih dadi bregas! Ah, sapa ya, jenenge? Ngacungake tangan terus wae disaut dening Astirin. Wandane Astirin dadi sumringah sak kal.

“Saka ngendi, kok sajak mulih kantor? Nyambut gawe nang endi, ta?” Ah, sapa ta, jenenge? Astirin lali tenan!

“O, aku nang Surabaya, kok, saiki. Neng kantor pajeg. Iki merlokake mulih menyang Buntaran, ngiras nitipke dhuwit kanggo Pakdhe. Nyegat colt, ya? Aku luwe, ayo aku dikancani mangan neng Bujang kono. Budhal ka Surabaya jam papat isuk, lo, mau. Ora kober sarapan. Ayo!”

Astirin nurut. Pangajak kuwi ora mung lamis-lamis lambe. Karo dene Astirin wektu kuwi pancen kepengin bebas, kepengin luwar saka srimpetan penggawean lan masalah kang ribet ing sadina-dinane. Mumpung sekolah dimulihake esuk, Astirin arep migunakake wektu longgar kuwi sapenak-penake. Atine saya njomblak marga diajak mlebu rumah makan Bujang II, sing tamune awan ngene katon padha mobil-mobilan. Ah, saiki klakon, Astirin melu ngicipi dadi wong sugih, kepama, kauja! Semrinthil diajak lancir nggantheng mlebu restoran gedhe kanggone Kutha Tulungagung. Coba delengen, kuwi, sing padha ngandhok tumpakane mobil kijang cet ijo lumut!

Gabrus! Tabrakan karo wong wadon kang arep metu saka restoran.

“Paak! Paaak! Eh, kurang ajar! Mlaku ndeleng nyang endi, ta!” wong wadon jaritan mau bengok-bengok. Tase konclang.

“Adhuh, Buu! Dakkira rak arep dijarah!” wong lanang gagah kuplukan sing ngiringake gage mlayoni lan njupuk tas sing konclang.

“Oh, sori! Mboten sengaja!” ucape kancane Astirin sing tabrakan karo wong wadon mau.

“Sori! Sori! Mlaku ngono ya ndelok ngarep, kok ndeleng mburi!”

“Wis, ora papa, Bu. Nak iki wong pegawe negeri ngono, ok ora sengaja!” sing lanang ngarih-arih. Lan ora arep golek prekara, terus wae ngajak sing wadon metu saka restoran.

Astirin ngguyu cekikikan. Rumangsane lelakon kuwi lucu. Saking anggone nggatekake dheweke, lancur kancane kuwi mlebu restoran nabrak wong wadon sing sajak priyayi sugih. Nyatane sanajan jaritan, kebayake apik, nganggo kalung, lan suweng, raine alus dipulas. Patut dadi bojone priyayi luhur. Mengkono uga wong lanang sing ngiringake, katon yen wong pangkat. Astirin kober ngonangi yen wong sarimbit mau terus mlebu ing Toyota Kijang ijo lumut sing ana ngarep restoran.

“Mangan apa? Sega pecel lele, ya?”

Restoran Bujang II, wah! Nganggo AC, adhem! Nganggo musik lagune Tito Sumarsono, ‘Semoga Kau Tahu’. Wiih! Sega pecel? Is, ora! Neng ngomah gawene dodol sega pecel! Anu, sega goreng! Ngombene es campur! Ajang diladekake karo kacu andhuk teles manget-manget. Kancane migunaake saputangan andhuk kuwi kanggo nyrebeti raine. Astirin melu-melu. Wah, pancen seger! “Kono kok kelingan karo aku? Kok isih apal jenengku Astirin?”

“Wis genah. Aku ora bakal lali karo kulitmu sing kuning pucet. Biyen kowe diterake wong wadon ayu ngono mlebu dadi murid anyar ing SD Ngunut I. Kowe mlebu klas telu, aku wis klas enem. Rumangsaku kowe putih banget. Aku terus kepengin weruh kowe kuwi sapa, omahmu ngendi, apa gelem daktepungi . . .”

“Gak ngreti aku yen disiri cah lanang klas enem!”

“Mau daksapa kok terus nanggapi?”

“La aku ya kelingan yen biyen wis tau tepungan karo kowe. Mung daksengguh ya tepungan biyasa. Aku kelingan kok, kono mbarengi aku mulih nganti tekan omahku, omahe Pakdhe Mar. Mangka kono omahe ora ngidul, ta? Ngendi, ta, omahmu?”

“Buntaran. Mengko uga isih kudu nganggo colt ngetan. Aku ya ndherek Pakdhe.”

“Oo, iya dhing! Aku kelingan saiki. Buntaran! Jenengmu rak Mas Samsihi, ta? Iya! Aku ya wis tau takon, kok, biyen. Saiki eling! Mas, kono saiki wis kerja neng Surabaya, ya? Mbok aku oleh dolan nyang Surabaya, nyang omahmu.”

“Lo, ayo! Kapan gelem dakjak mrana? Iki aku mung mrene sewengi. Sesuk aku wis bali menyang Surabaya. Kowe sesuk melu apa priye?”

“Lo, ya ra bisa. Aku sekolah ee! Karepku mbesuk-mbesuk yen aku prei! Aku kepengin ngono menyang Surabaya. Bosen aku neng kene! Yen aku bisa oncat menyang Surabaya, aku arep nyambut gawe neng kana. Bisa, ya, Mas?”

“Cekake kapan kowe gelem menyang Surabaya, daktampa kanthi becik. Apa maneh yen gelem dadi arekku! Terus terang wae wiwit rilik mula aku wis kepranan karo kowe. Kulitmu sing kuning kuwi sing ngithik-ithik atiku!” Wahdhuh, Astirin atine mbedhedheg sagunung anakan! Ucapan tresna kang ora tedheng aling-aling kuwi banget nrenyuhake atine. Ambegane rada seseg. Apa mau sing marakake dheweke digandrungi? Dudu anggone nyanyi, dudu bakate lenggak-lenggok, dudu wentise sing merit, rambute sing gimbal. Nanging kulite sing kuning pucet! Cah lanang mau uga nyebut sing ngeterake ndhaftar sekolah wong wadon ayu. Kuwi emake. Uga nduweni sipat ayu. Emake kuwi wong Kalangbret, dadi sripanggunge kethoprak. Dadi pesindhen. Bab seniswara lan seni panggung pancen ngedap-edapi. Yen wong Tulungagung wae sapa sing ora tepung karo ledhek Astirum? Kondhang nalika jamane samana. Nanging kepeksa nitipake Astirin ing mbakyune, marga Astirum dipek bojo pulisi ing Tulungagung. Lo, kok lagi dipek bojo saiki, la Astirin kuwi bapake sapa? Ora ana sing crita. Kadidene ibu, Astirum ora mung nitipake wae marang mbakyune, nanging uga nggolekake sekolah sing apik, nganti tekan SMP. Kanthi sesidheman Astirum tetep lestari ngirimake wragat kanggo pendhidhikane As¬tirin. Nanging ngarepake lulus SMP, emake tinggal donya. Wiwit kuwi cara uripe Astirin owah prihatin. Uripe mung ngenger mbokdhene sing uripe ya mungkret marga digrigiti buntutan. Sakjane Asti¬rin isih duwe pengarep-arep yen lulus SMA mengko uripe banjur moncer, dheweke bakal ngetog karosan nguber karier. Dhidhikane emake, warisan bakat lan kekarepane kang kuwat saka emake bakal diomberake. Nanging wingi kuwi cegeh. Pakdhe Mar lan Mbokdhe Nik arep ngomah-omahake Astirin oleh Buamin! Huuu, anyel!

“Kalitmu jan ora kena disimpekake! Aku weruh sabrebetan wae, terus nyut, kenal awakmu! Ora bisa ngempet maneh aku terus nyapa kowe! Kowe ki bakale saya ayu, lo, Dhik Thin!”

“Iss! Isin aku! Ngalem kok ora ndeleng papan!”

“Ya, ben, ta! Wong aku pancen seneng karo kowe, wiwit dhek aku durung sunat!” Astirin saya seneng atine, saya mantep anggone arep oncat saka omahe mbokdhene. Nyawang wong lanang ing ngarepe kanthi pandeng kang tliti, apa wong lanang ing ngarepe kuwi kena dipercaya? Apa anggone seneng karo dheweke mung marga Astirin gampang disapa lan digawa? Apa dikira Astirin iki bocah wadon rongeh, gampangan, lan saiki dibeda arep dienggo dolanan?

Si lanang uga nyawang Astirin manther nanggapi pandeng pitakonan kanthi trep. Tenan, lancur iki bisa dipercaya. Kena diboti, kena dibotohi nyemendhekake uripe! Ben, la timbang Buamin, rak angur pegawe kantor pajeg Surabaya iki!

“Kapan kowe gelem dakboyong?” umak-umik lambene wong lanang.

“Aku aja kokgawe dolanan, ya?”

“Astirin, Dhik, tresnaku! Yen kowe njaluk daktembung saiki marang wong atuwamu, ayo saiki kita budhal menyang omahmu! Daklamar kowe, saiki!”

“Iss! Aku isih sekolah, ora bisa! Kosik. Aja kesusu. Ayo padha dijajagi dhisik, kowe saiki sapa, aku saiki sapa? Kowe genah dudu Mas Samsihi klas enem SD Ngunut I biyen, lan aku mengkono uga, dudu bocah sing diterake wong ayu ndhaftar dadi murid klas telu. Bisa uga blegerku isih kaya prawan ndesa ponakane wong dodol sega pecel, nanging aku saiki wis kebacut dhemen karo donyane Gusti Randa alias Syamsul Bahri ing sinetron TVRI Sitti Nurbaya. Lan nyenengi lagu sing lagi keprungu iki, yiihuui! Black or White!” pambengoke Astirin nirokake jerite Michael Jackson sing lagi disetel ing restoran kono. Karo sirahe nengleng-nengleng ngetutake iramane musik.

Sega goreng diladekake. Astirin wis ora eling sendhete lakon, sing adreng dirungokake mung grag-greg pedhote irama musik lan lagu sing pas. Black or White!

“Dadi, kapan aku oleh keputusan?” anggone padha mangan wis rampung. Samsihi sing mbayari. “Sesuk awake dhewe bisa ketemu maneh?”

“Aku sesuk awan bali menyang Surabaya. Priye yen awake dhewe ketemu maneh ing kene jam kaya saiki iki?”

“Oke. Saiki awake dhewe kudu pisah? Maturnuwun, ya, ditraktir!”

“Aku kudu menyang Buntaran. Kowe apa ora terus mulih?”

“Iya. Mongsok arep mblayang maneh? Weteng wis wareg, eee!”

“Yen ngono kene isih bisa bareng sacolt,” ujare Samsihi karo nggandheng tangane Astirin nyabrang dalan ngarep restoran, marani pangkalan colt sing ngetan.

Astirin seneng banget digandheng jaka klamben dhines pajeg kuwi. Ing batin mbok ngene kuwi kaweruhan kancane. Utawa konangan Pakdhe Mar. Ben ngreti, yen Astirin kuwi isih hisa payu yen mung pegawe negeri wae! Aja kok diblusuke dadi bojone montir bengkel sepedhah montor pengkolan Ngunut ngono! Woo, ora mutu!

” Wangsulana dhisik, Dhik Tirin. Kira-kira atimu priye, wangsulanmu sesuk nyenengake apa ora?”

“Yen nuruti atiku saiki wis bisa dakwangsuli. Aku gelem, kapan wae Mas Samsihi merlokake. Nanging daksemayani wangsulan sesuk, marga aku kudu rembugan kang premati dhisik karo Pakdhe lan Mbokdhe. La iki sing bisa njugarake tembungku. Wong sing wis dakanggep dadi wongtuwaku kuwi saiki wis duwe cong-congan. Aku arep dijodhokake kambi Buamin. Jan, njelehi!”

“Buamin sapa?”

“Tukang reparasi sepedhah montor ing pengkolan dalan kulon pasar!”

“La terus, priye?”

“Wis, ta, pokoke sesuk. Yen aku dipeksa kawin karo Bu¬amin, ya aku nekad mlayu menyang Surabaya. Saguh, ya, Mas Samsihi nampani aku?” Samsihi manggut mantep. “Daktanggung. Aku ing Sura¬baya mondhok oleh kamar dhewe ing Wonorejo IV. Sing duwe omah apik. Mengko dakkandhakake yen kowe bakal bojoku, beres.”

Colt teka. Sing numpak suk-sukan. Wong loro ora bisa ngomong bebas maneh.

***

Astirin ora kober turu awan. Isih jam telu, diundang Pakdhe Mar ing ngarepan. Ana dhayoh lanang, Astirin dikon melu nemoni. Mbokdhe Nik uga melu njagongi.

“Iki tepungna, Kang Buamin. Kancane Pakdhe nyambut gawe golek dagangan sepedhah montor. Ning Buamin iki luwih pinter lan akeh srawunge, wong sinambi bukak bengkel neng kulon pasar. Kene, kowe ya kudu melu nemoni, wong Buamin wis waleh nduwe karep ngepek bojo kowe. Kowe ora susah sungkan ora susah wegah, Rin. Beja, marga Buamin iki sanajan isih jaka wis duwe omah dhewe, duwe pametu cukup. Mula kene, saiki tepungna dhisik.”

Krungu jeneng Buamin kuwi, Astirin terus wae njenggirat. Kaya bekicot arep nlolor dipyuri uyah. Durung premana rupane wis duwe rasa benci. Nanging arep lunga nginggati cengkelak ya ora wani. Marga saploke emake tinggal donya telung taun kepungkur, Pakdhe Mar lan Mbokdhe Nik kuwi prasasat dadi wong tuwane, dadi gegantilane urip sambungane. Senajan uripe rada kesrakat, nanging Astirin sing wis melu neng omah kono wiwit umur sangang taun, pitung taun kepungkur, wis kulina. Nganggep pakdhe-mbokdhe kaya wong tuwane dhewe. Pangrengkuhe pakdhe-mbokdhe ya kaya marang anak salumrahe. Yen ana lupute Astirin ya disrengen. Astirin ya kanthi suka rila mbantu ngrewangi pakdhe-mbokdhe ceker-ceker dodol sega golek rejeki. Astirin ya wis trima disandhangi lan disekolahake kanthi wragat cumpen, nanging tetep seneng marga Astirin duwe kebebasan tumandang lan dolan apa wae. Malah ing graita Astirin ngempet, brejanji, sesuk yen wis metu tamat saka SMA dheweke arep dadi penyanyi kondhang kaya Hetty Kus Endang, sugih, terus Pakdhe lan Mbokdhe arep dientas saka jurang kesengsaran. Telung-patang taun engkas! Ora nganti pitung taun engkas. Ora suwe!

Ndadak mau bengi krungu rerasan kang ora penak. Lan rerasan mau dadi nyata! Pakdhe Mar lan Mbokdhe Nik duwe karep ngomah-omahake Astirin oleh Buamin! Saiki Buamine njedhodhog ngadhepi meja tamu! Wih, cilaka! Matrik!

Astirin lungguh ing kursi sing turah kanthi mak nggeg! Awake kaya daging nglumbruk tanpa jiwa. Pikirane kisruh. “Oh, Mas Samsihi tulungana aku!”

“Lo, yen aku ya wis tamat tenan karo Astirin iki, Dhe. Wong saben dina liwat ngarep bengkelku, ngebis ngulon lan ngekol ngetan. Mung jenenge sing aku durung ngreti. Ya lagek sewulan iki, aku ngurus Honda Astreane Guru Wignya neng Kalidawir kae, aku lagek ngreti tenan yen Dhik Rin iki ponakanmu, Dhe. La yen ngretia dhek biyen, rak gak usah aku blakrakan golek jodho mrana-mrene. E, ya wong jenenge jodho, njlekethek sing daksiri ponakan dhewe, Dhe!”

“Ya ngono, Rin. Kang Buamin iki pancen dudu wong liya sih karo aku. Wiwit aku ajaran makelaran sepedhah montor, sing menehi dalan ya Buamin iki.”

Astirin mung ndhingkluk wae. Jane, yen wongtuwa tuwas, mesthine tangkep kaya Astirin kuwi wis bisa digraita yen bocah wadone ora setuju. Pancen saiki jaman terus terang. Nanging yen posisine mepet kaya Astirin ngene iki, upama dheweke kandha blaka yen durung gelem kawin, utawa luwih thoklehe emoh kawin oleh Buamin, apa Astirin ora diclathu bocah wadon murang tata? Apa Pakdhe Mar wani nampa sipat blak-blakan kaya mengkono kadidene pratandhane jaman maju? Apa Buamin ora ngrasa wirang lan peteng pikire? Ora! Ora! Astirin sing turunane wong Jawa, ngukuhi laku Jawa, ora bakal alaku wangkal lan thok-leh mangsuli gawe serike atine liyan. Dadi, meneng lan ndhinglkluk kuwi laku sing paling trep kanggone Astirin.

“La karepku rak ngene, ta, Dhe. Sakrehne saiki Dhik Rin wis daktembung, aku arep ngenteni ya ngenteni apa maneh wong nyatane bandha lan pametu ya wis cukup, kepriye yen nikahan enggal wae dilaksanakna.”

“Lo, aku isih sekolah!” mak clemong Astirin mucap, eman karo mangsa nedheng-nedhenge mekar, srawunge para nom-noman. Eman yen dipruthes.

“Alaa, sekolah ki sing kokgoleki ya apa, wong sidane kowe ya kawin!” Buamin ngomonge rada kasar. Durung apa-apa wis nyentak!

“Iya, kok, Rin. Wong kowe sekolah anggonku mbayari SPP ya kanthi rekasa. Kena apa mesthi ditutug-tutugake, yen ana dalan nyidhat kang luwih gampang nglakoni urip?” Mbokdhe Nik melu urun rembug. Mbokdhe Nik iki sakjane sing mbakyune emake, sing luwih hak marang Astirin.

Astirin saya mengkeret atine. Dheweke kelingan emake. Yen emake isih urip, ora bakal ana pikiran medhot anggone sekolah. Emake biyen manti-manti tenan, Astirin kudu mlebu ing sekolah kang apik, sinau sing sregep. Ora mung nuturi, nanging emake dhewe sing nggolekake sekolahan. Sanajan dititipake mbokdhene, emake sing ngeterake ndhaftar golek sekolah sing apik. Uga nalika munggah menyang SMP, emake ikhtiyar tenan supaya Astirin bisa mlebu ing SMP Negeri, sing jare wulangane mesthi becike.

“Cekake yen kowe bisa sekolah, kudu sekolah terus! Tamat SMP ya nyang SMA. Tamat SMA ya nyang sekolah sing dhuwur maneh, nganti dhuwur banget, aja leren-leren anggone sinau!” welinge Astirum biyen.

Astirin wis kadhung nyakot pituture emake. Sanajan emake wis ora ana, nalika nutugake menyang SMA ya SMA Negeri ing Tulungagung. Gurune apik-apik, kancane pakra. Evi, Ratri, Edna lan Tranggana sing dhemen pamer kaset lagu anyar.

La kok saiki arep dipedhot? Ah! …

Sakjane rong taun engkas dheweke rampung, tamat lan arep mekarake bakate ing kutha gedhe. Dadi penyanyi. Mesthi suksese. Dheweke krasa tenan yen bakat sing diturunake emake, baleg olah seni panggung lan seni swara, rumasuk banget ing jiwane. Mung jaman emake sing diapalke Sinom Parijatha diiringi gendhing gamelan. Dene jamane Astirin apal karepe dhewe Romantika di Amor. Utawa hot sun beating down, burning my feet just walk¬ing around…. I cant’t dance, I can’t talk….. 0, Astirin ora susah ngapalke wis apal dhewe! Dheweke kuwi senimann nyanyi tulen. Apa saiki arep diprethes? Dadi bojone Buamin, dadi wong wedok ndesa sing ora bisa ngrembakakake bakate kajaba mung ngladeni turu sing lanang? Terus duwe anak. Terus nyusoni, Terus antri obat menyang Puskesmas? Kaya wong wedok lumrah kae? Ora! Ora! Astirin dudu wong wedok lumrah! Kaya emake, Astirin seniwati seniswara kang agung bakate!

“La saiki ngene, Dhe. Yen wis genah Dhik Rin arep daknikahi, iki aku urun dhuwit kanggo uba rampene keperluan nikah. Iki lagek wiwitane dhisik wae. Mengko yen sawayah-wayah Dhe merlokake dhuwit maneh, ya daktambahi. Iki ana mung setengah yuta”, ujare Buamin karo ngetokake dhuwit saka njeron klambi sisih wetenge. Dhuwit bundhelan saktumpuk, diseleh ing meja.

Pakdhe Mar lan Mbokdhe Nik katara mblalak mripate, sajak kaget, lega lan seneng. Mara-mara dina kuwi nampa dhuwit samono akehe, jan ora kinira-kira.

Dene Astirin saya mengkeret gulune. Nyekathet. Genah wadung kang mingis-mingis wis dibabitake bakal mapras pupus godhong sing arep subur! Trubusan umure bakal kapangkas. Ledhung-ledhung mangsa nom-nomane bakal kapruthes! Mati! Genah yen pakdhe-mbokdhene ora bakal nulak dhuwit saambreg kaya ngono kuwi! Genah yen ngrembake dhara Astirin dibabat ngepok, mati layu.

Kok ya eram timen, ingatase montir sepedha montor duwe karep nikahi prawan kencur wani cucul dhuwit limang atus ewu rupiah tanpa melat-melot mrana-mrene! Kok olehe blobohi! Wis genah banet! Ana prawan kencur durung ngerti wong lanang, lagi arep ngrembaka nyecep madune mangsa mudha, wis kokrampas, kokpenyet-penyet!

Astirin wis ora bisa mikir maneh, kepriye bakal dadine awake. Ora krungu maneh apa wae sing diomongake wong-wong ing sakupenge. Sing dirungu mung guyune Buamin sing glegas-gleges ngiyani omong braoke Buamin!

“Mumpung isih rada sore, Dhik Rin dakjane metu, ya Dhe?”

“La ya kana, wong wis dadi tunangane!”

“Ayo, Dhik Rin, blanja menyang Sari Dewi! Apa menyang Tulungagung pisan?”

“Emoh, aku isih isin”.

“Lo, la piye? Omong-omongan kene wae, ya? Dhe, aku mbok digolekake nyamikan sing rada enak. Iki lo, rung puluh ewu. Rak ora penak mung omong-omongan thok. Digawekke wedang jae bisa, Mbokdhe?”

Ora diambali ping pindho, pakdhe-mbokdhe padha pating brabat lunga. Embuh tandang pakone Buamin, embuh ngrasa yen pancen kudu ditundhung. Pokoke Buamin kepingin sapetemon ijen-ijenan karo Astirin.

Astirin saya kaya pitik dhara diacung-acungake marang jago lancur. Swara keyok-keyoke isih kiyik-kiyik! Atine bisa mlungker, enjit-enjitan! Bareng pakdhe-budhe wis padha menyat, Buamin nggeret kursine nyedhaki Astirin. Langsung nyaut tangane, digegem, diremeti.

“Dhik! Aku wis suwe lo, ngesiri awakmu! Saking wae aku gak ngreti yen kowe kuwi ponakane Dhe Mar! Wis mantep tenan aku, ya kowe kuwi wong wedok sing dakkarepake! Seneng ta, ya, Dhik, bojoan karo aku! Padhakake kowe njaluk sandhangan apa wae dakruruti! Aku iki sugih. lo Dhik. Kowe ora perlu kuwatir kekurangan bandha urip dadi bojoku!”

Astirin risih. Kupinge keri krungu klesike lambe lanang kang serak kasar kuwi! Eram! Pirang-pirang taun dheweke ora tau mikir srawung karo wong lanang, ndadak dina iki mau peranggulan wong lanang loro gesrekan rasa kang padha. Mau awan karo Samsihi. Sorene karo Buamin. Karo-karone lanang diwasa sing duwe krenteg rasa srawung lanang-wadon karo Astirin! Samsihi mau gawe getere ati wadon kang mbedhedheg, dene Buamin saiki marahi giris wae. Kulite mrinding kabeh nalika tangane dicekethem dening Buamin. Lan kaget njondhil nalika drijine mlempu kasab kulina nyekel obeng kuwi njawil janggute Astirin.

“Mbok aja kurangajar, ta!” ujare sengol.

Buamin njola. Ora ngira yen cah wadon sing sajak kuthuk kuwi bisa mendel. Bisa giras. Nanging weruh yen Astirin mung kaget ngono wae, Buamin banjur ngguyu njegeges. Dheweke kudu sabar ngadhepi prawan sunthi isih murni kaya mengkono. Kudu sabar. Astirin pancen kaget. Gila, ngarasa janggute diusap tangan kasab. Sawise nyentak dheweke gela. Ora sapantese ngomong kasar ngono marang Buamin. Wong lanang kaya mangkono bakal sanggup wae diajak main kasar, dhasar brangasan. Lan mesthi astirin kalah. Ah, bab kalah kuwi wis genah. Astirin wis kalah dhisik sadurunge nduweni kasiyagan nglawan. Durung tata-tata. Dadi saiki orang perlu dilawan kanthi kasar.Luwih becik sarana alus, bisa uga astirin bisa mrojol saka kajodherane awak sore iki. Kari gumantung kekuatan lan siasate awake dhewe. Marga ngejibake pangayoman saka pakdhe-mbokdhe wis genah percuma. Pakdhe-mbokdhe wis disumpel dhuwit limang atus ewu rupiah, Astirin wis diedol, Buamin wis ndarbeki cah wadon lola kuwi!

Yen Astirin teteb mbegegeg ana kursi kono wae, dhela engkas peteng, kekuwatane bakal ilang. Ora duwe daya lumawan. Swasana ngremeng lan lungguh pepet-pepetan mengkono mesthi ngrangsang birahi, luwih-luwih birahine wong lanang, ora wurung Astirin bakal kegrayang awake, lungset kabeh lan cacad. Astirin kudu golek kekuwatan liya, upamane padhange srengenge.

“Ah, aja lungguh neng kene, ah! Ayo nyang ngarep kana, padhang!” muni ngono Astirin karo menyat. Swarane disareh-sarehke, kaya-kaya nesune lan girase wis mendha.

Omahe madhep ngulon, mula metu saka ngomah dipapag sorot serngenge sing kencare wiwit mbleret. Ing emper ana meja sing biasa dienggo dodol sega, ana kursi siji lan dhingklik dawa loro. Astirin gageyan lungguh ing kursi. Buamin sung nututi metu ora bisa jejer astirin.

“Kok lungguh kono ta, Dhik. Kene lo nggon dhingklik!”

“Ala, omong-omongan ngene rak pantes, ta?”

Buamin kudu ngalah. Kudu sabar. Dheweke ora arep meksa sore iki, wong isih tarap kenal-kenaian anyar. Nanging rak wis genah. Astirin ayu kuwi bakal dadi duweke. Ah, wong ya pancen isih sumengit, Buamin kudu sabar! Kudu pinter ngungrum nganggo omongane, supaya nalika ngrebut awake kakehan panulakan. Buamin lungguh ing dhingklik dawa, sikile diongkang-ongkangake. Sepatune kang gedhe kandel, saka lulang sing diwalik kasare ing njaba, sajak antep digandhul-gandhulake mengkono.

“Dhik. Suk yen kowe kawin anyaran kowe daktukokake gelang kalung suweng sepasang, ya. Miliha dhewe. Menyang toko Mangga-mas, jarene mase tuwek-tuwek”.

“Sampeyan kok sugih eman, ta. Ngono kuwi dhuwite ya kontan?” mak clemong Astirin ora kuwat ngempet angone arep nylathu.

“Lo, ya kontan, Dhik. Kontan!. Iki, aku isih nggawa dhuwit sagebog. Karepku mau yen kowe gelem dakjak blanja, tukua sandhangan sing apik, dakbayar kontan! Lo aku ora sombong, yen mung limang yuta wae aku ana dhuwit. Iki durung sing lagi dakcekelake Hong marga diubetake kanggo maklaran mobil. Yen kuwi daktarik wo, aku sugih banget! Kowe ra sah kuwatir dadi bojone Buamin Dhik!” Muni mengkono ora lali Buamin ndudut bundhelan dhuwit puluhan ewu rupiah saka kanthong clanane sing ulese soklat. Tenan, dhuwit puluhan ewu ru¬piyah sakbendhel!

“Saben dina ya digawa ngalor-ngidul ngono kuwi?

“Ah, ya ora. Akeh sing daktinggal neng ngomah”.

“Limang yuta neng omah kabeh? Kok ora kuwatir dirampog? Utawa yen omahe kobong, rak katut amblas dadi awu.

“Ha-ha-ha! Kowe kok wis melu kuwatir, Dhik! Ora bisa dirampog. Ora bakal kobong katut dadi awu. Sebab dakgawekake juglangan, dakplester kuwat ing pojokan kamarku. Ora ona sing weruh kajaba aku. Wong daksemen rapet, dhuduwure daktutupi perkakas sepedha montor”.

“Kok ora disimpen ing bank wae?

“Disimpen ing bank? Wo, ora aman. Yen kene butuh sawayah-wayah kudu marani dhisik menyang bank. La kuwi terus dirindhik dening rampog, dirampog ing tengah dalan. Cilaka. Kaya dhek mau, ana wong dirampog ing cedhak sabrangan sepur kulon kana. Jare wonge ya saka njupuk neng bank Tulungagung. Numpak kijang arep mlebu Ngunut dirampog karo wong numpak sepedha montoran. Selawe yuta amblas. Pendheke ora aman disimpan neng bank kuwi!”

“Kang. Mbok aku daknamatke sekolah dhisik, lagek mengko kawin”.

“Ora susah! Aku sekolah SMP wae ora tamat gene ya bisa urip kepenak! Kanapa kudu sengsara sinau nggethu? Gak! Gak usah sekolah maneh. Paling paling entuk ijazah, ya mung selembar kertas, ora payu didol, ora kena dienggo golek dhuwit! Karo dene ngenteni apa maneh ora kawin, wong aku ya wis sugih, wis kecukupan!”.

Pakdhe Mar mudhun saka sepedha. Ing setang gandhulane kertas kresek ireng, sepedha dituntun mlebu pekarangan.

“Entuk panganan apa, Dhe?” panyapane Buamin karo ngadeg, kaya arep mapagake Pakdhe Mar. Nanging jebul mung ngadeg thok.

“Wah, bingung aku golek panganan. Iki oleh pisang goreng karo krupuk. Terus daktukokake roti blek-blekan! Ya ora kulina nyugata dhayoh!”

Astirin sidane sing ngrewangi pakdhene nampani kertas kresek. Ora merga selak kepingin mangan jajane, nanging ya merga kulina tetulung pakdhene wae. Durung genah anggone nampani Astirin, gawan wis diculake dening Pakdhe Mar. La, ceblok, gedibak. Cebloke ora adoh saka panggone Buamin ngadeg. Astirin mbungkuk njupuki gawan sing padha ceblok. Kebangetan, wong lanang sing ngadeg ngejejer kuwi ora melu mbungkuk ngrewangi njupuki barang ceblok. Clanane warna coklat, pucuke reged kena gemuk. Dhasar montir sepedha montor, ya gemuk thok kaya ngono kuwi sandhangane. Sepatune ukuran gedhe, pengkuh, lulange diwalik sing alus ana jero. Astirin saya benci. Ing batin suthik dheweke kawin karo wong kasar ora duwe trep susila babar pisan kuwi! Astirin kudu nyegah dadine kawinan karo Buamin iki! Astirin kudu tumindak. Tumandang! Cancut! Tumindak apa wae sing bisa njugarake kawinan kuwi. Cekake cara kethoprake, Astirin mbalela, ora gelem nuruti prentahe pakdhene lan mbokdhene, ora manut karo Buamin kang wis dadi penguasa sing tuku, dhuwit hak uripe Astirin saka Pakdhe Marbun dan Mbokdhe Tanik!.

Ben, diarani mbalela! Ora papa! Sing pokok Astirin ngrasa tetep bebas.

Dheweke sing arep ngatur uripe dhewe. Uwal saka pakdhe lan mbokdhe ya ora papa, pokok isih tetep nduweni hak urip dhewe, lan kuwi bakal luwih prayoga katimbang dadi bojone Buamin. Dadi kethiplake Buamin. Mongsok nerusake sekolah mung kari rong taun wae ora oleh! Tamatsekolah mung entuk kertas ijasah salembar, ora payu didol! Ora! Ing sekolah kuwi oleh ilmu! Ilmu kena dingo urip kang luwih prayoga tinimbang wong ora sekolah! Buamin bodho!

La banjur, yen uwal saka tangan panguwasane pakdhe-mbokdhe, apa Astirin bisa nutugake sekolah? Sapa sing arep mbandhani? Apa pakdhe-mbokdhe isih gelem dieloni? La yen uwal saka pakdhe, banjur omahe ngendi? Melok sapa?

Wis, kudu ora susah eman karo sekolahe! Marga upama ora mbalela saka karepe pakdhe-mbokdhe ya meksa kudu nyopot saka sekolah! Metu saka sekolah kudu dirilakke! Astirin wis kudu wani mbedhol awake saka masyarakat sekolah kang nyenengake. Kudu pisah karo kancane sing apik-apik atine, karo Ratri, Edna, Wiwin. Kudu pisah karo Tranggana sing gelem ditekani omahe perlu nyetelake kaset lagu-lagu manca. Wah, bakale ora bisa maneh ngapilake lagu-lagu anyar. Wis, wis, wis! Pendheke kudu dipedhot kabeh. Astirin kudu wani mbukak lembaran urip anyar, nggawe riwayat anyar. Kudu wani. Kepeksa wani. Ing umur kang arep pitulas taun iki!

******

Kaya wingi. Astirin wayah jam sewelas awan katon ngadhang colt ing Pangkalan Jepun. Sanajan dina iki seko¬lahe ora diulihake esuk. Astirin mau wis nekad, pelajaran kapindho dheweke pamit mulih, awake ora kepenak. Kepeksa. Ora dina iki, sesuk ye kepeksa nyopot saka sekolah. Apa bedane. Cekake Astirin kudu tumindak saiki, tandang wae, sadurunge kasep! Tumindak kanthi direncana sing mateng! Dina iki wiwit ana owah-owahan! Dina iki dheweke perlu kwanen, kekendelen, lan ora susah eman ninggalake donya sengsem kang bakal mungkur!

“Ngidul, Mbak? Colt-e kothong iki, loo!”

Astirin gedheg.

“Alaah-alaah, ayune! Gedhag-gedheg ngono thik rambute ngrembyak! Dhik, colt-e munggah ora mbayar, Dhik! Ayo, budhaal!” kernet colt tawa-tawa.

“Nggiih, nggaa! Munggah ora mbayar, mudhune mawon sing mbayar, nggaa?”

Astirin mlengeh, bungah. Dewa penulunge wis ngaton! Samsihi! Netepi janji, ora nguciwani! Muga-muga lancur siji iki kena dijagoni. Astirin wis ora rikuh maneh. Saiki wis langsung wani nggandheng lengene wong lanang anom sing menganggo klambi dhines pajeg kuwi. Embuh, wong pegawe pajeg Surabaya kok ing jam dhinese nganggo klabi seragam neng Tulungagung iki perlune apa, Astirin ora ngreti anehe.

Samsihi digandheng ngono kuwi uga nangkepi. Gegeme Astirin ing lengen tengen dipuk-puk karo tangan kiwane. Mripate mesem nyawang rai wadon kang kinyis-kinyis.!

Wong lowo nyabrang dalan karo gandhengan rapet. Panas ketiga Tulungagung dianggep kaya padhang rembulan wae! Tanpa rundhingan wong loro tumuju menyang restoran Bujang II.

“Awas, aja nabrak tamu restoran maneh!” Astirin nyekikik ngelingake lelakon wingi.

Minangka wangsulane, Samsihi nguculake gandhengane, ngetokake dhuwit receh karo nyaut koran anyar sing ditawake bocah ing ngarep restoran.

Astirin wis ora wagu maneh mlebu ruwangan AC. Mlebu ndhisiki golek panggonan kang methok. Sawise nyelehake buku, dheweke ngenteni Samsihi lungguh ing kursi sing dipilih. Samsihi nampani daftar menu lan wiwit orak-orek nulis pesenan pangan. “Kaya wingi?” Astirin manthuk. Terus marani kran, perlu wisuh tangan. Nyawang raine ing kaca.

“Kowe wis gedhe, Astirin. Kowe kudu wani ngowahi dandananmu! Kowe ayu, kok Rin. Kuwi kena kokenggo pawitan urip, kajaba bakatmu lan pendidhikan sekolahmu!” Astirin ngomong dhewe karo rupa ing pangilon.

Bubar ngusap rambute nganggo tangan sing teles, Astirin noleh menyang dheretan lemari kaca sing dienggo majang panganan keringan. Mrana ora arep nliti panganan, nanging nemoni wong lanang sing nunggu panganan.

“Mas. Mbok lagune diganti, aja trio Libels. Meriah Carey ana? Can’t Let Go?”

“Kowe seneng lagu manca, ta?”

Astirin manggut.

“Okey! Iki, Color Me Bedd! All 4 love ! Gelem?”

Astirin manggut maneh. “Trims sik!”

Astirin bali menyang meja makan kanthi wiwit mbukak pribadi sing wiwit biyen disidhem-siddhem. Saiki dheweke dadi wong mardika, wong bebas, urip ngendelake tingkah lakune dhewe, ora gemantung marang pakdhe-mbokdene maneh. Astirin miwiti mlangkah aduoh sarana mbalela! Miwiwiti langkah mbalelane! Dheweke bakal dadi penyanyi, dadi kudu seneng migatekake lagu-lagu anyar sing lagi disenenegi nom-noman saiki! Tranggana, Evi lan Herman kae, arek-arek musikal kaya ngana kae donya sing diparani Astirin saiki! Ah, Mbokdhene Nik, apa dene Buamin, mangsa biasa ngarasakake regenge donya kebak lagu lan wirama kaya mengkono!

Samsihi katon nggethu maca koran. Aneh, kok anggone sapatemon Astirin ora dadi acara kang wigati!

“Mas. Sida kondur Surabaya saiki?” “Huh? Kosik, kosik. Berita penting, daktutugne maca iki dhisik!”

Astirin ]ungguh karo manggut-manggut, ngematake wiramane musik sing nggrengsengake ati. Ah, saiba senenge yen mangkono Astirin uga bisa oleh kalodhangan menyanyi kaya mangkono. Dheweke njanjeni, para pamiyarsa bakal oleh pasugatan gandem kanthi suwarane. Ngadeg maneh, nata kursine, kurang mapan.

“Kowe rak isih eling wong wedok sing daktabrak neng kono wingi?”

“Jelas! Mlaku ngono ya ndelok ngarep, kok ndeleng mburi!”

“Mati. Dirampog neng Ngunut. Bojone, sing nyopir kijang ijo lumut, nganti saprene durung eling. Dhadhane dibedhil perampog nganti tatu enem!”

“Heh? tenan kuwi?” Karo ngranggeh koran, kepingin ganti maca.

“La iki, ta, beritane dipacak neng kene. Jenenge Marwasinggih, Ketua KUD Sekarbinangun Ngunut. Mentas njupuk dhuwit ing BRI Tulungagung selawe yuta. Dikandhakake sekaliyan karo bojone numpak kijang ijo lumut, nganggo mampir restoran barang. Bone restoran isih digegem sing lanang!”

Astirin njegreg! Atine tratapan. Nyeblokake bokonge ing kursi nganti kantep. Jan ora ngira wong wadon sing wingi diajeni dipepantes dadi wanita sugih, waras lan katon suka uripe, la kok saiki wis tiwas dibedhil durjana! Cendhak umure! Jan, Astirin ora ngira babar pisan. Astirin rumangsa egois, patlikur jam keri iki mung karanta-ranta ngrasake uripe dhewe. Rumangsa cilaka. Udreg karo reka dayane dhewe kepriye anggone arep uwal saka kasangsaran kang lagi disandhang. Dikira wong sak ndonya iki sing paling usreg kecepit nasib mung dheweke. Ora ngertia yen wingi kuwi, uga sajrone patlikur jam kepungkur iki, ana nasib nyawa liya kang kecintraka luwih nemen ketimbang Astirin. Priyayi putri sing sajak urip makmur wingi, kedrawasan nemahi pati sarana dibedhil pener bathuke! Mati lungguh nggeblag ing jok ngarep mobile kijang ijo lumut! Huh, nasib yen lagi apes!

“Dhek wingi kae sing lanang wis alok, dikira tase dijarah. Wis kuwatir yen bisa uga dirampog. Mesthine dhuwite ya sing ana ing njero tas sing konclang merga koktabrak wingi!” Astirin mbayangake maneh lelakon wingi kuwi.

“Ilang sumelange marga ngreti mung tabrakan karo aku, sing nganggo klambi dhines, pegawe negeri. Upama sujanane diterusake, bisa uga luwih ngati-ati”.

Astirin ngambali maneh crita sing ditulis ing koran. Kepingin luwih jelas maneh priye lakune prampogan. Dheweke mbayangake tenan kepriye si kurban sekaliyan kuwi anggone nemahi kesengsaran. Siji mati sak kal merga kena bathuke, sijine setengah mati dibrondong mimis nganti enem.

Manut critane koran, korban kuwi wis dikiting sepedha montor wiwit saka BRI Tulungagung. Si durjana ngreti tenan ya penumpang kijang ijo lumut kuwi mentas njupuk dhuwit selawe yuta rupiah.

“Wong pancen nggawa nasib dhewe-ndhewe. Ora bisa dimarekake, ora bisa disokurake!” kandhane Samsihi karo miwiti ngemplok sega. “Banjur, kepriye saiki, nasibku lan nasibmu? Kowe ora bisa melu aku menyang Surabaya saiki pisan?” “Kowe rak ora niyat ngalap-alap aku, ta? Yen kowe gelem saiki, aku ya saguh. Nanging yen koksengguh aku ngalap-alap kowe, ngrudapeksa kowe melu menyang Surabaya, aku emoh. Dudu watakku meksa-meksa wong liya. Apa maneh wong wadon ayu kaya kowe. Yen gelem ya krana suka, yen kowe suthik aku ya ora arep meksa. Ning tenan, kok, Dhik. Aku seneng kowe bareng diwasa, katon ayu saiki wae. Kulit putihmu kuwi sing tansah cumithak ing graitaku! Priye, kapan kowe bisa dolan menyang Surabaya. Lan sanggup mantep nimbangi katresnanku? Ora kesusu, kowe arep nutugake sekolah dhisik ya ora papa, tutugna. Ning janji pinasthi bisa kok wedharake saiki, ben tentrem pikirku”.

“Wadhuh, dawane! Kapan aku oleh wangsulan?” Astirin isih kober guyon.

“Ya,ya,ya! gage wangsulanan! Priye?”

Ngene, Mas. Saiki aku durung siyap. Delengen, klambiku isih seragam sekolah. Nanging suk Minggu, aku arep dolan mrana, menyang omahmu ing Surabaya. Nginep. Aku teka dhewe, kowe ora susah mapag mrene. Priye, bisa ta, kowe tata-tata? Aturen karo ibu sing kokpondhoki. Dadi katone ora kok kowe mlayokake aku”.

“Lo, tenan kuwi? Iya, aku sanggup kokjujugi. Tekaa tenan, ya! La terus, apa sekolahmu prei kok kowe bisa nemtokake nginep? Prei pirang dina?”

“Prei mbahe Sangkil!” bantahe Astirin semu misuh. Nanging ora kawetu. Pikirane mumet golek tembung sing pas kanggo nerangake maksude minggat mbalela menyang Surabaya! Mesthi wae Samsihi ora bakal nerangake maksude minggat mbalela menyang Surabaya! Mesthi wae Samsihi ora bakal gelem nampa dheweke yen Astirin kandha blaka suta anggone menyang Surabaya kuwi keplayu nginggati anggone dikawinke karo montir bengkel Ngunut Buamin. “Ngene, Mas. Aku wingi kepingin kemajuan. Dhisiki arep daksrantakke sawise tamat SMA iki, yen wis nggondhol ijazah aku arep golek panguripan menyang kutha gedhe. Saora-orane Surabaya. Nganti saprene aku isih durung duwe cong-congan, nyang Surabaya apa Jakarta kuwi nyang nggone sapa, wong aku ora duwe kenalan utawa sedulur ing kana. La kok dhek wingi, pikiranku lagi puthek wegah nglakoni urip neng kene, koksapa. Kowe nawani mangan neng kene, lan ngguggah nafsuku ngajak menyang Surabaya. Dhek wingi aku isih mikir-mikir, nanging saiki yen tarenmu durung owah, aku duwe greget arep menyang Surabaya saiki pisan. Tegese ora kesuwen ngenteni lulusku sekolah. Mumpung ana sing gelem dakeloni lan dakjujugi ing kana. Dadi, anggonku arep meyang Surabaya Minggu sesuk kuwi, terus arep golek panggaweyan, terus pindhah menyang kutha gedhe kana! Priye?”

Astirin ngomong ndhrindhil ora pedhot-pedhot. Sanajan metu saka pikiran butheg, nanging marga mudal saka karep kang kenceng, omonge dadi lantip, cak-cek lan runtut. Cetha sing dikarepake lan tekan.

Samsihi katone wis tanggap banget. Dheweke sajake pancen tau karep mikir prekara wong wadon iki. Ana pepenginan srawung, lan sesambungan luwih saka mung kakancan. Nalika pisah sekolah lan oncat saka Ngunut, kaya-kaya mbaleni srawung karo Astirin sing kulite resik kuwi langka klakone. Mung dadi angen-angen ing kadhang-kadhang. La kok ora kanyana, wingi kuwi mudhun bis saka Surabaya, golek oleh-oleh kanggo pakdhene, numpak becak menyang pangkalan colt menyang Ngunut, kok ketemu Asatirin! Astirin, ya Astirin sing dhek isih sekolah SD biyen wis diirik-iriki! La kuwi rak tegese digathuke karo sing Gawe Lakon! Samsihi gedhe pangarep-arepe bisa srawung maneh karo Astirin, sokur bisa nrutus menyang dalan jejodhoan! E, ngrembakane lakon kok kaya sing dicritake Astirin mau! Klop! Mathuk! Prinsip mathuk. Nanging prayogane kudu nganggo cara sing luwih becik, luwih premana.

“Lo, la terus wong tuwamu kepriye? Apa ora nyandhet owah-owahan kekarepane kang ndadak kuwi? Wingi kowe isih mbudidaya arep nerusake sekolah, saiki arep kokpedhot thel ora sabar maneh. Wong tuwamu apa ora duwe kekarepan liya tumrap kowe?”

“Wong tuwaku? Aku bocah lola, kok. Ora duwe bapa-biyung maneh. Mbokde sing dakiloni nganti saprene iki, mung ngresula terus yen dakkandhani aku wayahe mbayar SPP. Cekake kabotan dakiloni. Upama aku dudu ponakane ngono, kiraku wis suwe aku ditundhung. La timbang ditundhung, timbang aku dadi tanggungane mbokdhe, aku kepotangan budi saya mbengkiyeng, luwih becik wiwit saiki wae dipedhot. Ora susah diusir wis lunga dhewe. Lungaku wis diarep-arep. Yen mengko aku pamitan, mesthi legane pakdhe-mbokdhe kae!”

“La ibumu, wong ayu sing ngeterake kowe ndaftar sekolah kae?”

“Ibuku? 0, karepmu emakku? Emakku wis tinggal donya. Telung taun kepungkur. Ya sasi iki sewu dinane. Ya emak kuwi sing merlokake tenan supaya aku oleh sekolah sing apik. Nanging tanpa emak, sing mbayari sekolah aku wis ora ana maneh. Kuwi problem uripku saiki!”

“Bapakmu?”

“Bapakku? Wiwit cilik mula aku ora duwe bapak. Sing diiloni emak biyen kae bapakku kuwalon. Lan ora kumpul karo aku, wong aku dipisah dening emak, dieloke mbokdhene ing Ngunut kuwi. Saprene. Karo bapak kwalon, blas aku ora kenal. Mula aku kandha mau aku bocah lola.

Astirin tatag wae crita awake, ora ana sipate ngresula utawa melas asih. Ora katon susah babar pisan. Malah kepara sumringah.

“Kowe kaya menyanyi ndhangdhut wae!” aloke Samsihi.

“Karepmu?”

“Crita prekara kasengsarane awakmu, crita sing kudune nelangsa, nanging tetep sumringah, tetep menyanyi, tetep iramane penak kanggo jejogedan, nyenyeneng urip!”

“0, ngono ta, menyanyi ndhangdhut ki? Sori, aku kurang nggatekake!”

Astirin rumangsa duwe bakat menyanyi, bakat kenthel. Nanging pancen nglirwakake ndhangdhut.

“Dhik Tirin, kepriye yen daktembung apik-apik marang mbokdhemu. Ya ora saiki. Suk minggu ngono. Dadi yen kowe wis daktembung, kowe rak bisa nerusake sekolah dhisik kaya kekarepanmu. Mengko aku sing nanggung SPP-mu. Priye yen ngono? Dadi lungamu saka Ngunut ora sajak nyempal saka garise urip kang wiwit sakawit!”

0, kasep! Upama kandha mengkono dina wingenane ngono wae, saiba bejane Astirin! Uripe durung kasandhung panglamere Buamin! Bisa enggal ketulungan, Nanging tekane pitulangan kuwi, tembunge Samsihi kuwi lagi kawetu saiki. Sawise Buamin ngebrukake dhuwit sagebog ing ngarepe pakdhe-mbokdhe! Kasep! 0, ya pancen kudu kaya ngono nasib lelakone Astirin!

“Aku kebacut wegah urip neng kene ki, Mas. Bousen rasane! Kaya-kaya uripku selak entek digrogoti wektu udreg neng SMA iki, ora rampung-rampung! Donya selak mlayu maju aduoh ing ngarepku! Rekasa mengko anggonku nguber!” Huh, pawatan umuk kebak glembuk! Oleh endi wae tembung kaya mangkono! Ning muga-muga wae mempan kanggo manasi atine wong lanang nggantheng kuwi!

“Dadi, kekarepanmu wis kenceng, arep bedhol sekolah, bedhol saka Ngunut, lunga menyang Surabaya golek panguripan anyar, golek pegaweyan?”

Astirin manggut, bareng karo base lagu sing lagi kumandhang, Once in life time duweke Gregorian. Lagu favorite taun kepungkur.

“Nanging kowe iki isih cilik banget lo. Isih enom banget! Gek ijazahmu mung saka SMP. Dadi apa cah wadon saka ndesa menyang Surabaya nganggo sangu kepinteran mengkono?” kandhane Samsihi. “Paling dadi pembantu rumah tangga”.

Dhek wingi Astirin mangkel ana wong lanang sing ngelokake, “Ora susah sekolah! Aku sekolah SMP wae ora tamat gene ya bisa urip kepenak! Paling-paling entuk ijazah salembar kertas, ora kena diengggo golek dhuwit!” Cah lanang sing saiki ngagul-agulake ijazah! Priye kudu wangsulane astirin?

“0, Allah, Mas. Emak biyen ya kaya mengkono welinge, mburua ijazah kanggo sangu uripmu. Nanging nyatane emak sing nyanggupi wragat sekolah ora diparingi umur dawa, pratandha aku ya ora kepareng ngegul-egulake ijazah kanggo nyambung urip. Aku wis tinitah lola wiwit cilik, ateges aku kudu gumrayang ceker-ceker urip wiwit umur sing sakmene iki! Ora kudu ngenteni sesuk utawa taun ngarep. Lan gumantung marang kabecikane wong liya-liya maneh! Ora, Mas. Sanajan aku isih cilik, sanajan aku mung lulusan SMP, nanging aku kudu miwiti urip mandhiri, madeg dhewe wiwit saiki. Ora perlu didedawa nglokor maneh. Maturnuwun, dene kowe wis nyanggupi nutugake nyekolahake aku. Nanging dudu kuwi sing diperlokake saiki. Aku mung nyuwun pitulungan bisaa aku oleh jujugan ing Surabaya. Mengko aku neng Surabaya gage golek pegaweyan, kepingin ndang bisa urip dhewe lan ora bakal nganggu gawe kowe maneh, Mas?”

Aneh. Embuh saka ngendi Astirin duwe tembung adreng kaya mengkono. Ndeleng praenane sing isih mbocahi, ora pantes dheweke duwe tekad urip kang mangkono. Nanging ngelingi mengko yen mulih nyang Ngunut kana dheweke bakal diadhang karo grayangan tangan kasabe Buamin, sing bakal sabanjure njejuwing urip enome, Astirin wis kirig-kirig wae arep mencolot oncat saka desa kono. Ndang adoh, ndang age. Ih, Ngunut saiki dadi panggonan kang jember, kaya peceren. Kesuwen Astirin manggon kono, sida ngluprut endhut, endhute ngaurip, ora bakal resik salawase.

Sega kang dumadi entek dipangan sinambi omong-omongan.

“Dadi. priye rencanamu. Priye karepmu. Priye sing gegayutan karo panembungku wingi? Kowe durung mangsuli cetha, apa bakal gelem dadi arekku, lan sabanjure kita urip jejodhowan?” Samsihi manglungake awak, karo mamah ngomong bisik-bisik nanging adreng.

Astirin nirokake lageyane Samsihi, manglungake awak luwih cedhak, wangsulane uga bisik-bisik adreng. “Pancet, kaya kandhaku wingi. Aku rak isih cilik, ta, Mas, jaremu mau. Aja kesusu diundhuh, ditembung. Ayo padha dijajagi dhisik. kowe saiki sapa, aku saiki sapa. Ayo, mengko yen kene wis srawung kumpul neng Surabaya kene padha-padha awas-sinawasan, rasa-rinasan, apa awake dhewe iki bisa dadi pasangan sing cocok. Terus-terang wae, Mas. Aku isih kepingin njajal kepingin urip dhewe, kadidene badan sepata. La mengko sawise kita padha tetepungan raket tenan, mboknenawa aku wis bisa ngadeg dhewe lan umurku wis nyukupi, ayo padha dirembug maneh. Kowe isih tetep seneng karo aku, apa ora. Lan aku duwe kekarepan liya apa pancet kaya ngene. Priye, yen ngono, Mas?”

“Jane aku ora setuju. Sing dak kepingini kowe saiki wis brenjanji dadi duwekku. Mung kapan klakone, la kuwi ngenteni legane atimu lan matenge umurmu”.

“Wadhuh, aku ora wani adol ijon ki, Mas. Aku isih rumangsa enom banget, durung keconggah mikir bab jejodhowan. La mengko aku wis kebacut kok tembung, tibane wayahe cukup ngumur bongkeng. Mula kiraku luwih prayoga ayo padha nyoba urip dhewe-dhewe, ora uripku gumantung marang kowe. Lan padha njajagi ati. Ora-ora yen aku lali karo kabecikanmu saiki. Lan kepencute atimu marang aku wiwit sadurunge kowe sunat! Hi-hi-hik! Ben, ta Mas. Aku jarna wae bebas, golek panguripan dhewe dhisik. Mung saiki aku tulungana bisa dakjujugi aku menyang Surabaya. Wenehana alamat sing jelas, priye lan tetumpukan apa sing kudu daktumpaki supaya besok Minggu kuwi aku bisa tekan ing omahmu ing Surabaya”.

Sawise padha dirembug, Samsihi kepeksa ngalah, lan nuruti kekarepane si dhara. Dheweke tugase suk Minggu mung nyegat neng omah, ngenteni tekane prawan congcongane ing SD Ngunut I biyen, Astirin! Dheweke wis menehi gambar dhenahe omehe, diurut saka dalan kembar Pasar Kembang. “Pokoke kandhaa kondhektore bis kota mudhun dalam Pasar Kembang. Mudhun bis, nolehe nengen, ing sabrang dalam kuwi kampungaku Wonorejo IV. Golekana omah nomor 72A, omahe Pak Dirjan, pegawe RS Islam”.

Astirin nyoba mbayangake omah ing kutha kuwi.

Wis rampung anggone rembugan lan mangan, Samsihi ngadeg arep mbayar panganan.

“O, iya. Apa wis duwe sangu kanggo suk Minggu?” Samsishi isih adreng anggone arep tetulung. Tetulung marang bakal bojone, jare!

Astirin gedheg mantep, terus terang. Dheweke pancen rada bingung arep oleh dhuwit sangu saka ngendi kanggo lungan suk Minggu kuwi. Nekad duwe karep, ngono wae. Mengko yen wis kepepet, dalane rak ana! Yen kepepet, ora papa dheweke nekad nembung njaluk dhuwit marang Buamin. Ben, wong brangasan kaya ngono wae, seneng pamer kesugihan wae, yen ora dikothoki mangsa gelema gigrig bandhane. Apusi wae!

Slamete durung nganti Astirin tumindak mengkono, Samsihi sing jatmika takon bab dhuwit sangu! Pangeran sajake wis mihak marang dheweke, wis maringi dalan luber.

Iki daktinggali rong puluh ewu. Kiraku cukup kanggo ongkos ngebis, lan jajan tekan Surabaya. Mung sing ngati-ati, ya, yen tekan Surabaya. Aja gampang kepencut nguwong. Uga sing waspada karo tukang becak. Ah, satemene aku ora tego ngeculake kowe lunga dhewekan menyang Surabaya. Priye, ya?”.

“Wis, ta, Mas. Aja kuwatir. Daktampa tinggalanmu dhuwit kanthi senenge ati. Aku percaya kowe ikhlas, aku ora bakal lali. Disekseni Gusti Allah, arep daklironi sing luwih dening akeh saka kuwi!”

Tenan, ya. Minggu kita ketemu neng Surabaya. Becik budhale nganggo bis esuk wae. Luwih esuk luwih becik, perlune tekan Surabaya isih awan. Saya dawa awan ing Surabaya kanggo nggoleki kampung Wonorejo saya kepenak. Ora mutawatiri. Yen bengi, Surabaya tetep kota buaya tumrap sing durung kenal, luwih luwih kanggone wong wadon enom, ayu kinyis-kinyis kaya kowe”.

“Ah, aja ngomong aku ayu kaya mengkono. Isih durung wayahe ayuku kena dienggo gaman mapag ngaurip”.

Metu saka restoran isih mlaku gegandhengan. Nyabrang dalan, Astirin isih disabrangake dening Samsihi. Ora idhep isin, prawan seragam SMA digandheng lanang seragam kantor pajeg. Maklum, ati lagi kasmaran. Muga-muga wae katresnan kang wiwit trubus kuwi thukul ngrembaka ora kadhangan ing nir sambikala. Pepisahan saiki, ya mung pisah waraga. Suk Minggu ngarep ketemu maneh. “Ah, Astirin,” kemrungsunge atine Samsihi.”Kowe kok saya ayu ta, Ndhuk. Hmm, gemes aku. Wis ndang melua aku wae, Dhik! Ben, kowe kawin enom ya ora papa!”.

Dene Astirin isih wegah mulih. Wis ana colt longgar nganti ping telung angkatan, dheweke isih sendhen pager temboke wong, ora sedya numpak colt ngetan.

2. Surabaya, Kebak Pengarep-arep

Astirin kulina tangi esuk. Jan isuk tenan kae. Marga kudu mbiyantu mbokdhene ngratengi sega lan janganan sing didol pendhak esuk. Kajaba kuwi isih kudu nyapu jogan lan yen kober ya latar sakuplik ing ngarep omah, supaya mengko yen dienggo dhasar dodolan ora katon kotor. Bubar kuwi lagi adus cepetan, terus budhal sekolah. Pagaweyan kaya mengkono kuwi ora tau ana preine. Margo dodolan sega kuwi ora nganggo petung dina Minggu. Malah yen prei ngono, akeh wong kantoran sing esuk kuwi kober senam esuk apa mlaku-mlaku sak keluwarga, mampir tuku sega pecele Mbok Nik.

Dina Minggu kuwi Astirin tangi esuk kaya biasane, kalem, ora gedandapan. Kabeh wis dirancang kanthi premeti. Anggone tandang gawe cak-cek, sanajan kahanane isih peteng. Cahyane srengenge durung ngatonake kekuwasaane nyingkurake donya peteng. Dina Minggu digawe kaya dina mlebu sekolah biasa. Rampung tandang gawe sing dadi bageyane, Astirin ya enggal adus. Terus dandan. La saiki ora nganggo klambi seragam ekolah, nanging klambi lungan sing ditukokake mbokdhene riyaya kepungkur. Mesthi Mbokdhene Nik ora nglegewa. Lan Pakdhe Mar ngurus surat-surat. Tas kuwi wis rada amoh, nanging ya lumayan gedhene, kena dienggo wadhah sandhangan sing digawa, lan surat sing penting, rapot karo ijasah. Ah, sing digawa ya ora akeh, kok. Sing digawa apa? Sandhangan sing mbejaji kena dienggo salin ya mung rong setel. Wis, genah, kabeh wis cepak, banjur mak slinthut Astirin metu saka omah, saka pekarangan, terus amblas menyang pasar Ngunut. Ora metu dalan sing biasane, nanging mlingker liwat Wak Darmin, tangga caket sing senenge ngrasani wong ora jamak. Muter sithik naging luwih aman, ora ketitik karo tangga teparo apadene Buamin, yen wong kuwi kebenaran tangi mbukak bengkele.

Sadurunge serngenge mlethek, Astirin wis digondhol bis Mandala meyang Tulungagung njujug terminal. Mudhun terus bleber oper bis Surya sing katone kena diajak kesusu enggal ninggalake Kutha Tulungagung. Lakune rikat kaya diuber setan, cocog karo pepinginane Astirin. Astirin mbayangake mbokdhene alok kelangan Astirin. Pakdhene digugah tangi bingung, banjur mlayu ngabari Buamin. Buamin uga banjur udreg nggoleki dheweke. Astirin mesem dhewekan ing mburine sopir bis sing nyeput wae. Kapan udreg nggoleki Astirin kaya mengkono kuwi? Saiki? Apa mengko luwih awan maneh? Kasep! Astirin wis amblas kaya disapu angin oncat saka Ngunut! Mangsa bisa nglacak dheweke!

Nyedhaki Kutho Kediri saya kerep mandheg njupuki penumpang. Wadon enom-enom, sandhangane resik-resik. Bis dadi uyel-uyelan. Wondene sopire isih gelem wae ngampiri wadon-wadon sing padha ngedhangi utawa ngawe. Wong-wong kuwi wis padha nyambut gawe. Ing pabrik rokok. Apa mbesuk Astirin ya nglakoni urip mengkono? Nyambut gawe ing pabrik, budhal esuk mulih sore? Lan saka kono Astirin bisa urip. Kahanane ora beda karo wong-wong kuwi.

Upama dheweke nampa nasib kaya mengkono ya kudu trima. Lumayan, luwih becik katimbang direh dadi bojone Buamin. Dadi bojone Buamin paling-paling ya urip kemproh melu-melu nunggoni neng bengkel, karo momong anake sing brangkangan sandhangane gupak gemuk kabeh! Delengen wong wadon-wadon sing padha suk-sukan ing bis kuwi! Omonge guyon thok, wandane sumringah sajak bungah. Akeh sing mlerok marga disenggol-senggol dening kondhektur bis sing ndugal, ning ya ana sing gelem balik ngguyoni.

“Sing mlerok mbayar, sing mesem gratis!” pambengoke cah rok kuning.

“Min! Aja neka-neka kowe, Min! Yen kaya ngono tingkahmu sing nyopir ora oleh bagian apa-apa!” aloke sopir.

“Apa, Cak?”

“La yen prawan sak mono kuwi koksenggoli mesem kabeh, aku rak kecut!”

“Ayo mesem, yoo! Gratiiss!!”

Ngliwati Kediri, bise ngglondhang maneh. Nanging kerikatane ora mendha. Mengko priye, ya, tekan Surabaya? Jam pira? Astirin wiwit gragapan. Samsihi kuwi lancur apik. Astirin percaya, tingkah laku lan atine cah lanang sing dadi jujugane mlayu mbalela iki tansah becik. Nyatane gelem menehi sangu lan alamat jangkep. Nganggo diterangake barang. Ah, yen ora becik mangsa dheweke wani ngeling-elingake anggone kenalan karo Astirin dhek ana SD Ngunut I biyen kae! Malah Samsihi blaka wiwit Astirin didhaftar sekolah, diterake emake, dititeni karo Samsihi. Yen ora ngukir ing atine temenan mangsa gelema Samsihi crita ngono. “Biyen kowe diterake wong wadon ayu ngono mlebu dadi murid anyar ing SD Ngunut I. Rumangsaku kowe putih banget”. Samsihi uga tansah kelingan lan nganggep yen emake astirin kuwi wadon kang ayu rupane! Bingget wiwit-weruh sepisanan! Dadi ora bakal luntur. Ora bakal wani sembranan anggone arep nampa dijujugi Astirin. Astirin yakin, Samsihi wong lanang kang becik atine, lan marang Astirin duwe simpenan katresnan kang ora lanyahan.

Ngelingi kuwi, Astirin mantep karo patrap lakune mbalela dina iki. Mantep. Mantep. Mengko, srawung caket karo samsihi neng Surabaya. Astirin mesthi bisa ngranggeh gegayuhane urip kang ndemenakake, urip suka lan kepama. Cekake saora-orane mesthi luwih kepenak ketimbang pancet manggon ing Ngunut dadi bojone tukang reparasi sepedhah montor Buamin! Gawe gampangan, upama Samsihi nekad ora bisa ngempet terus ngajak jejodhoan karo dheweke ngono Astirin wis rumangsa luwih beja tinimbang bebojoan karo Buamin. Sanajan saiki bisa uga Samsihi ora bisa yen dikon menehi dhuwit kontan brug setengah yuta rupiah. Kesugihan urip, kesenengan urip, kuwi rak ora mung ditaker saka akehe dhuwit kontan sing digegem dina kuwi? Ora bisa!

Marga Samsihi bingget atine karana mbiji emake Astirin ayu, Astirin banjur kelingan ngegla lelakon uripe nalika isih kumpul emake ing Kalangbret. Dhek samana manggon ing sawenehe omah tembok, kumpul karo mbah wedok lan mbah lanang. Emake kerep lunga saka omah, lan ing wektu emak lunga ngono Astirin diemong dening embah wedok. Saora-orane diawat-awati. Marga embah wedok iya karo tandang gawe ing pawon. Mbah wedok nyepak-nyepakake mangan, mbah lanang nyambutgawe nandangi kebutuhan bale omah liyane, kaya ta umbah-umbah, nyapu. Kabeh klakon kepenak ora ngaya. Astirin tansah seneng, mlaku inak-inik menyang endi wae tansah dikudang lan dielem dening embahe, dening wong saomah.

Emake ing ngomah ora tau nyambut gawe. Dolanan wae karo Astirin. Dikudang, diura-urakake, dikeloni, didongeni. Ah. seneng banget kumpul saomah karo emak. Rupane ayu. lelewane medoki, pangrengkuhe marang Astirin anget. Ambune wangi. Kerep wae Astirin ngonangi emake ngadi salira, awake sakojur dilulur wedhak kuning. Emake tansah dandan, sanajan neng omah. Nganggone dhaster ya sing apik, rambute tansah dilengani. Gelang kalunge ora tau cucul saka awake. Apa maneh yen lunga, macake mlithit, rambute digelung alus, kebayake sutra modhel anyar, jaritan wiron. Ajegan lungane wayah sore utawa surup, dipapag ngango sepedha montor dening wong lanang. Malah kerep banget nganggo mobil. Terus, sok nganti pirang-pirang dina Astirin ora ketemu emake.

“Bapakku ki sapa, ta, Mak?” Bareng wis sekolah Asti¬rin takon mengkono. Marga kanca-kancane sekolah iya padha nduweni bapak.

Astirum ora tau blaka. Ora tau kumecap nyebut jeneng lanang sing diemperake bapake kerep crita jare ditanggap menyang Malang, Surabaya, lan ketemu pak bupati utawa pak walikota, nginep nganti telung dina. Nanging ora tau nyebut wong lanang mligi kang diakokake utawa diemper-emperake dadi bapake Astirin.

Sing paling kerep didongengke, wiwit Astirin angger turu isih njaluk kelon, nganti Astirin wis sekolah pirang-pirang taun. Crita nalika emak isih prawan, wayah sore ketheher mlaku ijen ing lurung Tulungagung, dipotong sawenehane ijip, terus dheweke dikon mlebu. Kok ya terus gelem, embuh pertimbangane kala semana kepriye. Ing njeron jip wis akeh penumpange. Astirum ora bisa nyebut pira. Mung dheweke dikekep ing pangkone wong lanang. Jip kuwi sing nyopir wong Jawa.

Wis makaping-kaping Astirum nyritani anake bab kaendahane penumpang wengi padhang rembulan ing pasanggrahan pinggir segara kidul. Latare pasanggrahan dumadi saka wedhi putih, kang saya cetha marga kesorotan sunare rembulan. Neng kana makhluk-makhluk langen asmara, sinambi ngrungokake kidung alun segara kang ora kendhat tansah nyempyoki pesisir. Ah, mripate kang siwer, kulite kang wulunen, grayangan tangane kang nakal. Nyenengake banget. Ngumbar sengseme nafsu tanpa antawacana.

Emake ayu, jare Samsihi. Ah, saiki wis kari ing angen-angen. Dhestun saiki Astirin ngakoni emake duwe rupa lan lageyan dadi wong ayu. Carane mlaku, carane ngomong, carane ngguyu, carane menganggo, pawakane, pakulitane. Ayune wong Jawa. Mesthine Samsihi uga ngonangi garis ayu kuwi nyinungi marang Astirin. Nyatane Samsihi tansah nggandhengake ayune emake karo katresnanane marang Astirin. Apa iya Astirin duwe turun ayu kaya emake? Ah, kuwi isih kudu dibuktekake. Apa rumakete Tranggana marang dheweke uga merga rupa ayune? Tranggana nyetelake kaset, nyathetake teks lagu manca, ngenalkake karo ibune ing omahe, nyilihi gambar komik lan buku novel. Marga sir karo rupa lan lelewane kang ayu? Astirin ra kober mikir! Sing dipleter rak mung nyambut gawene, anggone ngewangi mbokdhene. Wiwit esuk tangi turu nganti bengi mapan turu. Saiki kabeh wis mungkur. Ditinggal, dioncati. Sekolah SMA Negeri, kanca-kancane Ngunut. Tulungagung. Kabeh wis ditilap ing mburi, mburi kana. Mburine bis sing mbandhang nggawa badan wadage sakjiwane Astirin.

Ing ngarep bis ana Surabaya. Ana Samsihi. Ana lelakon anyar. “Mas Samsihi, Surabaya, dina sesuk, mara iki bagekna tekane Astirin!”.

“Suroboyo Bungurasih, terminal pungkasan!” pambengoke kernet. “Tata-tata sing bersih, ben terkenal lan berkesan!”

Terminal Bungurasih, kuthane Suroboyo. Kenalan ngono sing tlesih, awas-awas ana bebaya!” kondhekture numpangi mbengok.

Astirin, rada gugup grayang-grayang tas gawane. Suroboyo! Dheweke kudu mudhun marga wis tekan tujuwane. Suroboyo kutha bebaya, ati-ati! Ah, dhek wingi nalika adreng arep budhal kok ora duwe kekuwatiran kaya mangkono!

Mudhun, wong mlaku kesusu akeh banget, slira-sliri ana sing metu lan ora kurang sing mlebu terminal. Marahi gugup wae. Astirin kudu nggoleki panggonene bis kota. Bis kota ki sing kaya ngapa, ta? Clilang-clileng maca papan informasi. Nyabrang nrutus liwat gang njeron ter¬minal sidane pantog ing panggonan bis jejer-jejer ngenteni penumpang. 0, kaya bis biasa. Sambi ngrungokake omongan calo nawakake tujuwane bis kota, Astirin milang miling ngoleki lin E. “Ayo, Jayabaya, Diponegoro, Pasarkembang, Pasarturi, Jembatan Merah! Lin E!” La kuwi! Wis weruh bise, penumpange wis akeh, Astirin isi takon marang punggawa bis, apa bener nyang Pasarkembang numpang bis kuwi? Mlebu bis, sumuke eram. Tujune oleh panggonan. Wis kebak, bis durung mlaku, Isih nampa penumpang terus. 0, ngene to, Suroboyo. Bis kota mlaku, atine Astirin tansah tratapan. Dheweke ora gelem nganti keplantrang ora tekan ing Pasarkembang! Mangka ora ngerti tandha-tandhane panggonan mudhun sing jenenge Pasarkembang kuwi kepriye! “Mengke kulo mandhap Pasarkembang, nggih!” welinge marang kondhektur. Ping pindho dheweke meling ngono. Arep ping telu kok sungkan.

Wah, iki Samsihi mesthi wis ngantu-antu. Bejane isih awan, jam siji durung ana, Astirin wis mlebu Suroboyo. Isih cukup wektu kanggo nggoleki kampung Wonorejo IV. Pendheke angger wis bisa ketemu kampung Wonorejo ngono atine Astirin lagi lega. Apa meneh yen wis ketemu Samsihi, wah dheweke wis bakal bisa nemtokake bakal modhele uripe kaya ngapa. Yen bisa ora endang brenjanji dadi bojone Samsihi dhisik. Astirin arep nyoba katiyasane menyanyi. Dheweke kuwi rumangsa dudu prawan desa biyasa, sing menyang kutha golek gaweyan karo nuduh-nuduhake ijasah sekolahe. Ora! Astirin kuwi seniwati tedhak turune waranggana kondhang! Astirin saka Kalangbret! Baut nyanyi lan main pentas. Bisa nirokake main kaya Dokter Sartika, bisa bengok-bengok ngudal birahi kaya patrape Madona! Astirin ora arep gumantung marang kadibyane Samsihi saklawase. Ora arep ngendelake ijasah SMP kanggo cagak uripe. Ora!.

“Pasarkembang Petemon Timur!” pambengoke kondhektur!

“E, enggih, kulo mriki, mudhun!” suwarane Astirin gugup.

“Minggir! Alon, Dhik, aja gugup!”

Bis mandheg. Kanthi ati nratap Astirin anjlog saka bis. Gawane tas platik warna bonthang putih ireng, ana cangklongane. Ora ngilang-ilangake yen bocah saka desa! Nalika ngambah lemah Surabaya kang sapisanan saka anjlog bis mau, rasane lemah kaya goyang. Awak kok ampang banget. Priye welinge Samsihi wingi kuwi, Mudhun bis kon noleh nengen, sabrang dalan kuwu kampung Wonorejo IV.

Sabrang dalan. 0, kae ana plang jeneng dalan, Kok Patemon Timur. Geseh karo katranggane Samsihi!.

“Becak Ning?!

“Niki, le, teng Patemon!” pating braok wong becak nawalake tetumpukan. Ana sing malah nyegat lakune Astirin.

Tukang becak Suroboyo! Ngatiati, aja gampangan percaya karo tukang becak! Astirin kelingan pawelinge Samsihi. Atine banjur njekerut, ngrasa yen sing dikuwatirake Samsihi saiki wiwit krasa. Astirin waskita, dheweke kepara nyingkiri wong mbecak, anggone mlangkah nyabrang dalan rada dicepetake, kaya-kaya ora butuh pitulungan, ora butuh tetumpakan apa-apa. Anggone rerikatan mlaku sajak wis premana karo panggonan kang arep dituju.

Bareng klakon luwar saka krubungan penarik becak, kebingungan bali ngliputi pikirane. Sisih endi, ya, Wonorejo kuwi? Ora ngertia lakune malah ngadoh saka lurung sing digoleki. Astirin ngrendhetake laku. Milang-miling golek uwong sing kena ditakoni. Ah, kae ana grombolan bocah lanang sing lagi padha cangkruk. Luwih becik takon bocah-bocah kae, katimbang tukang becak. Ana arek lanang papat lagi ngobrol, sing loro nganggo clana, liyane kathokan cendhak. Rada minggrang-minggring Astirin nyedhaki, nanging ya dipeksa kudu mlangkah mrono.

“Kula taken, nggih. Kampung Wonorejo niku penere pundi?” Wadhuh, telake kok mara-mara asat, rekasa dienggo nyuwara. Omonge dadi lirih.

Suwarane sing ngobrol luwih seru. Nanging ya banjur mandheg marga ketekan Astirin. Wong papat kabeh noleh marang Astirin.

“Apa Rek, apa rek, sing diomongna?”

“Gak ngreti. Apa, Ning?”

“Won-wonorejo! Pundi penere?” Astirin setengah ngeden.

“Wonomerto? 0, ndhuk kana!” sing clana-an siji mangsuli.

“Le, Wonocolo ya cedhak mbarek Wonokromo, kon ngawur ae! Mrana, Ning, aduuoh ndhuk kana!” clanan sing liya nudingi arah lawane lakune Astirin.

“Wonorejo iku kana!” cah loro kathokan cendhak muni meh bareng. Nudinge siji lan sijine beda.

“Nggoleki omahe sapa se? Kermil, ta?” sing clana ireng takon.

Krungu pitakone wong kuwi, sing liya padha ngguyu.

Astirin ora ngerti sing endi lucu kudu digeguyu, nanging dheweke wiwit ngerti yen langkahe keliru. Sing ditakoni wong kang ora bener. Padha arep nggawe geguyon. Dheweke terus mleruk. Kepengin arep nglungani. Nanging arep njajal kwanene, yen dheweke kuwi bocah wadon sing kendel. Mula mripate tetep mencereng.

“E, ojok guyon, e. Arek iki takon temen, e! E, kene, Dhik, dakterna nyang nggone Sememi! E, kok Sememi. Wonocolo! Kene iki to, dalane, terus mrana. Esik adoh, Dhik. Gak kuwat mlaku. Ayu, dakterna numpak becak ae!” sing clana soklat mancahi. Omong akeh ngono karo nyedhaki Astirin, terus nyekel lengene Astirin.

Sing kathokan cendhak padha ngguyu. Sing kathok ireng mlangkah maju, ngalangi tumindake clana soklat.

“E, kon iku katene ngrusak anake wong, ya? Arek kaya ngene katene digawa ndhuk Sememi! Ojok gelem, Dhik. Ayo, aku sing ngeterna! Wonocolo, Wonokromo, ya sisih kana. La apa digawa mrana!” Muni ngono clana ireng uga tumindak cakrak, lan ngacung-ngacungake tangan marang arah kang liya-liya.

“Le! Aku, e, sing dhisik! Aku sing ditakoni dhisik dhewe! Kon katene ngrebut! Aku sing ditakoni ya aku sing ngeterna!” Ana udreg dadi rebutan kaya mengkono, Astirin gage mberot. Tangane sing digujengi clana soklat disendhal. Uwal. Astirin nyingkir gegancangan.

Nanging si clana ireng wis luwih trengginas nyekel lengene Astirin sing sijine, terus digiandhang ngadohi si clana soklat.

Dene sing kathokan cendhak padha ngguyu briga-brigi, ora melu ngroyok, ora duwe karep tetulung.

Nalika samono ana becak liwat, penumpange wong lanang nganggo klambi putih setrikan licin, clanane biru alus, nganggo kaos kaki lan sepatu kulit ulese ireng. Nyipati kedadeyan udreg rebutan Astirin ngono, penumpang becak mau ngabani sopire, “Ee, stop! Stop! Stop!, sik, Cak!” Becak direm ciiit mandheg, terus bleber penumpange anjlog mudhun. Terus nyenyawe sing padha udreg. Clana ireng sing lagek ngglandhang lengene Astirin dicekel, terus diantem. Heg! Gloyoran, kena wange. Astirin lepas. Sing clana soklat lagek arep ngranggeh Astirin, wurung merga nyawang tandange wong lanang sing sepaton dandanan rijig kuwi.

“Ayo, katene apa, Kon!?” penantange wong lanang penumpang becak.

Saiki wong lanang papat sing mau ditakoni Astirin, bebarengan ngencap arep mungsuhi wong tetulung anyar. Wong mau wis sumedya nglawan sanajan dikroyok papat.

“Sidik! Kon aja ngganggu arek iki, ya! Ngganggu arek iki padha mbarek nantang Dulrazak, jagone Arek Petemon Kuburan!” sesumbare wong klambi resik.

“Jangkrik! Kon katene apa, Zak!?” ucape clana ireng sing klaran. Sajake wedi krungu sesumbare kaya mengkono. Nyatane anggone arep kerengan wurung. Ora maju, nanging terus mundur karo ngisik-isik wange. Pipine ana tilas tatu.

Clana soklat ya mengkono. Ngreti yen sing mbelani Astirin wong necis kuwi, uga banjur mendha. Ora arep ndedawa prekara. “Saking kon, Zak! Cobak liyane, gak slamet, matek, kon!”

“Lo, ayo yen katene nyobak!”

“Gak! Gak! Tiwas rosuh kampung!”

Astirin kami tenggengen. Dheweke ora ndang nyingkir weruh padha bengkerengan rebutan dheweke kuwi. Malah nunggu wekasane lelakon. Mung bareng tita yen penulunge dieringi para pengganggune, dheweke lagi duwe kekarepan nyingkir. Mbalik klepat, terus ngadohi panggonan, enere bali menyang panggonan asale mudhun bis kota.

“E, Dhik! Entenana dhisik! Kena apa, awakmu mau kena apa?” pitakone wong klambi necis nututi lakune Asti¬rin.

Astirin mandheg. Arep ngaturake panuwun.

“Kowe arep menyang endi?” pitakone wong lanang mau maneh.

“Maturnuwun, ya, kok belani. Anu, aku arep menyang Wonorejo,” wangsulane Astirin isih semu gupuh. Ndhredheg marga ngalami lelakon kang ngemu bilahi. Tujune gage ketulungan wong apikan kuwi.

“La kowe mau saka ngendi?” pitakone sing aweh pitulungan mau.

Grombolan arek lanang sing mau padha arep ngganggu gawe Astirin, wis bali cangkruk karo ngobrol. Wis ora maelu maneh marang Astirin lan sing mitulungi.

“Saka Ngunut. Iki mau mudhun bis kota. Arepe menyang Wonorejo IV. Rak bener kene iki Pasar Kembang?’” ujare Astirin blaka marang wong lanang sing mentas nulungi. Katone apikan. Wis nuduhake kaprawirane. Dadi Asatirin ya rumangsa kebeneran. Wong kuwi mesthi gelem aweh pitulungan sabanjure. Gelem nuduhi dununge Kampung Wonorejo sing mesthine ora adoh saka kono.

“Lo kok terus mudhun kono, yok apa? Sing ati-ati ae, Rek, ing Surabaya! Salah-salah dialap karo wong mbambungan kaya kae mau! Piye larah-larahe, kok mudhun kene?” Omonge wong lanang kuwi luwih dingreteni tinimbang wong-wong lanang ndugal mau. Ora nganggo basa kasar. Basa Jawa ngoko kaya sing lumrah ing kupinge Astirin. Ya, sanajan ana cengkoke sing saemper karo wong-wong mau.

“La aku pancen dikon mudhun Pasar kembang, kok. Jare mengko Kampung Wonorejo kuwi ana ing sebrang dalan.”

“Lo, kepriye ta! Apa durung nate menyang Surabaya?”

Astirin gedheg.

“Waa, kleru kowe! Surabaya kuwi ana Pasar kembang, ana Pacar kembang. Kowe dikon mudhun ngendi? Pasar kembang apa Pacar kembang?”

“Pasar kembang!” Nanging sanalika kuwi Astirin uga bimbang. Pasar kembang apa…apa ngendi mau? Pa-pacar kembang? Krungune biyen kae Samsihi kaya kandha Pasar kembang. Terus ditulis dening Astirin ing kertas ya Pasar kembang. La wong ora ngreti yen ing Surabaya ana kampung sing jenenge meh padha, Pasar kembang karo Pacar kembang! Wah, priye, ya ? “Wah, kuwi kleru! Kene iki Pacar kembang! Apa ora kleru Pacar kembang?”

“Embuh,ya. Pokoke cedhak wae karo Kampung Wonorejo IV.” ;

“0, kuwi Pasar kembang. Aduoh kana, Dhik! Cedhak Kapaskrampung. Kowe mbalik wae numpak bis menyang terminal Bungurasih. Terus, munggaha bis kota sing menyang Pasarkembang. Aja Pacarkembang!”

Wah, saiki Astirin dadi bingung. Dhek wingenane kae Samsihi kok ya ora gelem njlentrehake yen Surabaya ki ana kampung meh kembar kaya mengkono! Saiki dheweke kudu bali menyang terminal Bungurasih. Numpak bis kota sing endi?

Anggone omong-omong mandheg ing pinggir dalan gedhe, pretelon. Tetumpakan lan wong liwat pating sliri ora leren-leren. Rame banget. La wong ya Surabaya. Saliyane kuwi uga akeh toko bukak, wong padha pating klanjir karo ewuhe dhewe-dhewe. Mula sanajan anggone omong-omong Astirin karo wong lanang sing mentas nulungi kuwi ora adoh banget saka panggonan udreg mau, ngadeg omong-omong ing pinggir dalan ngono kuwi ya keplawur karo wong akeh liyane. Ora ana sing padha migatekake mligi. Uga grombolan cah ndugal sing ngganggu mau, sanajan isih katon nanging ya wis ora mlawur rnaneh.

Ruwete wong lan tetumpakan pating sliri saya ndadekake pikiranne Astirin judheg. Dheweke kudu kepriye saiki? Manut wong lanang apikan kuwi kudu balik menyang terminal Bungurasih. Nanging priye? Bis-e sing endi, priye carane ngendheg, lan mengko mbayare kepriye, mudhune yen wis ana tengerane apa? Judheg! “Priye, Dhik?” Ujare priya mau bareng weruh Astirin meneng wae, ora mingket.

“Bise sing endi?”

“Lo, ya sing mbalik mrana. Anu, ning nyegate aja ana nggone mau, marga dalane sak jurusan. Kana, ing sabrang dalan, rada ngiwa kae. Kae, sing ana gambare bis, biru-biru pesagi kae! Mranaa, nyabrang dalan rame iki. Ngati-ati wae! Mengko yen ana bis kota, endhegen!”

Wadhuh! Isih durung mudheng. Bingung. Ramene ora jamak, jaare! Astirin nggrayangi bathuke. Kringeten gobyos.

“Lo, kepriye, ta? Ora wani mrana? Wah, repot. La mau kok ora njaluk ter kangmase, apa pamane, ngono!” si klambi resik melu prihatin. “Weah, priye, ya. Priye yen dakterake dhisik, ya? Dakterke menyang Pasarkembang. Nanging aku arep …. priye, ya. Wis, Cak! Aku gak sida menyang Blauran. Nyoh, iki ongkose becak. Aku arep ngeterke Dhik iki dhisik. Sakake, cah wadon ijen keplantrang neng Surabaya! Wah, wah, waaah! Bapak mau kepriye, ta, Dhik, kok tegane ngeculake kowe ijen! Wong tuwa jan ora tanggung jawab blas!”

Priya mau mbayar becak sing mau ditumpaki lan isih ngenteni nalika dheweke tetulung Astirin lan banjur omong-omong. Sawise nampa dhuwit ongkos becak, becak mau banjur lunga.

Astirin ngrasa seneng, priya mau gelem nutugake tetulung. Dheweke rumangsa oleh pangayoman maneh, nutugake anggone mbalela. Dheweke muji syukur marang Gusti Allah, dene ing nalika udreg judheg kaya mengkono isih kaparingan pitulungan, sarana dikancani wong lanang kang apik atine Kanthi asipat ngayomi, priya klambi resik mau ngajak Astirin mlaku nyabrang dalan sing kendharaan ramene banget ora pedhot-pedhot. Mung kanthi penuntune priya mau Astirin wani lan bisa klakon nyabrang. Bubar nasak pasuketan ing tengah dalan, balik maneh wong loro kuwi kudu gandheng-gandhengan tangan nyabrang dalan, saiki iline kendharaan saka kiwa. Kaya kang disebutake priya mau, Astirin kudu balik numpak bis kota maneh menyang Bungurasih. Nyegate bis ing cedhak tandha gambar bis sing ulese biru lan ireng. Yen ora dibarengi wong sing kulina nyegat bis kota, mangsa Astirin ngreti carane kuwi! Slamet, oleh pitulungan priya kang becik atine, gelem ngurbanake wektu lan tenagane sarana wurung anggone numpak becak. Slamet!

“Kowe mau saka ngendi, Dhik?”

“Ngunut. Ngunut Tulungagung.”

“La lunga mrene ijen ki arep menyang nggone sapa? Mbakyu, utawa kangmas?”

“Kangmas, ing Wonorejo IV.”

“Jenenge sapa, kangmas? 0, iya, jenengmu sapa, aku ya durung tepung!”

“Aku Astirin. Kangmas sing ana Wonorejo jenenge Samsihi, pegawe kantor pajeg. Mondhoke neng daleme Pak Dirjan, pegawe Rumah Sakit Islam.” Dijelasake kabeh, supaya sing nulungi kuwi iya bisa mbayangake kahanane keluwarga ing Wonorejo sing dituju.

Priya kuwi manggut-manggut. “Anu, jenengku Yohan Nur. Omahku neng Perak kana. Bapakku Angkatan Laut. Sedulurku papat, lima aku. Kabeh wis padha dadi sarjana. Kari aku sing isih kuliah neng Hangtuah. Iki mau sakjane aku arep golek buku Ilmu Sosial neng Blauran kana. Kana nggone bursa buku. Tapi kuis-e isih suk Sabtu. isih ana wektu nggo golek buku lan sinau. Dakperlokna ngeterna kowe dhisik. Sakake, arek wedok ijen mider ing rat neng kutha rame. Pendheke saiki aja kuwatir! Mengko dakterke nganti ketemu kangmas. Sapa mau jenenge, Kamsidi?”

“Samsihi! Maturnuwun banget, ya. Pangeran sing males!”

Bis kota sing dicegat liwat. Mandheg. Yohan Nur ngajak Astirin numpak. Astirin ya manut wae. La witekna priye, wong bingung, ora ngreti lor-kidul, ora ngreti pucuk lan bongkote kutha! Ewa samana isih ngrasa gela, kok banjur numpak bis maneh wong anggone nliti priksa nggoleki Kampung Wonorejo ing kono durung tlesih. Numpak bis kota maneh ateges dheweke oncat saka lemah sekitare kono, lunga tanpa pengarah lan cekelan. Ya mung manut lan gumantung marang priya njlonet sing lagi wae dikenal, mentas wae aweh pitulungan marang dheweke! Ah, yen Astirin nulak ora gelem numpak bis kok rasane ora sreg.

Saiki wis numpak bis. Saiki wis kabur kanginan, kelangan cekelan kang bakoh. Kelangan dhenah Pasarkembang sing wis diapilake ndhrindhil sajrone telung dina iki. Marga pranyata tekane ngenggon dhenah kuwi beda karo satenane. Ah, Samsihi wingi kuwi kok ora kandha yen ing Surabaya ana kampung jeneng Pasarkembang lan Pacarkembang. Terus, dhenah sing diapalake dening Astirin kuwi kampung sing endi? Pasarkembang apa Pacarkembang! Yen ora kliru krungune Pasarkembang. Nanging, kondhektur bis kota mau dijaluki Astirin kon ngudhunake Pasarkembang kok ya ora mbantah apa-apa! Terus diudhunake ngono wae. Kok ora dibenerake yen ucapane sing bener Pacarkembang, dudu Pasarkembang! Ah, bingung! Bingung!

Si Yohan Nur pranyata kanca kang apik. Grapyak, omonge akeh, nganti Astirin saya ilang bingunge, alon-alon kelindhih kapercayane marang kanca anyar mau. Sugih crita. Bab awake, bab pengalamane. Blater. Yen ora wong apik mangsa gelema crita ngecuprus kaya mengkono ing bis kota kang mesine nggereng seru kuwi. Saking kudu anggone migatekake critane Yohan Nur, Astirin nganti ora kober nyeritakake kahanan sakiwa-tengene, ora bisa weruh dalan sing diambah bis kota, ora bisa nengeri kahanane kutha. Astirin malah ora kober nggagas kepriye bakal nasibe ing sajrone nggoleki kampunge Samsihi. Sakjane ora aman, ndrawasi, kahanane awake ora sentosa, gampang diplicuk, diapusi, diblasukake. Wong ora ngreti lor-kidule kutha! Nanging ora kober mikir ngono. Marga kudu nggatekake omonge kancane nenumpak bis, malah akeh sing kudu diwangsuli barang. Yen Astirin ora nggatekake, bisa banget wangsulane slenca adoh, ngetarani yen awake kemrampog!

“Wonorejo kuwi ora adoh karo Bangunrejo, kok. Aku duwe paman neng bangunrejo. Mengko upama nggoleki omahe ing Wonorejo ora ketemu, kene menyang nggone pamanku wae. Omahe cukup gedhe. Gek paman mung karo bojone, ora duwe anak. Bojone paman iki wong kampung kana, mbukak mracangan ngono ing omah liya sacedhake. Dadi omahe paman mung dienggoni kala-kala. Yen nganti ora ketemu karo Kammsidi, kangmasmu, mengko nginep neng omahe paman wae ya bisa, kok.” Antara liya kojahe Yohan Nur.

“Sedulurmu papat sing wis padha mentas kuwi ya manggon ing Surabaya kabeh?”

“Wo, ora! Kabeh malah wis merat menyang patang privinsi. Mung kari aku dhewe sing tetep ngendon ing Surabaya Jawa Wetan. Nanging wong aku ragil, durung rampung kuliah, dadi ya ora papa isih ndherek wong tuwa. Malah ibu tansah ngendika, Zak, dakdongakake kowe mbesuk bisa oleh penggaweyan ana Surabaya wae. Cedhak bapak-ibu, nunggoni omahe bapak sing gedhe ing Lurung Perak Barat kana.”

“Kok Zak? Sapa kuwi?” pitakone Astirin nugel crita.

“0, iya. Kulina, ibu yen nimbali aku Zak,” gragapan Yohan nerangake.

Kondhektur nagih ongkos. Dibayari Yohan Nur, metu saka sak clanane.

“Kowe sedulurmu pira?”

Astirin gedheg. “Aku ijen.”

“Lo, Kamsidi kuwi?”

“Samsihi. Mitra becik, pegawe pajeg. Dheweke gelem dakjujugi ing Surabaya kene. Dhek wingi sakjane aku arep dipethuk, nanging aku emoh. Aku rak bisa teka dhewe. Aku sing kudu teka dhewe, wong aku sing butuh.”

“Bakale neng Surabaya suwe?”

“Bisa uga suwe. Wong aku ora duwe rencana balik menyang Ngunut.”

“0, neruske sekolah neng kene, ta?”

“Ora. Aku kepengin nyambut gawe, kepengin urip dhewe. Mandhiri.”

“Emm! Eman, lo, isih enom kok ora neruske sekolah.”

“La witekna, arep neruske sekolah sapa sing mbayari? Mbokdheku wis ora gelem maneh cucul dhuwit kanggo mbayari SPP-ku.”

Ing batin, sakjane dudu kuwi alasane Astirin mbalela, minggat saka omahe Mbokdhe Nik sing wis dienggoni kumpul nganti sangang taunan. Nanging marga dilamar Datuk Maringgih. Dilamar Buamin. Upama ora ana gara-gara ngono, Astirin wis arep nrima urip cumpen ngono terus wae nganti luilus SMA ora papa. Mengko yen wis lulus SMA Astirin arep ngetog kadibyane golek urip kang omber, kang mubra-mubru, kang nggedhabyah. Astirin kepengin kesuwur, sugih, lan mapan. Astirin wiwit biyen ngrasa awake kuwi dudu prawan ndesa biyasa, nanging luwar biyasa. Sing bakal diendelake dudu ijazah SMA, nanging tali swara tenggorokane kang sakwalitas karo Anggun C. Sasmi. Ora sombong, marga kewatone kuwat, yakuwi Astirin oleh warisan tali swara saka emake, Waranggana Astirum kang kondhang sak Tulungagung.

“Eh, apa?!” Astirin kaget, njenggirat.

“Oh, sori. Nglamun, ya? Anu, aku mau durung sarapan. Saiki wis jam siji luwih, wayahe mangan awan. Aku luwe. Ayo, kene mangan dhisik yo, sadurunge nutugake laku nggoleki kangmasmu menyang Wonorejo.”

Mangan? 0, iya, wis awan. Astirin ya banjur krasa luwe. Sakjane cocog yen diajak mangan. Nanging priye, wong lagi numpak bis kota ngene? Ing ngendi warunge? Terus, terus sapa sing mbayari? Yen karo Samsihi wingenane kae Astirin mantep. Sing mbayari genah Samsihi. Apa wong lanang kenalan anyar iki ya sukak nraktir mangan kaya Samsihi? Muga-muga wae ngono. Marga dhuwit sangune kalonge wis cukup akeh dienggo tuku karcis bis saka Tulungagung mau. Astirin kudu rada cethil, perlu ngati-ati bab ngetokake dhuwit sing cumpen, marga nyatane nganti tengah dina wae Kampung Wonorejo durung ketemu! La yen ketemune diolor nganti sesuk utawa suk emben, dhuwite rak saya cupet! Astirin perlu kuwatir wiwit saiki!

“Aku ya luwe. La terus, kene mengko bise sing ditumpaki apa ora nyimpang?”

“Ala, wong ana aku we lo. Aja kuwatir. Aku apal tenan karo Kutha Surabaya iki, wong wiwit lair manggon kene. Ayo, saiki mudhun kene wae. Kene mangan neng terminal Jayabaya.” Ajakane Yohan Nur sajak ora kena ditampik.

Lan arep nampik priye, wong Astirin wis jan ora ngreti dununge awake babar pisan. Dari ya kudu pasrah srah marang wong lanang kenalan anyar kuwi. Ora dadi apa, wong katone cah lanang kuwi apik-apik wae. Sandhangane resik, necis. Sepatune lulang ireng nganggo kaos, kaya patrape pegawe negeri. Omonge grapyak, basane alus, mriyayeni. Iya wae, wong anake wong Angkatan Laut. Omahe gedhe, ngarani emake ya ibu, sedulure wis dadi sarjana kabeh, gek dheweke bocah ragil, isih kuliah. Dadi ya kepama. Sajake disayangi karo ibune.

Astirin semrinthil melu mudhun saka bis kota. Yen ora kliru rungu, kondhektur bis mau mbengoke jenenge panggonan, “Kebon binatang!” Astirin manut wae tangane dituntun gati dening Yohan Nur nyabrang dalan nalika bis kota durung arep mlaku. Lampu abang, mula tetumpakan bareng padha mandheg. Tekan sabrang dalan, Astirin merlokake nyawang kahanan. Jembar bawera. Sing gage ndudut kawigaten anane tugu antik sisih ngarep kana, kang nggambarake iwak lan baya. Iwak sura karo baya? Kena kanggo titenan ing ngendi Astirin saiki.

“Kae Kebon Binatang,” sing nuntun ambeg sengsem dheweke nerangkake.

Astirin seneng atine. Ing tangan tengen nggondheli jejaka bagus, sing nggegem tangane kuwi karo diremeti. Tangan kiwa nggondheli tas koper cangklong sing isine saline. Mlaku ing Kutha Surabaya ngenggar-enggar manah karo pemudha bagus. Wah, kaya wong nglencer wae! Weruh Surabaya, dikancani lancur sing dandanane mlithit. Mbedhedheg atine Astirin.

Lakune ora tumuju mlebu Kebon Binatang. Mlaku gandheng renteng-renteng pepet-pepetan liwat trotoar ciut kang rame karo wong liwat. Dina Minggu, wong tilik kebon kewan ya pancen uyel-uyelan. Bis-bis piknik padha diparkir ing sisih kana. Astirin ora nulak nalika mlaku pepetan kuwi tangane jaka tepungan anyar kuwi ngrangkul bangkekane. Malah seneng. Rumangsa ana lanang sing gelem ngayomi ati!

“Suk yen kowe wis ketemu karo kangmasmu aku aja koktulak yen dolan menyang nggonmu, ya? Aku seneng bisa mlaku rerangkulan kaya mengkene karo kowe. Suk yen wis tepung karo kangmasmu, kene dolan maneh kaya ngene, ya!” omonge Yohan Nur karo luwih ngrapetake badane marang Astirin.

Strum birahi disinggol kulit lanang ngontag awake, semburat rasa aneh ngrambati otot-otot lembut ing kulite sakojur badan. Kemringsing rasane. Lagi sepisan kuwi Astirin ngrasakake suka kang winadi. Dhek dicekel, digegem, dipepet dening Buamin, sing mudal mung rasa benci, perih, lara, njarem. Kudu mutah! Apa lungane saka Ngunut kuwi saperlu luru kasengseman dolanan karo priya kaya ngono kuwi? Ah, ah, ora! Kuwi mung sapandurat! Kuwi mung saiki iki, nalika ati bingung lan suwung, kok ana bocah lanang sing asok pitulungan, pangayoman lan kasenengan kang kaya mengkono. Ben, Astirin ngguyu sumringah, nglalekake ati kang nratap marga kapiantrange awak ing kutha Surabaya kang ruwet iki! Luwih becik ngguyu ketimbang nangis, sanajan tetep eling wektu kuwi satemene durung wayahe ngguyu. Dijarake wae kanthi rasa anja, kemleyang ing awang-awang suka, nalika Astirin mlangkah urut trotoar tengen dalan karo lendhetan awak lanang kang ngemu setrum birahi pating krengseng. Dijarake wae, ora ana niyat methal lan nginggati.

“Kene mangan dhisik ing warung kono, ya?” bisike Yohan Nur. Bisik-bisik wae wis krungu, saking cedhake lambe lanang kuwi ing kupinge.

Astirin manthuk mantep karo ngguyu sumringah, upama lambe kuwi nyusuk pipine ngono Astirin ya panggah ngguyu kesenengen. Kari nyangkring ing ati.

Wong loro kasengsem ati kuwi mlebu ing warung. Warung lumrah kaya sing akeh diweruhi Astirin ing Ngunut utawa Tulungagung. Dudu restoran kaya Bajang II sing nganggo AC lan disetelake musik jemengglung. Astirin ora patia nratab. Mara-mara atine Astirin mbandhingake antarane Yohan Nur karo Samsihi. Lo, mengko gek Samsihi ngonangi tingkah lakune Astirin wektu kuwi? Bak dikira priye ngono. Diarep-arep teka ing ngomah Wonorejo kok jebul katon ngguyu-ngguyu gegojegan gandhengan karo wong lanang liya! Ora genah ane! 0., Allah, endi ta ya Wonorejo kuwi! Astirin ngresula ing dhadha. Ngguyua ing lambe, ing rai wadhag, satemene dheweke ki nangis ing atine. Saiki wis mlangkah kaya mengkene, apa ya bisa ketemu Kampung Wonorejo? Astirin memuji mring Pangeran muga-muga wong lanang Yohan Nur kuwi wong becik sing kena dipercaya.

“Kowe mangan apa? Aku sega campur wae. Karo es strup.”

“Aku manut kowe. Padha karo kowe.”

Ing rak ndhuwur ana radhio lagi nywarakake lagu dhangdhut. Karo ngenteni diladeni sega pesenane, Yohan Nur drijine obah-obah mbarengi iramane lagu.

“Iki lagu Sakit Gigi. Lagi mumbul. Aku seneng banget. Kowe ya seneng musik?”

“Seneng. Nanging ora kaya ngono kuwi.” Astirin cuwa banget. Dene senengane Yohana Nur lagu ndhangdhut kaya mengkono. Ora cocog karo kesenengane. Yen kepranggul karo Tranggana utawa Evi ngono, mesthi dienyek. Grombolane kanca SMA ing Tulungagung padha ora seneng karo lagu-lagu kaya sing diprungu nalika kuwi.

“Apa ing omahmu kowe ya nyimpen kaset lagu-lagu kaya mengkono?”

“Nyimpen kaset? Ing ngomah? O, aku jarang neng omah, kok. Ora tau nyimpen kaset. Yen arep nikmati musik kaya ngono kuwi ya neng TRS kana. Bisa melu njoget barang. Suk yen kowe wis kenal karo Surabaya, kene dolan mrana, ya.”

“Apa? TRS ki apa, ta?”

“Taman Remaja Surabaya. Ana panggunge terbuka. Nggonmu mesthi ora ana, taman kena kanggo jogetan kaya ngono.”

Astirin ora meri ing Ngunut ora ana taman kena kanggo jogetan kaya ngono. Anaa Astirin toh ora dhemen. Ora dhemen musike, ora dhemen tingkahe nom-noman kang mengkono. Astirin tau nonton wong duwe gawe ing kampung cedhake sing nganakake Orkes Dewa-dewi saka Blitar. Lagune ndhangdhutan terus, bantere ora jamak. Sing nonton oleh padha jejogetan. Astirin malah isin. Nonton lan ngrungoke wae isin. Marga beda banget karo sing kerep digelar ing acara Anekaria TVRI. Ing kampung kae jogete useg-usegan. Dene yen sing menyanyi Ice Trisnawati, lenggut-lenggute isih lumayan. Sanajan ora sigrak kaya Ita Purnamasari apa Atiek CB. Pokoke Astirin saiki wegah nonton Anekaria Safari ya merga musike mung kebak ndhangdhutan!

Satengahe mangan, nyut, atine Astirin kelingan yen lakune minggat saka Ngunut iki wis slenca saka langkah kang wis direncana kanthi mateng. Wis kelangan arah. Wis ora bisa dibaleni maneh.Kepriye iki mengko? Wektune selak keburu sore. Terus kepriye anggone bisa nemokake Kampung Wonorejo? Atine nggragap. Kepengin enggal menyat lan budhal nggoleki. Nanging menyang endi penere? Karo sapa? Ah, upama ora dikancani Yohan Nur ngono Astirin mesthi takon karo wong ing warung kono. Kepriye supaya bisa tekan

Kampung Wonorejo, utawa kepriye supaya bisa balik menyang terminal Bungurasih. Mengko yen saka Bungurasih, Astirin bisa ngurut maneh numpak bis sing mudhun…Pacarkembang. Pacarkembang apa pasarkembang, embuh, pokoke sing cedhak karo Kampung Wonorejo IV. Mengko kondhektur bis kota mesthi ngreti sing dimaksud. Bis kota lin E. Nanging saiki Astirin ora mardika nyetir awake dhewe. Ana Yohan Nur. Arep polah priye ya kudu takon marang wong lanang sing wis ngrewangi dheweke uwal saka panjamahe wong-wong ndugal mau. Wis, ora papa. Wong Yohan Nur ya nyanggupi arep ngancani nggoleki Kampung Wonorejo lan Samsihi nganti ketemu.

“Wis, ya?”

Astirin manthuk. Kepengin endang budhal nggoleki. Apa dheweke kudu mbayar? Astirin banjur ethok-ethok nggagapi dhompete. Dhompet murahan sing biyasane digawa sekolah. Biyasane mung isi limang atus rupiah, kanggo numpak colt.

“Wis, wis, wis. Aku sing mbayar. Dhuwitmu emi-eminen, wong kowe aneng paran. Yen aku isih bisa mbayari mesthi aku sing mbayari. Aku mesakake kowe, kok. Cah wadon ijen, kok keplantrang neng tengahe Kutha Surabaya! Ora kebeneran bisa ditubruk kuwuk tenan!”

“Ah, aja ngomong ngono, ah! Atiku miris! Saiki men¬yang endi?”

“Anu. Menyang Pasarkembang, ta? Kene numpak bemo wae Lin V. Menyang Kapaskrampung. Yen ora salah Pasarkembang kuwi ora adoh saka Kapaskrampung.”

“Lo, kowe ya durung weruh Pasarkembang, ta?”

“Ya ngreti penere, nanging durung tau ngambah kana. Wong sisih wetan kana-e! La omahku, sabaku dhaerah Perak, sisih elor kutha.”

“Apaa ora luwih becik takon wong sing ngreti?”

“Ya daktakon. Sik, entenana kene.” Muni ngono Yohan Nur karo nekani wong lanang sing nunggu warung. Ngungkurake Astirin, dadi apa sing ditakokake ora keprungu dening Astirin.

Wangsulane wong lanang mau jelas. Lin V, kon numpak bemo lin V. Karo nuding bemo sing ulese soklat sing mangkal ing terminal sabrang dalan.

“Lin V, bemo soklat,” aloke Yohan Nur karo ngajak Astirin nyabrang dalan. Ora mung ngajak, nganggo nggandheng sajak ngayomi tenan kae.

Ing terminal akeh banget tetumpakan bemo, ulese beda-beda. Para maklar padha pating brengok nawakake panggonan kang bakal diliwati bemone. Astirin ora ngreti babar pisan jenenge kampung sing diucapake dening para maklar. Cepet, lan ndhrindhil. Astirin nyoba nangkep sebutan pasarkembang utawa Pacarkembang, nanging ora bisa, kalah kulina.

“Teng Pasarkembang pundi, pak?” Astirin nekad takon.

“Pasarkembang … kana dhik!” pakone sing ditakoni. Banjur nyebut line bemo. Nanging ora keprungu dening Astirin. Kaselak digeret Yohan Nur.

“La kae apa, lin V. Liwat Kapaskrarnpung, kok!”

“Nggih, Kapaskrampung mriki, kurang dua!”

Tanpa takon-takon maneh Yohan Nur ngglendheng Astirin mlebu bemo sing wis kebak penumpang.

Bemo budhal. Astirin manggone ing njero, ora bisa weruh apa-apa. nanging ya wis nurut wae. Ing tengah ndalan Yohan Nur crita-crita karo nuding-nuding dalanan kutha. “Kuwi rumah sakit Darmo. Kuwi Urip Somoharjo, sing kampunge dadi sengketa. La kuwi Surabaya Tower, gedhung BRI sing anyar. Awake dhewe iki lagi liwat tengahe kutha Surabaya. Mara delengen!”

Astirin ngrasa yen dheweke kuwi wong ndesa nglencer menyang kutha. Wisatawan domestik. La Yohan Nur sing dadi pemandhu wisata. Saiba senenge yen pancen ing acara nglencer utawa mlancong kang mengkono. Ndilajah tengahe kutha Surabaya! Ana Tunjungan Plaza, ana Balai Pemuda. Terus Balai Kotra. Ramene uwong, tetumpakan, lan rupane gedhong kang gedhe-gedhe njenggereng asil kaduganing kemajuan jaman, pancen ngedap-edapake rumrape Astirin. Cingak tan eram. Kuwi wis salumrahe. Nanging nalika samana Astirin ora ing wayah acara mlancong. Weruha gedhong gedhe-gedhe kang pating njenggeleg, atine ya sumpeg, sesawangan kaya mengkono ya ora dadi pangeram-erame ati. Malah kepara sedhih. Marga ngrasa yen dheweke kesingsal kleyang kabur kanginan ora ana ing alas gung liwang-liwung! Yen kewan galak wae malah sok wedi karo menungsa kabur kanginan kaya Astirin wektu iki. La bareng manungsa kutha, sing padha manggon ing gedhong sungsun-sungsun kuwi, yen wis duwe karep ngincim manungsa liyane, ora baen-baen anggone arep ngerah utawa mbekuk. Wong kesingsal kijenan kaya Astirin kuwi gampang dadi calon korban kang empuk minyis-minyis! Gandra sepiraa anggone arep nglawan wong kutha, bocah wadon isih enom kaya Astirin ngono! Hiiih, Astirin mengkirig!

“La iki, iki THR. Gedhonge apik dhewe ing Asia Wetan Kidul! Cedhake kae, Taman Remaja Surabaya, panggonan pentas bebas joget ndhangdhut sing dak critakake mau! Kapan-kapan yen kowe wis apal karo kutha Surabaya dakjak mrono. Akeh panglipur wuyunge, kok,” umbyek critane Yohan Nur. Kawit mau pancen ora mandheg-mandheg anggone ngomong. Niyate apik. Kepengin nglelipur atine Astirin.

Astirin mung mesem, karo ambegan dawa. Akeh omongane Yohan Nur ora klebu ing atine. Wis jam loro kliwat Mesthine Pakdhe Mar lan Mbokdhe Nik wis geger nggoleki Astirin. Wis mau, nanging saiki sangsaya geger, merga genah Astirin ngilang, minggat, ora bisa ketemu. Mesthine ya wis nyambat Buamin barang. Lan bisa uga ora mung para tangga, nanging uga polisi dilapuri. Wah, wong sa-Ngunut dadi geger. Bisa uga wis mrambat tekan Tulungagung, merga Pakdhe mar rnesthi ngurus menyang sekolahane, menyang kanca-kancane sekolah, apa ing dina Minggu kuwi ing sekolahan nganakake kegiatan. Lan kanca-kancane saiki ya wis padha ngreti yen Astirin ilang, Astirin lunga saka omahe. Priye ya, celathune para kancane? Edna, sing biyasane ngenyekan. Terus Ratri sing pinter nanging ora sombong. Tranggana mesthine wis mbethek yen Astirin mesthi menyang Surabaya, golek produser rekaman nyanyi! Marga Tranggana sing nyetitekake tenan, yen Astirin kuwi nduwe bakat nyanyi kang apik. Lan ngreti yen Astirin duwe cita-cita arep adol suwarane kanggo nguripi umure.

Hmm! Embuh pikirane sing padha ditinggal kana! Mesthine mbethek sing ora-ora, sing sarwa Astirin kepenak. Ora ngretia saiki ing tengah-tengahe alas gedhong gedhe Surabaya, Astirin ketir-ketir sajak arep nyimpang ilining jujugane sedya. Wonorejo IV sing diangkah, Samsihi sing bakal diparani, isih durung ketemu. Kamangka wis saya kagubel ing dalan-dalan Surabaya sing pating slereh, ruwet banget. Astirin wis kelangan cekelan, wis kelangan pancadan kanggo nggoleki panggonan sing dituju, sing diancas wit-sakawit! Astirin gugup!

Terus, kepriye maneh graitane Samsihi. Jare Astirin dina Minggu kuwi bakal teka. Ora mung maradhayoh, nanging arep nginep. Malah terus pindhah menyang Surabaya. Samsihi anggone ngarep-arep ora mung marga Astirin bocah ndesa, luwih saka kuwi uga ana mbedhedhege ati arep pamer yen sing teka kuwi prawan ayu, cah wadon sing wis wiwit biyen disiri. Lan tekane menyang Surabaya, njujug omahe, kena dijibake ana nyrempet-nyrempete prawan Astirin bakal dialap dadi bojone. Sanajan Astirin wis kanthi terang-terangan isih nyemayani keputusan jejodhoan kuwi aja dileksanani saiki, nanging luwih becik karo ngenteni genepe umur diwasa, urip srawung cedhak kuwi mung dianggo sarana njajagi ati kekarone. Dene keputusane mbesuk, yen wis ana sambunge lan ngrembakane lelakon. Genah tlesih lan jelas, lan cukup diwasa, apa tingkah laku lan watak sing padha diugemi kuwi mathuk yen dijodhokake, yen disingseti mawa tali nikahan.

Bisa uga Samsihi saiki ngenteni nyenglung. Atine ora jenak. Nganti kliwat dina kok si dewi durung teka! Apa budhale kawanan? Yen ngono disabar dhisik. Ah, apa mblenjani janji? Ora sida teka? “Oo. jamput tenan yen kaya ngono!”

0, Allah, Samsihi! Astirin wis budhal isuk-isuk mau saka Ngunut. Saiki wis tekan Surabaya. Mau wis mudhun ing Pasarkembang kaya pituduhmu. Nanging saiki wis kemleyang kabur kanginan ing panase kutha Surabaya sing umyeg ruwet pating sliri pating sliwar tansah obah iki! “0, Mas Samsihi! Aku iki kepriye…! Aku ora weruh dalan menyang panggonanmu!” sesambate Astirin ing batin. Karo ngembusake napas angglong. Semangate saya nglokro.

“La iki Kapaskrampung. Kene mudhun. Pasarkembang ora adoh saka kene. Kosik, mengko daktakokne bakul rokok ngarep pasar kuwi!” ujare Yohan Nur.

Mudhun njlig, mbayar ongkos bemo, Yohan Nur terus takon-takon menyang wong sing padha ngadeg ing ngarep pasar Tarnbahrejo. Pasar gedhe, lan rame. Senajan wis ndungkap sore ing dina Minggu.

“Carkembang? Mang numpak bemo kuning Lin 0 niku terus unit kali. Mengke mang kandha sopire mawon, mandhap Carkembang, beres!” Wangsulane sing ditakoni. Jelas ora nggatekake kanthi tlesih Pasarkembang apa Pasarkembang sing ditakoke kuwi. Pokoke sing cedhak karo panggonan kono ya ‘Carkembang’.

“Nah, iya, ta. Kari cedhak wae. Numpak bemo cet kuning jare wong mau!” Ujare Yohan Nur. Suwarane mantep, kebak pengarep-arep. Semangate isih cakrak.

Astirin wis ora duwe prakarsa maneh, rumangsa beja dene Yohan Nur, kancane mlaku, isih duwe semangat nggoleki Kampung Wonorejo. Semangat kang adreng. Dadi ya sakmanut wae nalika diajak numpak bemo, jenis angkutan kota cilik, sing cete kuning.

“Jarene wong mau, bemo iki mengko mlaku unit kali. Terus kene dikon ngudhunake Kampung Pasarkembang”, keterangane Yohan Nur nalika wis lungguh dhesegan karo penumpang liyane. Omonge digawe banter, supaya para penumpang liya uga padha krungu. Yen ana sing ngreti mesthi padha gelem tulung ngabani ing ngendi Yohan Nur karo Astirin kuwi kudu mudhun. Karepe ora perlu meling menyang sopir, kaya tuture wong mau.

“Dinane saya awan. Muga-muga wae kene ndang tekan Kampung Pasarkembang. Terus omake Kamsidi, kangmasmu, enggal ketemu. Muga-muga aja nganti kesoren,” Yohan Nur isih ngomong ngethuprus. Karepe supaya bisa nglelipur.

Astirin mung meneng wae. Eseme wis saya larang. Awake lungkrah, sirahe mumet.

“Lo, iki, bemone urut kali! Mbokmenawa kene Kampung Pasarkembang?” Omonge ditujokake marang Astirin. Nanging genah yen ngarep-arep ditulungi dening penumpang liyane.

“0, dereng. Pasarkembang tasih tebih. Sawatawis malih,” wong lanang cedhake kandha.

“Mengke yen pun dugi kula dicritani, nggih.”

“Gang pinten. Yen gang gangsal cedhak mriki. Yen gang kalih, tesih tebih melih,” penumpang liya nyaut.

“Pun pendheke Kampung Pasarkembang, ngoten mawon.”

Sidane mudhun Pasarkembang gang papat. Terus mlaku trutusan takon-takon wong sing padha ana ing saurute lurung. Apa kene Pasarkembang? Ngendi dununge Wonorejo? Wangsulane rena-rena. Ana sing kandha ing dhaerah kono ora ana sing jeneng Wonorejo. Ana sing wangsulan sora, nggelakake, “Wo, kliru sampeyan nggoleki Wonorejo teng mriki. Wonorejo niku teng Kedungdoro mrika! Celake Kampung Malang!”

Anggone mlaku cukup adoh, nrutus terus pinggir kali. Wasana tekan Pacarkeling. Serngenge wis dhoyong mangulon. Yohan Nur wiwit katon sayah. Omonge wis ora semangat maneh.

“Hm, ora ketemu ki. Priye, ya. Aku ya kesel, e. Kowe nggoleki dhewe ya mesthi ora bisa, ya? Priye yen saiki mampir menyang nggone pamanku. Kene ngaso dhisik ing kana. Mengko yen bar adus-adus barang, kita takoke pamanku ngendi dununge Wonorejo, terus digoleki maneh. Priye yen ngono?” Kepriye yen ngono, Astirin wis ora kuwawa mangsuli. Ora mung marga kesel, nanging iya bingung. Arep uwal saka Yohan Nur, wong Yohan Nur wis sambat kesel, ya kepriye. Apa wani Astirin nggoleki dhewe? Ing kutha kemruwet kaya ngono kuwi? Gek dheweke ora ngreti sing diambah kuwi laladan ngendi ing kutha, lan sapira adohe karo panggonan kang diangkah. Gek carane mrana priye? La tinimbang kijenan kaya mengkono, dikancani Yohan Nur rak luwih anget. Yohan Nur ngijeni wong kang kena diajak rembugan, sing ditepungi. Yen ditegakake utawa dililani Yohan Nur pisah karo dheweke, Astirin bakal kijenan tenan ing ‘Kota Buaya’ iki. Miris-mirisi ati! Ora, luwih becik manut kandhane Yohan Nur wae. Kepriye-priyea wong lanang sepaton ireng kuwi thok ing donya ruwet iki manungsa sing kena diajak rembugan. Lan wong lanang kuwi sedina iki wis melu nglengseng ngancani Astirin nggoleki Samsihi lan kampunge Wonorejo. Bareng saiki sambat kesel, kok arep dipethal ngono wae. Ing nalikane Astirin ya isih butuh! Rak ya ora ilok!

Marga pikiran mengkono, Astirin banjur nyandhak lengene Yohan Nur. Digegem kenceng, kaya-kaya aja nganti pisah karo dheweke. Yohan Nur kudu maklum, yen Asiirin wis ora wani mlaku ijen ing kutha rame kuwi. Ora wani marga awake wis kesel, semangate nglokro, ora sumurup sing diambah kuwi kutha sisih ngendi, lan wayahe serngenge wis manglung ngulon, sedhela maneh peteng.

Tujune Yohan Nur isih tetep apikan. Sanajan awake wis kesel, anggone nulungi Astirin ora kasil, muspra, nanging dheweke isih duwe rasa mesakake marang Astirin. Ora tega ninggal Astirin mlaku ijen, lan dheweke selak ndang pisah lan ngaso. Lan arep ngurusi awake dhewe. Ora. Yohan Nur isih gelem mesem nyawang Astirin, sanajan esem kecut. Dicekel lengene ngono, dheweke iya enggal ngepuk-epuk, nggawe gedhene atine Astirin.

“Yen ngono awake dhewe kudu numpak bemo lin C, sing semu abang kuwi. Ayo, mupung kae kothong!” pakone Yohan Nur rada ngetog karosan.

Pancen, tenaga sing mung kari sethithik kuwi dietog maneh. Numpak angkutan kota maneh. Nylempit ndhelik ing njeron bemo, ora weruh apa-apa maneh. Astirin wis jan gogloh tenan!

Tujune Yohan Nur isih meksa apikan, ing njeron bemo isi gelem ngrangkulake tangane mlingker geger bangkekan, tangan liyane nyekeli drijine Astirin, diremet-remet. Dilelipur, diayomi, diwenehi kekuwatan.

“Kowe ora susah kuwatir. Sanajan kewengen ing Surabaya ora papa, kowe tetep slamet. Lan sesuk isih ana dina, kene mengko isih bisa nggoleki maneh. Salah kita awan iki, saking tanpa siasat. Mengko, muga-muga yen kene wis leren, pikiran luwih padhang, rak endang ketemu. Kangmasmu Kamsidi kuwi ya kebangeten, menehi alamat wae kok ya ora cetha!”

Rumangsane Astirin, numpak bemo sing kari iki kok suwiii banget. Embuh marga pancen dalane adoh, embuh marga prasaane kegiles kesele awak. Astirin wis saya ora ngreti maneh, parane bemo kuwi menyang endi. Sumpeg nalare. Rumangsa begja wong lanang sing aweh pitulungan sedina mau isi ora kemba. Tetep nyekeli Astirin kanthi sedya nglelipur. Nalika Astirin arep ngebrukake sirah sing sangsaya mumet, Yohan Nur mapanake pangkone. Bocah wadon mbalela saka Ngunut kuwi ambyuk ing pangkone wong lanang sing lagi dikenal awan mau. Dudu Samsihi sing wis dikenal, sing diarah, sing wis direrancang. Dudu!

Astirin krasa yen Yohan Nur ngrapetake anggone ngrangkul awake prawan ndesa mau. Rumangsa disayangi, dimesakake. Wisike keprungu jelas marga meh mepet ing kupinge, “Kuwatna, ya. Kene mengko isih kudu numpak becak barang.”

Astirin mung manthuk-manthuk ing pangkone Yohan Nur. Kaya kang dijanjekake Yohan Nur, sawise mudhun saka bemo, wong loro mau isih kudu numpak becak maneh. Sanajan mumete sirahe sangsaya nemen, Astirin isih bisa nengeri yen mandhege bemo kuwi ing lurung kang amba, dalan pinggirane nganggo disingget minangka dalan becak. Ing ngarep mejid gedhe. Nalika samana lagek sepi, adan asyar wis kliwat adoh, adan magrip durung wayahe.

“Iki ngendi?”

“Jalan Demak.”

“Isih adoh?”

“Ora. Numpak becak ngliwati kampung iki, wis tekan.”

Nalika Yohan Nur ngundang becak, Astirin kober maca plang dalan: Dupak Bangunsari V. Becake ditumpaki mlebu kampung kono. Ngliwati ara-ara, terus ngambah kampung liyane. Mandheg. Kanthi tresna Yohan Nur nglawani lakune Astirin supaya aja nganti tiba. Satemene Astirin isih kuwat mlaku, ora susah dilawani mengkono. Nanging ya banjur ngalem, bareng tangan lanang kuwi nglawani kanthi kasih sayang. Mlebu gang sethithik, anggone nuntun dienggokake plataran omah tembok tutupan.

“Sik. Iki lo omahe paman. Bojone paman mracang sebelah kae. Daknemoni paman dhisik. Kuwat ta, kowe ngadeg sedhela ing kene?”

Astirin manthuk.

Toko mracang sing dimaksud Yohan Nur ora adoh saka panggonane Astirin ngenteni. Watara lima las meteran. Cetha wela-wela, sapa wae sing kedadeyan ing kana. Uga suwarane wong wadon sing nunggu toko, keprungu grapyak nyapa tekane Yohan Nur. Mung lamat-lamat, ora patia cetha. Cengkoke basa aneh.

“Lo, Dulrazak! Kok suwii wak pena gak dolin mrene, Dul? Ayo, mlebu kene. Paman lagik cak-ngocak mbarik Brodin ndhuk pos kamling. Mbarek sapa wak pena, Dul!”

Sateruse Astirin ora ngrewes maneh. Cengkoke liya, basane ya ora dingreteni. Pokoke Yohan Nur disapa kanthi grapyak, ngono wae.

Astirin ora bisa naker pira wektune ngenteni. Mbuh klebu suwe apa sedhela. Nalika Yohan Nur teka, ora tangan kothong, nanging nggedhebyah nggawa gawan kewer-kewer. Andhuk, klambi lan clana, kaos oblong setrikanan rapi, wadhah sabun, sikat gigi karo pastane pisan. Uga nyengkiwing kunci.

“Jangkrik! Paman lunga nyang luwar kota. Mbuh mulih, mbuh ora. Tapi gak papa, wong iki kuncine omah dipasrahake aku. Iki. Awake dhewe bisa ngaso ing omah kono sak pole!”

Astirin wis emoh ngreti prekara kuwi. Pokoke dheweke ndang bisa aso. Sing paling penting turu.

“La sing digawa kuwi apa wae?”

“O, barang-barangku. Aku rak kerep nginep kene. Sandhanganku daktinggal kene. Iki ana andhuk loro. Mengko gawenen siji, aku siji. Kowe rak nggawa salin? Mengko bubar adus ya salina. Aku wis pesen dakkon nggawekake wedang jae. Sak teko bek, mengko kena kanggo sewengi. Karo suguhan panganan. Mengko bengi yen ora disuguh mangan karo paman ya jajan wae, ya. Kene akeh kok wong adol panganan. Ayo, mlebu. Kamare loro, kowe bisa sisih mburi, aku sing ngarep. Jedhinge lan kakuse sisih kana. Hmm, kesele. Wis, kowe menyanga mburi dhisik, rampungna awakmu. Aku dak leren ing kursi kene. Iki andhuk, sabun, lan pasta. Kowe rak nggawa sikat, ta?” Akeh-akeh maneh omonge Yohan Nur. Grapyak, semanak, luwes dadi tuan rumah sing nyugata tamune.

Emane Astirin kesele wis ngepol. Kemriyeg-kemrecel omonge kanca anyar kuwi mung ditampa kanthi senenge ati, ngono wae. Ora dirungokake nganti jlentreh. Pokoke apik karepe. Andhuk, sabun, pasta ditampani tanpa mikir apa-apa. Huh, tujune Astirin lakune dina kuwi kepranggul Yohan Nur, bocah lanang sing gelem tetulung, lan gati marang dheweke. La upama ora, mangsa bisaa sore iki dheweke oleh panggonan leren kaya mengkono. Kamare loro, sanajan ora dipanggoni katon resik. Oman iki ketara nggawene tambal sulam, ora dirancang kanthi apik. Nyatane omah tembok kok tengahe ana cagake. Mesthine wis ngalami diowahi temboke lan dielar diambakake. Jedhinge lumayan resik. Sak ora-orane kahanane omah kuwi luwih apik tinimbang omahe mbokdhene ing Ngunut.

Ngelu-ngelu sithik Astirin ya banjur gebyur adus. Wah, segere! Sabune mentas metu saka bungkusane, ambune amrik wangi. Huh, upamane ora minggat saka ndesa mangsa ngalamana adus seger nganggo sabun wangi kaya saiki! Lungkrah lan kesele marga ngulandara sak awan mau wis banjur ilang kena kegebyur banyu seger.

Rasane enak bareng nganggo sandhangan ganti.

“Wis, Dhik? Seger, Dhik?” pitakone Yohan Nur semanak. Bebas, kendho. Kaya saklumrahe wong srawung rukun lan seneng keluwarga bahagia. Ora ngandhut nesu lan culika, sing ana mung suka seneng gegojegan. Astirin seneng disapa mengkono.

“Wis! Gek kono genten! Adusa sing resik. Wetenge barang disabun!”

“Lo! Rak kepeksa kudu wuda! Kowe barang mau weteng ya koksabun?”

“Ya genah!”

“Lo, yen ngono wuda mau!”

“Ya mesthi wae.”

“Eee, anumu rak ketok yeng ngono. Ngretia rak dakinceng mau!”

“Huss, jabang bayik! Hiih, saru!” Astirin nyekikik, isin semu keri. Keladuk seneng nanging kok saru. Lagi sepisan kuwi dheweke omong rusuh karo jalu kaya mengkono. Ee, kok ya lucu. Lan senenge ora ana sing nyrengeni. Rasane bebas ngono saiki. Ya iki rasane wong madeg dhewe, ora ana sing ngereh, sing srengen, sing nylathu.

Dina kok cepet timen surup. Lagi lungguh ngombe wedang jae karo mangan pisang goreng, njaba wis peteng.

“Wadhuh, priye ya? Kene mengko nggoleki Kampung Wonorejo maneh ora, ya? Keselku durung mari, njaba kok wis peteng.”

Yohan Nur isih mikirake arep nggoleki Wonorejo maneh! Mangka Astirin wis wegah. Pancen ya kesel tenan kok.

“Aku ya isih kesel. Sesuk wae mulai maneh, ya? Nanging rak ora apa-apa ta, iki, aku nginep kene? Pamanmu kok ya durung teka?”

“Embuh, adate paman ya ngono, kok. Nanging ora papa, wong omah iki ya sering disuwungake, kok. Senengku nginep kene ya merga ijen ngene iki. Aku biasane sinau neng kene. Marga ing omahku dhewe kana, cedhak dalan gedhe menyang pelabuhan. Ramene ora jamak. Ora bisa konsentrasi. Neng kene rak tenang.”

“Nuwunsewu, ya. Aku ngganggu kowe. Kowe ora pamit ibumu?”

“O, uwis kok. Aku mau menyang warung mracange paman rak karo telepon ibu nyang omah. Aku wis matur yen nginep neng kene. Biasa. Aku yen pamit mulih bengi utawa ora mulih, pamit nganggo telepon. Saiki telepon umum akeh. Neng kampus ya ana. Ora kangelan bisa hubungan ngomah, marga ngomah ya ana telpune.”

Astirin rumangsa ndesa. Bab hubungan telepon ngono pancen durung patia dingreteni. Lan kuwi mesthine mung dilakoni dening wong-wong sugih, kaya bapake Yohan Nur iki. Ndulu carane nyenyandhang lan omongan bab kuliah lan telepun, lancur iki pancen tingkat srawunge memper-memper Tranggana utawa Evi sing anake pejabat ing Tulungagung. Tranggana kae kajaba seneng tuku kaset anyar, uga bisa nyopir mobil. Ing graita Astirin ya kepengin mbesuk urip ing masyarakat mapan kaya mengkono. Dheweke rumangsa dititahake dadi manungsa sing duwe kepinteran mligi, kepinteran linuwih. Kena apa yen negarane jare saiki mapan ing jayaning pembangunan, lurung-lurung diaspal, kreteg-kreteg diambakake, mobil pating sliri ngliwati dalan sing alus, gedhong ing kutha disusun-susun, kok Astirin sing warga negara ora melu ngrasakake. Negara dibangun rak ya dianggo dheweke barang, ta? Kaya dene musik donya sing mbribeni jagad. Rak ya rugi ta awake dhewe yen ora bisa melu ngrasakake penake? Ah, ing sawijining dina rnengko, Astirin mesthi bakal nglakoni urip mubra-mubru kaya mengkono. Mumpung urip ing jaman negarane makmur!

Yohan Nur, ora kurang akale ngentekake wektu kanthi omong-omongan. Pinter crita. Bab keluwargane sing Angkatan Laut. Kancane kuliah sing seneng ngebut. Sing duwe kumpulan jago kerengan. Kabeh rasane sarwa liya karo rnasyarakat desa sing kulina disrawungi Astirin. Astirin rada sreg anggone ngrungokake katimbang dhek ana ing bis kota mau. Sanajan wiwit mau satemene Yohan Nur olehe crita ngecipris ngenal srawung ing masyarakate. Masyarakat mahasiswa, kutha gedhe, anake wong kecukupan.

Jam wolu Yohan Nur nawani mangan. Dheweke arep pesen wae menyang tangga sebelah kana, mengko ben diterke mrono. Dadi ora ngrepoti sing duwe omah. Manut Yohan Nur, ing gang kuwi sing luwih mlebu akeh warung lan restoran. Yen bengi mesthi rame. Yen mung bab jajan panganan wae orang perlu kuwatir.

Mangane sega rawon. Bubar mangan wareg. Astirin angop-angop wae, ngantuk.

“Ya kana yen ngantuk, turua. Wong nyatane ya sak awan ora leren,” pakone Yohan Nur alus. Ora ana nggrenjel gelane.

Astirin ya banjur nurut. Njaluk ngapura kepeksa ora bisa ngancani melek. Dheweke mapan turu dhisik. Lan ora watara suwe, wis les, ora eling apa-apa.

Embuh pirang jam anggone turu, rasane durung taneg, lakok Astirin krasa digugah uwong. Ora, ora digugah, nanging digrayang dhadhane, dimek-mek, diuyeg-uyeg. Kaget, tangi.

“Dhik! Dhik Tirin! Aku seneng kowe, Dhik!”

Edan! Lampu listrik ing kamar kono pancen ora padhang, nanging cukup jelas yen wong lanang sing sak awan mau tansah ngancani dheweke, saiki ndadak nusul turu ing dhipane! Wis wuda! Astirin njenggirat. Gila! Suthik, emoh ngladeni ngungrume wong lanang kuwi. Emoh! Kok kurangajar timen, ta! Astirin gemregah. Polah. Mencolot metu saka dhipan. Wong lanang mau ngguyu. Durung kober mbrabat mlayu metu saka kamar, wis ditubruk, digelut, digrayangi perangane awak kang wadi durung tau dijamah ing liyan. Ah, tangan nggladhis kang cak-cek ora duwe duga. Oh, sandhangane diwudhari, repot Astirin nylametake awake. Emoh! Emoh! Sanajan wis kethetheran dheweke isih brontak, ngetog tenagane kanggo mbedhak! Heh, isih kalah sentosa. Tangan lanang sing ngekep dheweke kukuh lan nggrayangi awake sakepenake dhewe! Kekuwatane Astirin ora nggandra sepiraa. Kalah kuwat. Kalah papan. Kono kendel, wani lan nggrangsang kurang ajar. Kecipuhan Astirin nangkisi, njiwiti, nyakari tangan tenaga kuwat mungsuhe kang ora baen-baen tumindake. Sak kuwat-kuwate tenagane Astirin mung digawe dolanan wae. Digrayang, diprethes, digujer, dilogroni, diculake sing kiwa, nanging diserang nganggo sing tengen genti. Sing dicandhak samubarang sing nyenengake, saksertenge. Astirin girap-girap, mengkirig, jinja, keri, brontak, gregeten, nelangsa, eman, menggeh-menggeh, ora swala, eman, kebanting, ketindhihan, keplengkang peksa, kalah, kalah, kalah.

“Dhik Tirin! Ora susah nglawan, mundhak lara! Ayo, ta, rasakna, rilakna! Aku seneng marang kowe, kok!” wisike wong lanang kuwi.

Astirin wis rowak-rawek klambine. Ora mung sandhangane, nanging uga awake lan atine. Dheweke ora bisa maneh nglawan nafsu iblis kang ngrudapeksa awake. Astirin ditindhihi, dingekngek, kalah, kalah, lara, jerit-jerit ora kuwawa maneh. Rasane eman. nelangsa, nanging kepriye maneh, tenaga wadone ora bisa apa-apa! Dheweke seseg napase, banjur ora eling apa-apa. Peteng!

Embuh pirang jam dheweke ora eling. Nalika tangi. eling, awake krasa lara, ngajem kabeh. Kelingan kedadeyane, njareme terus tekane ati. Nelangsa. rumangsa urip kasiya-siya. Saiki bisane mung nangis. Nangis ngguguk, nangisi barang darbeke kang wis dhedhel duwel dirudapeksa ing liyan! Getuuun rasane! Getun dene dheweke kok ora manut wong tuwa. Kok duwe pokal reka-reka mbalela, minggat saka papan uripe kang wis ditepungi. Lagek sedina oncat, wis ngalami kacintraka kang kaya mengkono gedhene, barang kang paling aji. Oh, kena apa dheweke kok ndadak duwe pokal minggat barang? Saiki wis kebacut ilang, lelakone ora bisa dibaleni!

“Dhik! Uwis ta, ora sah gela. Wong wadon kabeh bakale ya nglakoni mengkono. Aja nangis. Lara? Yen lagi sepisanan pancen lara. Apa maneh kowe ndadak nglawan. Aja dadi atimu. Mengko tutuge ora lara maneh, kok!”

Ah, edan! Wong lanang kuwi isih ana ing sandhinge. Ora gelem lunga!

Astirin nutugake tangise, nalangsane ati, nganti kesel lan keturon.

Nglilir maneh nalika digugah maneh. Digrayangi maneh. Dirudapeksa maneh. Astirin tetep nglawan. Nanging ora kuwat lan ringas kaya mau, lan ngreti yen muspra. Bisane mung nangis mbengengeng.

Nganti awan, Astirin ora gelem tangi. Cilakane, wong lanang kuwi ya seneng wae ora tangi, ngancani Astirin turu. Lan terus ngganggu, ngajak guyon. Guyone nylekit, ora lali nganggo grayang-grayang barang. Malah sok kebablasen nglakoni sing paling wadi. Astirin wis ora kuwat ngglawat maneh. Dijarake wae apa sakarepe iblis lanang kuwi. Astirin wis rumangsa dadi bathang urip. Pawuhan. Uripe wis ora ana ajine lan pigunane maneh. Ngguwak. Mung kari dadi kotorane ndonya! Atine ancur luluh. Awake remuk kabeh. Ngancam kepengin mati wae.

Nalika sarana sisa kekuwatan uripe dheweke njenggelek, dinane wis awan. Yohan Nur rekane wis dandan mlithit, lan wis nyepakake sarapan awan.

“Ayo, kene, mangan dhisik. Priye, rencanane sida nggoleki kangmasmu ora? Yen sida, ya, ayo dandana!” Suwarane sumringah, kaya-kaya mau bengi ora kedadeyan apa-apa! Bajingan!

Astirin ora nedya nanggapi. Meneng wae. Dheweke menyang jedhing. Rasane awak lara kabeh. Bubar saka njedhing balik menyang kamar maneh. Nggagas-nggagas nasibe awake. Saiki wis ora duwe pepenginan apa-apa. Greget arep nggoleki Samsihi ya ambyar. Cabar. Wegah. La arep apa? Wong awake wis ancur ngene!

“Dhik Priye? Kowe ki niyat nggoleki kangmasmu apa ora?” omonge wong lanang mau songol. Wis beda karo sipate dhek wingi. Ora ngemong maneh, nanging ngakon, mrentah.

Astirin tetep njekethut. Njegadhul. Bah, ora sedhih! Urip kaya ngene iki urip ngene iki urip apa! Iblis kothok-onggrok kuwi sing ngrusak osak-asik jiwa ragane! Isine atine Astirin mung mangkel thok! Getuuun!

“Dhiiik, Cah Ayu! Aja ngono ta. Kowe ora sah nesu karo aku. Wis lumrah, wong lanang wadon ki yen kumpul saomah terus kaya ngono kuwi. Ora sah getun. Toh ora saiki, mbesuk kowe ya ngrasakake! Ayo, ndang dandana. Adhuh, aku ki ora kuwat yen weruh kowe…!” Wis dandan mlithit, ndadak nguculi sandhangane maneh.

Astirin dipeksa mangan. Ya pancen krasa luwe. Sidane sega sapiring ya entek, kolu. Pikirane wis rada tentrem. Nanging semangat urip durung pulih. Nelangsane ati isih ngobong dhadha. Astirin tetep emoh dandan. Ganti sandhangan, merga sing dianggo mau bengi wis rowak-rawek. Ditari dijak metu, Astirin tetap emoh. Nggo apa metu? Tiwas kesel. 0, ora mung wegah metu, wegah urip!

“Ya. wis. Yen kowe ora gelem metu, ya aku dhewe wae. Dakgolekane kangmasmu Kamsidi. Ngendi alamate sing bener. Mengko yen wis daktemokake, kowe dakparani, dakpapag mrene, terus dakterake mrana. Coba. priye alamate sing bener,” pangrimuke Yohan Nur.

Astirin rada gemregah krungu Yohan Nur isih ngotot arep nggoleksi Samsihi. Saktemene wong kuwi isih ana karepe ngapiki prawan desa kuwi. Mau bengi kae saking keladuk. La wong ya kumpul saomah wong loro, lanang wadon! Bengi pisan. Iblis gentayangan ngojok-ojoki wong tipis moral supaya alaku sedheng! Saiki wis padhang, iblise wis lunga.

Astirin ora arep mangsuli. Nanging tangane gogoh-gogoh tase, nggoleki dhompete. Didudut saka njerone sasuwek kertas, diulungake Yohan Nur.

Nampani kertas, dibukak lempitane, Yohan Nur umak-umik maca tulisane Astirin: Samsihi, d/a Pak Dirjan pegawe RS Islam. Wonorejo IV no. 72A Surabaya.

“Nah, ngene. Iki mengko mesthi ketemune. Nanging iki dina kerja. Esuk mesthi ora bisa ketemu ing omahe. Dakgolekane nyang rumah sakit Islam wae. Nggoleki Pak Dirjan. Mengko Pak Dirjan rak bisa nerangake ngendi omahe lan nemokake kowe karo Kamsi…Sssamsihi. Priye, kowe melu metu nggoleki ora? Rumah Sakit Islam ki wis genah, Wonokromo cedhake Patung Mayangkara. Yok apa?”

Ngrungokake pikirane kang jlentreh, satemene Astirin ya kepengin nerusake nguber nggoleki Samsihi. Nanging ngelingi tindak polahe Yohan Nur kang kaya setan kesurupan mau bengi, Astirin jan angglong atine. Wegah lunga karo lanang bajingan kuwi! Oh, Astirin ngenes, kelara-lara ngelingi yen awake saiki wis bubrah. Dirusak wong lanang kuwi mau bengi. Dirampog, dirudapeksa. Saiki awake kuwi mung barang bubrah, ora pantes digawa srawung urip. Awake wis kotor, amoh, lethek, rowak-rawek, buthuk! “Oh, wegah urip! Angur mati wae!” sesambate Astirin, mrembik-mrembik mbrebes mili maneh.

“Piye?! Kowe arep bunuh dhiri? Eh, ora bisa! Kuwi bakal ngrepotke aku. Yen bunuh dhiri aja neng kene!” sentake Yohan Nur. Untune mringis kaya iblis maneh. Beda karo dhek wingi, saiki wong kuwi gampang tumindak kasar! “Enake kowe melu wae, saiki! Mengko yen ketemu Pak Diman terus dakpasrahke pisan, ben ora ngrepoti aku maneh! Rumangsamu aku kokkon terus mbelani awakmu? Tetulung awakmu? Kok enak! Iya yen kowe gelem males kebecikan ngono, aku seneng wae ngetokake dhuwit dienggo numpak bis kota, bemo, njajan. La wong ora! Mau bengi yen ora dakjaluk peksa ya ora kokwenehna! Rumangsamu aku apamu? Nulung kowe orang ana pituwase! Ayo, saiki budhal, nggoleki sing jenenge Dirman kuwi! Yen cathetan iki bener, mesthi ketemune!”

“Gak! Aku gak butuh kuwi kabeh. Pek-peken kono alamate! Butuhku mung mati!” Astirin mbantah karo nangis.

“Edan apa!? Jancuk, kon gak gelem digawe apik, ya?! Dijak main alus gak gelem, aku ya isa kok main kasar! Ayo, kene, mangap! Dakerut cangkemu ben ora bisa bengok-bengok! Sundel, ki!”

Muni mangkono Yohan Nur karo ngrangket Astirin. Disikep dhadhane nganggo tangan kiwa, terus tangan tengene ngetokake kacu, nyumpeli cangkemi Astirin.

Astirin bangga, gedrug-gedrug nguwali kekepane tangan lanang sing kukuh kuwi, tangane ngrawuk-ngrawuk raine wong lanang kang degsiya, nanging kabeh mau wekasane mung muspra. Yohan Nur kuwat banget, kasar banget, ora gandra saamput-ampute karosane Astirin. Karo dene wong lanang kuwi sajak wis kulina ngrangket nandangi pretingkahe wong wadon brontak. Kanthi cepet kacu sing disumpelake cangkem wis bisa dierut dibundheli ing githoke Astirin. Terus srat-sret nganggo tampar kang cukup dawa mbanda nlikung tangane Astirin sakaro ing gegere. Isih durung rampung, Astirin terus diglendheng menyang tengahe omah, dicencang bandane oleh cagak tengah omah.

“Ha-ha-ha! Beres, saiki! Kono, yen arep bunuh dhiri, bunuh dhiria! Daktinggal dhisik nggoleki kangmasmu Kamsidi karo Pak Dirman! Yen wis ketemu, aku mengko enggal balik. Hi-hi-hik. Mesthi wae aku lunga lawange dakkancingi kabeh!” Kalem, ora kesusu, isih kober ngeluske klambine sing lungset mentas dienggo bengkerengan, lan nyisir rambut sakalus-aluse, Yohan Nur ngrampungake kabeh kebutuhane ing ngomah, lagi metu. Ora lali nggawani gelas lan piring sing dhek mau dienggo sarapan lan ngombe bengi. Disingkirake, dibalekake marang sing duwe mesthine.

Lawang ditutup, peteng. Astirin dibanda erut ing tengah omah, ora bisa obah lan mbengok. Usak-usek arep nguculi bandan, ya ora bisa. Lara kabeh. Lara awake, lara atine. Rekane dhek wingi arep ngoncati wong kasar tangan ngladeni lanang kang brangasan! Klakon oncat tekan Surabaya. Nanging tibane Surabaya ing ruangan sacupleg, peteng, kijenen, ndadak dierut-erut ora bisa obah mangkono! Nanging sing paling ngenes, sidane wurung dirudapeksa Buamin sing bakal oleh sertifikat surat nikah, mau bengi Astirin dadi korbane bajul buntung kang ora karuwan asal-usule, lan degsiyane eram! Oh, nasib kok kaya ngene eleke! Iki mung gara-gara kepengine Astirin bebas, urip manut pilihane dhewe, banjur mbalela! Iki akibate prawan desa mbalela!

Atine angles. Mbrebes mili.

3. Wis Kejeglong, Saya Kebleseg

Srengenge wis watara suwe ngglewang mangulon, nalika lawang glodhag-gledheg dibukak uwong. Yohan Nur! Teka mbukak lawang karo rengeng-rengeng lagu ndhangndhut Cintamu Emas Sekwintal sing dinyanyekake dening Evi Damayanti, lagu sing lagek ndedel ing awiyat! Lagu sing saben prawan bisa nyanyi, tukang becak rengeng-rengeng, radhio ing waruing sebelah kono yang terus-terusan ngumandhangake. Nanging Astirin sengit ngrungokake. Padha karo sengite marang sing lagi rengeng-rengeng mlebu omah kuwi!

“Sanajan dhek daktinggal, kowe sajak ora preduli. Nanging nalika aku teka, gurawalan anggonmu marani..” apal banget karo syaire.

“Heh, hallo, Cah Ayu! Kepriye kahananmu? 0, Dhik Tirin! Beja kowe. Alamate kangmasmu Kam..Samsihi wis daktemoke! Wonorejo IV, wo sisih kanane Tempel Sukorejo! 0, la yen mung kono wae, wis sabaku! Beja, kowe, Dhik! Mengko sore ndang dakterake mrana! Dakgoleki mesthi ketemune! La aku sapa, rak iya, ta?”

Astirin satemene wis cukup suwe leren, wis keturon barang. Saiki awake rada kepenak. Nanging kon mapagake Yohan Nur kanthi esem, apa maneh gurawalan anggone marani, oo, isih ora bisa! Awake bisa uga rada kepenak, nanging angen-angene, graitane, pepenginane, gagasane, cita-citane, wis ambruk bruk, ora bisa kemrengkang maneh. Aluwung ora! Emoh urip!

Yohan Nur ora ndang nyedhaki Astirin, apa dene mbukaki bandane. Ora. Karo menyanyi gumbira mengkono dheweke mlebu-metu omah dhisik, pesen sega sak lawuhe menyang waning cedhake. Pesenan mangan ditampa ing ngarep lawang, sing nggawa mlebu Yohan Nur dhewe. Bareng wis ditata rampung, lawang banjur digembok saka njero, kuncine disaki. “Wis, ayo mangan dhisik. Son, kowe kudu dakkurung nganti mengko. Marga aku wis tanggung jawab tenan karo penyerahanmu marang kangmasmu, mengko ngarepake magrip.”

Sawise Yohan ganti sarung barang, lagek bandane Astirin diuculi. Astirin ora bisa ngglawat. Sanajan karep brontak utawa ngunek-unekake wong lanang degsiya kuwi ana, nanging ora bakal klakon. Pungkasane rak tiwas! Tiwas lara kabeh, pikolehe ya kalah, ora menang lumawan Yohan Nur! Dadi nalika diprintah kon mangan, iya kepeksa dituruti. Sega disendhok lan diulu sakbisane.

Sajrone mangan bareng, Yohan Nur nyritaake perjuangane nggoleki omahe Samsidi. Jare paling dhisik menyang Rumah Sakit Islam. Sawise ketemu karo Pak Dirjan, “Pak Dirjan, dudu Dirman…!” banjur dikandhani yen kantore Samsihi ing dalan Indrapura, ora adoh saka panggonan kuwi. Ya ketemu karo Samsihi. La terus rundhingan yen mengko sore ngarepake magrip Yohan Nur arep ngeterake Astirin menyang Wonorejo IV, omah pondhokane Samsihi. Mesthi wae Yohan Nur awan kuwi uga merlokake menyang Wonorejo dhisik, ben weruh mengko yen njujugake.

“Wah, wis, pendheke iki mau bemo-bemoan lan disambung taksi barang, entek dhuwit akeh mung arep mbelani kowe! Nanging wong kabeh kasil, atiku ya dadi lega! Iki mengko ngeterke kowe ya nganggo taksi wae, cepet, wong aku wis weruh arahe Wonorejo IV! Larang ya ora papa! Nanging mengko yen kowe wis dak pasrahake Kam.., Samsihi, tugasku rak wis rampung. Kowe ora dadi tanggunganku maneh. Mung welingku, ya, Dhik Tirin. Sesuk-sesuk yen aku do lan mrana aja koktampik, ya. Aku wis kebacut seneng kowe, ki!”

Crita! Crita! Crita! Lambe tipis pancen baut crita! Kawit mau critane ora leren-leren. Kamangka Astirin wegah ngrungokake. Mung ya kepeksa krrungu, wong critane terus wae. Lan Astirin sakecap wae ora cumuwit. Cangkeme isih kumunci. Atine isih anyel. Sanajan ya melu seneng, dene Wonorejo lan Samsihi wis ketemu, dhela engkas Astirin bali ndlujuri lelakon kaya kang dirancang wingi kae. Astirin mengko nginep ing pondhokane Samsihi embuh pirang dina. Disangkani saka kono Astirin arep golek gaweyan. Goleh produser kaset nyanyi, apa manager club wengi. Yen wis bisa nyanyi, oleh hono¬rarium, Astirin gage golek pondhokan liya. Bebas, ora ngrusuhi Samsihi terus. Dene yen Samsihi nglamar, ya mengko telung taun engkas, kahanane srawung lan tata atine kepriye. Yen tetep isih cocog, ya Astirin gelem dinikahi.

Ah, kuwi gagasan kang wis kliwat!

Ora nganti mlaku telung taun, saiki wae kahanane srawung wis owah! Astirin wis dudu prawan sing dhek wingi, bocah wadon kang trengginas lan ngandhut greget kepengin urip kang menjila. Astirin saiki mung klumpukan daging lan nyawa, kang babar pisan ora ana ajine. Awake wis rojah-rajeh, atine wis kejuwing-juwing! Barang badheg, ora bakal ngganda amrik maneh!

Astirin ora duwe karep mbalela saka karepe Yohan Nur. Apa pakone arep diturut. Marga ora nurut ya lara kabeh. Dene yen nurut, enggal uwal saka dheweke. Enggal ketemu Samsihi. Embuh panrimane Samsihi mengko priye, nanging genah srawung ijen karo Yohan Nur luwih sengsara katimbang ketemu cedhak karo Samsihi. Samsihi, manut cathetane Astirin, ora nduweni watak dursila lan degsiya kaya Yohan Nur. Astirin yakin, marga kenale wis wiwit dhek jaman sekolah ing SD Ngunut I. Mung mbokmenawa marga kahanane Astirin wis rowak-rawek kuwi panampane Samsihi rada wa. Ora papa, tinimbang degsiya!

Nalika keprungu adan asyar, anggone mangan kabeh wis rampung, Astirin dikon adus. Astirin ya ora nolak. Nurut wae. Mlebu kamar arep njupuk ganti. Mak bedhengus, Yohan Nur nyrondhol melu mlebu menyang kamare.

“Dhik! Aku wenehana tandhamata. Kanggo kenang-kenangan….!”

“Emoh! Rana, ngadohaaa! Ngalih! Aja mrene, aja nyedhak! Ikik! Ikiiik! Adhuhhh! Adhuuh, lara iki! Culna! Culna!” Astirin mbengok. Ya lagi kuwi nyuwara sawise sak awan mau meneng bungkem. Bangga. Mancal-mancal.

Nanging, kaya kang dialami mau bengi, banggane Astirin ngandra sepiraa! Wrengus siji kuwi yen wis muntab nafsu birahine wis ora bisa dialangi. Kabeh ditendhang, ditrajang, nganti ketekan karepe! Astirin mung bisa megap-megap.

Ngarepake surup ana taksi teka. Sajake wis dipesen karo Yohan Nur. Malah sopire wis kenal akrab. Dikon methuk, jam lan panggonane ora bakal kliru.

Astirin kang wis ora duwe daya lan karep, nyandhang menganggo sak anane. Barange sing kena dikukup terus diblesegake ing tas. Mlaku sempoyongan metu saka omah siksan, ngempet lara kang ora kinira ing sakojur awak, luwih-luwih lakange. Isih rumangsa beja bisa enggal oncat saka omah prasasat neraka kuwi!

Kuwi ana sedhan putih, ulese taksi. Mlebu mrono enggal-enggal. Lagi sepisan kuwi Astirin ngrasakake numpak sedhan. Emane nalika pikiran wis pedhot-pedhot kaya mangkono. Sedhela maneh, montor sedhan kang mesine alus kuwi bakal ngadohake Astirin saka omah siksan, lan ditemokake karo Samsihi kang atine trepsila lan ambeg welas asih! Oh, Astirin selak kepengin kelakon ngono.

Sawise nutup lawang, Yohan Nur uga enggal nusul Astirin mlebu ing mobil sedhan. Ora ewuh pakewuh terus ngrangkul lan ngambung Astirin. Mobil krasa mlaku. Atine Astirin ya njerit kelaran, ya surak-surak. Lara merga isih dipitenah Yohan Nur, seneng marga kasengsaran kuwi enggal mungkur. mengko yen mesine mobil kuwi leren, ateges Astirin wis tekan ing omahe Samsihi! Grenge mesin montor banter ya krasa. Bareng rindhik ya krasa. Rindhik, terus dipinggirake. Mandheg ing pinggir dalan gedhe. Wis tekan? Saka padhange dina sing enggal lengser, Astirin weruh sing diendhegi kuwi omah gedhe magrong-magrong. Omahe Pak Dirjan? Mokal. Dudu omah sing pantes dienggoni pegawe rumah sakit. Nanging Yohan Nur ngakon Astirin mudhun. Manut. Nalika mlangkah metu saka mobil, Astirin maca display: Hotel Madusari. Jl. Pandegiling Surabaya.

Hotel! Dudu omahe Pak Dirjan. Ora bakal ketemu Samsihi! Astirin ndhredheg wel-welan!

Tanpa daya Astirin digeret mlebu menyang gedhong hotel. Lampu neon wis kencar-kencar. Astirin mung samanut dituntun mlebu ing sawenehe kamar. Uga dipadhangi lampu neon. Ing pojok ana televisine kelir. Ana meja tulis karo tumpukan buku. Wong lanang nyandhang bregas lungguh ing kanane meja, nanggapi tekane Yohan Nur kanthi ulat nyureng.

“Kok nganti bengi timen! Aku wis nganti kuwatir, kowe mblenjani janji!”

“Kasinggihan, Pak Bas. Larene anggene adus dangu setengah mati. La niki napa. Sip, kok. Kene, Dhik, lungguha kene! Iki Pak Bas, sing arep menehi gaweyan. Kowe saka Ngunut menyang kutha la apa yen ora nyambut gawe, iya, ta? La iki Pak Bas ngurus saksembarange! Enak-enak! Manuta wae!” ucape Yohan Nur.

Astirin wis ora ngrewes blas. Pikirane kaco. Pendheke mlaku lan lungguh, embuh apa pakone wong lan sakepenake. Ora bisa mikir apa-apa, ora duwe karep apa-apa. Ditakoni dening wong sing jeneng Pak Bas ya mangsuli sakecandhake. Weruh uga yen Yohan Nur diwenehi dhuwit pirang-pirang lembar puluhan ewon, terus pamit lunga. Uga mamiti Astirin kanthi ngundang Dhik. Terus ing kamar kari Astirin karo Pak Bas. Astirin tetep ora preduli. Mbok upamane diprejaya ta, Astirin ora bakal nangkis utawa mberot. Pasrah. “Aku saiki wis mati, ora duwe karep,” suwarane batine.

“Kowe saiki daktampa dadi calon pegawe pabrik bleg. Gaweyanmu mung ngecapi bleg, nganggo mesin, gampang wae. Blanjane gedhe, bisa nganti satus ewu sesasi. Beja kowe dakkandhani. Mung nggone ora neng Tanah Jawa kene, nanging neng Nunukan, cedhak Pulo Tarakan. Ora dadi soal, mergane sesuk kowe bareng karo kanca-kancamu liyane mrana numpak pesawat terbang, terus disambung kapal motor. Setaun sepisan kowe oleh prei sesasi, bisa molih menyang Tanah Jawa. Ya numpak montor mabur!”

Mengkono critane Pak Bas sadurunge Astirin dikon leren kumpul karo kanca liyane ing kamar sisih mburi.

Kamar sisih mburi kuwi luwih jembar. Mung ora ana prabote. Digelari karpet abang jogane. Ana wong sanga utawa sepuluh ngono padha lungguhan lan turon ing kamar kono. Wong wedok isih nomnoman kaya Astirin. Astirin ya banjur ngumpul karo wong-wong kuwi. Rasa nelangsane ati isih digawa mrono, mula dheweke ya banjur lungguh ndhepipis golek panggonan sing cedhak tembok. Ulate isih suntrut, durung gelem sapa aruh lan grapyak karo wong sakupenge. Malah wis disapa karo cah wadon sing lungguh jejer karo dheweke, Astirin isih ora gelem mangsuli.

Durung suwe Astirin teka, mlebu rangsum. Diladekake ing piring sing digledheg ing baki kreta. Kabeh kon njupuki pangane dhewe-dhewe. Ngombe lan buahe gedhang barang ya wis dicepaki. Pranyata sakamar mau isine wong sepuluh, ndulu cacahe piring.

Lagi padha mangan, ana wong lanang nyandhang bregas, sepatune nggilap, ngabsen. Diceluki jenenge siji-siji. Jenenge Astirin paling ngisor, diundang kari dhewe. Karo mangan ngono, oleh katrangan saka wong nyandhang apik mau, yen bengi kuwi kabeh turu ing kamar kono. Sesuk esuk jam papat kudu wis padha siyap diangkut menyang Juanda. Numpak montor mabur. Karcise wis ditukokake karo “perusahaan”. Wong mau uga nerangake ngendi nggone jedhing, kakus, lan wong-wong kuwi oleh wae menyang ngarepan nonton televisi. “Nanging aja pati-pati metu saka plataran hotel. Lan jam sepuluh bengi, kabeh kudu wis ana ing kamar kono.

Astirin pancen ora duwe karep lunga saka hotel. Obah wae aras-arasen. Nanging marga nganti saprana klakuane wong-wong mau apik, atine ya rada lilih. Sajake anggone mbutuhake wong kanggo pegawe temenanan, nyatane kabeh urasane dilakoni kanthi becik. Ora main peksan kaya nalika ing tangane Yohan Nur mau. Gek sing nglipur atine Astirin, saiki dheweke ora ijen. Akeh kancane, bebarengan. Nonton wandane wong-wong mau uga ora ngalami rudapeksan kaya dheweke. Raine padha padhang, malah padha gelem guyon barang.

“Jenengmu sapa? Kowe cah ngendi? Kowe kok katon sedhih, apa dimunasika?”

Embuh ping pira kanca cedhake kuwi nyoba ngomong karo dheweke. Uga kanca liya ana sing nyoba blajar kenal. Akire Astirin ya gelem wangsulan. Apa maneh bareng ngrasa gebled pipis, butuh kanca bareng menyang jedhing.

Kanca sing cedhak mau jenenge Muinah. Asal Padangan, Bojonegoro. Ora, ora dipeksa. Paklike sing ngajak Muinah lunga menyang Surabaya, lan dijanjeni digolekake penggaweyan, Ya menyang hotel iki pitulungane.

Astirin arep takon apa dening paklike Muinah uga ngalami kaya Astirin, digedhong lan dirudapeksa nganti awake saiki njarem kabeh? Wurung. Muinah katone ora ngalami nasib kang kaya mengkono. Muinah ngaku sekolah dasar wae ora lulus. Neng ngomah mung rewang-rewang tangga-tanggane. Sok-sok ya golek kayu nyang alas, diedol marang warung sing mbutuhake.

La yen kancane asale kaya mengkono, pegaweyan apa mengko sing arep ditandangi cah wadon-wadon iki? Ah, nanging Astirin wegah mikir. Wis ben, embuh priye laku nasibe. Dheweke arep ngeli wae bebarengan karo wong-wong sabarakane kuwi. Kayane luwih kepenak tinimbang sing dialami mau lan wingi. Nalika Astirin ngadeg arep menyang jedhing, lakangane rasa lara. Mesthi wae kuwi akibat dirudapeksa Yohan Nur wingi kuwi! Anyel, gela, mangkel, getun, nggembuleng ing pikirane dadi siji! Kudu njerit wae! Nanging ya kepriye!? Semplah atine, eling kedadeyan kang kaya mengkono! Nalika kanca-kancane kabeh wis padha turu angler, Astirin nangisi nasibe, nangis kelara-lara.

Dina esuke, kaya ngimpi wae. Astirin ora kober mikir ndedawa nasibe. Isuk wis keselak padha digugahi, dikon adus lan sarapan, rasane kolu durung nganti pedesan. Terus wer, tekan lapangan terbang, munggah montor mabur, terus ngeeeng tekan awang-awang. Antara ngimpi, ngalamun lan kasunyatan angel dibedakake. Rumangsane durung kober ngrasakake enake nunggang montor mabur, jebul wis tekan. Wis mudhun. Saka lapangan terbang kono wis ana sing mapag, uga kaya colt pedesan, langsung digawa menyang plabuhan. Terus dikon munggah ing sawenehe kapal, kandhane wong kuwi jenenge ferry, sing numpak wis kebak. Grombolane Astirin ora keduman papan nyeje, dadi ya awor karo penumpang liyane ing dhek. Papan sing dienggo lungguh lan turu ya jogane dhek kuwi, padha digelari klasa apa kertas koran. Barang-barang gawane padha disandhing dhewe-dhewe. Ing kono rombongane Astirin oleh sega bungkusan kertas, karo ngombe akua. Kapal mangkat nalika serngenge manjer ing pucuke mbunmbunan. Durung nganti adoh saka dharatan, Astirin sirahe mumet banget, banjur mutah-mutah. Sega bungkusane mau awan bali metu kabeh saka wadhuke. Dheweke nggleleng, mabuk laut. Ora bisa ngglawat apa-apa!

Nalika nglilir sing dielingi dhisik grengsenge suwara mesin. Jung-jung-jung! Dinane wis peteng. Ora katon apa- apa, kajaba kahanan ing dhek kono. Wong-wong padha turu pating blaseh. Kanca-kancane padha pating blesar. Muinah kandha yen rombongane bebas, oleh lunga menyang endi wae. Mengko yen ana rangsum saka kapal ya dikon njupuk. Mung wae mengko yen kapale labuh, awake dhewe kudu ngumpul mrene. Tangi turu kuwi rasa mabuke ilang. Astirin bisa lungguh lan maspadakake kahanane sakupenge kanthi luwih premana. Kanca-kanca rombongane uga ora akeh sing mencar utawa lunga. Katone kabeh wedi yen banjur ilang, ora bisa bali menyang panggonan kono. Ana sing turu, ana sing thenger-thenger, ana sing omong-omongan karo penumpang liya.

Nalika oleh rangsum saka kapal, kepala rombongan, wong lanang sing nyandhang sarwa bregas wiwit dhek wingi, Astirin tetep ora ngreti sapa jenenge, ngabsen lan ngandhani yen bengi kuwi nganti wayahe kapal labuh wong-wong bebas, oleh lunga menyang endi wae. Sesuk watara jam siji awan, kapal bakal labuh ing Tarakan. Kabeh kudu kumpul, lan mbanjurake laku sarana wong lanang kuwi dadi cucuk lakune. Dadi kaya sing dikandhakake Muinah mau.

Astirin ora bisa turu. Lungguh njenger ing panggonane karo mikirake nasibe. bakal kepriye? Enak, apa ora kepenak? Penumpang liyane racake padha turu pating gloso. Njaban kapal, peteng ndhedhet, ireng thok. Apa tegse bengi kuwi bebas, oleh lunga menyang endi wae? Wong ora bisa oncat saka kapal? Astirin nyengir.

Bosen lungguh, bosen klesetan, bosen krungu mesine kapal kang jung-jung-jung ajeg wae, Astirin banjur ngadeg, jumangkah mlaku. Menyang endi? Ya mung sakupenge dhek kang dipadhangi lampu neon kuwi. Wong-wong sing ana ing kono ya ana sing lungguhan, utawa ngadeg ing pinggir lendhetan pager. Kabeh katon ayem, lan mung bisa nunggu nganti dinane padhang lan kapale labuh. Astirin wegah arep nggabung karo wong sing padha lungguhan. Ora tepung, lan dudu rombongane. Wong-wong kuwi padha arep menyang endi, ya? Gek apa lelungan ngene iki wis dadi pakulinane? Tegese ora mung sepisan iki? Ndulu ayeme, kok sajak ora anak problem kaya dheweke!

Fafafami, rereremi! Fafafami, rereremi! Hiu! Fafafami, rereremi!

Lan antarane jung-junge swara mesin kapal lan kumresege ombak segara, Astirin krungu swara gitar kang mantep. Lagu sing tagi disayang Astirin! Black or White, lagune Michael Jackson! Ah, donyane musik, satemene donyane Astirin! Kenapa dheweke ora lumaku ing iline donya musik kuwi? Kenapa saiki kabuncang ing kapal kene? Gek ora ngreti menyang endi bakal lakune!

Ora diniyati lakune Astirin marani swarane musik nggoncang semangate kuwi. Ing sisih kana, ndhuwur. Astirin ndadak munggah andha barang. Sajake asale saka kamar ing mburine setir. Lawange menga, katon padhang. Astirin kaya dom ditarik wesi sembrani, terus wae marani lawang menga kuwi. Atine saya seneng, iramane lagu saya nggoyang jantunge. Janggute wiwit manggut-manggut, sikile melu lincak-lincak! Ah, donya sing aduooh, rasane wis suwe banget Astirin ninggalake omahe Tranggana, lan pepisahan karo Ratri, Wiwin! Bocah-bocah enom sing seneng musik trojing-trojing!

Mlebu bleng ing kamar, banjur wae docengkerem sunar padhang abyor. Keblerengen sedhela, nanging banjur terwaca apa sing ana ing kamar kebak swara regeng kuwi. ana peturone, meja cilik, radhio lan tape-deck. Ana wong lanang lungguh ing kursi sing madhep menyang meja. Tumungkul, mac a. Ora sendheya yen kamare dileboni Astirin.

“Hai!” suwarane Astirin uluk salam. Ah, kaya yen aweh salam marang Evi wae.

Wong lanang mau njenggirat. Noleh marang Astirin. “Hai!” Pranyata isih enom.

Kebeneran, Astirin ora perlu rikuh. “Aku pareng melu ngrungokake Michael Jackson?” atine Astirin wis kerasukan musik. Lali lara-larane lelakon wingi.

“Panggonane ora ana,” wangsulane sing duwe kamar. Swarane musik dibleretke.

“Aku ngadeg neng kene ya gelem.”

“Yen gelem lungguh neng dhipan kono, mangga. Nanging satemene penumpang ferry ora oleh mlebu mrene. Apa maneh bocah wadon!”

Astirin gela. Dadi tumindake iki nerak peraturan kapal! Ah, kena apa, ing donya iki akeh lawang menga nanging diaweri larangan sing Astirin ora oleh mlebu? Semangate ora sida adreng. Nelangsane bali ngrambati ati.

“Ya wis, yen ora oleh!” Ya mangkel, ya sumengit.

“Lo, lo, lo! Ora papa, kok, Dhik. Mlebua, ta. Aku sing kuwasa ing ferry iki, kok. Gage, mlebua!”

Ati wis kebacut tatu. Nanging Astirin meksa mlebu. Kanthi ati gendhulak-gendhulik. Dheweke rumangsa saya isin dipadhangi abyor lampu neon ruwangan kuwi, margane rumangsa diawasi blejet dening wong lanang sing duwe kamar. Mesthine ana perangan ing awake kang narik kawigaten dene wong lanang mau kon ngidini Astirin nerak peraturan kapal. Perangan sing endi, embuh! Yakuwi sing marakake dheweke rumangsa diblejeti. Isin. Nanging apa sing kudu diisini, wong nyatane awake Astirin ki wis bobrok, lethek, mbuwak kabeh. Astirin ora perlu kewirangan maneh. Kawirangane wis dijarah Yohan Nur! Awake diblejeti saiki wis ora apa-apa!

“Seneng musik?”

“Iki albumi Michael Jackson sing muncul akhir taun. Sing luwih anyar wis ana maneh. Dheweke jan seniman musik tenan! Promosine kanggo lagu Black or White iki dibandhani gedhen-gedhenan! Kamangka sajane musike prasaja banget. Nanging lagi wae metu terus ngranggeh pucuk gunung! Ing Tanah Jawa meh ora kendhat radhio swasta saben jam ngumandhangake lagu kuwi! Hiu!” Astirin ngoceh kaya yen lagi omong karo kanca-kancane saklas. Heh, lagek apa ya, cah-cah kancane kuwi saiki? Nggarap PR-e Pak Seta mesthi! Selasa malem Rebo, sesuk ana matematika! Mesthi ora ana siji-sijia kancane sing mikir yen Astirin saiki lagek ana ing kapal sing nggawa dheweke menyang Tarakan! Ora ana! Kanca-kanca kuwi pancen anake wong kepama, wong kecukupan. Ora bakal mrangguli lelakon kaya nasibe Astirin!

Nganti Black or White rampung, sing ana ing njero kamar kapal mung meneng-menengan. Mung padha manggut-manggut ngrasakake nikmate lagu. Bareng rampung, lagi sing duwe kamar mbleretake radhio, dilirihake.

“Kenalke dhisik, jenengku Hamdaru.” mucap ngono karo ngulurke tangan.

Kacipuhan Astirin nampani. “Astirin. Sori ya, mesthine aku sing nepungake dhisik. Wis suwe, Mas, ngasta kapal iki?”

“Wis telung taunan iki. Lo, kowe kok numpak ferry iki arep mulih utawa lunga menyang Tarakan iki?”

“Mulih? Ora. Aku lagi sepisan ndhil iki lunga numpak kapal. Mau numpak montor mabur saka Surabaya. Ya lagi sepisan mau. Embuh. Aku melu uwong, kok. Jare arep digawa menyang Nunukan dikon mergawe ing pabrik bleg. Nunukan kuwi ngendi ta, Mas? Jare cedhak karo Pulo Tarakan sing dituju kapal iki?”

“Lo! Kowe ki arep menyang Nunukan? Ora mung menyang Tarakan?” Katon gumun.

“Kok gumun. Apa ana anehe?”

“Gumun, marga adate sing numpak kapal iki mung nganti tekan Tarakan. Wong-wong sing wis suwe manggon ing pulo kuwi. Pegawe Pertamina sing akeh. Lan keluwargane. La kowe? Melu sapa kok arep menyang Nunukan?”

“Aku ora ngreti, Mas. Aku dibujuk, dipelet, dijiyat diteken kontrake budhal menyang Nunukan karo rombongan wong wadon-wadon liyane. Nanging wong-wong mau pancen wis padha diniyati saka desa asale. Bareng aku, dirudapeksa terus langsung esuk mau brangkat numpak montor mabur. Priye, ta, Mas. Apa nyambut gawe ing pabrik bleg ing Nunukan kuwi rekasa? Jarene bayarane gedhe, nganti atusan ewu sesasine?”

“Ah, sing bener! Endi ana pabrik bleg ing Nunukan! Kowe diapusi ngono kuwi jenenge. Nunukan kuwi pulo sepi, mung gegrumbulan thok. Wong sing mrono adate wong slundupan, dislundupake menyang Tawao, laladan Malaysia. Aku dhewe durung tau mrana, nanging critane mengkono. Coba mengko daktakokne juru mudiku, Sahudin.”

Atine Astirin balik dadi giris. Mau wis rada mari nalika keprungu musik. Saiki prasaane dadi getir maneh. Kepriye mengko nasibe? “Dadi, kena apa aku wong wadon-wadon iki digawa menyang Nunukan?”

“Nuwun sewu, ya, aku ora medeni. Yen wis mlebu menyang Malaysia, dianggep buron. Diburu-buru dening polisi Malaysia, nanging didagangake dening para penadhah. Didadekake pelayan bar ing kutha-kutha Ma¬laysia, alias wong palanyahan.”

“Oh, aku iki priye taaa??” pambengoke Astirin kelara-lara nangis. Saiki oleh katrangan luwih genah menawa dheweke kuwi bakal didadekake wong rusakan!

“Lo, lo! Aja nangis neng kene, Dhik! Aja percaya dhisik karo omongku. Mengko yen Sahudin teka, dakkone crita. Dheweke luwih suwe ngladeni feri iki, pengalamane luwih akeh. Bab wong dagang gelap ing Nunukan dheweke yang ngreti akeh!”

Astirin wis ora bisa krungu apa maneh sing dicritaake Hamdaru. Pikirane muded, ngreti yen lelakone bakal ketula-tula. Oh, apa iki paukumane wong yen mbalela, ora nurut marang wong tuwa?

Atine Astirin mung tap-tapan thok nalika wong brengosen sing jeneng Sahudin teka lan manut pakone Hamdaru nyritakake kahanane ing Nunukan. Sahudin tau mrangguli wong-wong wadon sing dislundupake menyang Tawao. Let sesasi ana sing keplayu bali, awake wis dhedhel dhuwel marga dipilara wong Malaysia. Bocah mau nglawan nalika arep dirudapeksa dijak kumpul turu. Wasana dheweke mlayu, lan kasil oncat saka dharatan kanthi nyolong prau. Manut critane cah wadon mau, kanca-kanca liyane padha dadi pelayan bar, nanging satemene ora liya ya dadi barang dagangan, dadi pelacur sing wis ora wenang maneh nampa keuntungan dhuwite. Prasasat budhak belian! Diuber-uber dening polisi resmi, diperes dening para bandhol sing dadi pak-pakane utawa mbok-mbokane!

“Wah, la aku terus priye, Mas?! Terus priye??!!” panjerite Astirin. Ngreti yen donya sing arep dilakoni peteng ndhedhet lelimengan! Critane Sahudin kuwi jan nggegirisi ati temenan. Astirin malah wis ngrasakake sapira cilakane wong sing dicritakake Sahudin mau.

Hamdaru lan Sahudin ora bisa pitulung luwih akeh maneh. Padha ora wani ngandut risiko yen ndhelikake Astirin, oncat saka rombongane. Yen konangan, mesthi bakal memungsuhan karo sindikat dagang wong petengan sing racake padha bandhol-bandhol wani mati. Nganti mudhun tekan Tarakan, Hamdaru lan Sahudin kudu ngeterake penumpang kabeh cacahe cocog lan kanthi slamet. Ora wani main-main.

Astirin nglokro atine. Ancur luluh. Dheweke ngrasa ijen tenanan ing donya iki. Lan nasibe elek. Apa wani bakal nglakoni urip kang kaya mengkono? Dadi wong palanyahan, wong wadon nakal, dosa, lethek…! Emoh! Emoh! Emoh! Nanging kepriye anggone arep ucul, arep uwal saka lelakon iki?

“Yen bisa aja nganti mlebu ngliwati tapelbates Ma¬laysia! Marga yen wis ndharat mrana, kena praturan kana, wong-wong slundupan kuwi wis ora ana regane kajaba mung dadi buron, utawa barang royokan. Dikuya-kuya, utawa dadi rebutan. Hak pribadine wis ilang blas! Yen isih ana wilayah Republik Indonesia, hak kadidene warga negara isih diajeni,” ujare Sahudin nyawang welas marang Astirin.

Astirin metu saka kamar ndhuwur kanthi ati semplah. Mudhun andhane fery kudu anjlog wae pisan, ben kebentur dhek wesi, utawa mlebu segara pisan! Kahanane isih peteng ndhedhet, dadi mangsa weruha penumpang liya upama Astirin nekad bunuh dhiri ambyur ing segara!

“Heh, aja! Kowe kudu bali menyang rombonganmu. Kudu ndharat ing Tarakan slamet kabeh!” Tangan sing kuwat mara-mara wis nggondheli kenceng. Hamdaru! Astirin mudhun lan diterake balik menyang dhek panggonane para penumpang kanthi dilawani pemudha kang gagah kuwi. Bali tekan panggonane, ora ana sing nggatekake. Astirin ya banjur trima, bali lungguh ing sandhinge Muinah. Atine tetep karanta-ranta mikirake nasib lelakone sing mapag dheweke, nanging Astirin emoh nangis maneh. Kuwi mau kabeh marga salahe. Kena apa keplayu saka Buamin? Kena apa mbalela? Saiki dheweke kudu nrima! Pikirane nglangut!

“Wis jam pira iki?” Muinah takon karo ucek-ucek mripat.

“Embuh! Isih bengi!”

Muinah marem oleh wangsulan. Terus bali turu maneh. 0, wong kuwi ora ngreti bakal kepriye nasibe sesuk. Mula ayem wae! Dene Astirin, ngreti bengine bakal bablas peteng ora awan-awan maneh! Kaya mengkono kuwi gambarane nasibe!

Esuk, nalika wis padhang lan oleh rangsum, Astirin iya mangan. Kepala rombongane kang tansah macak bregas, ngabsen lan katon marem, sajake lakune bakal slamet ora ana apa-apa. Dina iki ulate rada kendho. Wani ngguyoni cah wadon sing rupane katon klimis. Astirin ya tansah dilirik wae. Nanging Astirin ora menehi ati. Malah kepara benci. Astirin kudu napuk cangkeme wong kuwi! Mesem-mesem, nanging satemene tumindake degsiya! Wong wedok-wedok rombongane kuwi rak prasasat barang dagangane kang bakal menehi rezeki marang dheweke. Rezeki kanggo wong bregas kuwi, nanging nasib cilaka kanggone wong wadon-wadon iki!

Awan kuwi Astirin kober nylamur omong-omong karo penumpang liya. Dheweke ora niyat ngandhakake nasibe, kuwatir yen mung bakal digeguyu wae. Dheweke mung kepengin ngreti wong-wong mau uripe ana Tarakan kepriye. Arep ngreti kahanane Pulo Tarakan. Ora sengaja Astirin ya kepranggulan karo Sahudin sing lagi nganglang ing dhek kono.

“Fery iki mengko budhal saka Tarakan terus menyang endi?”

“Balik ngidul, menyang Balikpapan maneh.”

“Budhale kapan?”

“Sesuk watara jam siji awan. Dadi labuh watara patlikur jam.”

“Dadi penumpang sing saiki kabeh kudu mudhun?”

“Iya. Tarakan tujuan wekasan. Penumpang anyar wiwit sesuk mlebu, sawise fery diresiki lan disiyapake rangsum lan bahan keperluan layar liyane.”

Kenapa Astirin tansah takon-takon bab kahanan in Tarakan? Dheweke kepengin duwe gambaran panggoan kuwi. Rumangsa wis katog tangise, kelara-larane ati, saiki dheweke duwe krejet arep polah saka atut iline lelakon. Dheweke ngrasa wiwit sepisanan oncat saka Ngunut, kuwi ngendelake tekad anggone brontak, nglakoni pegaweyan sing nggugu sakarepe dhewe. Emoh diatur Mbokdhe Nik lan Pakdhe Mar dijodhokake Buamin. Nanging kena apa bareng ketemu Yohan Nur mudhun saka bis kota kok banjur ora nduweni niyat brontak? Kena apa wiwit kuwi dheweke manut wae iline lelakon, manut wae karo karepe Yohan Nur. Ora polah nggugu sakarepe dhewe. Nganti dirudapeksa Yohan Nur, digawa taksi menyang Hotel Madusari Jl. Pandegiling dipasarahake Pak Bas, terus diangkut menyang lapangan nggegana, Astirin mung manut miturut wae. Kaya-kaya masrahake nasibe lelakone marang wong liya! La kok edan, dheweke sing duwe urip kok nasibe dipasrahake marang liyan, dudu karepe dhewe! Endi, pribadine sing kumendel wani mberot saka ngomah wingi? Endi?

Wiwit esuk mau, wiwit mangan rangsum esuk ing kapal mau, graitane tangi. Ora! Astirin kudu duweke Astirin. Ora masrahake lakune nasib marang wong liya, marang wong lanang bregas sing mripate jlalatan kuwi! Dheweke arep minggat! Wiwit diosikake atine kuwi Astirin wiwit nyiasati kahanan sakiwa-tengene, takon-takon kahanane Pulo Tarakan. Luwih becik brontak lumawan iline nasib kang durung karuwan genahe katimbang pinasthi arep dadi wong palanyahan lan buron ing Tawao. Embuh mengko ing Tarakan uripe kepenak apa ora, nanging yen manut iline nasib bareng rombongane kuwi genah yen ora kepenak. Manut caritane Sahudin mau bengi!

“Kowe kudu adharat ing Tarakan slamet kabeh!” wanti-wantine Hamdaru, sing nylametake Astirin saka bunuh dhiri.

Luwih becik nyoba brontak katimbang bunuh dhiri! Kepenake urip iki kudu digayuh, kudu diranggeh. Ora kok ngintir manut iline nasib!

“Aja nganti mlebu tapelbates Malaysia. Ing kana ajine dhirimu nglengkara, kowe ora duwe daya apa-apa. Kowe mung dianggep buron, utawa barang dagangan! Yen isih ing wilayah Republik Indonesia, hak kadidene warga negara isih kinurmatan,” keprungu maneh ujare Sahudin. Ya, kaya swarane Sahudin, kaya swarane Samsihi, kaya swarana Tranggana! Ah, swarane wong-wong becik kang gelem aweh pitutur. Ngrasuk banget ing atine Astirin.

Watara jam rolas entuk rangsum maneh. Dikandhani karo wong fery yen kuwi rangsum pungkasan, marga sakjam engkas fery arep labuh, lan kabeh penumpang mudhun dharat. Kapten lan para pegawe fery ngaturake slamet pisah. Muga-muga bisa ketemu maneh ing wektu lan lelungan liya kang ndhemenake maneh.

Rangsum kuwi dientekake gusis dening Astirin. Dheweke wis siyaga, mbokmenawa ora bisa oleh pangan maneh ing wengi sing arep teka.

Tarakan plabuhane ketara yen wis ora alami. Ketara yen wis direkadaya dening tangane manungsa. Fery ngrapeti dharatan, Astirin ngadeg njejer ing ngarepan karo maspadakake kahanan. Kiwa-tengene kapal ana prau-prau akeh, nanging ora ana sing gedhene ngembari fery. Astirin wis oleh katrangan saka para penumpang dudu rombongane, racake keluwarga pegawe Pertamina. Utawa wis duwe penggaweyan tetep ing Tarakan, kaya ta tukang dodolan bakso, utawa jamu gendhong. Sing arep lunga menyang Nunukan ora ana!

Rombongane Astirin diklumpukake ing sawenehe omah seng utawa gudhang ora adoh saka panggonane prau-prau labuh.

“Aja lunga-lunga. Ana kene wae, nganti wayah surup. Ing wayah surup lagi kene numpak prau maneh menyang Pulo Nunukan,” omonge wong bregas sing mimpin rombongan kuwi.

Ing gudhang kono pemimpin rombongan mau sajak wis kulina banget karo kahanane. Tepungane akeh, wong lanang-lanang sing pating plirik karo mesem nyawangi rombongan wong wadon-wadon enom iki. Astirin ngrasa yen dheweke sarombongan kuwi kaya wedhus-wedhus ing pasar kewan sing dilirik para bakul sing golek daging tepong lemu. Sengit rasane! Sajak-sajake apa kandhane Sahudin lan Hamdaru wingi bener. Rombongan wadon iki dikirim menyang Nunukan ora arep dimergawe ing pabrik bleg, kaya sing dicritakake sing jeneng Pak Bas kae, nanging arep dislundupake menyang Tawao. Nyatane Astirin mau ora ngonangi wong sing crita prekara Nunukan panggonane pabrik sing akeh pegawe wadone. Ora. Wong-wong penumpang kapal mau racake wong Tarakan. Ya mung rombongan iki sing arep nerusake menyang Nunukan. Kuwi wae kudu sesidheman. Nyatane digawa ora ngetarani menyang gudhang, terus ora oleh metu-metu ndeleng Pulo Tarakan! Yen ora dhedhemitan, kena apa lungane rombongan kudu ngenteni wayah surup? Lungane menyang Nunukan wayahbengi, ben ora konangan polisi sing njaga pesisir lan tapelwates.

Astirin kepengin enggal kudu uwal saka rombongan kuwi. Nanging kepriye? Wong tansah diawasi ngono. Gek Astirin ora ngreti kahanane njaban gudhang, apa kebonan kaya lemah ing Ngunut kae. Ah, ora mungkin. Gek masarakate kepriye? Wong-wonge apa gelem tetulung apa malah arep mungsuhi? Mengko gek ketemu karo wong sing kaya Yohan Nur kae! Gelema tetulung nanging duwe pamrih luwih malak, luwih degsiya! Astirin ngrasa nggregesi mikirake nasibe awake!

“Kena apa kowe?” pitakone Muinah. Bocah wadon iki babar pisan ora katon sedhih nglakoni urip mengkene. Sajak seneng wae. Bisa uga dirasa luwih kepenak katimbang golek rencekan kayu menyang alas, kang oleh-olehane ora sepiraa. Sok-sok ora payu didol, lan ora bisa tuku pangan. Numpak montor mabur, numpak kapal, lan tansah diwenehi pangan kang murwat. Apa sing kudu disusahake?

“Awakku adhem panas,” wangsulane Astirin. Dheweke ora bisa nrima nasibe kaya mengkono. Luwih-luwih maneh iki mengko, yen wis mlebu tapelbates Ma¬laysia, awak iki ora ana ajine, mung dadi buron utawa barang royokan! Hak azasine ilang blas! Nrawang pikiran kuwi sing sakjane marahi Astirin nggreges. Ah, dheweke kudu enggal uwal saka rombongan iki!

“Daklapurke Pak Nggantheng, ya?”

“Ora susah. Aku biyasane ya ngono, kok. Mengko yen wis bisa turu mari,” wangsulane Astirin dora. Nanging Muinah nekat wae lapur yen Astirin lara.

“Geneya?” pitakone pemimpin rombongan.

“Mangsuk angin. Yen ana obat flu, ndang bisa mari.”

“Iki ana waisan bintang tujuh, ombenen!”

Bubar ngombe obat, Astirin nyoba turu, ngglowo ing jogan gudhang dilemeki barang-barang gawane lan gawane Muinah. Muinah gelem nggelari jarit sangune.

Bareng diturokake awak rada kepenak.

Sore repet-repet Astirin dihoyog, digugah. Rombongan dikon padha adus, lan banjur dikon mangan. Didumi sega dhus-dhusan, karo ngombe akua. Astirin durung ngrasa suda gemregese awake. Pikirane malah saya kawur. Karepe kepengin endang oncat saka rombongan kono, nanging katone ora ana dalan liya kajaba mung kudu manut miturut apa pakone pemimpin rombongan.

Bareng kahanan wis peteng, pemimpin rombongan aweh instruksi maneh yen rombongan arep dibudhalake nganggo prau cilik. Dudu kapal maneh. Gampang oling. Mula rombongan kudu lungguh kang anteng. Wiwit metu saka gudhang iki mengko, ora oleh ngomong banter. Luwih meneng luwih becik. Apa maneh mengko yen wis lungguh ana ing prau.

Ing wayah bengi Tarakan jan peteng ndhedhet. Saora-orane panggonan sing diambah Astirin sak rombongan. Ora ana lampune listrik. Anane mung kelip-kelip lampu senthir, bisa uga duweke wong warungan, utawa lampune prau. Lampu kaya mengkono mratandhani yan wewengkon kuwi ana menungsane. Dadi sanajana kepriye wae, rombongan kuwi isih cedhak karo wong urip sing nyumet senthir.

Kanthi cenunukan rombongane Astirin diirit menyang panggonane prau. Dalane peteng, munggah-mudhun marga lemahe ora rata, lan lemahe mbanyu. Ambune iwak buthuk nyogoki irung. Anyir, badheg, amis, nyegrak. Kaya ngene iki dalan menyang papan pegaweyan pabrik bleg? Ketara banget yen ngapusi. Yaiki dalan sing tumuju menyang Neraka Tawao! Nerakane ngaurip kaya sing dikandhakake Sahudin wingi. Rombongan iki, sing uga dikatuti Astirin, lakune bakal mrana, menyang neraka! Hiiih! Padhang wis ginanti peteng. Wis tekan watese wengi. Watese dhaerah Republik Indonesia sing manungsa Astirin isih nduweni hak azasi kamanungsan. Bubar kuwi, la iki mlaku iki, tumujune menyang tapelwates dina iki lan sesuk, awan lan bengi, Indonesia lan Malaysia, manungsa mardika lan buron! Endang! Endang! Gage mberota! Gage uwala! Oh, Astirin, yen kowe nganti kebletheng sikilmu mlebu laladan negara Malaysia, ateges sikilmu wis keplosok ing neraka! Mangsa bisaa bali menyang alam kamardikan maneh kowe! Ayo, gage enggal oncatana rombonganmu kuwi!

Batine kumrungsung kaya mengkono. Utek lan atine panas, cenut-cenut. Nanging apa kang klakon? Astirin ora duwe daya merat saka barisane rombongan wadon sing iring-iringan munggah-mudhun pesisir kang dhasare njemek mbanyu. Mung bisa manut miturut. Arep uwal ki kepriye, wong peteng lelimengan ngene, gek lemahe ora warata! Astirin ora ngreti wujude kahanan ing kono. Mung peteng, ireng, ora kasat mata. Dadi upamane mlayu mberot, ora wurung ya nunjang palang nubras-nubras galengan utawa tlundhakan. La terus, upama bisa ndhelik, apa mengko dheweke bisa njaluk pitulungan uwong? Apa ora malah wong mau arep ngganyang dheweke? Astirin ora bisa uwal, mung ngatut iline laku munggah menyang prau, mapan lungguh empet-empetan, dheweke oleh panggonan pinggir. Cedhake Muinah. Nalika prau dibrangkatake, Astirin saya nelangsa, wis ora liwat dharat, tujuan Nunukan wiwit dianyaki. Wahdhuh, tangeh lamun bisa uwal saka rombongan. Mengko yen wis tekan Nunukan, luwih angel maneh. Sapa sing arep tetulung nggawa Astirin bali menyang Tarakan? Prau genah langka! Lan sing duwe, mesthi mbelani pemimpin rombongan!

Cukup adoh lakune prau, Astirin sing sirahe mumet mabuk, rubuh ngiwa, ambyur ing segara. Byurrr!! “Tulung! Tulung! Haep!” Banyune wis jero. Haep! Haep! Haep! Astirin klelep kecemplung segara. Peteng ndhedhet!

4. Balik Urip Maneh

“Tulung! Tulung! Kancaku kejegur segara! Tulung!” parabengoke Muinah.

Marga panjerite Muinah, isine prau dadi geger. Ana wong kecemplung segara! Ana wong klelep! Sing endi wonge? Kae! Kae! Suwarane glagepan neng kana! Gage!

“He! He!! Meneng! Meneng kabeh! Aja paring jlerit! Aja padha obah, mundhak praune oling lan numplak!” pambengoke pemimpin rombongan.

“Mau neng kono, kok. Bocah mburiku. Ngantuk mbokmenawa, wong banjur plung ngono wae! ah, mesakake! Durung tekan nggone wis klelep!”

“Ssstt!! Meneng! Meneng kabeh! Ben dakuruse!”

Layar dipekak, mesine uga diendhegake.

“Ana apa, Bung?”

“Ana sing kecemplung! Jarene bocak kuwi!”

“Mriki le, wau, nyemplunge!”

Ana lampu sorot loro padha pating clorot madhangi panggonane Astirin kecemplung. Ora ana. Ora katon. Ora ketemu. Astirin ora glagepan mecungul ing lumahe segara!

“Priye, ta, kok bisa kecemplung?”

“Lare sing sakit wau sonten. Badane pancen benter. Gek leyat-leyot mawon, lungguh teng jejer kula. E, la kok ambyuk mrika! Nggih plung ngoten mawon! Sakaken!”

“Wah, yen kandheg nggoleki ngene barang, gak isa sampek tengah wengi iki engkuk!” gumremenge tukang prau marang pembantune.

“Ya sabar dhisik, wong pancen ana kacilakan.”

“Sabar priye. La nggoleki wong klelep ing lumahe banyu segara sak arat-arat ngene, kathik wayah bengi pisan! Mbbook! Wani ninggale, gak kentekan wektu! Tekan Nunukan isih jam rolas, dadi ana ngaso sethithik kanggo nyiapake sing padha arep terus nyang Tawao. Timbang mlebu mrana kawanan, mangsa bisaa mrucut saka pengawasane polisi Malaysia.”

Pembantune meneng, Mung neruske nggoleki sing kecemplung, ngobahake sinar mrana-mrene. Tetep ora mrangguli. Astirin wis mati tenan? La wong wis samana suwene ora mecungul ing lumahe segara!

“Wan, cilaka aku, yen rombongane nganti kalong! Bayaranku ya dicoplok!” pemimpine rombongan ngresula. Kuwi mau kepriye, ta, kok nganti kecegur?!”

“Wah, yen lampune padha pating clorot ngene, bisa dititik kapal patroli! Awase eram e, kapal patroli ngono iku. Mulane aja diumbar wae sorote sinar kuwi!”

“Sing ngumbar ya sapa, wong iki ya dienggo nggoleki wongku, kok!” rada ngeyel pemimpin rombongan kepengin ngajak wong prau kabeh melu nggoleki Astirin.

“Yen bocahe ora bisa nglangi, percuma. Mesthi wis kerem, lan terus digondhol omah wengis ing dhasare segara. Gak kira bisa ditemu neng kene. Paling bathange wis kentir aduoh mrana. Mengko kari-kari muncul rong kilo meteran ka kene. Embuh yen bocahe bisa nglangi. Yen bisa nglangi pancen bisa ditulungi. Nanging yen bisa nglangi, mesthine ora banjur silem ora muncul-muncul. Mesthi enggal mecungul perlu narik napas. La endi, saiki saprene ora muncul ngono. Mesthi dheweke ora bisa nglangi!” sing duwe prau, nyekeli tali layar karo kemudhi ing bongkote prau.

“Ning ya digoleki dhisik sautara wektu. Dienteni, mbokmenawa muncule kari,” kandhane pembantune. Katone luwih sabar, luwih sareh.

“Iya. Ning aja nganggo slorat-slorot, lampu sorote kuwi. Petengan wae, ben ora ngetarani prau kita iki!” Wong saka dharatan isih cedhak. Yen polisi ing dharatan weruh solahe lampu kita, rak terus wae awake dhewe dibledig!”

Pancen saka dharatan durung nganti ana satus meteran. Mula iki mau mesine prau terus uga dipateni, kuwatir yen unine mesin keprungu saka dharatan Bareng anggone ngenteni wis katog ora keprungu anane awak uwong muncul ing lumahe banyu, sing duwe prau kandha maneh, “Priye iki? Sida budhal apa ora?”

“Iki mau priye, ta? Kena apa dheweke lara ngono kok lungguh neng pinggir?” pemimpin rombongan ngurus maneh. Dheweke jan sing tanggungjawab karo lakune wong wadon-wadon kuwi!

“La kula nggih mboten ngretos yen piyambake ajenge nyemplung,” bantahe Muinah.

“Sengaja nyemplung apa kecemplung?”

“Konok, wong turene sakit. Sak sonten niki wau nggih tilem, tangine nggih digugah. Larene mendel, kula jak ngomong mboten mangsuli kathah. Wingi nika nalika numpak kapal, nggih mabuk laut, luntak-luntak. Tileman mawon. Ketingale boten saras, kok, lare niku! Wau nggih haep-haep, njaluk tulung. Mboten saged nglangi.

“Dudu kancamu saka ndesa?”

“Sanes. Wong panggihe kalih kula enten hotel. Dhatenge kantun piyambak.”

“0, iya. Kelingan aku. Sing ngeterke Enur yen gak salah.”

“Wis, yokapa? Rundhingan terus, tah, sampek awan?”

“Ya wis, budhal wae! Ditinggal! Mesakake liyane, yen ditundha,” wasana ujare pemimpin rombongan.

Prau banjur wiwit obah-obah. Mesine diunekake. Layare dipasang.

Nalika sepisanan nyemplung banyu, Astirin pancen gupuh kabeh. Sikile kroncalan, wedi klelep. Kecemplunge setengah sengaja, setengah wedi. Pancen kahanane awake gemreges kabeh. Nanging kapan maneh uwal saka rombongan kuwi yen ora saiki. Haep haep tenan. Tangane sraweyan. Golek pitulungan. Ing nalika kuwi, mara-mara pikirane tenang. “Aku kudu bisa uwal saka bebaya iki! Aku kudu bisa ngendhaleni karepku dhewe! Kudu!” Marga muncul pikiran kang mengkono, atine dadi teteg. Solahe awake ora gugup, ora srawehan. Lan banyu segara sajak kena diajak rujuk. Marga ora kakehan polah, awake Astirin kaya diangkat, kumambang. Ndilalah tangane nyundhul Lunase prau. Kena dienggo cekelan. Astirin umpetan ing ngisor prau. Ambegane ditata, bolongane irunge bisa dientas saka njeron banyu. Malah bareng wis pinter golek cekelan ing prau, dheweke bisa krungu kabeh apa sing diomongake dening wong-wong penumpang prau. Sorote lampu sentolop bisa diendhani.

Nalika prau obah maheh arep ninggalake panggonan nerusake laku, Astirin rada dheg-dhegan. Mengko dheweke priye yen ora cekelan prau. Apa arep nerusake cekelan prau? Ah, ora! Kekarepane sakawit ora mengkono. Dheweke arep bali menyang dharatan. Apa bisa nglangi mrana? Kudu bisa. Dheweke wis krungu yen dharatan durung pati adoh, dadi mesthine luwih gampang nglangi mrana katimbang terus ngetutake lakune prau. Yen arep menang, kudu wani nyoba merangi. Aja wedi lan pasrah sadurunge nyoba nglawan. Upama nganti klelep marga ucul saka cekelan prau, ya ora papa. Luwih becik klelep lan mati marga nyoba nglangi katimbang awak keponthalan nasibe ala marga ngukuhi urip nyekeli prau.

Prau mungkur, Astirin ngeculake kanthi ora obah. Dheweke ora kuwatir klelep maneh. Lo, la kok bisa kemambang! Sirahe bisa methengel. Dheweke bisa ngendhaleni dhiri, pikiran tetep adreng, awake sanajan diobahake ora kudu kelem wae. Dheweke wis bisa ngawasani banyu segera, diajak kekancan aja nganti nglelepake awake! Bareng prau wis ora keprungu maneh, Astirin kanthi pikiran manther nyoba ngobahake awak, sikil dijejakake, awak dikambangake, tangan kekaro diolahake, tumuju marang panggonane lampur sing pating kerlip. Mesthine sisih kana kae panggonane dharatan Tarakan. Astirin kasil nglakokake awake nyedhaki dharatan sing ana lampune pating krelip mau.

Pranyata nglangi bali menyang Pulo Tarakan luwih gampang. Sedhela wae wis tekan. Saiki Astirin dadi wong mardika maneh. Ora kereh dening sapa-sapa, nanging bisa nglakoni apa kekarepane. Dheweke emoh kecekel tangan liya maneh. Mula sanajan wis kasil ndharat ing Tarakan, dheweke ora grusa-grusu terus mentas ngono wae. Waspada. Tetep umpetan. Isih kuwatir mbokmenawa ana antheke rombongan saka Surabaya sing kudu nggoleki lan nangkep Astirin.

Astirin maspadakake kahanane plabuhan prau. Lan banjur duwe gambaran. Dheweke ya weruh panggonane kapal fery sing ditumpaki wingi. Nanging ora wani nyedhak. Kuwatir yen antheke rombongan wingi ana sing nelik nekani mrono, ora wurung Astirin bakal ketangkep maneh.

Sidane Astirin mentas ing panggonan kang adoh saka panggonan prau. Ake grumbule, akeh ombake. Rada rekasa sethithik, nanging sidane bisa ndharat. Awake atis, sandhangane kebroh, nanging ora kepikiran marga atine seneng dadi wong mardika. Dheweke mung arep golek panggonan kang garing, kang gak kena kanggo pandhelikan sajrone wengi iki. Ing panggonan kang dirasa aman, dheweke wuda, klambine diperesi nganti apuh. Sawise kuwi banjur dienggo maneh. Klambi teles nanging apuh, mesthi enggal garing yen tetap dienggo mengkono. Entuk panggonan kaya tilas omah panjagan. Astirin banjur ndhelik ing kono. Ora kanginan, upama udan ya orang kodanan wong ana payone. Njintel ing kono dheweke bisa turu.

Parak esuk Astirin wis tangi. Saiki kahanane Pulo Tarakan cetha wela-wela. Isih sepi, wong durung akeh sing tangi lan makarya. Marga klambine isih malem, Astirin ora wani menyang dharatan luwih adoh. Dilampu dolanan pasir ing pesisir, karo dhedhe ngepe awak lan klambi. Dadi upama dikonangi wong golek iwak, katon lumrah ing pesisir klambine teles. Nanging sing diarep-arep tenan dheweke enggal ketemu karo wong wadon. Yen padha-padha karo wong wadon, Astirin ora perlu cubriya apa-apa. Wong wadon ing Tarakan, mesthi wong sing golek panguripan kanthi gemi lan trepsila. Ora drengki sing duwe maksud nyilakakake wong wadon liyane. Ora dadi agene rombongan sing arep meres tenagane wong wadon kaume. Lan tenan. Nalika ketemu wong dodol sega ing warung cedhak panggonane prau-prau labuh, tekane Astirin ing kono ora dianggap aneh, ora dianggep liya. Dikira ya anak prawane wong kono sing durung dikenal dening bakul sega.

Weruh Astirin alon-alon nyedhaki panggonane, wong mau nyapa, “Arep tuku sega, Ndhuk?”

Astirin gedheg. Nanging ora banjur nglungani. Malah nyedhak karo mesem-mesem. Dheweke kepengin kenalan, lan ngreti suasanane.

“Laris, nggih, Mak?”

“Lumayan. Ya cukup nggo ngubengake urip. Kowe kok isuk neng kene perlu apa? Kowe rak dudu prawan kene. Ngendi pondhokanmu? Wong dodol sega kuwi kober ngurus-ngurus mengkono margane sing tuku sega lagi dhong mendha.

Wah, kok ndadak takon mengkono barang! Apa wong kene iki kabeh wis kedhaftar, dadi yen ana wong anyar enggal konangan. Yen ora ganep wangsulane, banjur diprekarakake marang polisi? Gek mangka Astirin babar pisan ora duwe tepungan ing kono. Endi sing dipondhoki, sapa jengenge, keperluane ngapa ana kono? Wah, pitakonan kang ora bisa dijawab dening Astirin. Lan yan ora bisa njawab ateges dheweke diawas-awasi. Apa wis tau apa plapuran yen wong keplayu saka Pula Nunukan kuwi kudu endang dibalekake marang rombongane? Apa wong-wong ing Tarakan iki padha katut benci marang wong wadon-wadon sing arep didadekake tenaga kerja peksan ing Nunukan? Wis kondhang eleke? Utawa wis ana panguwasan saka pihak tertemtu sing kudu mbalekake para keplayu kuwi menyang rombongane? Astirin banjur kelingan wong lanang tepungane pemimpin rombongan sing padha pating plirik nyawangi prawan-prawan anyar saka Jawa! Wong-wong kuwi mesthi para antheke pemimpin rombongan! La uga wong wadon dodolan sega iki uga telike organisasi pengiriman wong wadon-wadon mau?

“Kula mung ajeng keceh teng pinggir segara, kalih ningali serngenge mlethek,” wangsulane Astirin ora pati genah. Lirih, ora pati cetha. Karepe andhap-asor, nanging ketara yen satemene wedi, grogi.

“Apa? Priye? Kowe iki bocah endi? Maksudku keluwargane sapa? Terus menyang Tarakan iki perlu apa? Mongsok mung arep keceh banyu segara. Karo nonton mletheke serngenge. Apa ora nyambut gawe? Ora golek penggawean? La terus arep mangan apa? Bocah wadon-wadon sabarakanmu sing tekan kene biyasane asal saka Sukoharjo Sala. Padha dodol jamu ideran. Kowe dudu wong Sukoharjo?”

Wah, Astirin salah tingkah. Mongsok menyang Tarakan mung arep nonton mletheke serngenge ing segara! Dheweke kok ora mikir menawa lungane saka Ngunut kuwi rak iya golek panggaweyan, ta? Mau kok ora blaka kaya mengkono. Yen blaka, bisa uga bakul sega kuwi mbutuhake pembantu, dheweke dikanggokake. 0, prekara, mbiyantu dodol sega, Astirin baut, wong neng Ngunut penggaweyane ya mung ngono kuwi. Nanging, e, ya kebangeten, oncat saka Ngunut saperlu nyingkiri mbiyantu dodolan sega, dilampu keplayu tekan Pulo Tarakan kok penggaweyane panggah: mbiyantu dodolan sega! Ah, emoh! Sanajan saiki dheweke kepepet tenan, mbiyantu dodolan sega luwih becik katimbang dadi buron dioyak-oyak dening pemimpin rombongan saandhahane, Astirin gemang nglakoni dadi pembantune wong dodolan sega!

“Lo, kok ora mangsuli ki priye, ta?! Kowe ki tekan kene melu sapa?”

Pitakon kuwi mesthi ya keprungu dening wong lanang-lanang sing padha andhok ing warung kuwi. Mesthi narik kawigaten, ana cah wadon sajak kleyang kabur kanginan! Padha mesakake? Ora! Sing dirasa Astirin wong-wong mau padha migatekake mergane arep ngrayah kahanane Astirin. Bocah wadon ijen, isih enom, apane ora diincer dadi korbane bajul buntung! Oh, Astirin wis ngalami kuwi, digencet dening Yonan Nur. Wis sepisan kuwi wae! Ora bakal ketilapan maneh!

Anyele Astirin, pitakone bakul sega kuwi sora ora tedhing aling-aling. Malah semune digawe supaya prekarane Astirin, wong wadon enom kleyang kabur kanginen ing Pulo Tarakan, diudhal-udhal dadi ngambra-ngambra ing antarane wong lanang sing padha andhok ing warung. Mangka wong lanang-lanang kuwi sajake para kuli bangunan proyek Pertamina, utawa paling ban¬ter tukang prau sing adol tenaga kasar. Wong lanang-lanang ngendelake golek pangan nganggo otot mengkono yen ana wong wadon klimis sethithik wae polah tingkahe banjur mbanyaki!

Astirin emoh lumuh. Astirin emoh ketleyek maneh. Dheweke kudu duwe kekendelan. Kudu ana sing disombongake. Dheweke toh ora arep sedya urip ing Tarakan? Dheweke mau tekan Tarakan karo sapa? Numpak apa? Ah, iya, dheweke rak kepengin bali menyang Tanah Jawa? Menyang Kutha Surabaya sing diangkah! Kena apa ora blaka yen dheweke mau teka ing Tarakan numpak kapal fery?

“Kula niki adhike Mas Hamdaru, kapten kapal fery nika. Dhateng wingi siyang, enjing wau kula keceh teng laut kalih ningali mletheke serngenge! Mengke siyang kula pun wangsul nilar Pula Tarakan.” Wangsulane Astirin angger wae. Nanging duwe sedya nyombongi lan ngungguli omongane bakul sega kuwi. Lan ben diprungu uga dening wong lanang-lanang kasaran sing padha andhok ing warung.

“0, ngono ta? Dakkira melu sedulurmu sing saka Sukoharjo. Yen durung oleh penggaweyan arep dakkon ngrewangi bakulan sega wae.”

“0, cita-citaku luwih dhuwur tinimbang kuwi, Mak!” panyombonge Astirin. Mung ora diucapake. Sing kemucap liya, “Napa mesthi telase, ta, Mak?”

“Iki mengko jam sanga ngono mesthi wis entek. Terus nyiapke kanggo madhang awan. Ya rame meneh. Kowe asal saka ngendi, ta, Ndhuk?”

“Sking Blitar. Tesih sekolah SMA teng mrika. Niki enten liburan, kula ndherek kangmas kula sing nyambut damel dados kapten kapal, layar teng Tarakan mriki. Mung sedinten, mengke pun wangsul. Mak seking pundi?”

“Saka Kepuh, Sukoharjo. Biyen ya teka mrene dodolan jamu. Nanging saiki wis omah-omah neng kene, terus dodolan sega.”

Marga disombongi mengkono, bakul sega angglong semangate ngurus. Lan marga Astirin ora duwe niyat nglarani ati, mula omongane ya banjur dadi akrab. Malah wong mau nawani sarapan segane. Ditulak dening Astirin. Sanajan satemene wis wayahe sarapan lan perlu kanggone Astirin, nanging dheweke tetap ora gelem nampa wewehe bakul sega mau. Gengsi. Ora pandak yen adhike kapten kapal kok nampa pangan wewehe bakul sega warungan ngono!

“Mboten, kok, Mak. Mengke sekedhap engkas kula pun dicepaki roti bakar kalih susu anget, kok.” Wah, wah! Ngomonge thik muluke! Nanging kuwi ya perlu kanggo nylametake awake ing pulo kang isine wong lanang-lanang pethekelan otote kuwi! Pendheke saiki Astirin kudu pinter omong dhuwur. Ora dienggo sombong-sombongan, nanging kanggo mageri awake lan ngarah cita-citane pisan. Dheweke kuwi calon penyanyi kang misuwur, dadi kebiyasaane urip ya kudu kaya artis-artis kae! Jelas, dheweke dudu anggota masyarakat wong dodol sega pecel maneh! Oh, kuwi wis ditinggalake ing Ngunut kana! Saiki wong-wong sakupenge sing dodol sega katon padha suyud marang dheweke. Ndadekake legane atine Astirin. cekake iki dadi cekelan. “Aku iki artis, wong sing luwar biasa ajine!” Kanthi pikiran mengkono Astirin nglungani warung sega kuwi kanthi janggut ndengengek, mesem ngujiwat rada kemayu barang. “Heh, pancen aku iki wong ayu. Dadi artis kudu sing ayu! Ya rupane, ya klakuane!”

Saiki Astirin mblaur campur wong pedunung Tarakan tanpa was was maneh. Jelas wong Tarakan ora ana sing tepung, lan ora ana nyujanani yen dheweke kuwi satemene wong keplayu saka rombongan tenaga kerja sing dikirim menyang Nunukan! Ora ana sing ngira. Lan mula Astirin ya kudu lelewa kaya artis, seora-orane kaya wisatawan adhike kapten kapal Hamdaru! Jumangkah ethes karo nglagokake wirama Black or White ing atine.

Dheweke saiki arep apa, arep mangan sarapan apa, terus mengko awan arep kepriye, wis meh orang dipreduli maneh. Kuwi kabeh mau marahi ati sumpeg wae! Astirin saiki kudu nyenyeneng pikir, marga wis luput saka cengkremane tengkulak tenaga kerja! Sing seneng, aja mikir sing sedhih-sedhih. Cekake mengko dalane urip lan beja kuwi bakal tinemu, yen Astirin tansah seneng!

Pulo Tarakan katok diubengi nganti jam sewelas awan. Tegese ya mung panggonan sing kerep diambah uwong, didlajahi. Astirin niat plesir tanpa nggawa abot-abote pikir. Bareng wis kemput, klambine ya wis garing mekingking, Astirin jumangkah marani kapal fery. La iya, dheweke wis ngenalake dhirine kadidene adhine Kapten Hamdaru. Kenapa kok ora mulih mrana, menyang kapale? Embuh ketemu sapa lan kepriya lelakon tutuge, Astirin jumangkah tumuju mrana.

Lawang munggah anda kapal wis dibukak. Para sing arep lelungan numpak fery wis padha munggah. Astirin maspadakake saka kadohan, alon, ora kesusu kudu enggal cedhak. Dheweke ora nduweni janji apa-apa, dadi ya sakepenake.

“Heh, kapal iki mengko jam siji rak mbedhol jangkar! Aku kudu melu layer, balik menyang asalku, numpak kapal iki! Kena apa aku suwe-suwe ana ing Tarakan? Heh, iya kudu melu layar!” Mara-mara mrenthul gagasane mengkono.

“Arep menyang endi, kowe?” Endi tiketmu?” pangendhege sing narik tiket ing lawang mlebu menyang andha.

“0, hai! Aku adhine Mas Hamdaru, kapten kapal iki. Arep tilik mrana.”

“Ora oleh. Pak Hamdaru lagi aso, ora nampa tamu. Ora duwe sedulur sing manggon ing Tarakan kene.”

“He-ee, kerenge! Arep ketemu karo kangmas ora oleh! Ya, wis, aku njaluk tulung undangan Pak Sahudin.” Suwarane cemengkling, suka gumbira. Ora lara ditakoni kanthi srengen ngono. Srawung nganggo senjata grapyak, ora gampang mangkel ngono kuwi wae mbukaki atine wong liya.

“Pak Sahudin ya lagi nggethu nyambut gawe!”

“Hihik! Pak Sahudin kuwi jurumudi. Nggethu nyambutgawe apa wong kapale mandheg labuh ngene!” ujare Astirin nyekikik.

“Gak preduli nyambut gawe apa, pokoke ora gelem diganggu gawe!”

“Wah, mbok aja kaku-kaku ngono ta, Maaas-mas! Mbok sing luwes ngono lo, Mas, wong omong-omong karo arek ayu. Gage, undangna kangmasku, Mas Hamdaru, mumpung sing munggah kapal sela.”

“Heh, ora bisa! Yen aku ninggalake panggonan iki rak ateges nglirwakake tugas. Bisa aku dipecat. Terus sing arep ngopeni bojoku kowe, ya?”

“Alalala! Ngono wae sorol! Nggondhok! Bojo barang dicandhak! Wis, ngene wae. Yen kowe ora bisa ninggalake tugas, aku idinana munggah menyang kamare Mas Hamdaru sedhiluuuk wae! Ora-ora yen kowe dipecat marga nguculake aku nekani kangmase!”

“Ya ora bisa. Kamar kapten kok ditiliki wong njaba. Ora kena. Ditulis neng kana, lyang tidak berkepentingan dilarang masuk’. Wis genah, ta?”

“Iya. Kuwi rak yen kapal mlaku. Karo dene aku pancene duwe kepentingan ki! Dadi tulisan kuwi ora payu tumrap aku.”

“0, bocah kok ngeyel wae! Wis, pokoke ora oleh mlebu ya ora oleh, yen tanpa tiket! Ojok nyobak nggregik aku, kowe!”

“He-eee, thik kerenge! Kaya herder wae! Wis, temen tah, Mas, aku gak oleh munggah kapal nemoni kangmasku? Titenana, ya, wis dakcathet jenengmu. Daklapurake menyang direksi perusahaan kapala lan kangmasku. Mengko yen mara-rnara kowe dipecat, ngretia merga jam iki kowe ora ngolehake adhike Kapten Hamdaru mertamu menyang kapal!”

“Lapurna!”

“Tenan, lo, iki. Yen kowe dipecat apa sing koenggo ngopeni bojomu, he? Kowe ki babar pisan ora welas karo bojomu, ya?”

Sing jaga lawang andha dadi sumelang uga krungu ancamane Astirin. Omonge cah wadon kuwi mantep, sajak ngyakinake. Mengko gek dilapurake tenan. Mengko gek cah wadon kuwi duwe gayutan cedhak karo wong-wong ndhuwuran?

Astirin mlaku nglungani. Atine rada cuwa, ikhtiyare ngepek atine tukang jaga tiket kuwi ora kasil. Ateges dheweke ora bisa sesambungan karo Sahudin brengos utawa Hamdaru ngganteng. Yen ora bisa sesambungan, ya teges anggone arep melu kapal bali menyang Balikpapan wurung! Kamangka pirang wulan maneh ana kapal mengkono labuh ing Tarakan? Lan sajrone ngenteni kapal teka ing Tarakan kono, Astirin nyambutgawe lan mangan apa?

Ah, dheweke kudu bisa sapatemon karo Sahudin utawa Hamdaru sadurunge kapal budhal! Kudu! Astirin kudu golek akal. Kudu wani nekad, wani isin, wani nyoba! Sanajan getir ya kudu dilakoni. Priye, ya? Lingak-linguk kok ora ana wong sing arep munggah kapal maneh. Anaa uwong ing sakiwa tengene kono ya padha tandang gawene dhewe-dhewe, utawa leren marga panase serngenge, nanging ora padha nyedhaki andha kapal, ora arep numpak kapal. Awan kuwi ing plabuhan panas sepi. Astirin mara-mara balik cengkelak, mlaku teteg kaya mau marani panggonan tukang mriksa tiket mlebu numpak kapal. Lakune anteng wae. Tukang jaga tiket sing mau saka kadohan wis nyawang. Ing pikiran wis-wis jaga-jaga, sanajan ngemu pitakonan, arep apa bocah wadon kulit kuwi? Kulite Astirin pancen klebu kuning resik yen dibandhingake karo wong Jawa lumrahe.

“Arep apa maneh?” sentake tukang mriksa tiket.

“Adhuuuh! Adhuuh! Edan, pa priye, kowe ki! Tulung! Tulung! Hus, edan, ki! Emoh! Emoh! Aja gendheng, ta! Culna! Culna! Lo, kok nekad, ta! Hiii! Hiii!” Astirin mara-mara nyekel lengene wong lanang tukang mriksa tiket kuwi, dirangkulake wetenge dhewe. Dene tangan sijine gage ngudhari roke, nganti keplotrok. Reka-reka kecipuhan nutupi awake sing kedhodhoran, Astirin banjur lungguh nglosot ing sacedhake sikile tukang tiket. Ora lali malah mlorotake roke, nganti pupune katon ngegla. Tumingkah iwut kaya mengkono karo tetep muni-muni, misuh-misuh, jejerit, lan njaluk tulung. Disawang saklebatan kayane tukang mriksa tiket mlebu kuwi ngganggu gawe Astirin, nganti sing digodha roke kedhodhoran. Mangka satemene tukang tiket mau ndomblong ora ngerti apa karepe Astirin. Dongong, kami tenggengen semu kaget, dene Astirin kok tingkahe kaya mengkono. Dheweke kepeksa tetulung, mbungkuk arep ngedegake Astirin. Nanging dhestun Astirin nggrayang lan nggeret tangan sing arep tetulung mau menyang pernah bangkekane. Kecekel bangkekane mengkono, Astirin njejak-njejakake sikile, nganti cothange katon ngegla.

“Hee! Hee! Kowe kuwi kena apa?! Heh, kena apa?” suwe-suwe wong lanang tukang mriksa tiket ora kuwat nahan bingunge. Getak sentak marang Astirin. Panggah bingung wae, arep kudu tandang kepriye!

Mesthi wae kahanan kaya mengkono mau narik kawigaten wong-wong kang ana ing sacedhake kono. Ana wong lima, enem, pitu padha pating grudug mrepegi panggonan bengkerengan kuwi.

“Tulung! Tulung! Wong iki, lo, arep ngudani aku! Aku arep kepengin ketemu kangmasku ing kapal kana orang oleh, ndadak aku arep diwudani! Kurangajar!”

Bareng wong akeh padha ngrubung, Astirin uwal saka anggone gujer-gujeran, kecincalan tangi karo cepetan njupuk roke dianggo nutupi pupune.

“Lo! Aku ora papa, kok! Dheweke sing teka dhewe terus gulung koming kaya mengkono! Edan, kok, sajake cah wadon iki!” pambantahe tukang mriksa tiket.

“Ora papa apane, wong genah aku nembung arep ketemu kangmasku nganggo cara becik-becik terus kongngungrum, kokgrayangi awakku, jare kudu digledhah ngono. Aku ora nggawa apa-apa aku ya manut. Nanging bareng wiwit ngudhari rokku, aku ya bangga, dakcoba mekak karepe! Kurangajar, dumeh kahanan sepi wae wani laku cidra! Ora genah, ki!”

“Tong, kowe ki priye, ta? Awan-awan kok ya wani nggodha wong wedok kaya ngono!” wong-wong sing ngrubung wiwit padha campur tangan.

“Sumpah! Aku ora arep gawe onya! Ora arep gawe geger! Dheweke dhewe sing nyedhaki aku terus ngudhari roke, niba-niba kaya mau!”

“Aja mukir, kowe! Yen ora ana niyatmu nakali aku, rak mangsa aku wuda kaya mengkene! Lan perluku mung arep ketemu kangmasku sedhela, kok ora oleh!”

“Edan, ki! Ngisin-isinke aku! Lonthee…!”

“Wis, Tong! Atong! Aja kok tutugke! Sareh! Karepe bocah iki ngapa?”

“Arep munggah menyang kapal orang nggawa tiket!”

“Aku arep ketemu Mas Hamdaru. Ngono wae kok kudu digledah, digrayang-grayang awakku!”

“Ya ora susah dingonokake, ta, Tong!” laruhe sawenehe wong lanang.

“Aku ora nggrayang ora barang!” wangsulane Atong muring. Omonge sentak.

“Ah, yen orang duwe niyat ala aku rak wis dililani munggah menyang kapal, wong jenenge kamasku ya wis daksebut cetha. Mas Hamdaru. utawa Pak Sahudin sing brengos nylaprang. Lo, rak wis genah, ta? Ngono ndadak ethok-ethok aku kudu digledhah barang! Ya, gledhahen, wong aku ora nggawa apa-apa. Nanging nggledhah ya nggledhah, ora susah nggrayangi dhadha lan ngudhari rok!”

“Sing tumindak ngono ki sapaaa?!! Sing tumindak ngono ki sapa?!!” pambengoke Atong jengkel banget.

“La kuwi mau, aku nganti ginjal-ginjal nutupi lan ngukuhi kawiranganku! Seksine akeh, kabeh wong samene iki padha weruh!”

“0, dadaktemi pisan, cah wedok kok nekade eram!”

“Atong! Atong! Wis, ta. Wong bocahe tuntutane ora akeh, lo. Mung arep ketemu Pak Sahudin. Ya wis ben kana, ta, ketemu.”

“Sing jaga kene ora ana! Sing ngeterke mrana sapa? Aku rak kuwatir dheweke dadi penumpang gelap!”

“Ora susah diterke aku weruh nggone! Kowe mau sing nglarang!” wancahe Astirin.

“Ya, wis, munggaha mrana! Disekseni wong akeh. Mengko yen nganti kesuwen ora mudhun, aja takon dosa, kowe bakal diubres ing kapal sadurunge kapal budhal!” pakone sawenehe pawongan sing sajake ngreti tenan prekara kapal fery kuwi.

Oleh idin saclumik kaya mengkono, Astirin ora mbuwang wektu maneh, banjur tlincik-tlincik munggah andha kapal kanthi trengginas.

Atong protes, nanging wis ora ana sing mreduli.

Astirin terus wae menek andha luwih dhuwur, marani panggonane Hamdaru. Atine bungah, rumangsa oleh kalonggaran lan menang. Cekake anggere anggone ngetrapke kekarepan kuwi rada ngaya, rada meksa, akeh pepalang mesthi tinarbuka! Bareng ngambah laladan kamare kapten, jantunge saya dheg-dhegan. Arep ketemu Hamdaru, wong lanang enom kang nggantheng. Lagi apa ya, dheweke? Apa isih kelingan Astirin? Lan, apa iki mengko gelem tetulung dheweke? Yen emoh, kepriye? Ah, kok kaya ora ana akal. Mentas wae rak mbatin, yen duwe kekarepan rada ditrepke nekad sithik, ngaya sithik, mengko rak ana dalane klakon.

Dheg-dhegan jantung kaya saemper karo gedruge wirama lagu Black or White. Astirin kelingan nalika tranyakan mrono saperlu nguber swara musik. Nanging nalika kuwi, awan padhang njingglang, sepi, ora anak sabawane musik. Apa Hamdaru lagi metu? Wan, yen metu, mudhun, cilaka. Mangsa kudu nggoleki Pak Sahudin?

Thok-thok-thok! “Mas! Mas Hamdaru! Mas! Sampeyan neng njero?”

Dibaleni ora nganti ping telu lawang kandel dibukak. Rai lanang nggantheng inceng-inceng saka njero.

“Aku, Mas. Pangeran Michael Jackson. Sing ketarik lagu Black or White wingi kae, lo. Rak kelingan, ta?” ucape Astirin suwarane renyah.

“Lo, kok bali. Kepriye critane!?”

“La aku wedi banget yen kaya sing dicritaake Pak Sahudin, dadi aku ya minggat saka rombongan. Njegur segara. Dikira mati klelep mau bengi. Prau rombongan terus ninggalake aku, aku terus nglangi bali menyang kene. Anu, Mas. Aku tulungana ya. Aku mau munggah kapal tanpa tiket. Aku alasan nggoleki sampeyan. Diolehi, pokok sampeyan enggal muncul ngabani yen aku beres dadi tamumu. Gage, Mas, wong-wong ing ngisor kae temonana.”

“Lo, kuwi pancen nglanggar aturan! Saliyane anak kapal wayahe nampa penumpang ngene munggah kapal kudu nganggo tiket.”

“Alaa, wong wong-wong kae ya ngolehi lo, yen sampeyan terus methungul. Tandha yen aku ora ngapusi, munggah kapal mrene arep nemoni sampeyan,” omonge Astirin tetep renyah. Sajakwis nyedulur tenan.

Hamdaru ambegan landhung. “Sik, dakklamben!” wasana kandhane.

Beres. Hamdaru kepeksa mudhun menyang dhek, lan anguk-anguk ngandhani wong sing padha ngenteni ing pucuke andha ngisor. Tangane Hamdaru ngedhahi, Astirin melu-melu ing sacedhake, karo ngguyu ramah.

“Saiki karepmu kepriye?”

“Aku tulungana melu dadi penumpang kapal iki bali menyang Balikpapan.”

“Wah, la mengko yen wonge rombonganmu ngonangi kowe neng kene, kepriye?”

“0, ora bakal! Wong mau bengi wis udur karo tukang praune, ditinggal apa aku digoleki dhisik. Barang wis katog nggoleki aku ora ketemu, aku dianggep klelep ing segara, terus ditinggal nutugake laku. Ora bakal wong-wong kuwi dina iki lapur utawa ngakon nggoleki aku ing Tarakan kene.”

“La yen ana mata-matane ing kapal iki. Ana sing apal karo kowe dhek wingi. Lan saiki kok banjur weruh maneh ing kapal iki, mengko rak ya banjur cubriya. Terus kowe diurus. Kowe nggubedake aku. Rak cilaka!”

“Alaa-laa-laa! Olehe mbulet. Ora-ora yen ana wong sing niteni aku klebu wong sing melu rombongan wingi. Wong wiwit munggah kapal kene aku terus mabuk, ora bisa tangi. Tangi bareng wis bengi, peteng. Lan aku terus keluyuran, ora campur karo wong-wong rombonganku. Dadi mesthi ora ana sing niteni aku. Upama nitenana, ya ora ngira yen aku saka rombongan tenaga kerja paksa kuwi!”

Hamdaru meneng, alise munggah, ketara yen mikir-mikir.

“Apa sampeyen seneng yeng aku keplantrang menyang Tawao? Ben keplantrang-keplantranga, pokok sampeyan ora katut kena prekara, ngono apa priye? Apa sampeyan ora mesakake aku yen nganti dadi buron ing Malaysia?” si remaja putri lelewa Mripate mleruk, nanging tangane uthik-uthik lengene wong lanang nggantheng kuwi. “Gage, ta, Mas. Sepisan iki aku tulungana!”

“Sik. Daknjaluk tetimbangan Sahudin. Dheweke sing dhek wingi uga ngrenahake prekaramu. Prayoga njaluk urun pikire.” Muni mengkono Hamdaru mlaku nggoleki jurumudhine. Astirin nginthil teras wae.

Wong sing padha arep numpak kapal wis padha mapan klase dhewe-dhewe. Ing dhek uga wis akeh, padha milih panggonan dhewe-dhewe. Kurang sakjam maneh jadwale kapal arep budhal.

Ketemu Sahudin nalika arep munggah menyang kabin penumpang klas. Sahudin ora lali karo Astirin. Dikojahi Astirin yen dheweke kasil minggat nyemplung segara saka rombongan tenaga kerja apus-apus, Sahudin ketara melu seneng.

“Sokur, sokur, yen kowe bisa uwal saka cengkremane blantik tenaga kerja kuwi. Aku wis ndongakake elek wase karo organisasi pedagang wong wadon kuwi! Mula aku crita akeh-akeh marang kowe dhek wingi kae. Aku ora duwe niyat njlomprongake kowe sakancamu kae kabeh. Yen bisa ya kabeh wae uwala. Persoalan blantik manungsa ngono kuwi ora jujur. Gek akibate ya pancen ngeres-eresi ati. Aku mung mesakake thok, yen mikirake prawan-prawan sing padha kapusan kaya kowe ngono kuwi!”

“La banjur, kepriye saiki prekarane Dhik Astirin iki? Dheweke apa oleh nunut kapal kita balik menyang Balikpapan?” pamunggele Hamdaru “Ya wis ditulung pisan, ta, Kap. Disingitake ing kamarmu kaya mau bengi.”

“His! Yen ana andhahan sing ngonangi bisa lapur marang Perusahaan.”

“Ya ngene wae. Dakjupukne tiket bebas ing kantor. Dadi dheweke bisa dianggep penumpang resmi. Tiket dhek wae rak ya ora papa, ta? Kanthi mengkono dheweke bisa oleh rangsum barang. Dene saupama ana sing ngonangi ana kabinmu, alasane rak bisa dheweke mung kepengin ngrungokake musik. Nanging bisa nuduhake tikete yen dheweke penumpang resmi!” jlentreh pangrenahe wong lanang brewoken kuwi. Brewoken, nanging ulate ora medeni, ora angker, lan atine lembah manah.

“Yen, wis, yen mengkono melua Sahudin iki mudhun dhisik menyang kantor. Ben digolekake tiket. Yen perlu mbayar ya mengko dakbayarane, talangana dhisik, ya, Din!” ujare Hamdaru. Dheweke satemene ya trenyuh ngrasakake lelakone Astirin.

Kanthi nyekel tiket, baline menyang kapal Astirin wis wani dhewe. Ora perlu tansah nginthil Sahudin utawa Hamdaru. Astirin ya ngreti, wong-wong kuwi padha nyambut gawe, lan ngecakake disiplin tenanan. Astirin ora gelem ngriwuki ngono, upama bisaa. Saiki dheweke perlu mencar, supaya ora disujanani penumpang liyane.

Jam siji jangkar dibedhol. Mesine jung-jung miwiti seru unine. Kapal fery oncat ninggalake Tarakan. Rada adoh sithik, langsung para penumpang didumi rangsum. Akeh penumpang sing wis padha mangan sadurunge kapal brangkat, dadi rangsume ora patia payu. Nanging Astirin kang wingi sewengi lan satugel dina awan iki ora mangan apa-apa, rangsume disarap kanthi dhokoh.

Durung nganti sakjam saka anggone brangkat, fery wis ana satengahe laut. Ombake segara gedhe wiwit nglengake kapala. Kapal dadi kampul-kampul gonjang-ganjing. Astirin wetenge krasa kaya diudheg. Kudu arep mutah wae. Sirahe puyeng. Dheweke kepengin turon lan merem. Golek papan sing ndhelik ing tengah dhek.

“Arep apa kowe?”

Astirin ora sida nyelehake awak. Sing nyapa Hamdaru, kang merlokake nliti kahanane para penumpang. Satemene sing paling dipikiri ya Astirin.

“Aku mabuk. Ngelune ora jemak! Wetengku sebab, pating kruwel.”

“Ayo, nyang kabinku kana!”

Astirin ora nganti ditari ping pindho. Tanpa isan-isin dheweke terus ngamplok nggujengi lengene Hamdaru. Wis, jan ngglele tenan! Digawa munggah andha prasasat diseret wae karo sing nglawani. Mlebu ing kabin terus dibrukake ing dhipan, brug! Wahdhuuuh isine weteng jempalitan! Arep mukok.

“Kene! Kene, iki diombe dhisik. Ayo, njenggelek!” Astirin krasa awake dirangkul bakoh dening Hamdaru, terus tutuke krasa didulangi pil. Lan banjur digontor banyu omben. Glegeg, glegeg, clegug! Meh wae keselak. Banyu lan pil wis klakon mangsuk wadhuk. Ah, kebangeten awak iki. Angger munggah kapal kok terus puyeng! Astirin wis kudu ambruk nggloso wae. Nanging sajake Hamdaru isih merlokake supaya Astirin tetep lungguh. Supaya barang kang mentas diulu kuwi mlebu tenan ing wadhuke. Mlebu tenan! Astirin ya krasa dirangkul, dikekep. Ana rasa seneng dingonokake. Upama diambung ngono Astirin ye gelem. Hamdaru wonge nggantheng sih! Nanging Astirin wis ora eling bab-bab kang kaya mengkono kuwi. Kudu ambruk wae. Lan, les, turu. Turu kepati.

Kahanane beda banget karo omah sewane Yohan Nur. Dhek samana Astirin ya kesel, kepengin turu, ngantuk banget. Nanging ing tengahe turu, dheweke kaget, kegugah marga diuyel-uyel wong lanang kancane mubeng-mubeng numpak angkutan kota. Astirin dadi mrinding kabeh awake, nanging arep bangga ora bisa marga wis dikurepi awak lanang muda. Astirin risi, benci, suthik, ngemoho awake sing wis kesel, ora kuwawa nglawan kridhane nafsu lanang kang ngrudapeksa nggujer Astirin.

Upama ing waku mabuk laut iki kedadeyan kaya mengkono, diuyel lan digrayang dening Hamdaru, Astirin ora arep bangga. Ora arep nulak. Awake ora ngrasa risi, nanging seneng. Les!!

Kecipuk-kecipuk, Astirin mlaku ing lumahe banyu segera. Atine bungah, marga rumangsane dikancani karo wong lanang sing tau dicritakake dening emake. Jare emake biyen ketemu karo wong lanang mau ing wanci surup. Wonge numpak jip, sing nyopir wong Jawa. Astirum diglendheng mlebu jip, terus rerangkulan karo wong lanang mau. Ing njero jip wis ana wong wadon liyane. Jip banjur dibandhangake menyang luwar kota Tulungagung. Ngidul, ngulon. Tekan pesanggrahan pinggire segara.

Emake seneng banget dolan-dolan padhang rembulan ing plataran pesanggrahan kono. Seneng marga dikancani wong lanang sing mau nggawa dheweke saka pinggir dalan Kutha Tulungagung. Emak wis makaping-kaping ndongeng prekara lungan karo wong numpak jip menyang pasanggrahan ing pinggir laut, swarane ombak gebyar-gebyur sewengi muput, padhang rembulan cahyane kuning remeng-remeng, lan wong lanang kuwi ngancani kanthi gumati. Critane tansah bungah. La saiki, wong lanang kuwi, wong lanang sing ndhemeni emake, saiki ngancani Astirin, nganthi Astirin, kecipuk-kecipuk mlayu ing banyu cethek pinggir segara. Banjur mentas, nanging isih nutugake mlayu, saiki nrabas pasukaten lan kebon kembang kang lagi padha mekrok maneka warna ulese. Ah, senenge. Astirin ngguyu-ngguyu dirangkul bangkekane. Anget, aman, ngayomi. Astirin kesengsem banget gesrekan kulit karo wong lanang mau. Nah, tiba kruntelan wong loro. Tiba ora lara, malah seneng kruntelan, cekikikan …. !

“Dhik Astirin ! Rin ! Dhik Rin ! Tangi! wis surup ! Eh, wong durung tangi kok wis mesem-mesem! Ayo, tangi, surup !”

Byar! Taman kembang meneka warna mau ilang blas. Uga wong lanang sing kruntelan karo dheweke. Lunga menyang endi, anggelani. Ora. La kuwi, isih nggoyog-oyog lengenmu. Dudu. Dudu sing ana ing impen. Iki suwarane Hamdaru.

“Oh-ha-hem! Aku keturon, Mas !” Ngreti yen sing nggugah, sing nggoyog-hoyog Hamdaru, Astirin terus sora isin-isin molet ndawakake awake. Orang nglegewa klambine sing mbledheh keminceng kutange kang menthek-menthek.

“Ya ora keturon jenenge. Niyate turu, wong wiwit jam loro nganti surup!”

“Isih ngantuk, ki, aku,” karo ngriyip lan mesem.

“Hus, La aku mengko turu ngendi, yen kowe turu kene?”

“Kruntelan karo aku, emoh?”

“Ah, isih cilik! Tangi! Ayo, rak wis mari mabuke! Kana, ndang adus. Sedhela engkas rangsum diedum.”

“Aku mau diombeni apa ta, Mas? Kok terus kaya dipati rasa, blas ora krasa apa-apa, turu pules.”

“Dakwenehi obat tidur. Kuwi, ana sak tube”.

“Cespleng, ya! Mangsa diombeni langsung ora eling.”

“Ya wis genah. Gaweyan Inggris, kok. Aku diwenehi pelaut Inggris sing ketemu labuh ing Bontang.”

“Ndeleng, mas, wadhahe. Yen tuku pira, ya ? Aku mabukan, e. Dadi ya butuh kaya ngene iki,” ujare Astirin karo nyawang bumbung plastik sing dicekeli. Ing kono ana tulisane warna ijo lan miring : Soporific. Terus ana logone pabrik obat sing ngetokake.

“Yen ngono gawenen. Aku ton ora kanggo. Karo dene obat-obatan ngono ing kene akeh. Mung wae aja kerep-kerep kokombe. Yen kekerepen marahi awakmu rusak.”

“Ala, mung kari pira ta iki. Paling mung lima iji. Ora bakal kerep dakombe, yen mabukku ora banget-banget.”

“Karo yen ngombe goleka papan sing aman. Sing dhelik. Obat kuwi keras, yen wis keturon kaya kowe mau, terus ora eling apa-apa tenan. La yen ngombemu ing pinggire prau, umpamane, bisa kowe kecemplung segara isih turu, ora eling!”

Bumbung plastik Soporific disimpen ing njero kutange.

Bubar adus, bubar mangan, Astirin bali maneh muncul ing kabine Kapten. Ngrungokake radhio, omong-omong, rembugan bab dhirine, lan angen-angene.

“Besuk yen Dhik Astirin wis misuwur lan brewu mesti ora eling maneh karo kene,” onggoronge Hamdaru. Nalika samono jurumudhi Sahudin ia melu ngumpul.

“Ah, ora. Aku mesti kelingan. Ora sah yen misuwur, yen aku bisa golek dhuwit cukup wae dhuwit tukon tiket Tarakan -Balikpapan iki mesti dakganti, dak saur. Tenan, kok.”

“Omong-omong, yen duwe kebisan menyanyi, apa ora nyoba urip ing Bontang? Bontang saiki dadi kutha maju bareng ana pabrike gas alam lan liya-liyane. Akeh wong manca padha dikontrak nyambutgawe ing kana. Kanggo ngrengengake masarakate wong manca banjur madeg bar lan restoran, utawa night-club. Ana band lan musike, lan ugo anekakake penyanyi saka njaban rangkah. Kena apa ora nyoba dadi penyanyi ing kana?” pamrayogan Hamdaru.

“Mangsa iya? “Bontang kuwi ngendi, ta?’

“Fery iki mengko rak ya mampir ing Bontang. Dhek wingi nalika budhal kowe apa ora eling kene labuh ing kana?”

“Ora. Wingi aku budhal saka Balikpapan ya terus byuk, ambruk mabuk ngonooo.”

“La yen Tanah Jawa durung karuwan pencokane, dakkira dicoba wae urip ing Bontang,” Sahudin melu mrenahake. “Sebab saka Balikpapan menyang Surabaya yen numpak kapal ya suwe, ongkos larang. Apa maneh numpak montor mabur. Mangka kowe oleh dhuwit saka ngendi?”

“Pancen. Karepku ya ora kudu aku menyang Tanah Jawa. Sanajan ing Balikpapan, nanging aku bisa nutugake urip kanthi becik, karepku arep daklakoni. Apamaneh aku duwe karep kenceng kudu enggal bisa nyaur utangku mbayar tiket Tarakan-Balikpapan iki. Dadi, umpama ora ing Balikpapan, ing Bontang bisa, ya aku oleh panguripan?”

‘Yen kowe ora wegahan, Bontang dakkira luwih kena diarep-arep papan kanggo nyambung umurmu. Cobanen dhisik. Dene yen wis katog kowe ora bisa urip, isih bisa nyegat fery iki, nemoni aku utawa Sahudin. Seminggu ping pindho apese fery iki liwat lan mampir Bontang. Nanging ya mung kuwi, ing Balikpapan utawa ing Bontang, aku ora bisa aweh pitulungan luwih akeh maneh. Sanajan ing kutha-kutha kuwi aku duwe tepungan, nanging toh ora bisa aku ngelokake kowe marang tepunganku kuwi”.

“0, iya! Iya! aku bisa diutangi tiket bali saka Tarakan iki wae wis matur nuwun banget, kok. Ora papa. Aku wani kok urip lan golek panguripan dhewe ing kana mengko. Wong lunga menyang Surabaya wingi kae aku ya tanpa pencokan kang genah. Ya anggere hak asasi kadidene manungsa mardika lan warga negara isih ajen keringan, aku isih wani nerusake urip dhewe”.

“Bagus. Pancen yen klakon nyabrang menyang Tawao aku wae wis nguwatirake, kepriye bakal sengsarane urip neng kana. Mula yen bisa dakpenggak. Yen dibandhingake karo urip ing Malaysia kadidene manungsa buron. Dakkira napas kanggo urip ing Balikpapan utawa Bontang luwih dening kepenak. Kari manut upadaya lan niyat tekade pribadi dhewe wae,” tuture Sahudin. Katon banget ngrengkuhe marang Astirin kaya anak.

Astirin trenyuh atine.

Bareng wis ngancik wengi lan Sahudin bali tugas, Astirin uga metu saka kabine Kapten. Dheweke bali menyang dhek, menyang panggonane mau. Turu.

Sidane Astirin mudhun ing Bontang.

“Dhik Astirin. Aku ora bisa ngeterake kowe mudhun. Aku lan Sahudin ora oleh mudhun yen kapal isih ana penumpange. Dadi ya dakuntabake saka kabin kene wae, ya. Aja dadi atimu,” ujare Hamdaru nalika Astirin esuke pamit munggah menyang kabine Kapten. “Iki aku mung bisa bathon ngumpulake dhuwit kanggo sangu sajrone kowe golek gaweyan sedina rong dina ing Bontang mengko, saka aku lan Sahudin.” Muni mengkono Hamdaru karo ngulungake dhuwit lembaran rong puluh ewuan loro lan sepuluh ewuan siji.

Astirin nyawang Hamdaru, mak brebel eluhe metu. Ora bisa mucap apa-apa, mripate kembeng eluh. Ora kuwat nahan awake, Astirin banjur gapyuk ngrangkul Hamdaru, tangise disuntak ing dhadhane wong lanang kuwi. Hamdaru ora nyata ora mung nggantheng rupane, nanging ugo atine! Astirin krasa banget ing rangkulane wong lanang kuwi. Ora rumangsa kijenan urip ing donya. Pranyata ing donya degsiya iki isine ana uga wong kang ambeg welas tanpa pamrih!

“Adhepana masyarakat Bontang kanthi tatag lan teteg, ya, Dhik. Aja tansah uwas. Kowe duwe kekendelan mbetot saka iline leiakon, dakkira bakal duwe kekuwatan kanggo nyagaki uripmu. Aku mung bisa mituturi kowe, nanging ora bisa tansah ngancani kowe. Kuwi mesthi dilakoni dening saben menungsa. Dadi aja cilikan aten sanajan kowe mung ijen tanpa rowang!” gremeng-gremeng Hamdaru karo ngusek-ngusek rambute Astirin sing nempel ing dhadhane.

Astirin ngepenake kencenge pikir, tumenga nyawang kangmase. Iya. Hamdaru disengguh sedulure tuwa. “Dakestokake, Mas. Dakestokake pituturmu!” bisike lambe tipis kuwi.

Wong loro pepandengan, banjur Hamdaru ngecup lambe kang gemeter kuwi.

“Wis, gek bhudhala berjuang!”

Astirin ambegan dawa, misahake dhiri, banjur nyawang Sahudin sing kawit mau uga ngestreni perpisahan kuwi.

“Pak Sahudin, sampeyan sulihe bapakku!” pangatage Astirin karo nubruk dhadhane wong lanang brengosen kuwi.

Sahudin wis siyap nampani rangkulan. Lan uga ngesuni raine Astirin kanthi rumaket.

“‘Yen kowe arep urip kang jejeg, aja mung mergawe apa sing koksenengi. Luwih becik nglakonana sing kowe rekasa, nanging bisa nyenengake wong liya, sing dibutuhake wong liya. Yen wong liya wis butuh kowe, kuwi kowe bakal bisa urip seneng. Kowe ora gumantung marang wong liya, nanging wong akeh gumantung marang kowe! Kowe seneng menyanyi, aja mung menyanyi ing panggonane wong Bontang kang kepengen mangan enak. Luwih becik peksanen kowe mangsak panganan kang enak, sanajan mangsak mono rekasa kanggomu. Ngreti karepku?”

Mesthi wae Astirin ngreti tenan sing dikarepake Sahudin. Wis wiwit critane bab wong-wong sing dislundupake menyang Tawao. Astirin ngreti yen wong lanang brengosen nylaprang kuwi duwe rasa ngeman marang dheweke. Wong lanang kang swarane seru iki satemene sing nggugah atine Astirin supaya gamreggah saka anggone kentir manut iline lelakon. Wong urip kuwi ora oleh kentir kebandhang mangisor yen kepingin mlangkring ana ndhuwuran. Kudu cawe-cawe, kudu nglangi, kudu nyoba kemranggeh supaya aja kentir. Lan merga rembuge Sahudin kuwi Astirin wis nglakoni polah-polah nglangi, nglangi kang tenan ing segara. Lan ora kentir tekan Nunukan! Tekan Tawao, Malaysia, dadi buron wanita dagangan! Marga critane Sahudin kuwi saiki Astirin bali gemregah nantang urip, arep nyoba urip ing Bontang! Ohh, Astirin kepotangan moral kang ora baen-baen marang wong lanang kang pawakane gedhe dhuwur, suwarane bantas kuwi.

“Gusti Allah wis nemokake aku karo Pak Sahudin lan Mas Hamdaru, kang dadi panulungku!” greget-greget Astirin ngekep dhadhane Sahudin.

Kutha Surabaya diambah sepisan dening Astirin kanthi kebak ing pangarep-arep bakal urip kepenak ing kono. Sidane kepleset. Kutha Tarakan diambah dening Astirin kanthi sumelange ati, kuwatir yen padununge melu balane blantik tenaga wanita sing arep ngirimake menyang Nunukan. Slamet, marga Astirin migunakake siasat. Ora ngalah. Saiki sepisanan Astirin ngidak Kutha Bontang. Mangsa arep kepleset maneh? Kaya wingi esuk, Astirin ora gage nemoni sadhengah uwong, nanging luwih dhisik nganglang njlajahi kutha, milang-miling panggonan kang sajake bisa kena kanggo pancadan urip.

Bontang pranyata kutha pabrik. Kutha industri. Kutha sing akeh bangunan gedhe-gedhe, nanging ora wujud omah sing dipanggoni uwong. Kutha sing kebak karo pipa wesi, omah seng, ketel pating plenthu, kapal labuh gedhe-gedhe mesin dherek, truk raksasa. Astirin sok rumangsa dadi wong cilik banget yen pinuju ing sawenehe papan amba sing dikebaki bangunan gedhe sakohah.

Sawise nlajahi kutha nganti kemput, Astirin nemokake panggonan kang prenahe rada adoh saka dhaerah pabrik utawa industri, panggonan omah sing akeh toko lan keperluan bedinan masyarakat. Ana bank, restoran, warung, dodolan barang palen. Uga nite club. Marga wis kliwat bedhug, Astirin mlebu warung lan mangan. Nalika mangan kuwi. Babar pisan ora ngetarani yen Astirin butuh penggaweyan, kepengin arep golek sandhang pangan ing kutha Bontang kono.

Saka omong-omong sethithik kuwi Astirin ngerti yen panggonan kang rame yen bengi kuwi ing lurung gedhe sing nuju menyang plabuhan. Sing mau wis diliwati, Bubar mangan lan ngombe, Astirin nutugake mlaku-mlaku, bali menyang plabuhan. Saiki mripate luwih dielekake amba. Bareng panyawange nabrak sawenehe gedhong ditulisi Bar & Restorant Blue Moon, Astirin mandheg. Maspadakake. Sing narik kawigatene kajaba tulisan kang dhasare biru enom, ana gambare piranti musik, yakuwi drum, klarinet, saksofon lan gitar. Yen toko musik, mesthi dudu. Nanging njerone mesthi ana gegayutane karo musik. Astirin kumejot atine arep mlebu wae. Dheweke selak kepingin nyoba kelantipane menyanyi. Nanging salika kuwi kelingan pituture Sahudin. “Kowe seneng menyanyi, nanging aja mung menyanyi angger wae. Prayoga tandangana olah-olah sing rakasa kanggomu, nanging kena kokenggo cagak urip, ketimbang kowe menyanyi nyenengake awakmu nanging ora bisa kokenggo urip!” Saka ngarepan sepi wae. Lawang sing dibukak ciut, kuwi wae banjur diali-alingi kordhen ireng kandel, dadi njerone ora bisa ditonton. Astirin wis nyabrang dalan ngener mrono, nanging sawise tekan ngarepe banjur nylingker nontoni kahanane gedhong kuwi. Astirin kepengingin mlebu nanging ora liwat ngarep. Mula bareng ana gang ciut sing mblusuk menyang mburi bangunan, Astirin mlebu mrono. Sepi wong. Astirin nekad wae, nggoleki dalan tembusan sing arahe menyang Bar & Restorant mau. Ana lawang butulan. Dheweke nyoba mbukak, bisa. Banjur mlebu mblusuk. Ora ana wong ngonangi. Terus wae dheweke mlebu. Peteng. Ngliwati gang dawa, terus anjog ing ruangan amba. Dheweke krunggu musik lagi ditabuh. Banjur tekan ruwangan jembar, ana kursi lan mejane pating pontha. Ana panggunge. Lan ing panggung kuwi ana wong lagi padha main band-band-an. Astirin maspadakake kanthi singitan ing panggonan kang ndhelik.

Sajake wong-wong kuwi lagi padha gladhen menyanyi karo musik. Kajaba wong-wong sing nabuh musik, ana cah wadon telu sing gentenan nyoba suwarane, nyoba lagune. Nyenengake banget! Lagu-lagu sing dijajal lagu-Iagu manca sing diapali Astirin. 0, bisa dheweke yen mung lagu-iagu kuwi! Malah sebagian klebu lagu kuna. kaya ta My Way, utawa Brokenharted Melody sing dinyanyekake cah wadon sing nganggo rok biru. Ah, atine kroncalan wae. Kudu-kudua arep nggabung. Nanging apa ya bisa banjur ditampa ngono wae? Kudu ana siasate. Astirin emoh tiba kesleo kaya dhek mudhun bis kota ing Surabaya kae! Kudu waspada.

Cukup suwe Astirin nunggoni lan inceng-inceng wong latihan nyanyi. Banjur ana wong wadon nggawa baki, laden omben-omben lan panganan kanggo para sing latihan musik. Astirin ngawasi terus wong wadon kuwi. Roke prasaja, rambute njebobog akung, rupane ora ayu. Bubar nggladekake suguhan, wong mau terus metu liwat lawang sing sisih kana. Astirin gage muncul saka pandhelikane, lan nututi cah waodn mau. Umur-umurane sabarakane.

“Ee, Mbak, Peladen! Mandhega dhisik!” panyapane Astirin kang nututi mlebu saka ruang musik.

Bocah mau noleh, lan mandheg. “Wonten ingkang kirang?”

“Ora. Ora ana sing kurang, aku mung kepengin takon, apa kowe nyambutgawe ing kene? wis suwe? Sapa majikanmu?”

“Pun. Pun tigang tahun. Kula ndherek Bu Mirenani. Bagian dhapure mriki. Napaa?”

“Enak, ya nyambut gawe neng kene ?”

“Enggih ngaten niki. Remen wong angsal panggenan tilem, lan setaun ping kalih pareng mantuk teng Njawi. Sampeyan penyanyi enggal, nggih?”

Astirin ora preduli pitakone cah kuwi. “Apa saiki aku bisa ketemu karo Bu Mirenani ?”

“0, ajeng pesen njajan, ta ? Saged. Mangga, kula dherekake mrika!”

Sanajan atine Astirin dheg-dhegan, dlamakan sikil lan tangane kringeten, jangkahe diteteg-tetegake supaya ora dhengkelen. Pancen grogi, iki mengko dheweke kandha apa? Mengko gek ditampa srengen, dielokake wong kurang ajar? Ah, priye, ya? Nanging marga langkah iki, langkah kang abot sanggane iki, langkah perjuwangane arep urip, Astirin neka terus wae nemoni Bu Mirenani. Ya mengko yen disentak Astirin lunga rak ora papa. Ora oleh gaweyan ing kene, ing panggonan liya rak ana!.

Mirenani kuwi dedeg piadege dalah ulate pancen mirenani, nyenengake. Biyene mesti prawan ayu merakati. Nanging saiki wis seket taun luwih umure, ya katon ora mbocahi maneh. Nalika digathukake karo Astirin, Bu Mir lagi uthek nggorengi lombok lan brambang.

“Menika, Bu. Wonten penyanyi enggal badhe kepanggih Ibu,” ujare peladen sing ngirit Astirin.

Gage wae disaut Astirin, “Wah, kok repot sanget ketingalipun, Bu, kok dipuntandangi piyambak. Dipunrencangi menapa kados pundi, Bu? Wah, wah nuwun sewu lo, Bu, kula ngresahi!” Suwarane mbranyak, akrap. Embuh, saka endi Astirin nemu lelawa kaya mengkono. Ndadak wae, spontan “

“0, inggih, Nak. La kene wae, sapa sing kena diendelake! Nggih mekaten menika pedamelan kula sadinten-sadinten. La yen bab mangsakan cara Jawa, menika ingkang tandang boten wonten. Mangka sing pesen kathah. Lengganan, Nak. Yen mangsakan Cina napa manca ngaten, tukange cukup. Peladene ayu-ayu. Bareng sing pesenan cara Jawa, wo, yen diganti tangan jarene ilate ora cocok!”

“Wah, kula inggih kepingin magang dhumateng panjenengan kok, Bu. Kepengin rencang-renang, urun tenaga, menawi Ibu marengaken. Kulo magang nggih, Bu, dipuntuntun mangsak sambel goreng”.

“Ah, njenengan ki ana wae, Nak! Wong penyanyi kok kepingin mangsak!”

“Ah, mangsak menika pedamelan ingkang sakalangkung aji tumrap kula, lo, Bu. Pramila kula kepengin sanget mbiyantu Ibu. Saestu menika, Bu.”

“La mengko menyanyine priye ?”

“Nggih mboten menyanyi dhisik. Ndherek mbiyantu mangsak kemawon, kula, inggih, Bu?”

“Ah, Nak iki kok aneh!”

“Nami kula pun Astirin, Bu. Astirin, sanes penyanyi. Pembantu mangsakipun Ibu Mirenani ing Bar & Restau¬rant Blue Moon. Pundi, Bu, kula gangsanipun !”

Astirin ora mung ngomong. Astirin nglakoni. Ing omahe Ngunut, Astirin tatu tata ngrewangi budhene mangsak, olah-olah, dadi ya trampil wae ngrewangi Bu Mir. Gawe ngungune Bu Mir kepati. Engatase penyanyi kok baute olehe tandang olah-olah. Mangsak sambel goreng sing wis disiyapake Bu Mir, trus wae diolah dening Astirin ora wegah-wegih.

“Wah, la yen entuk pembantu mangsak kaya ngene gaweyanku ya bis cepet! Ngentekake tenan! Kowe ki sapa ta, Jeng, sakjane ?”

“Ngaten, Bu. Kula menika tiyang saking Tanah Jawi dipuntaweni pedemelan menyanyi wonten Bontang mriki. Nanging lajeng kula inggih katut dipunsrobot. Menika wau sedinten kula padosi ing panggenan musik-musik. Mboten kepanggih. Sajakipun pancen sengaja ical. Sareng mlebet mriki kala wau, kula kok mambet brambang dipungoreng. La lajeng karemenan kula lami kimat, kepengin dherek mangsak-mangsak. Wong kala rumiyin ing Jawi kula inggih ndherek budhe Nik mbikak kateringan. Pramila kula kala wau lajeng nglamar dados pembantu masak panjenengan mawon. Timbang pados calo penyanyi kula inggih kesel, ora oleh gawe. Benjing yen niyatipun sae tiyangipun rak madosi kula. La yen niyate arep ngapusi, ya mangsa borong, inggih ta, Bu. Wong aku isih bisa nyambut gawe apa-apa!”

“La iya, kok mentalane kaya ngono ki. La saka Jawa kapan kuwi?”

“Kala wingi, Bu. Bidhal saking Juanda jam enem enjang, dumugi ing Balikpapan. Lajeng nyipeng wonten Mess Pringgadani. Criyosipun dhateng Bontang numpak mobil. Jebul numpak Fery ingkang dhateng Tarakan. Kalawau sareng mandhap. Kita dhateng restoran. Piyampakipun pamitan dhateng pakiwan, kok lajeng mboten wangsul. Kula tututi dhateng Fery, Ferynipun sampun brangkat. Bingung kula!”

“Ah, ahh! Koksiya-siya timen marang wong wedok! Nanging kajaba barangmu, awakmu rak ora dirusak, ta jeng? Astirin nyantol anggone mangsuli. Omonge dadi ora sumringah kaya kang wis. Rasa sedhih katut nggregeli.

“La inggin pancen klentu kula, kok, Bu. Ndadak reka-reka kepengin dados penyanyi. Piyambakipun ketingalipun mumpuni, mila inggih kula pitados.”

“Dadi awakmu barang ya wis kok kurbanake? Kurangajar “

“Menapa kekajenganipun kula turuti!”

“Sapa ta, jenenge?”

“Yohan Nur!” ngomonge Astirin angger kumucap. Nanging wong sing lagi dibenci ing angen-angen ya kuwi Yohan Nur! Wong sing ngrebut keprawanane! Nyebut jeneng kuwi Astirin ketara banget pangigit-igite.

“Yohan Nur! Kaya kok durung tau krungu agene para penyanyi sing jenenge kaya kuwi, Wangune wong apus-apus kuwi!”

“Sampun, Bu. Pancen klentu kula piyambak, kula sampun trimah. Yen pancen piyambakipun gadhah niyat sae, tamtu madosi kula dhateng papan-papan pagebyagan musik ing kitha menika, lan tamtunipun inggih dhateng Blue Moon mriki. Mangke rak pinanggih. Nanging saumpami piyambakipun awon niyatipun, sanes kula ingkang mbales mengke Gusti Allah rak inggin maringi paukuman!”.

“Ya, sokur yen atimu tata lan narima kaya mengkono, Jeng. Saiki, wong ya aku wis weruh ketrampilanmu lan aku butuh, yen kowe niyat gelem mbiyantu aku, ya melua kene wae. Nanging ya kuwi, kahanane prasaja kaya ngene iki. Kowe mengko bisa manggon kumpul Nastiti utawa Untari. Dene yen suwaramu apik lan kepengin dadi penyanyi, mengko kanca-kancamu rak bisa ngrenahake.”

“Oh, matur nuwun sanget, Bu. Matumuwun sanget”

“Bab awakmu, Jeng. Anggone rusak ya karo Nur kuwi? Yen lagi saiki, sesuk kowe priksa marang dokter Dariroh. Njaga yen tembe mburine ana apa-apane. Dhokter Dariroh lengganane wong-wong Blue Moon kene, kok”.

“Kasinggihan, Bu. Kasinggihan dhawuh!”

Tau sawijine Sabtu awan nalika lagi padha latihan musik, Astirin ngguyoni Pradibta, pemimpine band dikon njajal ngiringi suwarane. Astirin mentas wae ngladekake omben lan nyamikan kanggo para sing latihan musik. Marga guyon rada serius, Pradibta ngolehi. Lagu sing dipilih lagu lawas, Melody D’Amor, iramane rumba. Lagu lawas ngono isih payu ing Bontang, marga pengunjung bar akeh sing tuwa, seneng lagu nostalgia. Ora kinira, latihan sepisan dadi. Oleh keplok rame para pemain band.

“Bravo! Bravo!, Sapa jenengmu, Dhik? Astirin! Apik banget! Ayo sediyaa telung lagu, mengko bengi dipentasake! Saka peladen dadi pesinden! Wah, bagus banget. Enake supaya katon urip, sajak ndadak, sajak spontan, mengko ya diatur mengkono. Saka leladi banjur menyanyi! Saka Floor munggah panggung! Sandangan ya sandhangan pelayan!” mumbluk omonge Pradibta.

Sidane Astirin nyiapake layu anyar Can’t Let Go lagune Mariah Carey sing lagi ngetop. Kari lagu Prancis La Vie en Rose, sing Astirin biyen teks Inggirs lan Prancis diwenenhi Tranggana. Dhasar duwe kesenengan, wis suwe tetep wae apal. Bu Mir wis ngidini. Gultom, Manager Bar & Restourant uga wis mupakat malem Minggu kuwi Astirin didadekake bintang tamu. Lan ngeget-egeti tenan. Keploke mbata rubuh! Rame lan dawa! Plok-plok-plok-plok! Nganti Astirin wis mudhun saka panggung, isih terus dikeploki. Wah, atine Astirin kaya mumbul-mumbula!

Sabanjure bengi kuwi, saben Astirin laden unjukan nglakoni penggaweyane sing wis dikontrak karo Bu Mukir, tansah dadi kawigaten para tamu. Akeh sing padha kepengin ngajak pitepungan, padha takon jenenge, takon gaweyane, apa gelem menyanyi maneh. Ora mung bangsa dhewe, uga ana tamu manca sing nggodhani Astirin. Astirin jan ora ngira bakal nampa pakurmatan kang kaya mengkono. Akeh tamu njaluk diladeni. Dadi peladen laris. Nganti ana sing kether. Sawenehe wong manca wiwit mau tansah undang-undang, nggaya, meh kelakon ora diladeni. Gupuh Astirin gage marani wong mau, nalika duwe kalonggaran.

“Vous parlez Francais, mademoiselle? Quel est votre noml” omonge wong manca mau.

Wadhuh! Basa apa kuwi? Astirin sethitika ora ngreti!

“Sorry, Mister, I don’t understand..!” Wangsulane Astirin gugup. Angger mucap basa manca ngono wae. Bisa uga pancen basa Inggrise ora pati lanyah panampane.

“Nanging kowe mau menyanyi basa Prancis kanthi apik, ta! Iki Tuan Louis Duvalier kepengin tepungan karo kuwe. Apa kowe bisa basa Prancir? Sapa jenengmu?” sawenehe wong lanang sing lungguh sameja karo wong manca mau nerangake.

Astirin dadi isin banget. Raine mbrabak. Tujune lampu ing meja remeng-remeng, mbrabake ora ketara. Nanging ya mesa ketara ing suwarane. “Oh, kuwi mau mung apalanku lagu. Aku malah ora ngerti tegese!”

“Aku wis ngira mengkono, lan wis dakterangake marang Louis Devalier. Nanging dheweke nekad wae kepengin pitepungan karo kowe, Rak gelem, ta?”

Astirin krasa banget yen tansah disawang wong manca mau. Ah, wonge nggantheng banget. Astirin kaya wis tau weruh landa manca kang kaya mengkono. Sapa ya? Ana ngendi, ya? Ah, kenal banget kok, dheweke! Mentas iki wae uga pranggulan kawo wanda kang mengkono mau. Marga rumangsa wis tepung grapyak, Astirin uga mbalik nyawang rupa nggantheng kuwi kanthi ulat manis. Tanpa sengaja dheweke ngulurake tangane ngajak salaman. Karo nyebut jenenge, “Astirin”!

“Oui, mademoiselle! Est-ce que votre nom est Asterix!” omonge karo kudu ngguyu.

Wong sing nyrateni uga melu ngguyu. “Jarene Louis apa jenengmu Asterix?”

Astirin dadi melu ngguyu. Dheweke ngreti, Asterix kuwi jeneng lakon crita komik, prajurit Galia sing pinter nanging digambar sarwa lelucon. Astirin kerep nonton buku komik ing omahe Tranggana. Yen dheweke dijenengi Asterix, ya lucu banget. “No! Not Asterix, but Astirin!” dheweke nyoba nerangke, nganggo basa manca sakecadhake. Nanging ya bisa ngempet guyu.

Lan kabeh banjur padha ngguyu bebarengan.

“Vous aves un bon salaire?” Louis Duvalier takon langsung marang Astirin.

“Apa bayaranmu gedhe?” kancane nerangake marang Astirin.

“Cukup, Pak. Bisa kena nyenengake awakku. Kena apa, ta, pak. Kok takon-takon ngono barang?” Marga Astirin ya kepranan marang wong manca kuwi, dheweke dadi kepengin njajagi kekarepane. Bisa uga ana untunge kanggo Astirin Juru basa kuwi merlokake rundhingan karo wong manca kuwi. Banjur lagi crita marang Astirin, apa sing dikarepake wong manca mau. Pokoke Duvalier kepranan marga Astirin menyanyi basa Prancis mau. Duvalier wong Prancis.

“Dheweke kepengin banget raket pitepungan karo kowe. Bisa ta, kowe bengi iki metu bareng dheweke?”

Astirin ora kaget karo panari kang mengkono. Ing bar lan restaurant kono kejaba hostess sing bisa ngancani tamu dicepaki, uga para peladen kaya Nastini dan Untari oleh golek ceperan penghasilan kencan karo para tamu. Anggere sakjabane jam nyambutgawe lan sakjabane bar kono. Astirin pancen ora tau ngono sakploke nyambut gawe melu Bu Mir. Marga nglamare sepisanan biyen dadi pembantu juru masak, nanging karo Bu Mir pemondhokane dicampur karo para peladen restoran. Malah Bu Mir aweh kalonggaran Astirin dikon ngrangkep dadi peladen pisan, marga rupane ayu merakati lan pantes yen dipamerake marang para tamu sing andhok ing restoran wayah bengi. Apa maneh Astirin duwe pepinginan dadi penyanyi. Dadi peladen bengi luwih gampang ngraketake karo kanca band.

Dene Astirin gelem nyambut gawe ngrangkep-ngrangkep mengkono, marga pikirane kepengin ndang bisa ketemu Hamdaru dan Sahudin, kepengin nyaur utange. Karo arep nuduhake yen dheweke kuwi wong kang ora ngilang-ilangake kebecikane liyan. Wis ditulung ya kudu nuduhake yen pitulungane mau temanja kanggone sapadha-padha.

“Wah, sori, ya, Pak. Yen bengi ini aku ora bisa,” ucape Astirin rada bingung. Bingunge marga dheweke durung tau kencan mangkono. Isih isin. Sanajan ngreti suwening suwe mesti bakal nglakoni. Wengi iki pancen durung siyap. Nanging, alaa, wandane wong manca kuwi lo, anggone manther nyawang dheweke nembus trusing ati! Astirin kaya wis kulina nyawang apa srawung karo wanda kang mengkono. Eman yen ditulak. Astirin malah rasane emoh medhot. Ah, sapa ta ya, wong kuwi?

“Lo, kena apa ta?” Kowe rak ora kepengin nguciwakake Louis, ta?”

“Ah, ora, ora, ora! Aku seneng karo dheweke, kok. Aku kepranan banget karo Louis Duvalier,” muni mengkono tangane wong wedok Jawa kuwi karo ngranggeh-ngranggeh nggegem tangane wong lanang Prancis kuwi. Seneng atine. Anget tangkepe. Duvalier uga ndhangak nyawang Astirin katrem.

“La dadi kena apa?”

“Anu, Pak,” Astirin arep blaka yen durung tau kencan, isih wedi lan isin, ora wani. Lan ora pantes. Dheweke wis wani dadi peladen bar, ya kudu wani dadi wanita kang diwasa. Lan, yen kencan kaya mengkono uga dadi syarat profesine, dheweke kudu njaga profesine kuwi. Yen kandha durung tau kencan, mesthi digeguyu, malah dikira ngapusi, sing ateges nulak ajakane Louis Duvalier. Emoh, Astirin ora nulak, kok! Astirin kepranan karo wanda Prancis kang dirumangsani wis kulina srawung karo dheweke! “Ngene, lo. Aku mau wis njanjeni tamu liya. Sakjane mau ya ora patia sreg. Nanging wong wis kadhung dakjanjeni. Priye, hara. Rak nglarakake atine liyan yen dakjabel?”

“Oh, iya! Aku ngreti. Dadi kalah dhisik ya. Laris kowe sajake bengi iki!” Wahdhuh, abang ireng raine Astirin krungu tembunge wong lanang kuwi. Nanging Astirin tembe mburu kudu kandel kupinge margane bakal kerep krungu omongan kaya mengkono tumrap dheweke. Bisa uga karepe wong kuwi ngalem kelarisane Astirin . Ngalem tenan, ora ngece!

Wong mau rundhingan maneh nganggo basa manca kari Louis Devalier.

“Pak. Kandhaa yen aku ya cuwa banget ngeculake kencan ini! Aja dadi ati, ya!”

Astirin nrambul titip omongan.

“Terus? Kapan kowe gelem kencan karo Louis?” Louis ini sajake adreng banget kepengin kencan karo kowe! Langen asmara karo kowe.

Iya. Pancen Astirin uga ngrasa yen wong Prancis kuwi karep banget marang dheweke. Ngono kuwi kasmaran apa nafsu? Ah, wandane kuwi, wandane sapa, ya?

Astirin dhewe kok ya angel nguwalake atine saka kawigaten marang Louis. Tangane isih tetap wae nyekethem wong lanang mau. Remet-remetan.

Astirin nyerot ambegan landhung. Dhadhane seseg mbedhedheg. Lagi saiki dheweke ngrasa seneng digrayang wong lanang. Pancen wis tau tratapan nalika pandeng-pandengan karo Tranggana, gemeter nalika omong anget karo Samsihi, kedher nalika ngekep wetenge Hamdaru. Nanging gegemane wong lanang manca iki jan ngluluhake kwandhane. Hhmm! Astirin tetep ora bisa nyepakake waktu.

“‘Kepriye yen sesuk awan? Sesuk rak Minggu. Louis sesuk iya prei. Kowe gelem nemoni dheweke?”

“Sesuk?” Sesuk Astirin esuk ngewangi mangsak Bu Mir. La banjur, kapan maneh bisa ketemu lan kencan karo wong bagug iki? “Ya. wis, sesuk. Jam pira, ana ngendi?” Jantunge geter banget nalika ngucapake tembung tekad-tekadan kuwi, Ah, la kapan maneh Astirin diwasa? Astirin saiki mardika, lo, urip ijen lan kudu wani tanggung marang awake dhewe. Ora gumantung marang sapa-sapa maneh. Tiba ketleyek apa moncer ngrembaka uripa ya gumantung ing langkah tumindake dhewe! Ora papa! Kencan sepisan lan kasmaran karo wong manca! Tenan! Dheweke ora kok arep ngrebut upahe bandha, kencan marga golek dhuwit, ora. Kencan sing sepisan iki, sing kawitan iki, luwih kebandhang marga kasmaran! Astirin seneng banget reraketan karo wanda Prancis sing wis kulina ing angen-angene kuwi! Ah, wandane sapa ta, ya?

Juru basa mau banjur ngatur wektu lan papan panggonan ketemu. Sesuk jam sepuluh ing Restaurant MacDonald, sing madhep ing laut. Minggu wiwit esuk restoran kuwi bukak, marga uga nyepake panggonan nglangi barang.

“Oke, aku ngerti. Priye, Pak, basa Prancise?” entheng wae Astirin kandha ngono.

“Bien, bien, je comprends! Je comprends! Tres bien!”

“Bien! Je comprends! Tres bien\” Astirin nirokake. Ora sampurna. Nanging cukup kanggo gawe guyon.

“Nastiti, priye aku iki?”

“Kena apa?”

“Gandrung karo wong manca. Sesuk aku janji arep ketemu jam sepuluh ing Restaurant MacDonald. Priye carane kencan. priye anggonku pamit marang Bu Mir?”

“Wah, cilaka! Kencan sepisan, keseret tresna! Woo, la wong yo clondho!”

Nastiti apik banget karo Astirin. Ora rumangsa disaingi dikancani Astirin, sing mergawene ngrangkep dadi pembantu juru mangsak. Yen Nastiti, Untari dan liyane maneh, kuwi mung dadi peladen ing wayah bengi. Diwenehi mangan awan lan asrama kanggo turu. Pelayan bar ora ana sing mondhok ing njaba. Idin metu oleh wae, bebas. Mung yen kuwi dipigunakake kanggo nambah penghasilan, upamane kencan karo wong lanang, diwajibake rong puluh presen mlebu ing kase Bu Mir. Ora diawasi kenceng, wong Bu Mir apik kok. Ya wong-wong kuwi wae sing ngreti. Marga rong puluh presen mau toh mengko yen dina lebaran separo didum warata kanggo pembantune Bu Mir kabeh.

“Yen para peladen mono racake wong nriman. Ora neka-neka golek tambahan penghasilan sing nganti nguber-uber.

Beda karo hostess. Pancen sing dienggo golek dhuwit awake, rupa ayune, kepinterane srawung karo para tamu, grapyake,” ujare Nastiti. Bocahe kalem, ireng manis.

Yen para hostess pancen dudu dadi reksanane Bu Mir. Racake padha nyewa kamar utawa omah dhewe-dhewe. Akeh sing padha rumah tangga, duwe anak lan bojo.

“Ning kowe rak ya wis tau kencan mengkene, ta?” olewa-olewo Astirin takon.

“Aku ki ya wong wadon normal, lo, Rin. Ya butuh perilaku biologis. Ora ngaya banget golek sarana adol seks. Malah ana sing duwe prinsip kencan karo wong lanang kuwi kudu ingarah dadi jodhone. Wis akeh kok, kanca peladen sing banjur kawin karo wong Bontang kene.”

“La terus, kowe wis tau oleh dhuwit kencan ngono kuwi nganti pira?”

“Aku ora tau ngarani. Nanging aku ya tansah pilih-pilih, atiku seneng apa ora.”

“La iya pira. Sing akeh dhewe?”

“Wis tau oleh satus ewu rupiah.”

“Bangsa dhewek?”

“Bangsa dhewek. Ora ana bangsa manca sing kencan karo peladen. Ya lagi kowe iki. Apa kowe duwe karep nggrogoti wong manca kuwi?”

“Aku? Ora! Ora! Aku mau rak wis kandha, atiku kecanthol cintrong! Embuh, ya, lagi sepisan iki aku nggregesi tomtomen weruh cahyane! Aku kaya wis raket banget srawung karo dheweke. Louis Duvalier! Bien, bien! Je comprends! Tres bien!” wadon gandrung kuwi muni-muni nglanyahake apalane basa Prancis.

Esuke bubar sarapan, Astirin durung siyap matur Bu Mirenani yen esuk kuwi nyuwun pamit, wis kedhisikan ditimbali menyang pawon. Pawone ngono ya ing mburine bangunan bar, prenahe nyabrang latar karo kamar pondhokan.

Ing pawon wis ana Gultom, manager bar. Weruh Astirin mlebu, wong lanang lemu sirahe buthak kuwi terus wae mlengeh. Ana apa wong kuwi kok wis sapatemon karo Bu Mir. Apa ana gegayutane karo kencane ambek Louis Duvalier? Adhuuh, thik cepete kabar ngambra-ambra! Nanging Astirin wis arep nekad, kepriye wae dheweke kudu ngleksanani janjine, ketemu karo Duvalier jam sepuluh ing MacDonald. Ati brontake, ati mbalelane ora kena disrantakake.

“Wah, wah, wah! A star is born. Iki ta, cahyane lintang nyanyi anyar! Hebat kowe, Rin! Hebat! Aku melu seneng banget karo suksesmu mau bengi!” muni mengkonmo Gultom karo ngacungake tangane aweh salam. Kepeksa ditampani Astirin karo briga-brigi. 0, wong kapinujon ta, mrene!

“Dalem dipuntimbali, Bu?”

“La ya iki, dipruput Tuan Gultom. Iki arep menehake honorariummu mau bengi! Aku emoh dititipi. Ya kowe wae dakundang, dakkon nampani dhewe. Kono, tampanana!”

Gultom wis nyodhorake kwitansi karo dhuwit lembaran rong puluhan ewu anyar-anyar kanggu Astirin. Wih, kok akeh! Pira, ya?

Kanthi ndhredheg, Astirin nampani dhuwit, nandha tangani kwitansi.

“Etungen, genep satus ora? Anyakane lagi sithik, wong mung spontanitas. Suk yen dadi profesimu, ora ngecer ngene. Kudu kontrak. Dhek mau bengi agen Albar wis rasan-rasan arep nyiapake kontrak kanggo kuwe. Kowe rak gelem, ta, Rin?”

“Mesthi geleme, wong dheweke keplantrang tekan kene iki ya mburu cita-citane dadi penyanyi, kok!” komentari Mirenani. “Yen dikontrak dibayar dhisilk, Rin. Sewulan bisa oleh nganti telung yuta kowe!”

Astirin njomblak krungu akehe dhuwit sing arep ngenteni ing dina ngarepe! Telung yuta rupiah! Wah, bakar kesaur rega tikete Sahudin lan Hamdaru! Mengko Sahudin dan Hamdaru mesthi seneng banget weruh kemajuane Astirin, bocah sing wis ditulung saka bebaya kecemplung neraka Tawao.

Gultom ora suwe neng pawon. Bareng kari ijen karo Bu Mirenani, Astirin gurawalan matur. “Bu, dalem maturnuwun sangat dipuntulung mekaten. Samenika arta menika kados pundi?” “Kadospundi priye, ta. Ya kuwi dhuwitmu, asil tandangmu mau bengi.”

“Inggih, nanging tanpa idin panjenengan menapa saged kula moncer kados mekaten. Anu, Bu, manut criyosipun Nastiti, kula angsal arta ceperan kados ngaten menika prayoganipun kedah nyaosi panjenengan kalih dasa persen. La sumangga kula aturaken. Kaliyan kula nyuwun titip tirahipun, margi kula dereng gadhah papan simpenan ingkang aman.”

“0, iya. Nastili wis kandha, ta.” Muni mengkono Mirenani karo nylingker menyang ruwangan luwih jero sing dienggo kantoran. Astirin dikon melu. Bu Mir njupuk buku gedhe, terus dibukaki. Dituduhake Astirin, jenenge wis didaftar ing kono. “Iki cathetan dhuwite bocah-bocah peladen karo pembantu liyane. Delengen wis dakcathet urunmu. Dene titipanmu kudu dakbukokake dhewe, ing kana. Ora mung dhuwit celengan utawa titipan, nanging uga utang-utangan. Nyoh, parapa kene!”

Bareng wis dilebokake buku lan dhuwit disimpen ing brangkas, Astirin matur maneh. Nyuwun idin awan iki sedina ora mbiyantu Bu Mir. “Angsal kencan kaliyan tiyang Prancis.”

“We-we-wee, isih cilik ngene kok wis wani kencan-kencanan barang!” Mirenani ngomong ngeblak karo ngiyerake mripate.

“Duka le, Bu. Louis menika kula kados sampun tepang sadarengipun! Langsung raket, ngaten kemawon!”

Astirin nganggo klambi anyar sing tuku nganggo dhuwit kontrakan anggone dadi pembantune Bu Mir minggu kepungkur. Ulese abang nganggo kembangan ceplok-ceplok kuning lan ijo. Katon sumringah. Lengene katon ngegla, potongan ngisorane munggah telung senti saka dhengkul. Astirin mlaku gegancangan menyah arah pesisir. Restaurant MacDonald prenahe kana. Isih esuk dina prei ngono wis akeh wong plesir ing kana, sinambi nyawang ombak segara kang ora tau anteng.

Mlebu menyang lawang restoran atine tap-tapan. Dheweke kelingan nalika sepisanan dijak Samsihi mlebu menyang rumah makan Bujang II ing Tulungagung. Dhek semana Astirin gumun kepati, marga ruwangae nganggo AC lan direnggani musik. Saiki ing MacDonald suwasanane seje maneh. Ngeblak, padhang, abyor kena sorote serngenge esuk. Musik lagu-lagu manca tetap ora keri, keprungu lamat-lamat. Wis ana wong manca lanang wadon padha nganggo klambi nglangi, dhedhe ing pinggir kolam nglangi banyu tawar.

Gampang wae nemokake Louis Duvalier. Wonge nganggo klambi biru enom, clana cekak embang-embang biru kuning. Pantes wae marga kulite putih. Tetep dikancani juru basane. Menganggo sarwa putih, malah sepatune ya kets putih.

“Hai! Priye, Pak, basa Prancise yen aweh salam?” omonge Astirin renyah sumringah. Guyune mlengeh bebas, kaya atine sing lagi ucul saka sengkeran.

“In, or salah! kowe pancen bocah ayu kenes! Louis ki mripate kok ya awas timen, liwat sosote lampu bisa nemokake bocah ayune kaya ngene! Ayo, kene, lungguh. Bonjour, monsieur, ngonil”

“Bonjour, monsieur!”, omonge Astirin tumuju Louis Duvalier. Ora mung omonge, uga lakune awak tumuju mrana.

”Bonjour, mademoiselle. Etes-vous etudiante? Aimez vous les sorts? Aimestu le metier que tufais?” kemrecek panyapane wong Prancis kuwi.

“Ah! Tres bien. Bien, je comprends!” wangsulane Astirin grapyak, embuh apa tegese, wong sing diapali basa Prancis mung kuwi. Sinau dhek wingi kae!”

Nanging sing perlu dudu ucapan kuwi. Marga ora sungkan-sungkan Astirin karo ngguyu wis nyablek lengene Louis Duvalier. Sing terus digujer karo tangan lanang kuwi, diremet-remet. Loro-lorone padha ngguyu cekikikan! Tanpa basa omong, basa Tarzan wis banjur padha ngreteni.

Juru basa kuwi jenenge Harjadug. Bareng karo basa-basa sasmita Astirin lan Louis Duvalier bisa mlaku. Harjadug pamit mungkur. Kuwi jare atas penjaluke Louis. Astirin manggut, sumeh, mripate kedhep krethil-krethil. Atine seneng banget. Sanajan mung bakal srawung ijen wong loro karo priya manca, nanging atine ngrasa aman. Anget.

Sabanjure wong loro mau ora suwe ana ing Restau¬rant Mac-Donald. Louis Duvalier ngajak Astirin menyang hotele. Sanajan wong manca, dheweke luwih apal Kutha Bontang katimbang Astirin sing durung genep seminggu ana kono.

Ing hotel, ing peturon, Astirin tetep seneng atine. Ora dadi wedi kaya nalika ing kamar sewane Yohan Nur. Ora sengit karo wong lanang ing cedhake. Kosok baline, Astirin kaya adreng angone kepengin ngruket wong lanang kuwi. Wong lanang manca sing sajak wis suwe banget wis dikenal! Ah, iya! Wong manca kaya sing kerep dicritakakake emake! Emake isih prawan remaja, dipelet dening wong lanang numpak jip, sing nyopir wong Jawa wong manca. Sing dicritakake emake lumban seseneng ing pesisir segara kidul wayah padhang rembulan, iya karo wong manca kuwi. Wong manca sing wis kerep dadi impene Astirin. Iya, ing kapale Hamdara biyen kae, Astirin uga ngimpi ketemu wong manca sing kerep dicritakake emake. Emake, ledhek Astirum sung tau kondhang saka Kalangbret, ora tau crita bab bapak Astirin. Ora tau ndongeng kepriye kawine utawa jejodhoane karo bapake Astirin. Malah bareng Astirum dirabi uwong, Astirin disingkirake ing Ngunut. Sing kerep dicritakake dening Astirum nalika Astirin isih bocah, ya anggone seneng-seneng langen asmara karo wong sing dudu wong Jawa ing Pesisir Kidul. Yen ngono wijine Astirin kuwi uga wong manca, wong sing ora dikenal dening Astirum kejaba mung ing wengi padhang rembulan ing pasanggrahan segara kidul kuwi! Mula Astirin nduweni kulit kuning padhang, ora kaya wong Jawa! Mula Astirin due kelantipan ngapalake basa manca luwih cepet, marga ilate pancen duwe turun wong manca! Embuh sapa wong manca kuwi, nanging Astirin rumangsa tresna, lan emake ya rumangsa oleh kesenengan kang abadi ing angen-angene. Laire Astirin ora dibenci dening emake. Ditresnani.

Saiki Astirin ngadhepi wong manca. Naluri saka turune bapake terus wae mudah mrepegi jiwa ragane. Cul, ora dikendhaleni maneh.

Astirin mulih, langsung nemoni Mirenani. Tawang-tawang tangis.

“Lo-lo-lo! Cena apa cah Ayu, teka-teka kok mbrengengeng kaya kinjeng ngono. Apa kowe kena apus maneh ing kencanmu kang wiwitan iki? Mula ngati-ati srawung karo priya kuwi. Apa maneh ing wewengkon bar £ restaurant kene, pancen penggonan wong seseneng para priya. Kepriye, kowe dikapakake, Ndhuk?”

Embuh nyebut ndhuk, nak utawa jeng, wicarane Bu Mir kuwi pancen tansah ngemong lan mituturi Patut dadi ibune wong akeh.

“Mboten. Mboten ngaten, Bu. Huh-huh-huh!”

Apa mung dipek duwekmu, thok. Kowe ora nampa imbalan?”

Isih karo nangis Astirin rogoh-rogoh kutange, terus ngulungake dhuwit kertas rong puluhan anyar marang Mirenani. “Upami mboten dipunsukani arta kula inggih nrimah kemawon. Mboten margi kula mboten pareng ngarani cacahipun, nanging margi kula rumaos kasmaran dhumateng piyambakipun. Nanging mangga kula aturi ngetang piyambak anggenipun nyukani kula…huh-huh-huh! Menika kula ingkang trenyuh sanget, Buuu!”

“Lo-lo-lo! Pira kuwi? Samono akehe!” Guralawan Mirenani nampani lembaran kertas anyar-anyar. Dietung, ana sepuluh lembar! “Rong atus ewu, Rin! Edan, wong lanang ki yen lagi royal! Ora etung bandha! Ning wong-wong manca, ya, kancamu kencan mau. Mesthine dheweke ora ngreti ajine dhuwit kene. Ah, nanging kertase iki ya anyar gres, mesthine dheweke njupuk saka bank. Mesthine ngreti pira ajine ijolane karo dhuwit manca! Ya lagi bejamu, Ndhuk, nemu wong sepisan kaya mengkono, nanging aja ngira yen kabejamu kuwi tansah mengkono, lo, ya. Dadi ya tetep kudu ngati-ati srawung karo priya! Iki priye, dhuwite?”

“Inggih titip kados kala wau enjang. Menapa pareng kula dalu mangke inggih mboten nyambut damel, Bu?”

Mirenani mlerok karo mesem. “Kencan sepisanan ya, Ndhuk. Njarem kabeh menyang awak dan ing ati! Ya kana, leremna dhisik awak lan atimu. Lan sateruse aja lali tansah tilik Dokter Dariroh, ya!”

5. NYAUR UTANG

“Astirin! Isih tangi kowe? Edian kok! Jenengmu lagi ndedel, muluk dhuwur banget. Kabeh-kabeh takon, peladen sing menyanyi wingi apa bener-bener peladen? Saiki neng endi? Wah, wah wah! Meri aku karo kabegjanmu!” umyeke Untari bengi-bengi nalika mulih tugas peladen.
Astirin sing sasore mau turon lan glibegan mikirake lelakon kang mentas wae dialami, pancen ora bisa turu. Kejaba atine mbedhedheg ngrasakake maneh srawunge ing kamar hotel karo Louis Duvalier, Astirin uga kegubel ing pikiran anggone ndang nyaur utang marang Hamdaru lan Sahudin. Jan kepengin banget dheweke nemoni wong loro sing dianggep kangmas lan bapake kuwi! Kepengin crita akeh-akeh bab anggone nampa rejeki lan kesenengan kang kaya mengkene iki. Astirin ora duwe kuluwarga liya ing donya iki, mula wong loro ing kapal fery kuwi dadi landhesane numplak blak kesangsaran lan kesenengan Astirin ing lelakon donya uripe iki!

Nastiti kang mbuntuti Untari banjur wae nrombol mlebu kamar melu ngomong,”Ngene, Rin. Aku mau ketemu karo sing serius nggoleki kowe. Dheweke ngreti kok, yen kowe pancen peladen bar, dudu penyanyi sing memba-memba dadi peladen. Dheweke serius karo kowe. Dheweke takon, neng endi sesuk esuk bisa nemoni kowe. La aku ya ora bisa kandha. Dadi ya dakkon teka wae menyang dhapur, ben ketemu karo Bu Mir pisan.”
“Wah, sapa maneh ya, wong lanang nggoleki dheweke? “Dedeg piyadege utawa rupane kepriye? Duwe brengos? Umur-umurane pira. Kok wis ngreeti aku pelayan bar kene, ya.”.
“Bener Nastiti. Ditemokake karo Bu Mir wae. Sapa ngreti, kuwi calonmu sing mblusukake kowe mrene kuwi! Ati-ati lo, Rin!” Untari elik-elik.

Astirin mesem. Wong crita calo sing jeneng Yohan Nur kuwi mung apus-apuse Astirin wae. Ora bakal ana calo sing ngucit-ucit dheweke mrono. Nanging sapa, ya. Mbebayani apa ngrejekeni? “Sipat seriuse kepriye? Sajake komersial, apa nafsu birai?” Astirin rada ngendhokake swasana.
“Hihihik! Kowe arep dilamar dipek bojo!” aloke Untari setengah njerit. Gegojegan, nanging uga mlebu ing atine Astirin. La yen wong lanang wis gandrung, terus nglamar tenan kepriye? Heh, Astirin durung siyap. Yen kudu nulak, dheweke uga ora kepenak. Merga sing ditulak rak ya gela, lara atine. Mangka Astirin emoh nglarakake atine liyan. Wah, bingung. Emoh yen dilamar, wong Astirin lagi ngenteni agen Akbar sing jare lagi rasan-rasan arep ngontrak dheweke dadi penyanyi profesional. Yen ora dirusuhi wong lanang kuwi, dhela engkas Astirin bakal keranggeh kekarepane. Dadi penyanyi. Nurun emake, sing biyen jenenge waranggana! Kacang mangsa ninggal lanjaran!
Tenan. Isuk umun-umun, Astirin durung adus, wis ditimbali Mirenani ing kantore. Wadhuh, wong lanang sing dicritakake Nastiti mau bengi, wis nggoleki dheweke. Astirin gege mlayu menyang jedhing, meh tabrakan karo Nastiti kang mentas saka jedhing.

“Kowe ki la apa ta, Rin, kok gedandapan? Wedok ngono kaya Buta Cakil!”
“Gebled nguyuh!!” wangsulane Astirin ora ngawaki. Pancen langsung ndhodhok, nanging sabanjure raup cepetan. Dheweke kudu nemoni wong lanang mau kanthi rupa kang ayu, dandan saora-orane pupuran lan tata rambute sing apik. Ora kedhodhoran kaya mentas tangi turu mengkono! Ah, sapa ta wong lanang sing gawe gupuh kuwi? Gek perlune apa?
Harjadug! Wong lanang sing ngoyak-oyak dheweke wiwit mau bengi jebule Harjadug! Kena apa, ya, kok serius? Apa Astirin nglakoni kesalahan? Apa kudune dheweke iya menehi upah kanggo wong kuwi? Ah, Astirin ora ngreti!
“E, jebul kok wis adus ayu! Kuwi lo, Rin, kowe digoleki priyayi kuwi. Kowe diajak lunga sedheluk, arep diajak rembugan serius. Bisa ora?”

“La Bu Mir marenganken mboten? Menika Pak Harjadhug kok, Bu. Ingkang dados jurubasanipun Tuan Louis Duvalier.”
“La yen kowe rumangsa aman lan beja, ya perlokna rembugan!”
Aman. Cedhak karo Harjadug, cedhak karo Duvalier, Astirin rumangsa aman.
Harjadhug ora ngandhakake perlune dhisik, nanging prekarane serius. Mula diperlokake marani ing asramane Astirin. Saiki bebarengan Astirin diajak menyang hotele Louis Duvalier. Rundhingan ing kana. Ditemokake lan ditunggoni karo Louis Duvalier. Rembugan kang saiki pancen merlokake seksi Harjadhug, ora bisa mung nganggo basa tarsan.

“Wose ngene, Rin. Tuan Louis Duvalier iki dikontrak pemerintah Indonesia, dadi konsultan konsesi alas ing laladan Kutai kene. Manggone ing tengah alas kana. Bisa uga nganti wulan-wulanan. La kuwi dheweke butuh dikancani wong wadon, sing bisa ngladeni samubarange. Cekake dadi ibu rumah tanggane nanging iya bojo. La wiwit weruh kowe Sabtu kae, dheweke wis ora duwe pilihan liya kejaba kowe. Wis daktawani wanita liya sing luwih pengalaman lan tau nglakoni kaya mengkono, nanging Louis ora gelem. Sing dipilih kowe. Kepriye, kowe gelem dikontrak melu Louise menyang tengahe alas Kutai? Suwene bisa uga nganti telung sasi. Bisa uga luwih. Nanging njaga supaya ora padha kuciwane, prayoga kontrake diatur saben sasi wae. E, mbok menawa kowe ora krasan, bisa kok jabel sawise sesasi entek.”

Menyang tengah alas, karo priya kang ditresnani! Astirin kelingan dongenge simboke. Ing wengi padhang rembulan ing pesisir segara kidul, ing pesanggrahan kang kinupengan alas gung liwang-liwung lan banyu segara kang mumpal-mumpal! Lan emake among tresna karo wong manca sing ora dingreteni basane, saka ngendi papan pedununge. Emake tansah nyritakake wengi kuwi kedadine wengi kang paling resep ing atine! Ah, Astirin kepingin ngincipi lan ngrasakake apa sing dirasa ibune, emake kuwi! Kanthi gumbira, kanthi njiwit cilik lengene Louis Duvalier, Astirin nyanggupi. Kontrak nganti pirang sasi wae gelem!
“Kanggo wragat urip sedina-dina mengko ana dhewe. Dene kang bakal kok tampa resik ing dalem sesasi kontrake yakuwi limang yuta rupiah. Bisa koktampa kontan yen kowe wis tandha tangan kontrak. Mung pituturku, wong kowe bakale urip ing tengah alas, dakkira dhuwite simpenen ing bank wae. Suk yen kowe mulih menyang kutha wae jupuken.”

“Pira sesasine?” “Limang yuta rupiah. Kuwi rega saklumrah, Astirin. Mung yen kowe bisa nglandeni apik, wong Prancis kuwi kuwi adate ora cethil. Bloboh. Bisa uga kowe bisa oleh bonus saka dheweke pribadi. Dene sing dakawakake iki pancen klebu perjanjiane pemerintah karo Louis Duvalier.
Astirin slumengeren. Lagi dhek wingi dheweke ndomblong krungu dikabari arep dikontrak dadi penyanyi telung yuta sesasi. Saiki wis ana undhak-undahakan dadi limang yuta! Wah, bakal klakon kabeh apa kekarepane!
“Kapan budhal menyang alas?”

“Sesuk isuk. Mula wingi kuwi aku gupuh nggoleki kowe, marga urusan iki kudu dakrampungake dina iki!”
Sesuk esuk! Cepete! Astirin rak kudu siyap dina iki! Kamangka karo Bu Mir wis dikontrak sakjrone sasi iki! Ah, prekara Bu Mir isih kena dirembug. Sing rada luwih gawe gela kuwi anggone ketemu Hamdaru lan Sahudin. Ora bisa klakon ing wektu kang cedhak. Astirin ora ndang bisa nyaur lan nyuntak uneg-unege atine marang wong loro sing wis ngodod umure Astirin kuwi! Sapatemon karo wong fery kuwi kepeksa diolor embuh naganti kapan!
“Priye?”
“Oui, monsieur. Bien, je comprends! J’aime beaucoup le metier quejefais!” wangsulane Astirin nyanggupi. Wis tambah maneh kepinterane basa Prancis.

******

Minggu esuk, ing acara Dari Gelanggang ke Gelanggang, TVRI nyiarake bal-balan Inggris, antarane Manchester United nglawan Sheffield United. Juara Win¬ners Cup 1991 sing kebak jago kaya Bryan Robson, Mark Hughes, Neil Webb, kuwi pranyata oleh tantangan keras dening Sheffield sing mung ngendelake jago local bangsane Davy Barnes lan Paul Boesley. Samsihi sing senenge nonton bal-balan manca negara kuwi olehe njinggleng ing ngarep televisi rneh ora kedhep. Durung tutug anggone nonton, dheweke weruh ing ngarep omah pondhokane ana taksi mandhek. Ah, sapa teka saka Juanda? Paling-paling dudu dhayohe omah kono. Saka panggonane nonton TV dheweke weruh penumpang taksi nganggo rok abang abyor, nyangking tas, karo ngenteni sopir taksi mbukak bagase mburi. Wih, pantes banget yen numpak Garuda. Kurang pantes yen mlebu kampung Wonorejo IV. Paling-paling keblasuk, Ah, Pak Dirjan ana ngarepan, ben ditemoni dheweke. Samsihi bali menyang penyerang ngarep Manchester, Bryan Robson.
“Hii, Samsihi! Ana tamu iki, lo!” pambengoke Pak Dirjan saka ngarepan omah.
Lo! Wong ayu mau nggoleki dheweke tenan?! Taksine wis lunga, wong ayu lencir kuning kuwi bener nyawang dheweke kanthi adreng. Marani dheweke, wong barange saka begasi ya wis didhunake. Samsihi uwet mbenakake sarunge, marga awan iki mau rencanane bubar umbah-umbah pancen mung nonton bal-balan. Muncul menyang ngarep omah ya rada clila-clili.

“Laa!! Mas Samsihiii!! Iiih, angele. Jare Wonorejo IV nomer 72 A kuwi gampang. Dakgoleki kok ya angel timen! Lali karo semayane ya. Aku rak kandha dina Minggu arep teka! Alaa, wong sing janjian neng Rumah Makan Bujang II kae ya karo sampeyan ngono, lo, Mas! Mangsa lali!” wong ayu kuwi branyake eram, ngomong marang dheweke sajak kaya tepung-tepunga raket kae, kamangka Samsihi ora rumangsa tau tetepungan akrab karo bintang film apa peragawati! “E, anu. Sop-sapa, ta, kowe?” pitakone groyok.
“Genah Jacqueline Bisset ngene lo, kok sapa! Alaa mongsok lali, ta, Maas-mas! Rumah Makan Bujang II Tulungagung! Wong genah janjine aku Minggu teka. La saiki rak dina Minggu sampeyan kok bisa lali!”
“Ooo, Dhik Astirin! 0, iya, Dhik Astirin! Wadhuhdhuhdhuh, la sapa ngira yen kowe ta, Dhik! La wong ayune kaya ngono! Semayanmu rak dina Minggu enem wulan kepungkur! Ya mesthi wae aku lali. Dhek samana dakenteni nganti cengklungen kowe ora teka! Anyel aku!”

“Iya, nanging dina Minggu akhire aku rak teka, ora blenjani janji!”
“Ora blenja janji apane, wong wis nganti setengah tahun! Mongsok saka Ngunut tekan Surabaya ngentekake wektu  enem sasi! Gek tumpakane montor mabur pisan!”
“Ya wis priye, aku bisa ditampa apa ora, saiki teka ing kene, terus manut semayan aku mengko nginep kene?
“Apa? Kowe mengko arep nginep kene?!”
“La semayane wingi rak ngono, ta? Kowe gelem dakjujugi, mergane saka Ngunut aku ora duwe tetepungan ing kuta Surabaya! Iya, ta?”
“Iya. Nanging Astirin sing wingi dudu bintang film. Nganggo seragan SMA!
“Halaah, ngono wae gragapan! Priye, Mas, aku dilungguhake ora, iki?”
“O, mangga! mangga! Wah, omahe brantakan! Ketekan Paramitha Rusady pondhokanku dadi mbleret kucem sak kal!”
“Janjimu biyen kajaba gelem dakjujugi ya melu nggolek-golekake  pegaweyan  lo,ya,  Mas?” Astirin nutugake nggodha karo mapan lungguh.

Biyen Samsihi mikir, gelem nampa Astirin lan janji arep nggolekake pegaweyan, upama nyimpanga saka kuwi Astirin bisa diakokake adhine ketemu gedhe. Yen penggaweyan ora ndang oleh, ya dipek bojo dhewe wae. Dhek semana Astirin SMA wae ora lulus. Penggaweyane sing pantes kanggo cah wadon kaya mengkono yen ora wong pabrikan ya pembantu rumah tangga. Bareng nonton blegere Astirin saiki, Samsihi keblerengen karo wandane, cahyane, lelewane, semanake, abyore dandanane. Upama ora yakin wong ayu kuwi Astirin, Samsihi nyapa aruh wae briga-brigi. Pawujudan kang kaya mengkono kuwi kelase kemuluken tumprap Samsihi. Mangsa kuwata dheweke ngopeni! Samsihi ora wani ngomong bab janjine nggolekake penggaweyan!
Briga-brigine isih sumlepet ing ati, Samsihi mung wani nylimur ngguyoni, “Kepriye critane, kok lakumu nganti suwii banget lagi tekan kene? Apa budhalmu pancen lagek esuk iki mau?”
“Eh, kok bisa muni ngono! Budhalku ya wis dhek biyen kae, pas janjine. Mung wae wis numpak bis kota lin E, mudhun Pasarkembang, terus kalap ora karuwan!”
“Lo, tenan, ta, kuwi?”
“Tenan! Tenan! Nanging kosik, crita sambunge dakdhudhah mengko kapan-kapan wae, karo mlaku. Saiki aku lagi nglakoni bisnis. Rak pantes, ta, prejengan kaya ngene iki dadi wanita karir? Oui! J’ai fait un dur travail! Ngene, Mas. Sing sepisanan: Iki!” ujare Astirin isih ketenta mucap basa Prancis. Medhot rembuge karo dhudhah-dhudhah tas cangklonge. Banjur ngetokake dhuwit kertas bendhelan. Dietung jlentreh, diparo, sing separo diseleh meja. “Iki, Mas. Aku titip dhuwit sayuta. Cekelen kanggo wragatku sasuwene neng kene, dikalong utang-utangku marang kowe dhek biyen. Kowe rak wis tau ngutangi dhuwit aku.”
“Lo, kosik, ta. Kowe mengko nginep kene? Kuwi dhuwit apa? Aku ora ngutangke apa-apa kok marang kowe!”
“Wis, ta. Saiki iki manuta aku wae. Terus terang saiki iki aku nyuwun tulung sampeyan. Dhuwit iki jaminane. Karo dene yen aku nggawa oyang-oyong dhuwit kontan akehe samene rak mbebayani, ndrawasi. Mula daktitipake kowe separo. Yen Mas Samsihi repot dakinepi ing kene, aku ya ora nginep kene. Bisa menyang hotel. Nanging aku kancanana, kowe ya kudu nginep ing hotel kana. Rak ora aman wong wadon ijen nginep ing hotel.”
“Lo, nanging awake dhewe rak dudu wong pasangan?” omonge groyok.
“Ya golek sing dobbel bed. Pokoke aku ora papa kumpul sak kamar karo kowe.
Sing perlu aku luwih aman, lan bisa nglakokake bisnisku. Aku milih Hotel Madusari Jalan Pandegiling. Cukup pantes, ta, kanggo kita wong loro. Engko nganggo KTP-mu, lo!”

Omonge Astirin kebat, pratitis, mumpuni, dadi Samsihi mung kerep manggut-manggut wae.
“Tutuge, iki mengko yen kita wis mlebu kamar ho¬tel, aku terna mubeng-mubeng Kutha Surabaya, ben aku ora keblasuk maneh. Numpak kendharaan umum wae, ben aku bisa ndeleng dalan, ora bakal bingung maneh.”
Watara jam loro awan, sawise Astirin lan Samsihi padha aso omong kendho, Samsihi lan Astirin pamitan Pak Dirjan metu saka omah. Astirin nggawa koper gedhene maneh. Mung Samsihi nyangking tas rada gedhe, isi sandhangane wong loro sacukupe. Dhuwit ya nggawa sacukupe wae. Sandhang penganggone Astirin uga dipantesake, dudu sing norak sumringah. Ing pucuke gang Samsihi ngenyang becak, banjur nutugake menyang Ho¬tel Madusari Pangegiling numpak becak. Wong loro kaya sasedulur lagi teka saka ndesa kae.
Sethithik mbaka sethithik, Samsihi dicritani lelakone Astirin anggone keplantrang tekan Bontang. Nanging ora diblakakake kabeh. Ora blaka kepriye dhek ana ing Surabaya. Ora kandha yen oncate menyang luwar jawa budhale ya saka Hotel Madusari. Astirin blaka prekara sing kedadeyan ing Tarakan. Ing Bontang jarene dikontrak dadi penyanyi ing Night Club Blue Moon.
“Dadi kowe saiki nyambut gawe apa?”

“Kontrakku menyanyi ing Blue Moon entek. Aku kepingin nyoba karirku ing Surabaya kene. Aku arep nemoni agen-agen artis ing kene. Aku tansah kelingan janjimu lan janjiku sing arep sapatemon ing kene, lan ndadekake Kutha Surabaya dadi pancadan urip. Mula sedina rong dina iki aku njaluk tulung kowe gelema dadi pandhuku, dadi cucuk lakuku ngenali Kutha Surabaya. Ora-ora yen kowe kainan!”
Ing mbatin samsihi ngguyu. Sapa sing mikir kainan. Dhuwit sayuta wis dititipake dheweke. Gek saiki wong wadon ayu kuwi sing ngajak-ajak nginep ing hotel, njaluk sak kamar karo dheweke! Nakal ora nakal wong Samsihi kuwi wong lanang tenan, dijaluki tulung wong ayu kaya Astirin, Astirin saiki dudu Astirin cah SMA sing ditraktir ing Rumah Makan Bujang II, apane ora semrinthil.
Bleng mlebu pekarangan hotel, Astirin gage eling karo hotel kuwi nalika samana. Astirin kelingan maca dis¬play: Hotel Madusari. Jl. Pandegiling Surabaya. Isih meger-meger ing kono. Ya display kuwi sing njalari Astirin ngreti jenenge hotel mau! Saiki pranyata kanggo banget kelantipan maca lan titen ngono kuwi! Saiki Astirin kelingan kabeh kamar-kamar hotel sing dijujug sepisanan, kamare sing disebut Pak Bas, terus kamar gedhe ing mburi, panggonane calon tenaga kerja dikumpulake. Nalika njaluk kamar, Astirin ngarani yen bisa njaluk sing rada mburi wae. Kebeneran cedhak karo tilas kamare massal biyen.
“Awake dhewe ora leren ya Mas. Ndang padha adus, terus budhal maneh.
Sing dhisik dhewe aku kepingin ngreti Pasarkembang, panggonane aku kudu mudhun saka bis kota lin E yen arep menyang pondhokanmu”.

Nalika glibat-blibet padha giliran adus, Astirin karo clilag-clilig maspadakake apa wae ing hotel kuwi. Kamar sing dienggo Pak Bas ing ngarepan, pranyata nomor 10. Dene massal kanggo nyimpen tenaga kerja, nomer 22. Astirin saiki manggon ing nomer 24. Atine nratap bareng weruh Pak Bas karo pegawene sing sandhangane tansah neces, bregas, sepatune mengkilap, lagi metu saka kamare karo omong-omong sakepenake. Astirin ora pangling. Wong-wong mau uga mandeng Astirin, nanging sajake ora kelingan, ora tepung. Anggone padha omong-omong terus wae.
Nalika weruh ana bocah wadon enom metu saka kamar nomer 22 arep menyang jedhing, Astirin kelingan Muinah. Bocah saka Padangan sing gaweyane rencek kayu menyang alas, tepungan karo Astirin nalika dadi kanca senasib dionclang menyang Tawao. Bocah wadon kuwi ya mung enom, ngono wae. Ora ayu, ora manis. Memper kahanane Muinah.
“Dhik. Kowe pegawe hotel kene?” pitakone Astirin.
“Sanes”.
“La kowe mlebu kamar kono mau apa nginep neng hotel kene?”
“Enggih. Kula kalih mbakyu kula, kok. Bature kathah.”
Astirin ora ndhedhes nutugake pitakone. Ora kewetu, ora mentala. Ndadak atine kudu njerit wae! Nangisi nasibe bocah kuwi lan mbakyune! Wis genah, bocah kuwi nututi nasibe Muinah! Heh, kok degsiyane Pak Bas lan pegawene kae! Weruh wong wadon dhara-dhara mengkono sing katon mung dhuwit, dhuwit, dhuwit!
Budhal saka hotel numpak becak.
“Golek sing liwat dalan gedhe wae, ya, Mas. Sing mobil sedheng. Perlune yen liya dina nganggo taksi, aku ora bingung,” panjaluke Astirin.
Sing mangsuli saguh, dudu Samsihi nanging tukang becake.
“Mriki niki kantor polisi sing cedhak pundi, Pak?” Astirin terus takon marang tukang becak.
“Polseke tumut Tegalsari mriki niki.”
“Tebih king mriki, Pak?”
“Wo, brangkate ngetan mrika. Mboten ngilen. Niki wau turene teng Pasarkembang?”
“Enggih, kula mung taken thok!” Eee, jebul Hotel Madusari Jalan Pandegiling kuwi cedhak wae saka Wonorejo IV. Crita durung nganti tutus wis tekan.
Numpak becak kuwi ya ora suwe. Bubar mutar-muter lurung gedhe sing nuruti panjaluke Astirin ngetut lakune bis kota lin E, sidane Samsihi banjur akon becak mandheg ing pratelon Petemon Timur.
“Lo, kene kudune anggonmu mudhun bis. Angger kowe kandha kondhekture mudhun Pasarkembang wae, mesthi diudhunake ing kene. La Wonorejo IV panggonan pondhokanku, sabrang dalan gedhe kana kae,” ujare Samsihi bareng wis mbayar becak. Panudinge karo mengo memburi.
Lhah-dalah! Ya neng kene iki Astirin biyen mudhun saka bis kota. Terus, sabrang dalane ora noleh memburi, nanging mengarep! Mrana dheweke takon marang wong-wong sing padha jagongan ing cedhak toko kae. Astirin kelingan tenan. Mung saiki wong-wong sing padha ditakoni ora ana. Sepi. Astirin mung manthuk-manthuk.
Saiki mudheng tenan kesalahane. Samsihi bener anggone menehi pituduh. Mung gambarane Astirin bareng weruh kanyatane sing bingung!
“Wis, lega aku! Saiki numpak apa yen awake dhewe arep menyang kampung Dupak Bangunsari V. Aja numpak angkutan kota, aku mengko ora weruh dalan. Numpak becak utawa yen cukup adoh ya taksi. Aku ben weruh menggak-menggoke dalan.”
“Dupak Bangunsari?” pitakone Samsihi rada njengak. “Nuwun sewu, ya. Kuwi rak kampunge wong ala-ala.
“La aku pancen kepingin mrana, kok, Mas. Priye? Numpak apa?”
“Ya numpak taksi wae, wong adoh!” Muni ngono rada anyel, Samsihi ngawe taksi liwat. Wektu mlebu taksi langkahe dibregasake. “Dupak Bangunsaari, Pak!”
“Leren dhisik neng kene, ya, Mas? Kene, lungguh jejer adhike!”
“Aku jan ora seneng bisnis kaya ngene iki. Sanajan wujud wadhakmu, sanajan bleger rupamu, kowe kaya wong sugih, wong intelek, nanging panggaotanmu iki barang kang njijiki. Mawas tandangmu ngajak aku nginep sekamar ing hotel, terus saiki golek omah sewan ing dhaerahe kompleks pelacuran, genah bisnismu iki gaweyane wong gawe dosa wae! Kowe genah golek kauntungan saka umbarane nafsu kaum priya, lan meres apuh kodrate wanita kang sengsara tanpa daya. Panggaweyanmu iki panggaweyan degsiya, alane nemen, luwih asor tinimbang bajingan, nistha, iaknate jagad!”
Samsihi muni mengkono karo greget-greget, raine abang ireng disulet dening muring-muringe ati. Bener, mara nyedhaki Astirin, nanging ora terus lungguh jejer. Mbegagah malang kerik karo wicara sora. “Aku ora bakal gelem ngewangi kowe maneh sanajan kokopahi dhuwit sayuta sing koktitipake aku kuwi! Najis! Kuwi bandha dursila Bisnise wong bejat, koklot bubrah! Kowe mlebu neraka jahanam!”
“Ah, la viola! Pardon, monsieur. Est-ce que je travaille ma!. Eh, enake ngomongmu! Omongane wong suci! Kowe ora gelem nonton sanyatane! Priye coba menawa kowe dadi aku. Budhal soko ngunut prawan thing-thing, tekan Surabaya, tekan ing omah iki, diprawasa, dirudapeksa, dibrakot, dimamah-mamah, terus dilepeh ampas   awakmu.   Ing   dipan   iki   lo   aku   kelangan kamanungsanku, ajining dhiriku, ora ono sing ngewangi! Jiwa ragaku dadi lethek, rowak-rowek, wis ora pantes maneh disebut manungsa! Yen wong wedhok wis dadi kaya ngono kuwi, wis dadi sepahe bebrayan, terus apa sing kudu koklakoni? Apa, yen kowe dadi aku, dadi wong wedok sing wis dhedhel dhuwel, marga bandha lan dayane wis diusep-usepake ing blethokan, ing panggonan kang jember iki? Apa? ApaaaH” Panjerite Astirin ing pungkasane rembug. Astirin ora nangis. Astirin wis ora bisa nangis maneh. Tangis thok, ora bakal mrantasi gawe!

Weruh Samsihi mlenggong, Astirin gage ngendhaleni nesune. Omonge bali sareh.
“Enak wae omongmu saiki. Dakjaluki pitulungan sethithiik wae, kowe kipa-kipa ora gelem nulungi wong wadon kang wis kasangsaran dirampas kamanungsane! Kala samana, wong kaya aku ngono, paling-paling kepengin bunuh dhiri. Nganggep awake wis cemer, ora pantes srawung karo wong-wong suci. Urip wis ora bakal ngembaka semerbak maneh. Sing bisa mung ati nggrantes, nelangsa siya-siya, urip brangkangan ing kompleks pelanyahan, paling banter dadi lonthe, dadi ketiplake para bajul buntung. Ah, urip kang momyor-momyor iki, donya kang kebak wirama lagu kang gumbira kuwi, apa dudu duwekku maneh? Dadi sawise aku diusep-usepake ing got, dirampas pawadonanku, wis ora berhak maneh urip kaya mengkene, ya, Mas?”
Samsihi mung ndongong wae. Ngulu idu ping bolak-balik, jlegug, jlegug.
Astirin wis mendha tenan nesune. Nyawang Samsihi karo mesem. Malah banjur diranggeh tangane, ditarik wani, digujengi setengahe dingungrum, dikon lungguh jejer mepet dheweke. Astirin wadon luwih anom, nanging nalika kuwi tutur lan wiragane grapyak angyomi ngungkuli patrape ibune Samsihi. Ibune malah ora tau nglipur Samsihi kaya wong anom ayu iki!
“Kene, Mas. Dakcritani lelakone Astirin wiwit jabang bayine! Rungokna, ya. Lumrahe wong becik, wong suci kaya kowe, rak lahir saka ibu bapak kang tata trepsila lan mapan. Aku lahir saka asile langen asmara. Wiji saka sawenehe wong manca sila sing nginep ing pasanggrahan Popoh, nalika budhal mrana ndadak iseng ngglendhong prawan sing lagi mlaku lenggang kangkung ing pinggir lurung Kutha Tulunggagung, dikeloni sewengi terus dadi aku. Bar kuwi pisah, padha ora kenalan maneh. Ndulu lairku, manut pamawase wong suci kaya kowe kuwi, mesthine aku wis ora duwe hak urip srawung karo wong ing masyarakat mapan kaya kowe barang kuwi, ya, Mas. La terus menyang endi panggonanku? Aku manungsa klas kambing, wong sudra, asor!”

Samsihi tetep njinem. Astirin anggone crita ya kepenak wae, lungguh dhempet nanging ya tanpa niyat nyenggol-nyenggol. Ngrumangsani dhirine ina.
“Nanging aku wis ora niyat pitakon karo pamawase wong liya, kok. Wijiku dadi aku iki marga kersane Pangeran. Dadi dudu wong-wong kuwi sing ngatur aku, uripku, nanging karana kersane Gusti Allah. Mengkono uga aku wis kebleseg ing peceren, awakku gluprut blethok, diperwasa karo bajul buntung ing dhipan iki, kuwi ya pacobaning uripku. Nanging aku mokalake yen Gusti Al¬lah banjur mitenah ngudokake aku terus urip ing masarakat cemer terus. Ora. Urip sing wis daklakoni, sing klakon, pancen kudu dak timakake kadidene nasib paringane Allah. Nanging uripku bakale, kudu aku sing nduweni kekarepan, aku sing nduwe gegayuhan, lan nyenyuwun mring Pangeran supaya gegayuhanku mau diparingake, uga karana kersane Allah. Lan aku emoh urip cengeng nalangsa ketula-tula terus. Aku gemregah ngranggeh gegayuhanku. Aku nyambut gawe. Oui, j ‘aime beaucoup le metier que je fais! Saiki wis wayahe aku nyaur utang. Wong-wong sing motangi kebecikan marang aku kaya Bu Mir, Mas Hamdaru, Pak Sahudin, embuh apa modhele wis daksaur. Saiki aku isih duwe karep nyaur-kabecikanmu. Marga kowe wis menehi dhuwit aku, wis nyumet semangatku ucul saka Ngunut, uwal saka cengkramane Buamin. Kowe wis marakake aku dadi akung kaya ngene iki.
Merci bien! Aku nekani kowe dina iki pancen mung arep nyaur utangku marang kowe, Mas Samsihi. Muga-muga kowe gelem nampa. Dene anggonku ngajak kowe mrene, satemene mung anggonku kepengin ndeleng papan panggonanku nampa papa cintraka biyen. Hm, nostalgia! Kowe rak ora nesu maneh, ta, Mas? Kowe apa ora mesakake aku? Aku wong papa cintraka, mesthi kok siriki srawung ing donyamu, rak iya?”
Cek! Krekep! Sengok! Samsihi wis ora kanthi maneh ngetogake Astirin crita-crita nglelewa kaya mengkono. Terus wae didekep, lan diambungi.
“Aku ora ngira! Aku ora ngira tenan, yen kowe mrangguli nasib kang kaya mengkono sengsarane, katula-tulane!” Sengok-sengok-sengooook!
Durung nganti surup wong loro mau wis metu saka omah sewan. Nalika Astirin ngulungke kunci marang wong wadon sing nunggu toko mracang, ditakoni, “Le kok cepet. Empun, tah?” “Pinten, Bik, Sewane?”
“Sak kersa, wong cumak ngoten, kok!”
Astirin ngulungi dhuwit limang ewonan anyar. Ditampa sumringah dening wong wadon mau. “Kesuwun, nggih!”
“Kesuwun ndhasmu atos!” Gumremenge Samsihi, nggandheng Astirin ninggalake panggonan.
“His, aja ngono! Dheweke ora melu apa-apa!” Astirin nyekikik karo njiiwit tangane Samsihi sing grayang-grayang bangkekane.
“Saiki menyang endi?”
“Kantor polisi Tegalsari”
“Heh?!” Ujare Samsihi karo mripat mblalak. ”Isih urusan bisnismu?”
“Ya bisnis, ya nyaur utang.”
“Aku isih ora ngerti wae ili kekarepanmu! Pokoke aku njaluk sesuk aku tetep bisa nyambut gawe, dhines. Jam kerjaku ing kantor aja diowah-owah!”
“Bien, bien. je comprends! Je comprends! Anggere cedhak aku aja mrengut!”
Bisnis karo polisi Tegalsari jan ora sumbut tenan karo lakune. Mudhun saka taksi, dibayar, Astirin banjur mlebu menyang plataran kantor polisi tatag wae. Ora ngenteni Samsihi sing isih mbenakake tali sepatune.
“Sugeng sonten, Pak. Kula badhe tanglet margi dhaten Wonorejo IV menika pundi, nggih? Kula niki tiyang ndesa, enten Surabaya bingung, ngoten.”
Polisi sing ditakoni sing lungguh ngadhepi mesin ketik, lan tilpon.
“Wonorejo? Dalan wingking niku bablas ngilen.”
‘”Yen numpak becak pinten?” “Ala, sewu men nggih purun.”
“Nggih maturnuwun, nggih, Pak, E. anu, nuwun sewu. Mriki enten tilpun, nggih. Nomere pinten? Cobi kula cathete. Mengke yen kula diblasukake tukang becak, kula ajenge tilpun mriki, nyuwun pitulungan. Sinten Pak Polisi sing jagi tilpun dinten niki? Ngantos mengke jam sedasa dalu, nggih?”
“0, kene sing jaga terus. Dhik! Tilpuna parak esuk ya ditampa! Sing jaga saiki Bratu Suwignyan. Sing mengko bengi, sapa ya, anu Bratu Pandran. Cateten kono!” aloke polisi liya sing melu ngrungu omongane Astirin.
Sanajan olehe kandha sarana gegojegan, nanging dicathet tenan dening Astirin. Samsihi durung nganti munggah tlundhakan, Astirin wis ngajak lunga saka kono.
“Menyang endi saiki, bisnise?” pitakone Samsihi setengah anyel.
“J’ai faim. Je vourdrais manger. Golek restoran. Mangan!”
“Que sera-sera ….!!” Samsihi nrambul nganggo apalane basa Prancis. Apalan lagu lawas jaman bapak-bapake biyen, lagune Doris Day.

Bali mlebu hotel wis bengi. Samsihi ngrancang yen sesuk dheweke arep mulih dhisik. Lan terus dhines. Wingi lali ora sangu klambi dhinese. Dadi esuk ora bisa ngeterake Astirin. Rak wani, ta, Astirin neng hotel dhewe?
“Wani, wong aku wis duwe nomere kantor polisi laladan kene. Ayo kene mangan kacang neng ngarepan kana dhisik.” Wis padha salin klambi bedinan, metu saka kamar.
Anggone lungguhan ing petengan. Karo omong-omong, klethak-klethik mangan kacang. Saka panggonane Astirin wenih glibat-glibete sing pada mlebu-metu ing kamar hotel. Sisih kana ana ruwangan panggonan leren, ana tilivisine distel. Sawatara tamu hotel padha nonton. Astirin uga weruh pegawene Pak Bas sing sandhangane biyen sing tansah necis, melu nonton TV. Ngadeg, mlebu kamar. Banjur metu maneh, nggawa dhaftar. Sajake isih uwet ngecek kamar 22. Jam yah mene pancen wayahe ngrangsum.
“Sik, ya, Mas. Aku dak nyilih tipun,” muni ngono Astirin karo menyat marani panggonan nrima tamu, sing jaga lagi melu nonton TV, katon saka panggonane.
“Mas. Kamar kana kae nomer pira, ya?” pitakone Astirin nuding kamar sing dileboni pegawene Pak Bas.
“Nomer 8.”
“Sing nginep ing kono kepenak, ya, metu saka kamare wis terus bisa nonton TV.”
“0, kae langganan, kok. Ora ketang sesasi pisan mesthi nyewa kamar kuwi. Kamar nomer 8, 10 lan 22. Ha! ha-ha-ha-ha!” pegawe hotel kuwi surak marga acara TV-ne lucu.
“Mas. Aku bisa nyilih tilpune?”
‘Interlokal?” Isih karo nyawang TV.
“Nyang Kutha Surabaya kene wae.”
“Yen interlokal kudu mbayar biaya interlokale. Yen Lokal sing kae, nglebonana dhuwit satus rupiah krincing.’”
Astirin ngangkat tilpun, nanging ora ngerti carane. Priye, Mas, carane?”
“Ya angkaten gagange, rungokna, cemplungna dhuwit!” Sawise ngajari Astirin kanthi ati mangkel, wong mau gage nutugake nonton TV. “Ha-ha-haaa!”

Astirin muter nomer sing dijaluk. Ana suwara nampani saka kana. Astirin gage muni, Bratu Suwignyan? Ngene ya, Pak. Aku aweh informasi penting. Ing Hotel Madusari Jalan Pandegiling, kamar nomer 8, 10 lan 22, bengi iki lagi dienggo markas calon tenaga kerja peteng. Catheten, Pak, nomer 8, 10 lan 22. Sing dadi pengarepe sebutane Pak Bas, manggon ing kamar 10. Yen bisa, gage gropyoken saiki uga. Merga yen sesuk wis kasep. Dak baleni maneh, ya, Pak. Pengiriman tenaga kerja peteng saiki markase ing Hotel Madusari Jalan Pandegiling, kamar nomer 8, 10 lan 22. Sedia mobil patroli lo, Pak, wonge cukup akeh! Ora perlu ngreti sapa aku. Sebuten wae warga negara klas kambing!” Anggone tilpun bisik-bisik, ora keprungu wong sakiwa tengene. Apa maneh sing cedhak dhewe ya pegawe hotel sing lagi kesengsem nonton America’s Home Funniest Video ing layar TV.
Astirin bali menyang panggonane lungguhan.
“Dadi sesuk dhuwitmu daksimpene ing bank wae, ya. Celengan sing aman, lan sawayah-wayah kowe butuh bisa dijupuk,” pamrayogane Samsihi.
“Terus sesuk, yen kondur saka kantor, kowe ya mrenea lo Mas. Urusan bisnisku durung rampung. Nanging saupama kowe teka aku isih lunga, ya aja gugup. Lerena wae neng kamar hotel,” Astirin kandha. “Sanajan aku nganti bengi, utawa malah mbok menawa ora mulih mrene, kowe ya ora perlu gugup. Esuk budhala dhines menyang kantor, ora papa. Cekake yen wis rampung bisnisku, aku mesthi mulih mrene.”
“Lo, kamar hotele rak terus disewa nganggur?”
“Wis ora papa. Paling sedina rong dina rampung. Sawise kuwi aku arep tilik mbokdhe nyang Ngunut.” Durung tutug anggone padha rerembugan, saka njaba kaya ana tamu sing mlebu kesusu. Wong loro, terus njujug ing panampa tamu. Sawise omong-omong sedhela, pegawe hotel nudingi kamar nomer 8 karo nomer 10, lan nudingi sisih mburi. Tamu loro anyar mau pranyata disusul wong loro maneh, terus Astirin weruh Pak Bas lan punggawane di cekeli para tamu sing lagi teka. Sabanjure tamu-tamu mau uga nggropyok wong wadon-wadon ing kamar nomer 22.
Bengi kuwi ing Hotel Madusari ana gropyokan polisi. Pak Bas sakandhahane padha dicekel. Nanging tamu hotel liyane, kaya dene Samsihi, ora ngerti babar pisan. Ora ngreti babar pisan. Ora ngerti yen kabeh mau marga saka pokale Astirin nglakokake bisnise!

Esuke Astirin ngeset. Tangine awan. Wis ditinggal wong lanang kancane sak kamar sajak ora preduli. Pegawe hotel crita ngethuprus karo kancane prekara tangkepan polisi marang tamu hotel mau bengi, ora direwes dening Astirin. Sajak ora migatekake. Astirin mlaku lendreg-lendreg menyang jedhing karo setengah ngeluk boyok, terus angop.
Watara jam sepuluh Astirin nitipake kunci kamar marang tukang jaga tamu hotel, pamite arep golek sarapan ing warung cedhak-cedhak kono. Nyandang panggonane sarwa prasaja, ora nyolok, malah klebu luthu, wis lawas. Sandhale jepit, dheweke nggawa dhompet cilik, uga wis lawas. Kanthi mengkono rupa ayune kesilep ora ketara.
Dheweke mlebu ing warung soto, mangan soto kanthi dhokoh. Ora entek seporsi. Rampung sarapan, mampir toko golek silet, anane mung merk Tatra yang wis gelem. Barang mau dilebokake ing njero kutange, kumpul karo bumbung plastik wadhah pil. Loro kuwi ora lali, Astirin ngrasa aman ngambah kutha Surabaya. Pancen dheweke ora bali menyang hotel. Nanging ngenyang becak menyang Pasar Kembang, kon nrutus liwat dalan gedhe. Astirin mbaleni napak tilas lakune wingi, ijen.
“Stop! Stop! mriki mawon!” Ujare Astirin bareng tekan pratelon Petemon Timur. Mandhek ing pinggir dalan nalika mbeneri bis kota lin E liwat.
“Becak, Ning?! Ngga teng Petemon!” Pating braok wong becak nawani tetumpakan. Ana sing nyegati lakune astirin.
“Uuk, gak main! Modhun ka becak ditawani becak!” tukang becak liya mbengok.
Tukang becak Surabaya! Ngati-ati, aja gampangan percaya! Ah, kuwi wanti-wantine Samsihi dhek Astirin arep lunga menyang Surabaya ijen.
Astirin terus wae nyabrang dalan menyang Petemon Timur, ngener panggonane wong-wong cangkruk dhek biyen kae. Biyen ana wong papat cangkruk ing kono. Saiki siji-sijia ora ana. Nanging Astirin ora ngrendhetake lajune. Cedhake kono rak ana toko cilik. Astirin arep takon mrono.
“Kula ajenge tanglet, griyane cak Sidik niku pundi, nggih?” ujare Astirin.
“Sidik sing pundi, nggih?”
“Sing pipine enten tilas tatune!”
“O, Marsidik! Niku napa, tiyange tilem teng walike meja. Diik, Sediik! Teleki uwong, kon! Iki lo wonge!”
Wong lanang sing jeneng Sidik metu saka peturone, rambute moreh-moreh, karo kucek-ucek mripat. Pipine ana tilas tatune, kuwi sing marahi Astirin yakin ora salah alamat. Yaiku salah siji saka wong papat sing biyen ditakoni Astirin.
“Cak Sidik. Omahe Dulrazak iku ngendi, Cak?”
“Yok-apa?”
“Omahe Dulrazak”, Astirin luwih miterang.
“Apaa se, neleki Dulrazak? Apaa gak neleki aku ae? Katene telek pondhokan, se?”
“Ya ana gaene, Cak. La apa telek pondhokan? Iku, lo, bojone Dulrazak sing meteng enom, tanggaku ndhuk Wonorejo kono lo, rak lara nemen. Dulrazak katene dak susul dakkon nyambangi. Sakaken areke.”
“Lo, bojone sing endi. Mosok duwe bojo ndhuk kampung liya? Ya Petemon Kuburan iku omahe bojone! Yok-apa?! Katene nosul, tah? Iya, iya, susulen. Petemon kuburan iku le, omahe Dulrazak. Iki terus ae, mengko yen ana gang ngiwa, mlebu. Notog, terus takona omahe Dulrazak. Wong kono kabeh ngreti. Mbok, rame iku mengko, yen bojone ngreti Dulrazak duwe bojo enom!” Ketara banget yen Marsidik seneng atine. Owahe pikirane ora bisa didhelikake.

Astirin ora kengelan maneh nemokake omahe Dulrazak. Nanging nalika teka ing kono sing dirembug dudu si bojo enom. Astirin ulate suntrut, prembik-prembik arepe nangis.
“Ana apa neleki Cak Razak?” pitakone sawenehe wong wadon.
“Kula niki mbok ditulung napaa. Kula diusir kalih majikan kula, cina Pasarkembang. Teng Surabaya mboten gadhah dherek.”
“La apaa njaluk tulung Cak Razak?”
“Sing mbejeni Umarsidik. Cak Dulrazak saget madosake damelan kula. Criyose gadhah hubungan kalih Pak Bas, napa ngoten, sing tiyang sukak nampung tenaga kerja!”
“Caak? Bener, la, sampeyan hubungan mbarek Pak Bas. Jare sing sukak nampung tenaga kerja?” omonge wong wadon mau bantas.
“Apaa, se?” suwarane wong lanang saka njero omah.
“Iku le, ana arek wedok telek gaweyan.”

Dulrazak metu saka omahe. Weruh Astirin, terus ditakon-takoni. Astirin olehe mangsuli, dheweke kuwi jenenge Muinah, bocah saka Padangan Bojonegoro. Biyen pegaweyane golek kayu ing alas. Seminggu kepungkur digawa kancane menyang Surabaya, dielokake Cina Pasarkembang. Nanging esuk iki mau dheweke ditundhung, dikon lunga karo cinane. Dheweke mbrengengeng nangis ing pratelon Petemon Timur, terus dikandhani wong sing jenenge Marsidik, pipine ana tilas tatune. Ditulung dikon nemoni Dulrazak. Astirin sing mimba-mimba dadi Muinah crita karo prembik-prembik. “Kulo niki bingung, hiihiihii. Ajenge teng pundi, teng Surabaya mboten gadhah tepangan! Hii-hii. Kula mang tulung napaa, Ning! Mang tulung, Cak!”
“Yok apa iki?” Dulrazak takon bojone.
“La yok apa. Sampeyan temen bisa hubungan mbarek Pak Bas iku mau, tah? Yen isa ya tulungen arek iku. Sakaken, gak duwe dolur ndhuk kene. Aku mung dak upamakna awakku sing kaya mengkono, yok apa?”
“Aku kenal mbarek Pak Bas iku, ndhuk Hotel Madusari kono, le markase. Tapine geleme dipethuki cuma yen sorup. Yah mene, nggak ana. La arek iki terus digawa nyang endi. Ben neng kene dhesik, tah?” “La apa, lalar gae! Titipna ndhuk hotel kono rak uwis ta!”
Sawise dirundhing luweh mateng, Dulrazak oleh idin bojone kon ngeterake Astirin embuh menyang endi dhisik, pokoke nggolekake pegaweyan.
Dulrazak metu saka omah menganggo sarwa resik. Klambine putih setlikan alus, clanane biru rijik, kaos kakine nilon, sepatune lulang mengkilap. Upama ketemu ing dalan, ora bakal wong ngira omahe mung kaya ngono. Diajak lunga, Astirin alias Muinah kuwi ndhingkluk sajak isin wagu. Rambute sing dawa lan ketel ngrembyak nutupi sebagian raine. Ora lali sesenggruk kudu nangis, irunge ditutupi kacu.
“Kowe ya ora nggawa sandhangan rangkepan?”
“Nggih ken medal ngeten mawon. Kula pancene dereng gadhah salin.”
“Kowe ngreti dalan Surabaya ora?”
“Boten. Wong cumak seminggu teng mriki, dipleter damelan teng dhapur mawon!”
“Ya wis manuta aku wae. Kowe duwe dhuwit ora?”
“Gadhah niki yen mung sedasa ewu. Sangu kulo king Padangan riyin.”
“Kene, daksilihe dhisik!”
Metu saka kampung numpak becak. Nanging tekan dalan gedhe terus pindhah bis kota.
Astirin manut wae. Kon mudhun saka bis kota, ya nurut. Ganti numpak bemo, utawa angkutan kota. Bareng rada suwe, Muinah takon, “Niki ajenge teng pundi?”
“Nyang nggone pamanku. Iki mengko mudun bemo isih kudu numpak becak maneh.”
Bareng mudhun bemo, Astirin nengeri mandhege ing lurung kang amba, dalan pinggire nganggo disingget minangka dalan becak. Ing ngarep mejid gedhe. Astirin ora pangling maneh, nalika maca plang dalan: Dupak Bangunsari V. Dheweke wis mesthekake yen bakal digawa menyang omah sing dhek wingi diparani karo Samsihi.
Ora lidok. Pancen Muinah bocah Padangan kuwi nasibe bakal padha karo Astirin enem sasi kepungkur. Digawa nginep ing omah kang padha.
“Lo. Dulrazak! Kok suwi wak pena gak dolin mrene, Dul? Ayo, mlebu kene. Paman lagi ae metu mbarek Brodin. Ngguk Pabean, telek rongsokane nalpot ! Mbarek sapa wak pena, Dul!”
Pancet kaya swasanane nem sasi kepungkur! Sabanjure Astirin digawa menyang omah sing ana cagake ing tengah. Dikon leren, dikon ngaso. Dulrazak wis pesen mangan, mengko enggal mangan awan. Disilihke radio compo barang, terus disetelke lagu-lagu ndhangdhut. Muinah ora sah kuwatir. Diterke nyang nggone Pak Bas mengko surup. Sakiki ngaso-ngaso dhisik. Dulrazak ya salin sarung barang. Sareh-sareh.
Bareng panganan pesenane teka, Muinah diajak mangan bareng. Muinah nurut. Malah dheweke gelem ngladeni, melu ngecurake banyu ngombe barang, lan nyisihake lombok sing dheweke emoh mangan.
“Sampeyan niku yen maem mboten wijik riyin?” pitakone Muinah. Dheweke dhewe wis mentas wisuh ing jedhing. “Niku tangane rak kotor. Sanajan mawi sendhok, saene nggih wijik riyin!”
“O, ngono, ya!, Iya, iya, bagus!” Lan Dulrazak lunga menyang jedhing, perlu wisuh lan nguyuh dhisik. Karo singsot nirokake lahu ndhangndhut Mabuk Lagi.
Saungkure  Dulrazak  menyat  menyang jedhing Muinah alias Astirin gage ngrogoh bumbung plastik sing sumimpen ing njero kutange, ana tulisane warna ijo lan ireng: Soporific. Pil loro diwetokake saka bumbung mau, dicemplungake ing gelas ombene Dulrazak, terus diudhak nganti ajur. Nalika Dulrazak balik, kabeh sing arep dipangan wis satata.

Wong loro mangan lan ngombe kanthi enak. Glegak-glegek Dulrazak ngombe banyu sing katutan ramuan pil Soporific. Rampung mangan, Dulrazak angop-angop, ora kuwat maneh nahan kantuke. Banjur ser, bruk, ora eling maneh keturon ngrungkepi meja mangan! La wong ya pil loro, klebu bareng ing wadhuke Dulrazak! Mangsa kuwata nampani kridhane Soporific, pil marakake turu pules gaweyan pabrik farmasi Inggris.
Ngreti Dulrazak keturon, cepetan Astirin ngancing lawang ngarepan. Tingkahe trengginas, ora kaya Muinah sing melas asih ditundhung minggat saka majikane, nanging balik kadidene Astirin kang polahe tansah semangat lan akale kaya kancil.

Kacu ing kantong sake Dulrazak dijupuk, banjur dienggo nyumbeti cangkeme Dulrazak, kaya patrape Yohan Nur biyen marang Astirin. Disingseti tenan, nganti ora bakal bisa mbengok. Bubar kuwi Astirin njupuk tampar ing ngisor dhipan sing dhek wingi wis dipriksa. Tampar mau dienggo ngerut Dulrazak ing cagak tengah omah. Tangane dibanda menyang mburi, sikile dierut-erut nganti ora bisa obah. Kanthi mengkono yen Dulrazak tangi, mesthi ora bisa bengok-bengok, ora bisa bangga, bisane mung kethap-kethip. Sepisan engkas, Astirin nliti priksa, supaya ora ana sing kliwatan!

Watara jam papat sore, Astirin wis adus barang Awake krasa seger. Radio compo dibanterake, dudu lagu-lagu ndhangndhut maneh, nanging bangsane pop rock. Astirin nganti melu rengeng-rengeng karo megal-megolake bokong. Dheweke wis malih ayu maneh, merga rambute sing nutupi raine sakiki disilakake. Katon irunge kang mincris, janggute nyathis, gulune gilik. Nanging sing paling nguripake cahyane sunar mripate kang clorot-clorot.
“0, wis tangi, Mas, sampeyan! Nuwun sewu, sampeyan kejiret tampar koyo ngono! Hi-hi-hik! Aku sing njiret. Kelingan, Mas, biyen aku ya kokdhadhung kaya mengkono ing cagak kuwi, ya nganggo tampar iki? Ah, sayang yen sampeyan ora kelingan. Yihuuuu! Aku ora seneng lagu ndhangndhut e Mas, senenganku lagu ngono! Sakiki aku nyaur utang, Mas. Kowe genten dakjiret, dakkon ngrasakake sepiro larane atiku, larane awakku nalika samana. Ah, iya! Kowe biyen ngenalke jengengmu Yohan Nur, ya! Jeneng Dulrazak ngono wae diganti Yohan Nur barang, gak kemelipen, ta? Hi-hi-hik!
Lucu, biyen aku kalah, sakiki aku kuwasa! Sakit gigi, hih-hih-hiiiih!!” Muni mengkono Astirin karo ngguyu, karo nyogroke drijine sing lancip menyang bolongan irunge Dulrazak.
Wong lanang bandan, ora bisa obah, ora bisa mbengok, sanajan driji sing cilik kuwi nglarani irunge. Mung mripate pendirangan.

Weruh kang kaya mengkono mau Astirin ngguyu lakak-lakak. Bareng karo elik-elike Guns’N Roses nyanyekake lagu sing rada lawas, Don’t Cry. “Voila, monsieur Yohan Nur”. Sakiki sing duwe acara aku. Dhek biyen laraa banget atiku marga kakroyok keprawananku ing dhipan kana. Sakiki dakwales. Jevous aurai coupe les cheveux au rasoir! Non! Au gillettel Mung silet! Dakpilih dudu rambut sing ana ing sirah, nanging …. ha-ha-haaa!! Saru!” muni mengkono Astirin karo njupuk silet sing disimpen ing njero kutange. Lan karo ngguyu-ngguyu kesenengen Astirin ngekreki sarunge Dulrazak sing pemah panggonan lakang. Dikekreki kaya jagal nguliti wedhus disembeleh.
Dulrazak bengok-bengok, wedi kecincalan. Nanging ora bisa apa-apa. Mung bekah-bekuh karo megal-megol wetenge. Ora bisa ngalangi utawa nglarang kekarepan lan penggaweyane Astirin.
Ora kesusu. Ora grusa-grusu. Anggone mergawe Astirin disambi ngematake musik saka radio compo. Wek! Wek! Wek! sarung apik-apik dadi bedhah kabeh. Rampung, ganti clana njerone, diwek-wek-wek! Alon naging pasthi silet ciiik kuwi wakwek ngekreki kain clana njerone, nganti katon sing dikathoki.
“Aha! Biyen barang kuwi sing ngrampas mustikaku! Aku tansah eling, tansah kelara-lara yen ketingan nalika semana. Nanging kowe ora ngreken jerite wong wadon iki! Kowe nerusake ngumbar nafsumu ngrampungi aku ! Ha-ha-ha Saiki giliranku nyaur utang, nyaur larane atiku sing saprono ora mari-mari! Nakal banget, Mas, kuwi barangmu dhek semana! Kene saiki dakajare, daksunate maneh, ben kari sakithik!”
Astirin ora mung kandha, nanging iya nyembadani. Tangan sing alus, drijine lancip-lancip kaya ora ndayani, sakiki ketemu silet, sarana silet, bisa nyambut gawe trampil mbetheti barange Dulrazak alias Yohan Nur. Ora minggrang-minggring!

Yohan Nur klepekan.  Nanging  tetep  ora bisa mbudidaya apa-apa. Kaya Astirin nem sasi kepungkur ing dhipan kamar kono. Padha wae. Lumpuh tanpa daya!
“Nah, utange sah!” ujare Astirin lega, weruh wong bandan kuwi godres getih ora swala. Kanthi kalem Astirin ngelih lagu digoleki lagu ndangndhut.
“Mabuk lagi, ah, ah, mabuk lagi!” Kebeneran lagu sing lagi disenengi Yohan Nur utawa Dulrazak ketemu disiarke radio. “Mendem maneh! Saben dina mulih esuk. Kowe janji ora arep mendem maneh. Aku ora gelem terus ngene. Luwih becik terus diputusake wae! Mabuk maneh, ah, ah, mendem maneh. Sempoyongan, ah, ah, sempoyongan!” Sing nyanyi wong wadon, nuduhake sengite marang wong lanang sing nggugu sakarepe dhewe, nglakoni paliwara, nyepelekake anane wong wadon! Ah, anyel. Kok pas banget karo kahanane Astirin sakiki. La yen wong lanang ora ngajeni karo wong wadon, ya dimunasika wae, kaya Dulrazak kuwi! Huuuh!
Lagu ndhangndhut dibanterake, merga kesenengen lan pakulinane Dulrazak wirama kuwi. Ben para sing krungu ngira yen sing nikmati siaran radio mau Dulrazak! Ora padha cubriya ing njero omah kono Dulrazak kena apa, wong nyatane isih seneng-seneng ngrungokake ra¬dio!
Kanthi alon nanging teteg, Astirin ngukuti silet lan pil turune, njabel bali dhuwit sepuluh ewu sing disilih Dulrazak, wisuh, lan banjur metu saka omah kono kanthi ora kesusu. Lawange ditutup rapet, lagu-lagu ndhangndhut isih ngumandhang sora. Liwat kampung marani dalan gedhe, terus ngawe taksi, amblas!

6. Tilik Mbokdhe

Ditinggal nem sasi durung akeh owahe. Astirin mlaku urut trotoar pinggir dalan Prapatan Jepun.
“Ngidul, Ning? Kalidawir?” pambengoke kernet colt.
Astirin gedheg. Dheweke milih colt ngetan. Oleh suksukan, ya ora papa. Penumpange prasasat diplenet! Ambegan rasane kudu gentenan. Nanging ngarepake tekan Ngunut sela. Astirin mudhun kulon pasar cedhak enggok-enggokan. Pas ngarep bengkel sepedha motore Buamin, bah, ora preduli. Sanajan atine dheg-dhegan, nanging kalem wae Astirin liwat ngarep bengkel, terus mengidul. Astirin nglirik. Bengkele ana owah-owahan, diambakake, ditembok lan dijobin. Katon owahe. Mesthi wae, Buamin rak dhuwite pancen akeh. “Yen mung limang yuta wae aku ana dhuwit. Iki durung sing lagi dakcekelake Hong marga diubetake kanggo maklaran mobil!” Astirin isih kelingan sesumbare Buamin.

Nanging Buamin ora katon neng kono. Mung tukang-tukange padha uwet ndandani sepedha motor. Eh, saiki duwe etalasi barang kanggo wadhah perkakase, lan barang dagangane.
Beda karo nggone Mbokdhe Nik. Pancet kaya biyen. Dhingklik bangku dawa loro sing dhekil kae, ya tetep ana. Weruh kumlebate Mbokdhe Nik, Astirin ora bisa ngampet trenyuhe ati. Mbengok, Dheee!! Mbokdheee! Kula Astirin, mantuk Dheee!!” Ngono karo marani Mbokdhe Nik.
“Astirin? Kowe Astirin! 0, Allaaah, Ndhuuuk! Kok tegel-tegelmu kowe ninggal aku ora pamit ora barang! Oh, Ndhuuk! Saka ngendi wae ta, kowe kuwi, ora bisa mbendung saka solah kang spontan. Wong loro gapyuk rangkul-rangkulan! Pranyata sisa-sisa sesatrone biyen wis bubar blas ilang.
“Kowe ki menyang endi, ta, Ndhuk? Karo sapa?”
“Dhateng luwar Jawi, Dhe. Piyambakan. Kula saged kok, Dhe, gesang teng mrika!”

Astirin crita sethithik bab penguripane ing Bontang nalika melu Mirenani. Kuwi sing dadi andelane pametune nalika ing sabrang. Mbokdhe lan Pakdhe kepriye? Lan uga prekarane karo Buamin kepriye. Sakiki Astirin ngaku yen anggone minggat marga arep diolehake karo Buamin. Astirin gemang.
“Ya nganti saprene isih kerep mrene. Setengah nagih, setengah nylidhiki kowe kuwi ana ngendi. Apa aku melu-melu nyingitake kowe. Pakdhemu barang ya diterka melu ngajani lungamu. Bab utang kuwi tansah dadi jalaran kanggo ngudhal-udhal kanepsone. Jare gelem mangan dhuwite, ora tanggung jawab pakartine.”
“La kok dhuwite ora dibalekake wae?”
“Dibalekake ka ngendi, wong wis gusis dienggo tombokan pakdhemu!”
“Nganti saprene ya durung disaur? Rak ya setengah yuta rupiah kae, ta?”
“Gableg dhuwit ka endi? Ya limang atus ewu sing terus digawa Pakdhemu kae!”
“Boten njaluk tambahan, ta, Mbokdhe, diengge ngrembakakake sadeyan sekul?”

Astirin ngomong semu ngledhek.
“Ra sah, mundhak saya kebetheng utang! Wong pakdhemu ra isa mari anggone tombokan. Yen gelem mari kira-kira ya bisa mentas saka oprak-oprake Buamin!”
“Dados, boten gadhah niyat nyaur, ya, Mbokdhe?” “Yen saka bathine dodol sega, ya ora bakal! Nanging mengko rak ana dalane. Kaya kowe teka barang iki, rak duwe karep gelem dikawin Buamin, ta? Yen kowe wis dadi bojone Buamin rak sah utangku. Rak ngono, ta, Ndhuk?” ganti Mbokdhe Nik sing semu ngledhek Astirin.
Satemene yen ora ana prekarane Buamin ngono, pasrawungane Astirin karo mbokdhene ya akeh guyone. Ora kok padha methuthut utawa satron.

“Emoh, Mbokdhe! Wegah! Aku arep lunga terus wae saka Ngunut, ucul saka tanggungane Mbokdhe. Aku wis dewasa, kok. Iki aku mung tilik, karo nyuwun pamit, wong dhek biyen kae aku ora pamit. Karo njaluk surat keterangan pak lurah, yen aku biyene pancen wong kene.” Yen akrab mengkono, biyasa Astirin sok basa sok ora karo mbokdhene.
“E, la mengko yen Buamin tekon kowe mrene?”
“Ya mengko dhuwite dibalekake. Disauri. Aku duwe dhuwit kok, yen mung dienggo nyaur Kang Buamin. Sakiki ora dakgawa, wong kula kirimke langkung bank BRI Tulungagung. Sesuk utawi suk emben, saget dipendhet kalih Pakdhe.”
“Kowe? Kowe duwe dhuwit samono? Tanpa anakane? Karo dene Buamin biyen tembunge menehi ora ngutangi. Lirune ngepek bojo kowe. Sakiki apa gelem dhuwite dibalekke, njur kowe ora dadi bojone? Woo, Buamin saiki sugihe saya ndadi! Embuh saka ngendi dhuwite! Kuwi sing daksumelangi, apa gelem nampa baline dhuwit saka kowe!
“La engko ya ditambah anakane, yen pancen dheweke njaluk dianaki. Arta sing kula kirim niku enten kalih yuta, kok, Mbokdhe!” “Rong yuta? Toblas Kowe ki nyambutgawe apa?”
“Nggih niku wau, dados penyanyi kalih juru mangsak.”
“E… kosik! Terus kok kirim lewat bank? Dadi njupuke mengko saka bank?
Eh, ati-ati! Kene ora aman. Wingi Marwin mrene, crita yen gajine para guru patang sekolahan dhaerah Kras, dirampog uwong nalika dijupuk dening guru juru bayare saka bank. Sing njupuk ketaton. Dhuwit telung yuta amblas!”
“Dhek napa niku?”
“Senen wingi. Selasane Marwin mrene, crita ngono kuwi, Njupuk dhuwit saka bank ki saiki gawat banget. Kamangka dhuwitmu pira mau, akeh banget. La kuwi mengko priyek olehe njupuk?”
“Ora dijupuk kabeh sabreg ya nggih saged, kok. Nggih dipendhet sithik-sithik wae, saperlune. Njing-enjing niku sing penting mendhet sakyuta, diengge nyedhiani mbalekake dhuwite Kang Buamin kalih anakane.”
“La mengko yen dirampog uwong?”
“Alaa, Mbokdhe! Enggih ampun criyos sinten-sinten yen kene duwe dhuwit teng bank, lan ajenge dipendhet. Meneng-menengan mawon. Terus mengke sorene disukakake langsung teng Kang Buamin.”
Mabokdhe Nik isih rumagsa giris. Dhek dicritani Marwin, anake sing dadi tukang jaga sekolah ing Kras, anane mung mesakake thok. La para guru, klebu penjaga sekolah kaya Marwin sidane ora bayaran dina wingi! Nanging saiki bareng Astirin kudu njupuk dhuwit menyang bank, rong yuta rupiah, rasane atine ndadak lumuh, sumelang banget. Mengko gek dirampok! “Terus yen Buamin weruh kowe, mangsa gelema nampa dhuwitmu. Wong biyen jarene kuwi dhuwit uba tampene nikahan.”
“Sstt!!!” Astirin nyasmitani supaya Mbokdhe Nik meneng. Driji panudinge dipepetake ing lambene. Dheweke krungu ana wong teka. Pakdhe Mar?
Wong sing teka mau terus wae nginguk njeron omah, cluluke, “Aku kok kaya krungu suwarane Astirin. Apa mulih, ya?”
“0, enggih, Wak, Niki kula dhateng. Sugeng Wak Darmimin?”
“Tenan, ta! Aku kaya krungu suwaramu kok. Priye, kowe ya padha slamet? Ka lunga ngendi, Ndhuk, kok nganti nem sasi emen?”
“La enggih niku, ta, Kang Darmimin. La kok jebulane pun dumugi Tanah Sabrang. Pun dumugi Ngglonthang, rak empun, ta! Enggih seking tingkah polahe dhewe! Ngoten niku napa mboten damel ngenese tiyang sepuh, ta, Kang!?”
“Tekan Ngglonthang, Ndhuk? Melu sapa? Sing kokgoleki apa? La endi oleh-olehanmu, kok kaya ora nggawa apa-apa?” Wak Darmimin takon karo semu srengen.
“Nggih mung kepengin kesah king mriki mawon, kok, Wak! Kula njing emben nggih ajenge mrika melih. Enten ngrika pun angsal damelan, kok, Wak.”
“0, Allah, Rin! Urip neng kana mbi neng kene rak padha wae! La neng kene yen kowe dadi bojone Buamin, rak ya kari thenguk-tenguk digrujug bandha ta, Ndhuk! Kae delengan, bengkele wis dibangun amba!”

Sawise omong-omongan sawatara, Darmimin tuwek pamit iunga.
Sapungkure Darmimin, Astirin nggresula, “Panggah wae, wong kuwi, melu-melu ngurusi rumah tanggane wong liya!”.
“La wong tangga cedhak, kok, Rin. Ya kepriye maneh. Terus rencanamu kepriye?”
“Yen pun dibaleke dhuwite sing setengah yuta niku, aku ya terus lunga, Dhe! Apa enake aku ora susah rnuncul wae, sedidhemen. Dadi kaya-kaya dhuwit limang atus ewu kuwi saka usahane Pakdhe Mar karo Mbokdhe dhewe.”
“La ya genah ora bisa. Priyek anggone ndhelikake kowe. Iki mau Kang Darmimin wis ngonangi. Ora bakal dheweke ora crita marang Buamin. Yen sore mengko Buamin teka mrene lan ngreti yen kowe mulih, tegese kabarmu sing nggawa Kang Darmimin. Ora bisa nyidhem kabar tekamu!”
“Emmm! Yen ngoten nggih kudu kula dhadhagane mawon! Aku saiki toh dudu Astirin sing keponake wong dodol sega pecel Mbok Tanik! Aku wis dudu prawan ndesa biasa. Je park un peufrancais. Aku kudu wani ngadhepi! Mbesuk aku iki penyanyi, lintang abyor kaya Nike Ardilla, Anggun! Ora sudi bojone montir sepedha montor!” ucape Astirin mubal muringe.

Tanik ndomblong weruh kenepsone Astirin. Krasa tenan, Astirin akeh owahe karo sadurunge lunga saka Ngunut! Sajak lantip lan kuwasa!
“Ya coba, mengko dirembug karo pakdhemu.”
“Apa Pakdhe nggih tesih panggah kados riyin? Klemak-klemek ora ndayani.
“Ya esih kaya ngana kae. Yen Rebo ngene iki trutusan ing emperan sing bukak tombokan! Sok ora mulih!” “Yen ngoten, nggih gak sah njagakake bantuane Pakdhe! Pendheke kene kudu siyaga nanggulaangi kanepsone Kang Buamin!” Mbokdhe nggih boten sah kuwatir. Mengke yen aku njaluk layang ketrangan menyang lurah dicritakne persoalan kita karo Kang Buamin. Pak Lurah mesthi gelem ngawat-awati wargane!”
Isih wanci asyar, Buamin teka. Astirin saka njero omah wis weruh kledhange wong lanang kuwi mudhun saka spedha montore, mbukak kaca mata irenge lan helme, terus uluk salam. Ngadeg njejer, Buamin nganggo clana jin biru bawuken, kemejane dasarane putih nganggo blentong-blentong abang lan ijo, kata motife klambi wedok.
“Kula nuwun! Riin! Dhik Riiin! Aku sing teka, Dhik! Kowe lagi mulih, ya? jare lunga menyang Mblonthang! Kok ora kandha-kandha?! Aku Buamin, Rin, calon bojomu!” Suwarane sora, ugal-ugalan, brangasan, kaya meneng-menanga dhewe.

Astirin gage metu, gage metu, lan mapagake Buamin sadurunge wong lanang kuwi mlebu omah. Dadi ditemoni ing emperan njaba panggonan buka dasar sega yen esuk. Dilungguhake ing dhingklik. Astirin olehe ngacarani sopan, trep susila, ora keladuk methentheng.
Buamin kepeksa runtuh welase ketaman esem ngujiwate Astirin. Sura dira ngono kae! Gelem dimanggakake ing dhingklik dawa, terus Astirin ngetokake banyu putih ing nggelas.
“Kapan, Dhik Rin, awake dhewe kawin?” pitakone Buamin langsung.
“Aku gak isa, Kang. Aku dhek mau wis kandha Pak Lurah yen arep bali nyambut gawe menyang Bontang maneh.” Astirin ya mangsuli langsung. Tatag, ora geter ora ndhredheg. Mangka mung gertak sambel. Dheweke kapan kober menyang menyang kelurahan?
“Lo, aku wis menehi dhuwit wragat dienggo ngramekake pernikahan kita, Rin! Kowe rak weruh dhewe anggonku menehake marang Marbun! Eh, karepku Pakdhe Mar!”
“Ya, kuwi gampang. Sesuk dibalekna. Mengko diikhtiyareke Mbokdhe!”
“Ora bisa! Ora bisa dibalekake!! Dhuwit nggo apa! Iki, sing sak karotengah yuta!”
“Lo, yen pancen diwenehake ngono wae ya malah matur nuwun,” kandhane Astirin karo semu ngguyu. “Dadi emoh nampa, ta, yen dibalekake?”
“Nangging kowe kudu dadi bojoku”.
“Lo, ya ora bisa. Wong aku emoh kok nikahi! Kabeh wis dakcritake marang Pak Lurah, kok, bab kuwi. Dadi yen sampeyan ora trima, ya mengko urusane karo lurah barang.”
“Edan, ki! Ora bisa! Kowe kudu kawin karo aku! Ayo, menyang pengulu!”
“Emoh! Emoh, aku arep lunga saka kene, kok! Adhuh, ikiii! Kokkurang ajar, ta! Tuluuung! Tuluuung! Rampooogg!! Rampooooogggg!!”

Buamin wis gumrayang wani. Astirin dijamah, dicekel lengene. Nanging Astirin ora meneng, dheweke jerit-jerit karo bengok-bengok njaluk tulung. Nalika samana pancen padha ing emperan omah sing biyasa dienggo dhasaran dodol sega pecel, omahe madhep ngulon, kapinujon kana sorote srengenge, padhang njingglang. Pambengoke Astirin mesthi wae bakal dadi gawene para sing krungu. Yen diterusake, ora wurung Buamin bakal bakal kawirangan gedhen. Ora sida njamah Astirin, Buamin kesusu njupuki helm lan konci sing semeleh ing dhingklik, brebet, terus mlayu nrajang emperan, nyengklak sepedha montore, terus hhrrengg! Nggeblass lunga. Lunga sadurunge wong-wong gemrudug ngrubung.
Bareng Buamin nyengklak sepedha montore, lan ora duwe karep njamah dheweke. Astirin mandheg anggone bengok-bengok. Malang kerik karo ngawasi Buamin.
“Awas, ya, kowe! Mesthi dakwales! Aku mesthi balik mrene!”
“Balika, aku wis ora wedi. Wong sakkampung wis ngreti kabeh. Pak lurah wis dakkandhani yen Buamin arep munasika Pakdhe Marbun sakkeluwargane, mergane aku emoh kokpek bojo! Hiih!!” suwarane Astirin sora, seru, genah, ora tedhing aling-aling. Jam yah mana, sanajan ora akeh wong liwat, nanging, suwara kuwi mesthi keprungu cetha. Persoalan dadi kebukak, kewiyak blak-blakan! Umum ngreti kabeh.
Tanik metu saka omahe, terus wae ngerih-erih Astirin, karo nangis. “0, priye ta. Rin. La kuwi mengko yen balik tenan, kari nggawa arit, apa awake dhewe bisa nangkis? La yen kelimpe kepriye? Iya, kowe bisa lunga. Bareng Mbokdhe lan Pakdhemu, kepriye?”
Wong-wong padha teka pating kremya, nanging ya cukup rame. Nakokake apa sebabe kok Astirin bengok-bengok ana prampog. Apa wong mau prampog temenan? Terus barang apa wae sing digawa wong sepedha montoran mau?
Astirin ora mangsuli angger wae, “Ora, ora ngrampog. Mung ngancam ngrampog. Sing dirampog dudu barangku nangging arep neror keluwargaku. Jalarane aku emoh dikawin karo montir kulone Pasar Ngunut kae!” Dhisike Astirin ya ditulung-tulungi. Nanging bareng wis terwaca prekarane, banjur padha lunga sowang-sawang.
“Buamin kuwi mengko mesthi mrene!” ujare Tanik bareng wong-wong wis padha lunga.
“Jajal yen wani. Saiki persoalan wis ngeblak, wis dingreteni wong akeh.
Mangsa wania ngganggu gugat dhewe. Aman!”

Astirin saiki bisa mesem. Ngesemi anggone kasil ngusir Buamin! Anggone pinter jerit-jerit. Lan tujokna Buamin tekane mrono wayah awan, ora bengi. Dadi tangga teparo saiki padha ngreti, yen kulawarga wong dodol sega pecel kuwi lagi disatroni Buamin. Sarehne sing cedhak dadi tangga, dadi yen nganti kedadeyan apa wae, parane pelaku mesthi dituding mrana, menyang bengkel sepedha montor! Astirin wis migunakake senjata wong wadon, gegaman ampuh yen dicacake kanthi temenan, bengok-bengok njaluk tulung ing panggonan rame, kuwi tandang kang prayoga banget kanggone wong wadon. Saora-orane mesthi enggal oleh pitulungan. Lan saiki sabanjure, Buamin mesthi kudu mikir-mikir yen arep nyerang sembarangan. Prayogane kudu golek dalan dhame, ora mungsuhi, nglumuhi, ngapiki Pakdhe-mbokddhe. Yen wis akrab maneh, la, yen nganti ana tindak kadurjanan, wong isih kudu ngusut apa ana buntute karo bengok-bengok Astirin biyen. 0, Astirin wis lunga adoh, yen nunggoni akale Buamin arep ngapiki Dhe Marbun!

Esuke, sawise ngurus surat jalan lan wadul marang lurah prekara larah-larahe keluwargane diganggu dening Buamin, Astirin karo Marbun terus lunga menyang Tuluangagung, njupuk dhuwit menyang BRI. Dhuwit rong yuta rupiah sing dikirim saka Bontang, karepe arep dijupuk sing sayuta dhisik, dienggo mbalekake dhuwite Buamin kara anakane. Sabanjure sing sayuta maneh, sesuk arep ditinggalake marang Mbokdhe Nik yen Astirin lunga. Kapan lungane Astirin durung mesthekake, mung ora nganti sepasar anggone tilik mbokdhene. Dheweke wis semayan karo Samsihi, arep nyoba bali nggelar panguripan ing Surabaya. Mesthi wae budhale menyang Surabaya saiki beda banget karo enem sasi kepungur. Ora minggat nanging oleh idin pangestune mbokdhene lan pakdhe. Ora mbalela. Ora owel ninggalake sekolah negeri lan kanca-kancane. Lan luwih waskita njujug ing Surabaya. Astirin genah luwih siap saiki katimbang enem sasi kepungkur. Dheweke wis duwe pengalaman sadhabreg bab penyanyi, dadi peladen bar, lan uga lanyah omong Prancis. Ah, dheweke kepengin pamitan karo Evi, Edna, Ratri, Wiwin. Luwih-luwih Tranggana. Kanggo cah lanang siji iki, dheweke arep crita prekara teks lagune La Vie en Rose basa Prancis pawehe Tranggana, kang pranyata ngukir sejarah uripe Astirin dadi kaya saiki! Wah, tilik mbokdhe saiki iki pancen nyenengake banget tumprap Astirin!

Astirin sing diterke Marbun mlebu bank BRI jam sewelas awan. Marbun sing ora ngreti babar pisan bab njupuk dhuwit ing bank, anane mung ngetut wae. Atine tansah kuwatir, mangko dhuwite gek direbut prampog! Ketara banget ingah-ingihe.
Nanging Astirin ora. Lakune sigrak, pandelenge kenceng, eseme sumringah merbawani. Ora ngira yen mung ponakane wong dodol sega pecel ing Ngunut. Pantes-pantese anak prawane Pak Sekda. Anggone ngurusi dhuwit sayuta banjur diparo, sebagian diwenehake Pakdhe Mar, dikon ngesaki ing clanane, sebagian dilebokake ing tase.
“Pun, Dhe, ngga kondur” ujare Astirin.
“Kene mengko numpak becak wae, ya. Enggal-enggal. Aja mlaku adoh-adoh!”
“Ampun gugup, ta, Dhe!” Astirin mepet lakune Marvun nyabrang latar gedhong bank. Muni mengkono mripate Astirin karo nglirik kiwa tengen, maspadakake kahanan sakupenge. Astirin ya duwe kekuwatiran kaya Marbun, nanging atine luwih tatag lan waspada.

Ing plataran kono ana jip ireng wis lawas, lan Toyota Kijang putih diparkir jejer. Sisih kana, nggon parkir roda dua, luwih rame. Terus becak, ora oleh mlebu, parkire ing pinggir lurung. Astirin uga nyoba nyetitekake wong-wong sing ana ing plataran kono. Mentas wae dheweke papagan karo pemudha rambut gondrong, terus wong-wong pating dlajik cedhak panggonan parkir sepedha montor. Tukang parkire lagi lungguhan ing swenehe dhingklik bangku dawa, wong lanang nganggo hem dasaran putih nganggo blenthong-blenthong abang lan iji, kaya motife klambi wedok. Dheg! Astirin kelingan banget, dhek wingi mentas weruh motif klambi kaya mengkono! Klambine Buamin! Genah yen wong sing lungguh jejer tukang parkir mau Buamin! Kena pa dheweke ana ing kene? Lagi apa? Apa urusane karo bank? Ndulu olehe lungguhan lan omong-omongan karo juru parkir akrab ngono, sajak wis kenal banget. Apa pancen kenalane?

Astirin arep ngandhani Marbun yen Buamin ana kana, wurung. Kuwatir yen Pakdhe saya gugup, wedi karo Buamin, marga dicritani anggone padha padu wingi, Marbun bisane mung tansah ngresah, ngresula marga Buamin mesthi terus ngancam dheweke!
Apa firasate Pakdhe Mar bener? Buamin ngancam dheweke, arep males, arep nyiksa utawa gawe rekasane Marbun? Lan saiki ana kene kuwi Buamin uga marga ngindhik-indhiki Astirin lan Marbun? Saiki ethok-ethok nylamur kenal akrab karo sing jaga parkir, ben ora ngetarani yen lagek ngindhik Astirin. Ngindhik? Ngindhik apa? Arep males priye? Apa arep ngindhik dhuwite mentas wae dijupuk ing bank? Lo, apa Buamin ngreti yen Astirin menyang BRI kuwi arep njupuk dhuwit? Apa dhapur kebenaran, Buamin arep males ukum, kok Astirin ndilalah njupuk dhuwit ing bank?
“Becak. Teng Tunjungan nggen cegatan colt, tigang atus, nggih?”
Tukang becak ngabani lima. Astirin ya terus gelem wae. Marbun gage mlebu becak.

Becak wiwit mlaku, Astirin nglirik klambi putih blentong-blentong abang lan iji. Buamin isih tetap ngomong akrab karo tukang parkir. Wah, jan pinter banget ethok-ethok ora ndhedhepi Astirin karo Marbun.
Sajrone neng becak nganti tekan tujuane, Astirin tansah nyoba nglirik memburi, lan maspadakake wong numpak sepedha montor sing nyalip becake. Wong sing nganggo klambi motif mau, utama memper blegere Buamin, ora ana, sajake ketilapan, ora nututi utawa nguber lakune Astirin lan Marbun.
Mudhun saka becak, Astirin olehe nyekeli tase kenceng. Dheweke ndadak melu-melu gupuh mbokmenawa kekuawatirane Pakdhe mar kuwi bener. Astirin lan Marbun diincim prampog marga mentas njupuk dhuwit sak yuta saka BRI Tulungagung! Atine geter nalika trantanan mlaku liwat trotoar, nyingkiri wong numpuk sepedha montor sing mandheg ing kono. Astirin lan Marbun tumuju menyang cegatan colt sing ngetan. Kok kaya biyen kae. Mengkono yen Astirin mulih saka sekolah. Lan biyen kae nalika Astirin lagi maspadakake wong sing numpak sepedha montor mandheg ing trotoar, Astirin diundang suwara lanang. “Dhik Tirin! Mulih sekolah, Dhik?” Ah, kedadeyan nem sasi kepungkur! Sing nyapa kuwi Samsihi! Wektu kuwi dina wiwitane Astirin mbalela! Astirin kelingan tenan. Wong numpak sepedha montor kuwi clanane warna soklat, pucuke reged kena gemuk. Sepatune ukuran gedhe, lulange diwalik. Wonge sajak bakuh. Wong lanang mau tetap numpak ing sadhele, sikile njlagrag. Lo! Clana warna soklat, pucuke reged kena gemuk! Rak ya sing disawang Astirin nalika Astirin ngrewangi pakdhene nampani kertas kresek ing omahe! Dhek samana Buamin lagi nyoba ngungrum dheweke! Buamin sore kuwi menehi dhuwit limang atus ewu rupiah marang Pakdhe mar, lan kandha yen ing sake isih ana dhuwit kontan maneh!
“Pakdhe! Ngga miriki rumiyin, tumut kula!” pambengoke Astirin ngreget. Muni ngono Astirin karo ngglendheng wong tuwa mau marani panggonan ceka. “Cak. Mangterke teng Wartel, limang atus, cepet! Kula ajenge interlokal!”
“Iki aku arep kokgawa menyang endi, Rin?”
“Pun, ta tumut kula mawon! Enten sing kula urus! Eh, bien! Je comprends!” ujare Astirin njola eram karo sing ditemokake nalare.

Ing njero becak, Astirin tetap waspada, nyetitakeke sepedha montor sing pating sliri liwat sacedhake becak. Apa ana wong sing saemper Buamin nyedhaki becake? Ah, ah. Kena apa lagi saiki pikirane main! Mangka dhek samane Asyirin diajak samsihi mangan menyang Rumah makan Biijang II sabrang dalan, wektu mlebu Samsihi tabrakan karo wong wedok sing kebayake apik, nganggo kalung lan suweng! “Wong wedok sing daktabrak neng kono wingi mati dirampog neng Ngunut!” Samsihi crita sedina tutuge!
Tekan ngarep wartel, sambi mbayar becak, Astirin nguwasake kiri kanan. Ora ana wong numpak sepedha motor sing nyedhaki. Ora kaya wong kaya Buamin sing Bingung. Aman. Astirin mlebu menyang wartel, nalare tetap mlaku, muter lelakon lawas kang mujudake lalakon kang njondhilake atine. Tinemu ing lelakon kuwi!
Ing Rumah Makan Bujang II, sadurunge Samsihi mertakake lelakon ing koran yen wong wadon sing ditabrak wingi mati dirampog, Astirin wis krungu kabare rampogan mau, Saka Buamin. Buamin kang pamer Dhuwite akeh.
“Kok ora disimpen ing bank wae?”
“Disimpen ing bank? Wo, ora aman! Yen kene butuh sawayah-wayah kudu marani dhisik menyang bank. La kuwi terus dirindhik dening prampog, dirampog ing tengah dalam! Cilaka! Kaya dhek mau, ana wong dirampog ing cedhak sabrangan sepur kulon kana. Jare wonge ya saka njupuk neng bank Tulungagung. Numpak kijang arep mlebu Ngunut dirampog dening wong numpak sepedha montoran. Selawe yuta amblas!” Mengkono critane Buamin. Jelas banget, kaya-kaya dheweke nyekseni!
Nah, jelas yen Buamin anti nyimpen dhuwit ing bank. Kena apa kok iki mau sajak kulina karo tukang parkir kendharaan ing BRI Tulungagung? Ngunthit Astirin? Ora! Nyatane saiki ora katon, Dhek mau anggone omong-omongan karo tukang parkir, sajak gayeng, karo ethok ethok ora weruh Astirin lan Marbun mlebu ing bank kono. Oh, ora! Ora ethok-ethok, nanging ora weruh yen Astirin lunga njupuk dhuwit ing bank.
Astirin marani loket, kandha yen arep interlokal menyang Surabaya. Dheweke nuduhake nomor polisi Tegalsari Surabaya.

“Mang mlebet kamar tiga, Mbak, Mang ngebel dhewe! Gagang telepon diangkat, terus mang muter nomer sing mangkarepke!” nglakoni kaya pakone sing njaga wartel. Nalika muter nomor manut cathetan, Astirin nggambar ing angen-angen: Wong wedok sugih sing ditabrak Samsihi kae mentas njupuk dhuwit selawe juta saka BRI Tulungagung, mampir ing Rumah Makan Bujang II. Dikiting prampog wiwit saka parkiran BRI, prampoge ngenteni ing sabrang dalan Bujang II, mesine dipateni nanging wonge tetep numpaki kendharaane, clanane soklat, sepatune ukuran gedhe, lulange diwalik. Sorene Astirin weruh maneh clana lan sepatu gedhe lulange diwalik ing omahe! Clanane Buamin! Cocok! Layak, Buamin sajak kulina banget karo tukang jaga parkir kendharaan BRI Tulungagung! Pancen sabane kana!
“Hallo?! Bisa ngomong karo Bratu Suwignyan? 0, Sampeyan dhewe? Kebenaran. Kelingan suwaraku ora? Aku wong wadon warga negara klas kambing! Naah, peristiwa ing Hotel Madusari! Saiki aku duwe info maneh, mas, Eh, Pak! Anu, bab prampogan gajine guru-guru ing Kras, Kediri, kedadeyan dhek Senen. Prampoge jenenge Buamin, saben dinane bukak bengkel sepedha montor ing kulon pasar Ngunut. Sing waspada pak, kudu didekep wonge. Dhuwit asile rampogan didhelikake ing njero jogan omahe, digawekake juglangan, diplester kuwat ing pojokan kamare. Disemen rapet. Dhuwure ditutupi perkakas sepedha montor. Wis, terwaca tenan? Dakambali catheten sing tenan, ya. Jenenge Buamin, montir sepedha montor, dhuwite disimpen ing pojokan kamar, disemen, ditindhihi perkakas sepedha montor! Iya, kulone pasar Ngunut!”

Telepon ditutup. Astirin mbayar ongkose interlokal, terus metu saka wartel kanthi langkah entheng, isih karo manthuk-manthuk, nyocogake bendheng cewenge lelakon. “Ah, layak, nalika aku bengok ‘rampog’ Buamin gage wae anggone ngoncati aku, terus merat karo sepedha montore. Marga dheweke pancen prampog, instinge wis dilatih mengkono. Sanajan dhek wingi, upama dheweke ora mlayu, nanging mbelani karepe, bisa uga menang katimbang aku! Bisa uga diewangi wong kampung, lan aku disalahake dene kok mbalela, wis nampa dhuwite enem sasi kepungkur kok saiki ora gelem dikawin! Nanging, wong Buamin pancen prampog!” Atine lan pikire lega tenan.
Dina esuke, sadurunge Astirin budhal menyang Kalangbret nyekar emake, lan mengko mulih, sore arep nemoni tranggana lan kanca-kancane. Wis diwartani dening Wak Darmimin, jare Buamin saiki dicekel polisi, konangan dadi rampog! Gaji guru sekolah dhasar ing Kras Senen kepungkur. “Ah, slamet, Ndhuk! Kowe ora dadi bojone Buamin! Ngguhna rak dadi randhane prampok!
Astirin mung mesem. 0, yen Astirin ora nuruti musike atine kudu minggat, kudu mbalela, bisa uga ya kaya mengkono kuwi! Astirin rumangsa beja, marga mbalela…! Ora! Astirin dudu prawan ndesa biasa. Dheweke warga negara klas kambing sing duwe kekuawatan urip luar biasa! Sanggup merangi rubeda sing diprangguli ing lelakon uripe. Dheweke yakin yen menang, kagayuh apa sing dadi kekarepane.

Celathon

3 celathon to “Astirin Mbalela”

  1. isna romadhani khoerunnisa
    February 4th, 2013 @ 4:15 pm02

    ini novel astirin mbalelo sudah lengkap?

  2. admin
    February 6th, 2013 @ 4:15 pm02

    Sampun.

  3. aji
    March 21st, 2014 @ 4:15 pm03

    nopo namung 6 bab pak.. sameniko??? remene dilanjut mawon crito meniko ngantos akhir cerito ingkang sae kalian samsihi. matur nuwun

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur