KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Dhêdhasar Wêwatonipun Basa Krama

Kababar | February 12, 2011 | Durung ana sing nyelathu

1. Ngramakakên Tembung
a.       Têmbung-têmbung ngoko ingkang wontên kramanipun dipun-gantos têmbung krama, dene ingkang botên wontên kramanipun têtêp têmbung ngoko kemawon. Tuladha:
1)      Basa ngoko            : Aku arêp nggambar woh-wohan kayata pêlêm, jêruk, apêl, jambu karo anggur.
2)      Basa krama            : Kula badhe nggambar woh-wohan kadosta pêlêm, jêram, apêl, jambêt kaliyan anggur.
b.      Têmbung-têmbung ingkang magêpokan kaliyan dhiri pribadi ingkang wontên kramanipun têtêp dipun-kramakakên. Tuladha:
1)      Basa ngoko            : Ayo mampir ing omahku sadhela, bocah-bocah lan bojoku wis padha kangên.
2)      Basa krama            : Mangga mampir ing griya-kula sakêdhap, lare-lare kaliyan semah kula sampun sami kangên.
Katrangan: migunakakên têmbung krama: griya-kula, semah-kula, mênika botên atêgês ngurmati dhiri pribadi. Kajawi yen mawi têmbung krama inggil: dalêm-kula, garwa kula, mênika dipunwastani ngurmati dhiri pribadi.
c.       Têmbung-têmbung ingkang magepokan kaliyan kewan, wit-witan utawi samukawis, ingkang wontên kramanipun têtêp dipun-kramakakên. Tuladha:
1) Basa ngoko : Wah, aku lagi rêkasa, nandur wit jêruk arêp mati, ngingu manuk padha lara, gek pit montor wae rusak ora bisa mlaku.
2)      Basa krama : Wah, kula sawêg rêkaos, nanêm wit jêram badhe pêjah, ngingah
pêksi sami sakit, gek pit montor kemawon risak botên sagêd mlampah.
Katrangan:
Tumrap basa krama mila lêrêsipun migunakakên têmbung krama makatên mênika; wit jêram pêjah, pêksi sami sakit, pit montor botên mlampah. Nanging manawi mawi têmbung krama-inggil klentu, contonipun: wit jêram badhe seda, pêksi sami gêrah, pit montor botên tindak.

2.      Ngramakakên Atêr-Atêr (awalan, prefiks)
a.       Atêr-atêr {di-}, dipunkramakakên: {dipun-}. Tuladha:
1)      Basa ngoko : Pitike diêdol ing pasar.
2)      Basa krama : Ayamipun dipun-sade ing pêken.
b.      Atêr-atêr {kok-}, dipun-kramakakên: {sampeyan-}. Tuladha:
1)      Basa ngoko : Apa pitike arêp kokêdol ing pasar?
2)      Basa krama : Mênapa ayamipun badhe sampeyan-sade ing pêkên?
c.       Atêr-atêr {dak-}, dipun-kramakakên: {kula-}. Tuladha:
1)      Basa ngoko : Pitike wis dakêdol ing pasar.
2)      Basa krama : Ayamipun sampun kula sade ing pêkên.

3. Ngramakakên Panambang (akhiran, sufiks)
a.       Panambang {-e}, dipun-kramakakên: {-ipun}. Tuladha:
1)      Basa ngoko : Pitike kuwi dakgawane wae.
2)      Basa krama : Ayamipun mênika kula-bêktanipun kemawon.
b.      Panambang {–ên} dipun-kramakakên: {sampeyan-}. Tuladha:
1)      Basa ngoko : Pitik kuwi gawanên mulih!
2)      Basa krama : Ayam mênika sampeyan-bêkta mantuk!
c.      Panambang {–ana} dipun-kramakakên: {sampeyan-i}. Tuladha:
1)      Basa ngoko : Pitik sing isih cilik-cilik iku gawanana mulih wae!
2)      Basa krama : Ayam ingkang taksih alit-alit mênika sarnpeyan-bêktani mantuk kemawon!
d.      Panambang {–na} dipun-kramakakên: {sampeyan-akên}. Tuladha:
1)      Basa ngoko : Pitik iki gawakna sadhela, arep daktaleni sikile!
2)      Basa krama : Ayam menika sampeyan-bêktakakên sakêdhap, badhe kula-tangsuli sukunipun!
e.      Panambang {-mu}, dipun-kramakakên: {-sampeyan}. Tuladha:
1)      Basa ngoko : Iki rak pitikmu ta?
2)      Basa krama : Mênika rak ayam-sampeyan ta?
f.       Panambang {-ku}, dipun-kramakakên: {-kula}. Tuladha:
1)      Basa ngoko : Iya bênêr, kuwi pitikku.
2)      Basa krama : Inggih lêrês, mênika ayam-kula.

4. Ngramakakên Rimbag Camboran (konfiks)
a.       Camboran {N-a}, dipun-kramakakên: {sampeyan-N}. Tuladha:
1)      Basa ngoko : Nggawaa pitik sing putih kae!
2)      Basa krama            : Sampeyan-mbêkta ayam ingkang pêthak mênika!
b.      Camboran {N-ana}, dipun-kramakakên: {sampeyan-N-i}. Tuladha:
1)      Basa ngoko : Nggawanana pitik-pitik kate kae!
2)      Basa krama : Sampeyan-mbêktani ayam-ayam kate mênika!
c.       Camboran {N-na}, dipun-kramakakên: {sampeyan-N-akên}. Tuladha:
1)      Basa ngoko : Nggawakna pitik Bu-lik, karêben dibêleh kanggo bakdan!
2)      Basa krama            : Sampeyan-mbêktakakên ayam Bu-lik, kajêngipun dipunbêleh kangge bakdan!
d.      Camboran {di-ake}, dipun-kramakakên: {dipun-akên}. Tuladha:
1)      Basa ngoko            : Pitike bangkok mbok digawakake Pak Darma, jare kêpengin ngingu!
2)      Basa krama            : Ayamipun bangkok mbok dipunbêktakakên Pak Darma, criyosipun kêpengin ngingah!
e.       Camboran {kok-ake}, dipun-kramakakên: {sampeyan-akên}. Tuladha:
1)      Basa ngoko            : Mbak Darmi jare arêp mulih, pitike sing dhere kae mbok kokgawakake, karêben kanggo cucuk-cucuk!
2)      Basa krama            : Mbak Darmi criyosipun badhe mantuk, ayamipun dhere mênika mbok sampeyan-bêktakakên, kajêngipun kangge cucuk-cucuk!
f.       Camboran {dak-ake}, dipun-kramakakên: {kula-akên}. Tuladha:
1)      Basa ngoko            : Wah, pitike kuwi giras, kene dakgawakake, mundhak ucul!
2)      Basa krama            : Wah, ayamipun mênika giras, ngriki kula-bêktakakên, mindhak ucul!
g.       Camboran {dak-e}, dipun-kramakakên: {kula-ipun}. Tuladha:
1)      Basa ngoko            : Pitik sing gêring kuwi dakgawane wae apa, mundhak nulari liya-liyane?
2)      Basa krama            : Ayam ingkang gêring mênika kula-bêktanipun kemawon mênapa, mindhak nulari sanes-sanesipun?
h.      Camboran {dak-ane}, dipun-kramakakên {kula-anipun}. Tuladha:
1)      Basa ngoko            : Wis, pitik sing padha pilêrên dakgawanane, aku bisa nambani.
2)      Basa krama            : Sampun, ayam ingkang sami pilêrên kula-bektananipun, kula sagêd njampeni.
i.        Camboran {dak-ne}, dipun-kramakakên {dak-akên}. Tuladha:
1)      Basa ngoko : Dhik, pitikmu wis ngekeg, dakgawakne jago apa? Rak banjur ngêndhog?
2)      Basa krama : Dhik, ayam sampeyan sampun ngekeg, kula-bêktakakên sawung mênapa? Rak lajêng nigan.

Katrangan:
a)      Atêr-atêr {N-}, cêkakan saking atêr-atêr Nasal, maksudipun atêr-atêr hanuswara, utawi bunyi sengau, nggih mênika: n, ny, m, ng.
b)      Ayam dhere: ayam ingkang sampun meh dados babon.
c)      Ayam ingkang giras: ayam ingkang angel dipun-cêpêng, angel dipun-cêlaki.
d)      Ayam ngekeg: dhere ingkang sampun kêpengin dipun-cêlaki sawung, asring mungêl:
keeeeg. . . .keeeeg. . . .keeeeg.

[saking Marsudi Unggah-ungguh Basa Jawa, Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. & Th. Supriya, 2001, Yogyakarta: Kanisius]

Celathon

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur