KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Basa Krama Baku, Pacalathon, lan Boten Baku

Kababar | February 12, 2011 | Durung ana sing nyelathu

1. Basa Krama Baku lan Botên Baku
Ingkang dipun-wastani basa krama baku, inggih mênika basa krama ingkang nêtêpi wewatonipun basa, dene ingkang botên, dipun-wastani basa krama ingkang botên baku utawi kirang baku. Wêwatonipun basa krama namung satunggaling ancêr-ancêr ingkang dipun-idham-idhamakên (kaidah yang ideal), atêgês basa krama ingkang tus baku mênika awis-awis sangêt, utawi malah botên wontên. Namung ingkang wigatos bilih basa krama pêrlu tansah dipun-budidaya sagêda nyakêti wêwaton kasêbat, inggih basa krama sinêrat mênapa dene basa krama pawicantênan/lesan.
Ugi sami kaliyan basa ngoko, basa krama sinêrat langkung gampil nêtêpi wêwaton, amargi wontên wêkdal kangge nglêlimbang cara-caranipun. Ingkang radi rêkaos nêtêpi wêwaton mênika basa krama pawicantênan, amargi wêdharing basa sipatipun dadakan (spontan) mêsthi botên sagêd ngengêt-engêt wêwatonipun basa krama ing sawêtahipun. Kajawi saking mênika ugi kathah pangaribawa (pengaruh) mawarni-warni, kadosta basa nggen-nggenan, basa madya, basa Indonesia, lsp.

2. Basa Krama Pawicantênan (Pacalathon) / Lesan
Basa pawicantênan mênika langkung gêsang, langkung gayêng tinimbang basa sinêrat, amargi basa pawicantênan/lesan mênika ngêmu-raos pangraos (emosi utawi sentiment-sentimen). Emanipun wedharing raos-pangraos wau kanthi dadakan (spontan). Manawi wedharing raos-pangraos (spontanitas) dipun-pênggak sawatawis kangge ngengêt-engêt wêwatonipun basa krama, raos-pangraos lajêng ical, utawi kêpambêng botên sagêd medal.

Pramila basa krama pawicantênan/lesan sajatosipun tansah ewêd-pakewêd, utawi tansah kagubel ing dilema, inggih mênika manawi badhe nêtêpi wêwaton lajêng nyandhêt wêdaling raos, nanging yen ngawrati wêdaling raos lajêng nilar wêwaton.

Namung kemawon rahayunipun wontên cara ingkang kangge ngipuk-ipuk wedharing raos, inggih mênika wontênipun niyat kangge nyinau, nglelantih lan nglanyahaken basa krama ingkang nêtêpi wêwaton. Kajawi mênika ugi tansah ngengêt-engêt daya pangaribawa ingkang pêrlu asring dipun-singkiri, têmbung-têmbung madya, tembung-têmbung krama desa, têmbung mligi pawicantênan, têmbung basa Indonesia. Ingkang pêrlu dipun-wigatosakên kanthi mirunggan inggih menika daya pangaribawa saking basa Indonesia, ingkang njalari basa krama lajêng katingal kirang prayogi.

3. Tuladha Basa Krama Botên Baku ingkang Pêrlu Dipun-wigatosakên
a.       Yen botên estu-estu anggenipun sinau akhiripun benjing namung dados lare bodho.
Prayoginipun: tumêmên, ing têmbe (wusananipun).
b.      Misalipun sampeyan dipun-tingkatakên pangkatipun purun mênapa botên?
Prayoginipun: Upaminipun, dipun-inggahakên.
c.       Yen botên dipun-siapakên saestu, pahargyan mênika mangke botên wontên artosipun.
Prayoginipun: dipun-cawisakên, têgêsipun.
d.      Khususipun dhawuh sêdasa warni saking Pamarentah mênika kêdah dipun-lêksanakakên.
Prayoginipun: mliginipun (mirungganipun), dhawuh warni sêdasa, dipun-tindakakên.
e.       Anggenipun imunisasi botên lancar, mênika kêndalanipun têrutami malah saking dhoktêripun piyambak.
Prayoginipun: botên gangsar pambênganipun, langkung-langkung.
f.       Jampi mênika cocog sangêt kangge ibu-ibu sae ingkang sampun sêpuh saha sae ingkang taksih ênem.
Prayoginipun: ingkang sampun sêpuh mênapa dene ingkang taksih ênem.
g.       Pak, mênika wontên satunggal lare ingkang dereng dipun-dhaflar.
Prayoginipun: wontên lare satunggal, dereng dipun-cathêt.
h.      Para guru sami botên purun damêl karya tulis, mênika biasanipun amargi botên wontên dhorongan saking Kepala Sekolah.
Prayoginipun: limrahipun, panjurung
i.        Televisinipun sampun sagêd dipun-tingali, nanging saking jawi kemawon.
Prayoginipun: kenging dipun-tingali.
j.        Wêwangunan ingkang edipeni mênika saking prakarsanipun kulawarga agêng Bapak Prawiraréja.
Prayoginipun: bangunan, ada-adanipun, brayat agung.

[saking Marsudi Unggah-ungguh Basa Jawa, Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. & Th. Supriya, 2001, Yogyakarta: Kanisius]

Celathon

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur