KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Pigunanipun Basa Krama

Kababar | February 12, 2011 | Durung ana sing nyelathu

1. Pratelanipun
a)      Kangge wicantên kaliyan tiyang ingkang statusipun kirang langkung sami, sampun kulina, samidene ajen-ingajenan, nanging botên urmat sangêt.
b)      Kangge wicantên kaliyan tiyang ingkang statusipun langkung andhap, nanging dereng kulina, utawi sampun kulina nanging mila nêdya ngurmati.
c)      Kangge sêsorah ingkang asipat umum, botên mawi unggah-ungguh dhateng têtiyang utawi golongan tartamtu.
d)      Kangge ngripta basa sinêrat ingkang ugi asipat umum, botên mawi unggah-ungguh dhatêng têtiyang utawi golongan tartamtu.

Katrangan.
1)      Piguna aksara, a, b, c, lan d sadaya mawi têmbung krama saha rimbag-rimbag krama.
2)      Têmbung lan rimbag ngoko ingkang dipun-angge, ingkang mila botên wontên kramanipun.
3)      Asring mawi têmbung krama-inggil, nanging namung sakêdhik sangêt, kadosta: nyuwun pangapuntên, nyuwun pamit, lsp.

2. Tuladhanipun

a) Wicantên Kaliyan Tiyang ingkang Statusipun Sami
Pawicantênan antawisipun Mbok Radem bakul ratêngan ing ngajêng sêkolahan kaliyan Pak Atma tukang kêbon sêkolahan, ngraosi Pak Ali (guru SD).
a)      Mbok Radêm : “Pak Atma, kados Pak Ali wau kesah dhatêng apotik, bokmanawi sampeyan  sumêrêp gadhah pêrlu mênapa?”
b)      Pak Atma : “Pak Ali tumbas obat rêsep dhoktêr, criyosipun kala wingi calon semahipun sakit”.
c)      Mbok Radêm : “Gek sakit mênapa kok ngantos dipun-priksakakên dhatêng dhoktêr?”
d)      Pak Atma : “Kabaripun mênika bênter, mumêt, kaliyan dhadhanipun radi sêsêg; jalaranipun adus ing wanci dalu”.
e)      Mbok Radêm : “Ingkang mriksa dhoktêr pundi?”
f)       Pak Agma :  “Mênika, dhoktêr Tarta kidul pra-sêkawanan”
g)      Mbok Radêm : (Kaliyan ningali regol sêkolahan) “Lah, mênika Pak Ali kok malah sawêg badhe mantuk, rak sêkolahan sampun bibar kala wau?”
h)      Pak Atma : “Mênika wau rak nglêmbur nata buku pêrpustakaan, amargi benjing enjing badhe wontên supêrvisi”.
i)        Mbok Radêm : “Supêrvisi mênika mênapa ta?”
j)        Pak Atma : “Mênika, wontên tamu-tamu saking Kantor Wilayah, sapêrlu mriksa klas-klas, kantor, buku-buku, lan sanes-sanesipun”.

b) Wicantên Kaliyan Tiyang ingkang Status ipun Langkung Andhap
Wicantênipun Pak Ali kaliyan Mbok Radêm lan Pak Atma. Pak Ali mawi basa krama, dene Mbok Radêm lan Pak Atma mawi basa krama-alus. Mênika lajênganipun tuladha aksara a ing nginggil. Cariyosipun:
Pak Ali numpak sêpedhah montor alon-alon, dipun-ampirakên dening Mbok Radêm.
1)      Mbok Radêm : “Kok sawêg kondur Pak, mangga pinarak!”
2)      Pak Ali : (Nyêtandarakên sêpedhah montor lajêng ngadêg ing ngajêng wande) “Inggih Bu, mênika wau nglêmbur nata buku-buku amargi benjing-enjing badhe wontên supêrvisi. (Lajêng ningali Pak Atma): Wah, Pak Atma mênapa kok inggih lenggahan wontên ngriki?”
3)       Pak Atma : “Lah têngga panjênêngan botên kondur-kondur”.
2)      Pak Ali : “Kadospundi….. kanca-kanca botên sami purun ngrencangi, kula tandang piyambak, ngantos wanci makatên sawêg rampung”.
3)      Pak Atma : “Mênapa Ibu Tini ugi sampun kondur?”
2)      Pak Ali : “Sampun, pukul tiga wau. Kontên-kontên sampun kula kunci  sadaya, mangke Pak Atma kantun nutup regol”.
1)      Mbok Radêm : “Ngandikanipun calon ingkang rayi gêrah, kados pundi samenika?”
2)      Pak Ali : “Saking pangestunipun Ibu sampun wiwit sae, kala wau enjing kula tumbasakên obat, sarêng siyang wau kula tuweni sampun botên bênter, botên mumêt, kantun sêsêg sakêdhik.”
1)      Mbok Radêm “Wah, panjênêngan mênika gêmatos sangêt.”
2)      Pak Ali “Lo, sami kemawon, Pak Marji rak inggih gêmatos kaliyan Bu Radêm ta?”
1)      Mbok Radêm : “Pak Ali yen ngandika kok lucu. Pak Marji mênika gêmatos namung rumiyin, samênika botên.”
2)      Pak Ali : “Mênapa inggih? Kados sabên enjing mboncengakên dhatêng pêkên, mangke dalunipun dhatêng kitha, mênapa kirang gêmatos?”
1)      Mbok Radêm : “Inggih namung manawi enjing kaliyan dalu sakêdhap, botên kados panjênêngan kaliyan ingkang calon”.
2)      Pak Ali : “Kula sabên-sabên nuweni inggih amargi sakit mênika, benjing yen sampun saras inggih limrah kemawon”.
1)      Mbok Radêm : “Nyuwun pangapuntên, benjing mênapa anggenipun krama, kula mirêng sampun cêlak”.
2)      Pak Ali : “Kadospundi, mênapa Ibu benjing badhe nyêyukani?”
1)      Mbok Radêm : “Ah, botên, namung badhe rencang kintên-kintên sêminggu”.
2)      Pak Ali : “Inggih maturnuwun, mugi-mugi kemawon piyambakipun enggal mantun”.
1)      Mbok Radêm : “Supados enggal dhangan, mangga dipun-pundhutakên lawuh, ayam, abon, mênapa tigan, supados dhaharipun kathah!”
2)      Pak Ali : “Maturnuwun, yen taksih gadhah jêram kêprok kemawon, kula tumbas kalih kilo”.
1)      Mbok Radêm : “0, mangga taksih, malah inggih kantun kalih kilo mênika”.

c) Sêsorah ingkang Asipat Umum
Ing ngandhap mênika kapacak tuladha sêsorahipun ahli seni ing siaran radhio kanthi irah-irahan: Sunaring Kaendahan.

Para pamiyarsa ingkang minulya!
Raos sênêng dhatêng kaendahan mênika asipat kodrat, sampun tumetes ing salêbêting manah wiwit alit. Mila kenging dipun-titeni, tuladhanipun manawi bayi dipun-êmban kaliyan dipun-rêngêng-rêngêngakên, lajêng botên rewel lan dangu-dangu lajêng tilêm. Manawi sampun mindhak agêng, dados lare inggih sênêng mangangge ingkang sarwa sae. Yen lare jalêr sênêng ngangge kathok abrit, ngangge topi lsp. Dene manawi lare estri sênêng pupuran, bengesan, ngangge gêlang, kalung, sêngkang lsp.

Kanthi makatên raos kaendahan pêrlu dipun-ipuk-ipuk wiwit alit. Wontên ing jagading pandhidhikan sêni, wontên pambudidaya ingkang dipunwastani nanêm apresiasi, inggih mênika marsudi murih lare sagêd mangêrtosi, lajêng sagêd ngraosakên, ing satêmah purun ngaosi sagung kaendahan ingkang sumunar damêl asrining buwana. Lare ingkang sampun sagêd nêcêp raosing kaendahan, utawi sampun apresiatif adatipun lantip ing sasmita, lêmbat ing panggraita, ingkang mahanani dhumatêng alusing raos saha luhuring budi.

Sagung pamiyarsa ingkang tuhu luhur ing budi!
Kaendahan mênika kenging dipun-perang dados kalih, inggih mênika kaendahan ingkang asipat alam utawi asipat kodrat, kaliyan kaendahan ingkang asipat garapan. Kaendahan alam upaminipun sêsawangan asri ing pêsisir Parangtritis wanci enjing, endah adining sêsêkaran, ocehing pêksi, ingkang nêngsêmakên manah, para mudha ingkang arupi bagus utawi ayu, lsp.
Dene kaendahan garapan mênika mila ingkang dipun-damêl, utawi dipun-garap dening karyaning manungsa, kadosta gambar sêkar, têmbang, busana têmanten, musik, bêksa, ringgit purwa, buku crita lsp., ingkang limrahipun dipun-wastani kêsênian utawi kagunan.

Para pamiyarsa ingkang dahat kinurmatan!
Wontên ing kagunan Jawi, kaendahan mênika dipun-garap kanthi rêmit, ngantos dados adiluhung, lan kenging kangge mbangun watak saha kapribaden. Dene caranipun, kaendahan wau dipun-isi mawi kautamen-kautamen utawi nilai-nilai, nanging kadamêl luluh, botên ngatawisi. Ingkang wigatos kaendahan wau kaudi supados sagêd nggêpok têlênging manah, utawi menyentuh hati. Kanthi makatên botên kanthi karaosakên, ngêrtos-ngêrtos kautamen wau rumêsêp lêbêt (dihayati), ing wasana dados pambêkan luhur ing satêmah dados jati dhirining pribadi, ingkang sawêkdal-wêkdal kalairakên (diamalkan) awujud tumindak-tumindak ingkang utami. Tuladhanipun, tiyang ingkang sênêng ningali ringgit purwa, botên kraos mêsthi nggadhahi watak ingkang utami, upaminipun kados Raden Arya Gathutkaca, Patih Suwanda, Yudhisthira lsp. Raosipun lingsem manawi badhe tumindak angkara kados dene para danawa.
Para pamiyarsa ingkang minulya, inggih namung mênika andharan kula ingkang kanthi irah-irahan “Sunaring Kaendahan”. Bokbilih wontên kalêpatan lan kêkirangan samia suka paring agunging sih pangaksami. Mugi rahayu ingkang pinanggih.

NUWUN!

(Kabêsut saking buku Marsudi Basa 3 Wulangan 4).

d) Karangan/Basa Sinêrat ingkang Asipat Umum
Ing ngandhap mênika kacawisakên tuladha karangan utawi basa sinêrat ingkang asipat umum, kapêthik saking Pamoring Dhusun, karanganipun Mas Harjawisastra 1917, kanthi irah-irahan Griya Saha Pakawisanipun.

GRIYA SAHA PAKAWISANIPUN

Wangsakarya anggenipun gêgriya dados pangalêman sarta dados tuladhanipun tiyang kathah. Griyanipun wêtah arêsik, pranataning prabot griya sarta panyelehing pirantos têtanen botên pating slengkrah. Kaangkah supados dados griya ingkang ngrêsêpakên tiningalan.

Pemahanipun tansah rêsik angilak-ilak, pacêren pawon lan pakiwan kadamêlakên ilen-ilen sampun ngantos ngembong, sabên kalih utawi tigang dinten dipun-resiki. Barang-barang ing salêbêting griya tansah rêsik. Ing griya, ing pawon sarta ing longanipun botên nate wontên sawang kêmlawer.

Pakêbonanipun botên nate rungkud, dalah papringanipun inggih katingal rêsik. Wit-witan ing pakaranganipun botên nate wontên kêmladheyanipun, awit piyambakipun ngêrtos yen kêmladeyan mênika sagêd nyuda raos utawi kathahing wohipun.

Witipun klapa sabên mangsa labuh mêsthi dipun-rêsiki, njalari kathahing uwohipun. Pangundhuhipun inggih mawi kintên-kintên, sampun ngantos katrak uwohipun. Dhapuranipun pisang botên nate wontên klarasipun, pamêndhêting ronipun botên nate ngêpok, mêsthi kakantunakên kitiripun, supados uwitipun sagêd lêstantun agêng-agêng. Yen mangsa labuh dhapuran ingkang kathah anakipun dipun-êlongi, kaêlar ing papan ingkang sêla, awit yen kêkathahên, uwohipun dados alit-alit.

Pager karas saha pagêripun dhadhah tansah katingal wêtah, awit anggêr wontên ingkang risak lajêng kemawon dipun-dandosi, botên mawi ngêntosi prentahipun kêbayan, sarta pagêr dhadhah wau sadaya turus ingkang medal kasilipun.


Katrangan:
1)      pamor = rêrênggan ing wilahan dhuwung, kadamêl saking waja pêthak; ingkang dipun-maksud “pamoring dhusun” inggih mênika warga dhusun ingkang kenging dipun-angge patuladhan.
2)      kitir = ron pisang ingkang kantun ing papah, manawi anggenipun mêndhêt ron pisang botên ngêpok.
3)      mangsa labuh = wanci ngajêngakên wanci rêndhêng (antawis wulan September dumugi Oktober).
4)      karas = pemahan, pêkarangan.
5)      dhadhah = pager ingkang kadamêl saking têtuwuhan.
6)      turus = kêthokan wit utawi pang, ingkang dipun-angge pager.
7)      kêbayan = prabot dhusun jaman rumiyin ingkang dipun-angge kengkenan.
8)      pacêren = jugangan kangge pambucalan toya rêged saking pawon, kolah, lsp.
9)      klaras = ron pisang ingkang sampun sami garing ing wit.

[saking Marsudi Unggah-ungguh Basa Jawa, Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. & Th. Supriya, 2001, Yogyakarta: Kanisius]

Celathon

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur