KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Basa Jawa; Sejarah Cekak

Kababar | January 27, 2011 | 1 Celathu

Basa Jawa minangka basa kang dianggo dening masyarakat Jawa kang dedunung ing Propinsi Jawa Tengah, Daerah Istimewa Yogyakarta, Jawa Timur, Banten, Lampung, Medan, ing wilayah transmigrasi ing Indonesia kayata sawetara Propinsi Riau, Jambi, Kalimantan Tengah, lan sawetara papan ing negara manca, yaiku Suriname, Belanda, New Caledonia, lan Pantai iring kulon Johor. Cacahe penutur basa Jawa saiki kurang luwih 75,5 yuta wong. Ing donya ana 6.703 basa. Basa Jawa mapan in urutan ka-11 ing bab cacahing penutur paling akeh.

Basa Jawa secara dhiakronis (waca: mertimbangake wektu/masa) ngrembaka saka anane basa Jawa Kuna―isih ana pro-kontra babagan asal-usule basa Jawa jaman saiki, umpamane miturut Rama Zoetmulder basa Jawa kang dituturake ing jaman saiki utawa basa Jawa Anyar iku wis lair bebarengan karo anane Basa Jawa Kuna, mung beda keperluan. Dene basa Jawa Kuna ngrembaka saka basa Jawa Kuna Purba. Basa Jawa utawa sinebut Basa Jawa Anyar/Modheren dianggo dening masyarakat Jawa wiwit abad 16 tekane saiki. Ngrembakane Basa Jawa Anyar bebarengan karo gumantine kabudayan Hindhu-Budha-Jawa nyang kabudayan Islam-Jawa. Basa Jawa Anyar, kang akeh antuk kosa-kata basa Arab, dianggo minangka basa lesan lan tulis ing sajroning swasanakabudayan Islam-Jawa. Ing swasana iku ragam tulis basa Jawa ora mung tinulis manganggo aksara Jawa lan Latin wae, nanging uga tinulis nganggo aksara Arab. Aksara Arab dianggo lan dilarasake karo system paramasastra Jawa lan diowahi dadi aksara Pegon.

Basa Jawa Kuna dianggo dening masyarakat Jawa wiwit abad I Masehi tekane abad XV Masehi. Wiwit abad kapisan tekane kaping enem basa Jawa Kuna amung dianggo secara lesan. Basa Jawa Kuna antuk sesambungan kosakata basa Sansekerta. Cacahing kosakata basa Sansekerta ing basa Jawa Kuna watara 45%. Aksara kang dianggo wiwitane aksara Pallawa, sabanjure diciptakake aksara Jawa Kuna. Panganggone basa Jawa Kuna kang paling tuwa yaiku ing Prasasti Sukabumi kanthi angka taun 726 Saka (25 Maret 804 Masehi). Miturut dhata mutakhir, karya sastra kang paling mula disalinaksarakake ing basaJawa Kuna nganggo aksara Jawa Kuna ing abad ka-19 yaiku Ramayana lan Mahabharata, asale saka India.

Akeh morfem basa Jawa Anyar kang memper kepara padha karo basa Jawa Kuna. Panganggone lan tegese kadhang kala ya padha, umpamane: 1) morfem minangka tandha tandang gawe Nasal {N-} ing Basa Jawa Anyar padha tegese karo morfem {aN-} ing basa Jawa Kuna: manah ing basa Jawa Anyar karo amanah ing basa Jawa Kuna), 2) tembung kang nerangake sipate aran waras ing basa Jawa Anyar padha karo waras ing basa Jawa Kuna, 3) tembung kang nerangake kriya adus ing basa Jawa Anyar memper karo adyus ing basa Jawa Kuna, lan akeh tuladha liyane.

Ing mangsa dumadine basa Jawa Kuna menyang basa Jawa Anyar iku tuwuh basa Jawa Tengahan. Laire basa Jawa Tengahan kira-kira abad ka-15 utawa sadurunge.

Basa Jawa Kuna lan Basa Jawa Tengahan wis ora dianggo maneh dening masyarakat saiki. Sanajan mangkono, loro-lorone ing Bali isih tuwuh subur minangka piranti upacara agama. Kakawin Ramayana, Sutasumo, lan Baratayudha abasa jawa Kuna kang nduweni ciri Hindu-Budha-Jawa isih asring ditembangake,  dianggo bahan rembugan, lan dialih-aksarakake ing basa Bali/Indonesia dening para sekaha babasan kang sumebar ing wewengkon iku. Kang memper karo kakawin kang asring dirembug lan ditembangake yaiku kidung abasa Jawa Tengahan kanthi dhasar budaya Bali-Jawa, ing antarane: Kidung Harsawijaya, Kidung Sunda, Kidung Ranggalawe, lan Wangbang Wadeya. Basa Jawa Kuna Purba kinira dianggo dening masyarakat Jawa ing JawaTengah lan Jawa Wetan rikala jaman pra-sejarah minangka alat komunikasi lesan wiwit telung yuta taun tekane ngancik abad kapisan Masehi. Kira-kira iku adhedhasar tinemune fosil manungsa purba Pithecanthropus Erectus ing taun 1939 dening Ralph von Koenigswald ing Sangiran, Surakarta, Jawa Tengah. Saka fosil iku bisa dimangerteni manawa sadurunge Masehi wis dianggo papan uripe manungsa. Wiwit abad kapisan wong Jawa wis tepung karo warna-warni teknologi, ing antarane carane nanem, teknik kapal layer, arah angina, astronomi, lsp.

Sumebare basa Jawa ing Suriname, Belanda, lan New Caledonia bebarengan karo tekane wong Jawa ing kana. Kelompok kapisa wong Jawa minangka tenaga kerja kang prapta ing Suriname atas pertikele Pamarentah Belanda ing 9 Agustus 1890. Atusan kelompok bacute teka. Kedadeyan iku lumake tekan Desember 1939. ing taun 1971, adhedhasar sensus, disebutake ana 60.000 wong Jawa ing Suriname. Tekane wong Jawa ing New Caledonia minangka tenaga kerja diwiwiti abad ka-20. Dhata pungkasan ing taun 1963 ana 3.900 wong Jawa ing New Caledonia.

Basa Jawa kalebu rumpun basa Austronesia. Rumpun basa Austronesia kabagi dadi loro, yaiku rumpun sisih kulon lan sisih wetan. Kang kalebu rumpun basa Austronesia sisih kulon ing antarane: basa Indonesia (Melayu), Sunda, Jawa, Bali, Madura, Bugis, basa-basa ing Sulawesi sisih lor lan ing kepuloan Filipina. Amarga sakrumpun, akeh morfem wuwuhan ing basa-basa iku memper utawa padha.

[kabesut saka Tata Bahasa Jawa Mutkhir, Wedhawati dkk, Kanisius, 2006]

Celathon

1 celathon to “Basa Jawa; Sejarah Cekak”

  1. Maryono
    January 27th, 2011 @ 4:15 pm01

    sip…Den Mas……nwun…

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur