KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Sesorah Bab ‘Kearifan Lokal’

Kababar | January 24, 2011 | 3 Celathu

Nuwun,

Agunging pakurmatan konjuk dhumateng para rawuh, kakung sumawana putri, mirungganipun dhumateng para kadang mudha ingkang tansah manggih karaharjan. Nyuwun agunging pangaksama wondene kula sampun kumawantun madeg matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, nun inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun rembag menggah babagan kearifan lokal Jawi, ingkang sapunika sampun wiwit ewah, kepara malah ical kadhesek budaya modhern.

Para lenggah ingkang kinurmatan

Wonten ing kalodhangan wekdal punika kula badhe ngaturaken andharan  ingkang magepokan kaliyan prekawis punika kanthi asesirah: “Pitutur sinandi ing unen-unen Jawi”. Minangka purwakaning andharan sumangga tansah ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhat tansah paring lumintuning kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Katitik  kanthi kanugrahan gadhuhaning Gusti mekaten kalawau, ing kalenggahan punika kula lan panjenengan sadaya kuwawi kempal manunggal, nyawiji kanthi kebak ing karaharjan miwah kabagaswarasan, kalis ing rubeda nir ing sambekala.

Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,

Sampun dados tradhisi bilih masyarakat Jawi punika menawi paring pitutur mawi basa ingkang sinandi. Kanthi basa ingkang cablaka kasebat, dipunajab supados tiyang punika tansah emut dhateng tembung utawi ukara ingkang ngemot pitutur wigati ing salebetipun. Ingkang baku tiyang ingkang dipunsaruwe punika boten patosa sakit manahipun, benten menawi ngagem basa ingkang salugunipun. Ngengeti kathahipun unen-unen Jawi ingkang ngrembaka wonten ing madyaning gesang masyarakat Jawi, pramila kula badhe ngaturaken underaning pirembagan unen-unen Basa Jawi magepokan kaliyan unggah-ungguhing pangandikan, tata krami, saha ageman utawi busana nenggih unen-unen: “ajining dhiri gumantung ing lathi, ajining awak gumantung saka tumindak saha ajining raga gumantung saking busana”.

Ing madyaning pasrawungan, lathi punika kedah tansah kajagi. Sampun ngantos ngedalaken tembung utawi ukara ingkang saged ndadosaken pasulayan. Menggahing njagi lathi punika saged dipunsranani kanthi pangandikan ingkang trep kaliyan unggah-ungguhing basa tuwin sastra, boten grusa-grusa anggenipun matur saha ingkang wigati, tansah empan papan. Sinten ingkang wicanten, dhateng sinten kemawon, saha wonten ing papan menapa, pangandikan punika kedah dipun-gatosaken saestu. Saumpami menawi tiyang punika tansah ngendikan ingkang nerak saking reh subasita, tansah wola-wali, pramila boten badhe wonten tiyang sanes ingkang paring pakurmatan. Ananging pangandikan ingkang alus, mranani penggalih, saha jumbuh kaliyan kawontenan, sinawung tumindak ingkang sae,  ing samangke badhe dipunakeni tiyang ingkang asipat budi luhur. Ateges dhiri pribadi tiyang punika tansah dipunajeni tiyang sanes.

Salajengipun tumindaking badan punika ugi saged ndadosaken ewahing pakurmatan tiyang sanes. Tuladhanipun sipat adigang, adigung saha adiguna, murang tata, gonyak-ganyuk ing pasrawungan lan sanes-sanesipun. Menawi tiyang punika ketingal kumalungkung, tansah ngendel-endelaken ing samubarang prekawis, pramila asor drajadipun tumrap tiyang sanes. Kanthi lakutama, prasaja ing madyaning agesang, saha tansah empan papan, saged ambawani ajining awak utawi pribadi tiyang punika.

Para lenggah ingkang tansah winantu ing suka basuki,

Salah satunggiling kabetahan pokok tiyang agesang inggih punika sandhang utawi busana. Kanthi ngagem busana, tiyang punika saged kalis saking dayaning hawa alam, pinangka srana panutup aurat, saha mratandhani edining etika tuwin estetika, sauger pangageming busana punika jumbuh kaliyan kawontenan. Pangagem busana ingkang sarwa trep kaliyan adat utawi norma, ndadosaken kula lan panjenengan sadaya tansah ugi dipunkurmati tiyang sanes. Kawontenan makaten mratandhani bilih ajining raga punika gumantung ugi saking pangageming busana.

Para lenggah ingkang kinurmatan,

Sejatosipun taksih kathah pitutur saha piwulang sae sanes ingkang sinerat wonten ing unen-unen Jawi menika. Pangajab supados nggegulang pitutur becik, sinerat ing sekar macapat Gambuh menika:

Aja nganti kebanjur

sabarang polah kang nora jujur,

yen kebanjur sayekti kojur tan becik,

becik ngupayaa iku,

pitutur ingkang sayektos.

Pungkasaning atur sumangga tansah nggatosaken wigatosing patuladhan ing salebetipun kasusastran Jawi, kanthi nggegulang, ngleluri, saha ngrembakakaken budaya, basa tuwin sastra Jawi punika. Cekap semanten atur saking kula menawi kathah kekirangan ing subasita, basa tuwin sastra saestu, kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami panjenengan sedaya.

Nuwun, maturnuwun.

[dening Sumaryono]

Celathon

3 celathon to “Sesorah Bab ‘Kearifan Lokal’”

  1. Maryono
    January 28th, 2011 @ 4:15 am01

    mangga-mangga nyuwun pamanggihipun supados naskah sesorah punika saged langkung sae lan ngrembaka….nuwun

  2. wulan
    December 18th, 2011 @ 4:15 am12

    PANYANDRA piyambak tegesipun menapa?

  3. Fajar Triatmadja
    January 6th, 2012 @ 4:15 pm01

    Maturnuwun ….sesorahipun sae !

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur