KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Kawruh Bab Panatacara 2

Kababar | January 24, 2011 | Durung ana sing nyelathu

Pranatacara punika salah sawijining paraga ingkang gadhah jejibahan nglantaraken titilaksananing upacara adat manten, kesripahan, resmi/formal, pengaosan lsp. Pranatacara  ugi asring kasebat  Master of  Ceremony (MC), pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, utawi pranata laksitaning adicara.  Amrih jejibahan punika saged kaleksanan kanthi sae, pramila pranatacara kedah saged ngrengkuh sarat/sarana kadosta:

  1. olah swara
  2. olah raga lan olah busana
  3. olah basa lan olah sastra

Olah swara katindakaken kanthi gladhen kedaling lesan/pelafalan sarana ngeja abjad. Tuladhanipun ka, kha da, dha, ta, tha, lsp. Gadhen wicara kanthi pocapan ingkang leres, gladhen lagu saha wirama ingkang magepokan kaliyan sora lirih, andhap inggil, sarta panjang cendhaking swanten. Sadaya punika kaudi amrih tlesih, trep, mungguh mapan.

Olah raga saha olah  busana magepokan kaliyan badan ingkang sehat/saras jasmani punapadene rohani. Pangolahing raga saged kagladhen kanthi sarana senam, jogging, mlampah cepet, mlajeng, punapadene olah raga sanesipun. Pranatacara ingkang sae inggih kedah saged abusana ingkang murwat, laras kaliyan  kawontenan. Busana kedah leres panganggenipun, murwat kawontenanipun, rapi, tuwin tumata panatanipun.

Olah basa lan olah sastra punika sarana saha wahananing panggraita (cipta, rasa, karsa) sarta sarana kangge lung tinampen.  Basa ingkang kedah dipun-ginakaken dening pranatacara inggih punika basa ingkang leres, sae, endah, saha gampil. Basa susastra saged dipun-ginakaken kanthi kagladhen kaliyan bab tembang, parikan, pepindhan, panyandra, wangsalan, lsp.

Wonten perkawis ingkang kedah dipun-gatosaken amrih dados panåtåcårå íngkang mumpuni kanthi bleger jejer, tindak tandúk, sumarambah tandang grayang, karenggep ing saptama, inggih punika:

1. Magåtrå: wewujudan, rupå, adi ing sarirå, edi ing busånå, teges luwes sartå pantes.

2. Malaksånå: tindak sapecak, sajangkah, ditåtå runtút, manteb mrabu mrabåwå; boten ingah-ingih saha wigah-wigih.

3. Mawastå: ngadeg jejeg, boten kendho, boten dhoyong, suku kiwå tengen boten keciyuten boten kamban.

4. Marågå: boten rongeh, boten ndhredheg, gumeter; kapårå anteb anteng, ebahíng badan, sirah, jangga, asta prasåjå, pasemoníng pasuryan nggambar manah.

5. Malaghåwå: trampíl kapårå trengginas; boten remben ngleler; boten angas gas-gasan. Cag-ceg, lancar gancar sembådå ing karyå.

6. Matanggap: tanggap ing swasånå, saged girang gembira, mesem ngguyu marang ingkang antúk kabegjan kanugrahan mirunggan; saged kucem luyu, susah sedhih belasungkåwå marang kang nandhang dhuhkitå.

7. Mawwat: tanggúh, tatag, tanggon prapteng ngendon. Seger saras jiwå rågå ngentasi purwå madyå wusananíng  sedyå, siddhakaryyå.

Pungkasan wonten sarat sanesipun ingkang saged nyengkuyung jejibahanipun pranatacara. Antawisipun pangrengga swara (sound system) ingkang canggih, papan trep kaliyan rerengganing sasana (dekorasi), sinau ing pawiyatan formal punapa dene kursus, mental ingkang sae (waja), ketuwajuhan (kedisiplinan) ingkang inggil, gladhen pranatacara, sarta kasamaptaan (persiapan) ingkang sae.

Celathon

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur