KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Aja Rumangsa Bisa

Kababar | January 17, 2011 | Durung ana sing nyelathu

Ngelmune Kyai Petruk Kanthong Bolong, Kuncung ireng pancal putih, Swarga durung weruh, Neraka durung wanuh, Mung donya sing aku weruh, Uripku aja nganti duwe mungsuh. Ribang bumi ribang nyawa, Ana beja ana cilaka, Ana urip ana mati, Precil mijet wohing ranti, Seneng mesti susah, Susah mesti seneng, Aja seneng nek duwe, Aja susah nek ora duwe. Wong duwe gegayutan mau kaya dene nggoleki tapake kuntul anglayang, ngendi ana, lan sapa wonge sing bisa. Pancen tetembungan mau ora bakal tinemu ing nalar. Tetembungan mau klebu kawruhing kasampurnan, sing isbate mung bisa dionceki srana tirakat lan laku. Mula yen arep nggayuh kawruh tapaking kuntul anglayang mau, manungsa kudu nyuwungake kekarepan lan nalare. Saben wong urip amdarbeni gegayutan sing dhuwur. Mbuh diarani gegayutan kepengin dadi wong pinter, sukses, sugih, pejabat, bojo ayu lan bagus rupane lan liya-liyane. Utawa sing nrima dadi wong cilik kayadene mangan sega thiwul, jagung, wis rumangsa legawa, bebasan bathok bolu isi madu, wong asor nanging sugih kamuktene.

Para sesepuh padha paring pitutur marang trah tumerah yen sakebehing gegayutan utawa cita-cita kudu disranani ikhtiar lan donga. Ora mung cukup semono, nanging sing kepokok uga labuh labete dadi modhal sing utama. Intine jer basuki mawa bea, kaya semboyane. Modhal iku mau ora mung saka dhuwit, nanging bisa kapinteran, keprigelan, tali paseduluran, kabar utawa informasi lan akeh conto liyane. Rejeki pati, jodho kabeh mau saka pengature sing gawe urip wong urip mung bisa nyenyuwun lan nglakoni. Wong kang nduweni uba rampe modhal kang tansaya pepak mesthi wae dheweke tansaya nduwe kelonggaran lan gegayuhan sing luwih gampang lan cepet. Senajan wis nglakoni lan usaha utawa ikhtiar kanthi bener, trep, lan dikantheni kepinteran, disirami modhal kang nyukupi, kabeh ikhtiar mau kudu dikondurake marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Pituture para sepuh, aja nganti nggege mangsa utawa ndhisiki kersane Pangeran. Jer menungsa wajibe mung usaha, dene sing ngabulake mesthi wae Gusti Allah. Mula saka iku, manungsa ora kena rumangsa umuk yen sakabehe mesthi bakal klakon dadi kasunyatan kaya apa kang dikarepake. Bisoa rumangsa aja rumangsa bisa, gedhea rumangsa kayadene kulak banyu apikulan warih. Bisoa ngrasakake yen menungsa mono sejatine mung titah sawantah jalma lumrah kang tansah cumadhong lan gumantung mring Gustine. Lamun kanthi sifat kang tansah sumeleh lan sumarah iku wong bakal bisa nglakoni uripe kanthi samadya lan ora kemrungsung. Mula mangkene ature Suluk Sujinah “ Dene mangan sapulukan tegese, mung Allah kacipta, kalawan nyandhang sasuwir, pujinira kawayang sajroning driya” Sanadyan mangan mung sepulukan wus rumangsa wareg, lan panganggo mung sasuwir wis rumangsa jangkep. Mula pasrah ing Pangeran ora liya tegese kejaba menehake awak kanggo pepadhamu. Mring Pangeran kang murugake bisa kaya kuntul anglayang tanpa mikirake piye tapak lan tilase nembe bisa dirasakake, supaya pepadhamu sing kurang mangan bisa mangan, lan nyandhang. Tapaking kuntul anglayang sejatine dudu kawruh kang dakik-dakik, mencit tan bisa ginayuh.

Kawruh iku kawruhe urip padinan, kepriye anggone wani suwung ing saben dinane. Yaiku urip sing wani bagi binagi, sanadyan kayane ora ana sing dibagi. Welas asih mau sing bakal ngumbulake kaya kuntul ing awang-awang sing ora ngarep-arep nggoleki tapake maneh. Linuwaran saka sakabehing jejiretan, mardika mabur ning awang-awang iku kapenak lan enthenge tan kena kinaya ngapa. Sipat rumangsa bisa mung ndadekake wong kang umuk, ngalahake sakabehing becik, banjur nekad amrih bisa kelakon. Mula aja kaget njur ana tumindak korupsi, kolusi, lan nepotisme ing jaman kang tansaya edan iki. Luwih becik dadi wong bener katimbang wong pinter, kapinteran ana sekolahane, nanging wong bener ora ana sekolahe. Mula kudu dilakoni kanthi modhal rasa aja rumangsa bisa. Yen mung rasa rumangsa bisa, terus kasil pasthi thukul pikirane rasa umuk, ananging kosok baline yen gagal bisa wae dheweke kelara-lara. Mula sakabehing gegayutan kang utama apa bae kudu dilandhesi ikhtiar kang temen lan dedonga marang kang Maha Kuwasa terus Gusti ngijabahi. Aja rumangsa bisa, nanging bisaa rumangsa.

(Kapetik saking: http://www.manyaran.wonogiri.org/2010/04/29/ojo-rumangso-biso/Posted by Sukasno)

Celathon

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur