KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Tembang Jawa

Kababar | January 19, 2011 | Durung ana sing nyelathu

Tembang inggih menika rumpakaning tembung ingkang karakit mawi tatacara pinathok. Wujud pathokaning tembang menika warna-warni. Ing jagading kasusatran Jawa, tembang menika saged kaperang dados tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang alit/macapat, malah kepara wonten golonganing tembang dolanan. Tembang Jawi menika ngandhut pitutur luhur, struktur tembangipun mawi paugeran tartamtu, saha kedah dipunlagokaken ngangge kagunan swanten. Sekar ageng saha sekar tengahan saged kapanggihaken ing bawa-bawa gendhing karawitan lan ing sulukan pedhalangan. Wondene tembang macapat langkung gampil kapanggihaken ing serat-serat Jawi, umpaminipun ing Serat Wulangreh, Wedhatama, Wedharaga, Kalatidha, lsp. Tembang macapat menika wonten ingkang mastani maca cepet, wonten ugi ingkang mastani anggone maca papat-papat inggih menika sekawan wanda-sekawan wanda, punapa sekawan wanda ing ngajeng pedhot kalajengaken wanda-wanda salajengipun.

Tembang macapat kasusun saking struktur (metrum)/paugeran ingkang sampun pinathok. Paugeraning tembang macapat inggih menika wontenipun guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra inggih menika cacahing larik utawi baris ing saben setunggal pada. Pada inggih menika gabunganing larik-larik tembang utawi ing basa Indonesia kawastanan bait. Guru wilangan inggih menika cacahing wanda  utawi suku kata ing saben gatraning tembang saha guru lagu menika dhawahing swanten vokal “a, i, u, e, o” ing saben pungkasaning gatra. Wondene jinising tembang Macapat wonten 11 inggih menika, Mijil, Sinom,  Asmaradana, Dhandhanggula, Gambuh, Megatruh, Maskumambang, Durma, Pangkur, Kinanthi, Pocung. Panyekaring tembang macapat menika temtunipun kedah kaselarasaken kaliyan titilaras (notasi), laras saha pathetipun gamelan.

Manut riwayatipun, tembang macapat menika minangka pralambang gesanging manungsa wiwit lair dumugi seda. Kanthi ringkes saged kaandharaken kados mekaten:

Manungsa lair ing ngalam donya medal saking guwa garba (Mijil), nalika taksih alit kedah dipuntuntun utawi dipunkanthi (Kinanthi), bilih sampun mudha taruna (Sinom), gadah raos tresna utawi paring katresnan marang tiyang sanes (Asmaradana). Ingkang saweg nandhang asmara swasananipun ketingal endah saha manis (Dhandhanggula). Sasampunipun mengku kulawarga kedah mangertos (Gambuh) marang prakaraning gesang. Menawi sampun sepuh, gesang bakal ngambang (Maskumambang) menggalih donya saha akherat. Tambah sansaya mundur (Durma) mungkur ing kadonyan (Pangkur) ngadhepi akherat mula gentur ngibadah. Sasampunipun pejah ateges pegat ruhipun (Megatruh). Banjur dibuntel utawi dipunpocong (Pocung).

Celathon

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur