Kawruh Bab Campursari
Kababar | January 17, 2011 | 1 Celathu
Campursari yaiku jinising lelagon Jawa. Campursari tegese lelagon Jawa kang ngemot pirang-pirang aspek seni (sajrone lelagon pepak banget). Katitik saka lagu kang kerep dianggo campursari bisa wujud: lagu dolanan, langgam, gendhing sekar, sekar gendhing, tembang campursari, lan sapanunggalane. Tokoh campursari sing kondhang yaiku Manthous saka Gunungkidul. Sabanjure tuwuh penyanyi-penyanyi campursari liya kayata: Sunyahni, Didi Kempot, lan sapanunggalane. Instrumen sing dinggo ngiringi campursari, iku wujud gamelan tradisional Jawa lan instrumen musik nasional. Lelorone dianggo bebarengan kanthi trep, nganti kepenak dirungokke. Gabungan instrumen kasebut diangkah supaya tinemu harmoni seni campursari. Instrumen campursari sing kerep kanggo kayata: kendhang, demung, gong, rebab, piano, gitar, bass, lan drum.
Paraga kang nglagokake campursari diarani wiraswara utawa swarawati. Anggone nglagokake ngetutake unine gendhing. Yen sing nglagokake wong loro lanang wadon, bisa gentenan. Sing wadon bawa saha sing kakung nglagokake, dene wiyagane (sing nabuh instrumen) bisa nyenggaki. Anggone nglagokake bebas (merdeka), rong larik mandheg, banjur diselingi omong-omongan ora apa-apa. Lelagon campursari mono sing baku seneng, gumyak, lan nges swasanane. Biasane campursari asring kanggo nglelipur ing pahargyan apa wae, kayata pengetan 17 Agustus, supitan, tasyakuran, mantenan, lan sapanunggalane. Campursari uga asring dinggo lelagon dening pelawak, pendhagel, gara-gara ing wayang kulit, limbukan lan dhagelan kethoprak, lan liya-liyane.
Kang kalebu wujuding lelagon campursari:
1. Lagu campursari: Gethuk, Tamba Ati, Nonong, Randha Kempling, Hewes-hewes, Cucak Rawa, mBah Dhukun.
2. Sekar gendhing campursari: Pangkur Tanjung Gunung, Asmarandana, Kinanthi Sandhung, Mijil Kethoprak.
3. Gendhing sekar campursari: Randhu Kentir, Ayun-ayun, Puspawarna, Puspagiwang, Ibu Pertiwi.
4. Langgam campursari: Caping Gunung, Setya Tuhu, Wuyung, Yen ing tawang, Dadi Ati, Nyidham Sari.
5. Lelagon dolanan campursari: Ilir-ilir, Kupu Kuwi, Mnthog-menthog, Buta-buta Galak, Dhayohe Teka.
Celathon
1 celathon to “Kawruh Bab Campursari”
Ninggali Tetembungan




April 12th, 2011 @ 4:15 am04
matur nuwun, lan kula nyuwun lilahipun bahan seratan punika kula angge mucala murid kula