KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Teks Sesorah ing Acara Ambal Warsa

Kababar | January 17, 2011 | Durung ana sing nyelathu

Nuwun,
Agunging pakurmatan konjuk dhumateng ngarsanipun …, nun inggih panjenenganipun Bapak … ingkang satuhu minulya ing budi. Mekaten ugi dhumateng Bapak/Ibu, para lenggah ingkang dahat sinuba ing panakrami. Sumarambah dhumateng para kanca ingkang tansah manggih begja mulya. Mirungganipun dhumateng … ingkang hanggung kinurmatan. Puja astawa, puji astuti mugi konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang tansah kasdu paring lumebering kanugrahan, awujud kabagaswarasan, satemah kula dalasan panjenengan sadaya saged makempal kanthi sinongsongan kayuwanan, saperlu mengeti ambal warsa kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia ingkang kaping 60.

Para lenggah ingkang kinurmatan, perlu kawuningan bilih kamardikaning bangsa Indonesia ingkang kalampahan kagayuh wiwit tanggal 17 Agustus 1945 menika mujudaken kanugrahan paringanipun Gusti ingkang sakalangkung ageng sanget. Saestu mokal kalampahanipun lamun Gusti Ingkang Maha Kuwaos boten paring kawelasan dhateng kupiya lan pandonganipun para leluhur anggenipun kepengin uwal saking penjajahan. Cetha kacathet ing sejarah, 350 warsa lawasipun bangsa Indonesia karegem dening panguwasanipun bangsa Manca ingkang tumindak sawiyah-wiyah. Kawiwitan saking bangsa Portugis, Walandi, Inggris, lan Jepang, sedaya sami dene mrakosa dhateng kamardikaning gesang bangsa Indonesia, sedaya sami njarah rayah bandha donyaning bangsa, sedaya sami ngrisak adi luhungipun budaya Nuswantara. Para lenggah ingkang kinurmatan, ugi kaserat ing sejarahipun bangsa Indonesia, maewu-ewu kusuma bangsa, pejuang kamardikan, para pahlawan ingkang saestu toh nyawa bela pati kangge ngrungkebi tanah tumpah rah, ibu pertiwi suci menika. Sinaosa meksa kathah ingkang gugur ing madyaning palagan, nanging pindhanipun jamur ing mangsa rendheng: gugur satunggal thukul pejuang cacah kalih, gugur kalih thukul sedasa, ical sedasa timbul maewu-ewu. Sedaya kalawau kabekta saking adrenging manah anggenipun kepengin uwal lumepas saking regemanipun bangsa penjajah. Saengga ing pepuntonipun bangsa Indonesia saestu manggih ing kamardikan rikala tanggal 17 Agustus 1945.

Ngengeti semanten agengipun lelabuhan ingkang dipuntindakaken para pahlawan, para pejuang kesuma bangsa mligi kagem kamardikanipun bumi pertiwi saengga ngantos manggih kasidan jati, pramila sampun samurwatipun bilih kula lan panjenengan para generasi mudha ingkang namung kantun ngraosaken asil saking kamardikan menika, asung pakurmatan dhumateng para pahlawan menggah lelabuhanipun mring nusa lan bangsa Indonesia. Wujuding pakurmatan ingkang kula aturaken wonten ing ngajeng kalawau boten ngemungaken pakurmatan wadhag, tegesipun namung cekap kanthi ‘tabur bunga’ utawi ‘mengheningkan cipta’ kewala. Nanging langkung awrat saking menika tanggel jawabipun generasi mudha, menggah kamardikan warisanipun para pejuang.

Para kanca, jumbuh kaliyan jejibahan kula lan panjenengan minangka pelajar, pramila wujud pakurmatan dhumateng para pahlawan boten sanes inggih menika sinau, sinau, lan sinau. Nanging ugi boten ateges sinau ingkang tanpa asil, cekakipun kula lan panjenengan minangka generasi penerus perjuangan bangsa mundhi tanggel jawab, nedahaken dhumateng bangsa manca bilih Indonesia ing samenika satunggaling negari ingkang majeng ing samukawisipun. Saengga generasi mudha ing samenika kedah tetep puguh ‘berjuang mengisi kemerdekaan.’ Kanthi menika sumangga kula lan panjenengan minangka generasi mudha sareng-sareng asesanti, mbangun tekad ingkang kukuh, sedya ngisi kamardikan kanthi sae minangka tandha asung pakurmatan dhumateng para pahlawan kesuma bangsa. Para lenggah ingkang kinurmatan, cekap semanten atur kula. Mbokbilih wonten klenta-klentuning atur, kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

Celathon

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur