KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Ngrahabi

Kababar | October 23, 2010 | Durung ana sing nyelathu

Ngrahabi
[Suhardjendra, Mekar Sari No 13, September 1971]

Anakku sing panggulu, Gatot, saiki wis umur telulas. Wis klas siji SMP. Wis mangsane supit. Sirku arep dak-katutake supitan rombongan utawa khitanan umum ing pengetan pitulasan, ngiras pantes karo bersih desa taun iki. Ngirit, praktis, tur nyontoni ngecakake pikiran modern marang tangga teparo, penduduk ing desa Asem Doyong iki. Soale, aku sajatine jinja karo ewuh-ewuhan sing uwis. Dhek tetesan anakku pembarep, Santi, biyen nuruti kalumrahan desa, aku dadi dheyek temenan. Ana nyaur utang mung kanggo ewuh sapisan, iku bae lagi tetesan, lha kok limang taun lagi sah. Lha ya nurut pangonggronge tangga teparo sing kolot, aku njur seneng di-‘wah’.
“Wah, nek pak Harja ya peng-pengan tenan. Ewuh sapisan, tetesan anake mbarep, wayangan. Dhalange milih sing nggel, Suwanda! (Dhek samana dhalang sa-Ngayogyakarta sing onjo dhewe swargi Ki Germa Su¬wanda.) Lha ya pak Harja mono wong ketok. Guru, tur mantune wong cukup, ya kudune ngono!”
Jan mongkog tenan dhek samana krungu di-‘wah’ nguwong ngono iku. Apa maneh ibune Santi. Wah, sajak nggembelo. Karo tangga teparo banjur mlopog, loma. Ora ngertia, entuk ‘wah’ sing nglakoni adol sawah. Nandur pari gaga limang tancep, jan alus, ora panen babar pisan. Dianggo nyaur utang. Apa ora ateges adol sawah limang taun?

Hm, kapok tenan aku. Mula ing pengetan pitulasan mengko Gatot arep dak-dhaptarake melu supitan rombongan. Bocahe uga wis gelem. Malah seneng, wong kancane akeh. Nanging ibune kuwi sing mbrengkelo.
“Hiyoh, sampeyan pilih sih ya, Pakne? Nek Santi olehe tetesan ditanggapake wayang peng-pengan, lha kok Gatot, diewuhake bae ora, mung arep dinunutake tetakan ndesa? O, aku ora setuju banget, Pakne! Aku ora lila anakku mung dibelak-belakake!” anggone mancahi ibune, semangat banget, kaya kampanye.
“Sareh, sareh, Bune! Aku ki ora kok arep mbedak-mbedakake anak ngono. Prekara ngrembug anak kuwi rak …”
“Nyatane! Nyatane arep ditetakake neng pitulasan. Apa ora kuwat ngragadi apa? Wis, wis! Nek sampeyan ora saguh ngragadi, dak-ragadane dhewe! Dak-tetakne dhewe! Aja dibelak-belakake! Dhasar wong lanang, sing digemateni ya sing anak wedok!” kandhane nyai-ku nyenthe-nyenthe, munggel gunemku banjur ngrampyang ndrudul kaya brondong wutah.

“Uwis apa durung, Bu, olehe kampanye? Nek uwis genti aku sing kandha. Aja dipunggel dhisik ta! Uwis durung?” kandhaku sareh. Wong padu kuwi, nek sing siji sareh, rak ora dadi.
“Uwis!” wangsulane karo mesem satitik, ketularan sareh, karo njagur gegerku.
“Gung. . . !” olehku nggameli.
“Ora jeneng mbedak-mbedakake nganak, Bu. Aku ki rak getun banget dene dhek tetese Santi nganggo ewuh gedhen kaya ngana, nganti limang taun lagi sah olehe nyaur utang. Lha saiki iki karepku arep ngirit, praktis. Mumpung Gatot libur olehe sekolah, kapinujon pitulasan ngiras bersih desa Asem Doyong arep nganggo khitanan umum, Gatot arep dak-dhaptarake. Prakara ngrembug anak, kabutuhane rak ora mung tetakan thok ta, Bu? Tuwas olehe netakake nganggo nggantung gong, nek olehe ngragadi sekolah ora gawe marem, arak percumah, Bu, Bu!”
“Enggih. Timbang ditanggapake wayang kula milih dipundhutke sepeda jengki kok, Bu … !” Gatot sing mulih saka dolan dumadakan nrambul gunem.
“Ora! Kowe bocah cilik ora kena usul. Pokoke, mbakyumu biyen olehe tetes ditanggapake wayang, kowe ya kudu dak-tanggapake wayang, Tot,” kandhane ibune karo mlerok.
“Manawi kula, sampun ageng. Rak pareng usul ta, Bu?” Santi mak bedengus saka pawon, uga banjur melu rembugan. Tanpa ngenteni wang¬sulane ibune Santi banjur usul: “Manawi kedah wayangan, kula rumiyin dipuntanggapaken wayang mawi dhalang ingkang sae piyambak, sapunika Gatot ugi kedah mawi dhalang lan sindhen ingkang sae piyambak: Timbul kaliyan bu Candralukita. Kaliyan segahan lan ubarampe sanesipun satus ewu kemawon temtu telas, Bu.”

Krungu usule Santi iku aku mak tratab. Ibune uga banjur katon mak plenggong. Aku banjur ngguyu nggleges, bareng Santi nerusake usule: “Nanging saenipun arta samanten boten usah kangge wayangan, ya, Tot, ya? Kangge tumbas Honda punapa Yamaha bebek kemawon, Bu! Gatot tetep dipunsupitaken wonten pitulasan!”
“Lha enggih! Boten siyos sepedha jengki, malah Honda bebek, nggih em-te-te, Bu!” kandhane Gatot karo jogedan.
“Uuh, duwea dhuwit satus ewu, angur nggo gawe omah tembok, sing kuwat tur resik, ora omah gedheg pating kethekrek kaya ngene iki, Tot. Cah ndesa, dalane ora ana sing alus bae, kepengin Yamaha!” kandhane ibune karo mecucu.

“Lho, lha kok ganti ngrembug omah? Ora sida wayangan ta, Bu?” pitakonku karo ngguyu cekikikan. Sajake ibune kelingan olehe mentas megap-megap nyaur utang, dhek tetese Santi kae. Mula wangsulane banjur empuk: “Lha ya ora kudu wayangan. Nanging barese bae aku kurang seneng nek Gatot ditetakake ing pitulasan kuwi. Ora ketang cilik-cilikan, ngundang bong, dibancaki lan ditetakake dhewe kok, Pakne!”
“Yen karepmu kukuh kudu ngono, aku ora bisa meksa, bu. Lha wong ya anak, anake wong loro. Ning bares bae aku ora bisa golek utangan maneh lho, Bu. Tur mumpung bar pitulasan sesuk kuwi Gatot sekolahe libur, apike ya melu ngrahabi pitulasan kuwi. Libur kwartalan ta, Tot?”
“Enggih. Tur kula langkung seneng nek supit ten pitulasan niku, Bu. Kancane akeh. Tur diramekake mawi tari-tarian modern, sandiwara daerah, kalih kethoprak barang ta, Bu.”
“Ora mung kuwi. Isih entuk sarung karo hem gratis, Tot,” sambunge mbakyune.

Bareng digrudug rembug anake loro, ibune malah banjur meneng bae. Mula pitakone: “Piye? Sore iki mengko bocahe kudu ukur, arep dijaitake hem jare. Dadi mengko sore kudu wis positip. Nek tetep arep di¬tetakake dhewe, mengko ora sah ndhaptarake. Ning nek oke, sampeyan setuju melu supitan neng pitulasan iki, mengko kudu ndhaptarake, dadi sesuk nek gres Gatot ben oleh seragam.”
Sirku, banjur arep dak-blakakake yen sajatine anane khitanan umum ing pengetan pitulasan kang didadekake siji karo bersih desa iku, kabeh-kabeh marga usulku. Ana ing rapat Lembaga Sosial Desa Asem Doyong kepungkur iki aku usul: supaya pengetan pitulasan lan bersih desa mengko ana tabete kang mumpangati tumrap penduduk Asem Doyong, prayoga dianakake khitanan umum. Khitanan umum iki kelebu tetesan kanggo bocah-bocah wadon. Yen usul iki bisa ditampa, aku saguh arep ndhaptarake anakku Gatot. Mula bareng diputus khitanan umum bakal dileksanani, sidane aku sing ndhaptarake dhisik dhewe, kanthi catetan: “Nanging kuwi mau yen bocahe gelem lan ibune nyarujuki, lho!” Malah babar pisan aku sing didadekake ketua seksi khitanan umum mau. Kadudut olehku ndhisiki ndhaptarake Gatot iku, banjur akeh sedulur-sedulur ing Asem Doyong kang ndhaptarake anake lanang utawa wadon, melu khitanan umum, supitan utawa tetesan.
“Aku ya arep ndhaptarake anakku, ah! Nyatane ngirit tenan, praktis tur cocog karo dina gedhe sing dipengeti kok. Lire pikiran lan pangrasane wong saiki wis bisa mardika saka cancangan tradisi kang mbeborosi, dileksanani ana ing dina pengetan Proklamasi Kamardikan. Mathis banget! Pak Harja, sing mantri guru bae, ndhaptarake putrane kok. Aku wis ora perlu isan-isin barang!” Mangkono rerasane wong-wong, miturut lapurane pemudha-pemudha sing padha miderake serkuler utawa sing dak-rungu dhewe. Lan ya kuwi sing arep dak-critakake marang ibune Santi. Nanging, durung nganti kawetu, kapunggel ana pemudha teka, nariki urunan pitulasan.

“Lho, awake dhewe durung pasok ta, Bu? Dina iki entek-entekane pasokan, jare!” anggonku opyak, kaget. “Dak-arani wis pasok wingi-wingi.”
“Durung. Dhek emben nak Sarpan iki mrene, dak-semayani jare.”
“Hi hi hiiik! Gene pasokan seket rupiah bae disemayani! Kathik mau sajak
sumugih-sugih!” anggonku melehake ibune. Bocah-bocah, Santi, Gatot
lan Sarpan padha melu mesem. Ibune ya katut mesem kecut.
“Hus! Barang ora apik kok dikandhak-kandhakake, ya, Pan, ya?” tumanggape ibune, sajak rikuh. Sing ndhaptarake khitanan umum sapa bae, Pan?”
“Mboten apil, Bu. Rak pak Harja ta ingkang pirsa? Bu Harja kok malah ndangu kula, ta?”
“O, iya ta?”
Ibune Santi sajak kaget, nanging banjur bisa nyandiwara: “Lha ning bapakmu malah durung ngerti komplite ngono kok. Rak tutupane iki mengko, ta? Olehku takon kowe ki, kowe sing tukang mubeng, nek wis ngerti.”
“Ingkang cetha Sarpin, ugi Sarijah, adhi-adhi kula piyambak, Bu. Simbok pancenipun boten setuju, nanging sareng ngertos manawi dhik Gatot, putranipun pak Harja, ugi dipundhaptaraken, simbok lajeng setuju.”
“Upama Gatot ora sida?” Ibune takon mangkono, bokmanawa marga kaget kok kondhange jebul Gatot wis kedhaptar.
“Lho, punapa dhik Gatot boten estu ta, Bu?” Sarpan kaget. “Ibu boten marengaken punapa?”
“Kuwi mung upama kok, Pan. Tur nek aku ki rak monat-manut bae. Purba wasesa rak bapakmu kuwi!” wangsulane ibune bocah-bocah karo nglirik aku.
Saungkure Sarpan, aku banjur nanjihake marang ibune bocah-bocah: “Njur piye, Bu? Benere Gatot rak wis dak-dhaptar, nanging isih janggelan. Dicabut ora?”
Minangka wong lanang sing ngetutake bojo, aku kerep ngalahi, ngrumangsani mau-maune: glidhig kecanthol.
“Nek sing ngurus jebul sampeyan, mangka sing usul uga sampeyan, ya wis aja dicorek, Pakne!” putusane eklas, ora kapeksa.
“Sokur ta nek ngono, Bu! Dadi aku ora banjur kondhang dadi Citraksi. Lha wong aku sing ngusulake, lha kok arep ora melu ngrahabi!”
Aku banjur ngetokake bloknot, macakake jenenge bocah-bocah sing bakal melu khitanan umum. Kabeh ana rolas, lanang pitu kepetung Gatot, wadon lima.
“Ayo Tot, ndherek neng daleme pak dhukuh: ukur!” Aku karo Gatot budhal.

Celathon

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur