KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Lumpang-Alu

Kababar | November 30, 2011 | 1 Celathu

Lumpang-Alu

Ayo Dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu!
Ayo Yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang!
Ayo Kang, ndang tumandang yasa beras ana ing lumpang!
[Lumbung Desa, Ki Nartosabdo]

1

Mangkono; urip lair, lumaku, mungel, dumadi, sajroning siklus ekonomi-makrone (kerja) wong padesan, utawa sajembaring filsafat-falsafah beras (wos), utawa sak-lembute pepeling kolektif psiko-sosiale wong agrikultur, utawa sakcethane ciri sui-generise kelompok sosial sing sinebut ‘para tani’, utawa sak-gumyake seni kothekan lesung kang jumengglung, utawa malah saprasajane agama naturale wong-wong kang lumrahe dilebokake ing kategori ‘tradisional’, utawa sa-egalitere lanang-wadon kang padha mrodhuksi pepanganan, utawa manjalma kinship (waca: sistem kekerabatan) a la Straussian kang angel pinisahake,  utawa kanthi maujud geometri-sakral-universal-fisikal-matematis lumpang lan alu. Kuwi kabeh minangka sastra cetha yen ta sing diarani urip iku maneka warna dumadine, mula warna-warna cara mangertenine; cara ndelenge. Manganggo basa apa wae anggone maca: ekonomi, filsafat, psikologi, sosiologi, seni pertunjukan, seni rupa, linguistik, antropologi, agama, feminism-maskulinism, sastra, fisika-quantum, metafisika, matematika, ngelmu sing kitsch, sepele, utawa deep-think, sawetara ana sing nganggo theory of everything, ngelmune wong-wong urban kang ‘mudhik’, tekane ngelmu ramalan lan gugon tuhon, urip terus wae lumaku. Saka lesung kang njumengglung nuwuhake ‘resonansi’, grup gelombang, mula mertandhani ananing urip. Urip nyoba dumadi: donya.

Donya lair saka maneka warna penggalihan (teori); mistisisme Platonik upamane. Utawa donya iku dumadi ngono wae sakteruse, ora ana pinggire, ora ana penyebabe kang ultima; filsafate Hawking dhuwur iku mau contone. Donya lair saka paradoks antarane mistisisme lan nihilisme, antarane rasionalisme lan irasionalisme. Utawa saka langit lan bumi kang pisah ngono wae; bumi iku gravitasi, dene langit nirgravitasi. Utawa saka dat kang inaran Gusti, Allah, Sing Transendhen, Kang Murba ing Dumadi, Holy Spirit, lan sapiturute, kang nyipta donya kasar.  Utawa cahya kang ‘nyipratake’ tejane ing alam donya; ana sangkane, ana parane. Ana konsep ‘kurban’ ana ‘ciptan unggul’, ana ‘dosa’ ana ‘suci’, ana ‘sorga’ ana ‘naraka’, ana ‘samsara’ ana ‘nirvana’, ana ‘kawula’ ana ‘gusti’, lsp. Ana sing duwe penggalihan yen donya ana wiwitane, ana sing ngarani ana pungkasane, kepara malah ora ana wasanane. Para Gusti wis mati; mengkono Nietzsche maca kahanan Eropah jaman semana: merga manungsa ngumbar nepsune tumrap alam―ing Indonesia jaman saiki semono uga; manungsa padha nggajuli ‘kuwasane Gusti’. ‘Donya kang sengsara’ kudu dilairke maneh lumantar wong-wong pinilih; kang bisa ngatasi kamanungsane, manjalma ‘donya kang bagya mulya’. Utawa, donya lair saka wetenge ‘modernisme’ sing seksi, rasis, lan agresif, lan kadhang kala mung ‘ngrusak’, dudu metu saka ibune masyarakat tradhisional kang arif; kang kangen marang ‘putra-putra’ne; amemangun ayuning bawanane. Mula, pawawas-pawawas iki bakal dadi sisih kang tansah bakal ‘mungsuhan’, ‘tetandhingan’, ‘kekancan’, ‘ndialektika’, nanging siji lan sijine ora bisa nyirnakake liyane. (Dadi eling sawijining pilem Holywood kanthi irah-irahan ‘Heat’, paragane Robert de Niro sing maraga ‘penjahat ulung’ lan Al-Pacino sing maraga ‘polisi pinter’). Anane sing siji mbutuhake ‘ana’ liyane. Tumrape wong Jawa, menggalih iku dumadi saka rong perkara: pikir lan galih; ora mung mligi ngandelake uteg kaya dene filsafate Cartesian, utawa cukup galih wae, ‘rasa’ thok thil. Ana pitakone bocah SLTP rikala kanthi prasaja padha nyinau relativitase Einstein: bumi sing mubeng saben dina utawa srengenge sing ngubengi bumi, Ibu Guru? Nadyan penggalihan iki nggembol teori strukturasi binary-opotition, kang kerep dikritik dening idhe-idhe posmo, paling ora iki salah sijining cara kanggo maca donya. Donya dumadi, miturut penggalihe wong-wong kuna, lan miturut wong-wong jaman saiki nadyan kanthi ‘tanpa sadhar’, saka lumpang lan alu; aklambi lumpang-alu. Saka perkara loro; loro-lorone atunggal. Banjur ana, ananging nora nana.

Loro, saka nyebutake lumpang lan alu, iku wilangan (turunan tembung noumena) cacah; kanggo ngarani akehe ‘wali’ saka sing ora ana.  Sawetara filsuf Barat lali bab iki, nadyan ana kang setya ngomongke ‘kuwasane sing ora ana ning ana’ lumantar karya-karyane. Wong Barat yen ngetung saka angka siji, ta? Sing ora ana (angka 0) diwakili siji (angka 1) utawa loro (angka 2) lan sakteruse. Etungan angka iku tekan limit sanga (9), mula, tumrape wong muslim lumrahe ngarani akehe nama Gusti iku sangang puluh sanga (99); kanggo saderma ngomongke yen Gusti Allah kang siji ‘ana’ne iku akeh wujude. Ana sawetara muslim kang ngomong menawa Gusti uga diperlambangake kanthi ora ana (angka 0), merga wis tan beda antarane Gusti karo kawula (manungsa) maneh―lumrahe penggalihan iki dicakke dening para pelaku tasawuf utawa kang gayut karo sufisme, mistisisme, uga teosofi. Kaya dene muslim, wong monotheis liyane (waca: Ibrahiman) nganggep Gusti iku nganggo wilangan siji (angka 1), utawa telu atunggal, three form (uga sawetara sedulur-sedulur kang kagungan keyakinan Hindhu). Dene tumrap penganut Budha, kang biasane Budha iku klebu kategori non-theis, nganggep ora ana (angka 0) iku minangka tujuwan kang bakal ginayuh, nirvana. ‘Kejawen’ ngomong menawa parane manungsa iku nuju ora ana (angka 0); nggoleki tapaking kuntul ngleyang kaya kang sinebut ing Tantupanggelaran ika umpaman tetembungane. Nyilih konsep ing seni rupa, lumpang lan alu iku wujude, dene isine apa kang diarani Kang Tan Kena Kinaya lan sakancane. Angka nol (0) lan siji (1) iku sakral, manjalma geometri suci, kaya dene omah tumrape ‘kejawen’, kaya dene lingga-yoni tumrape (H}indu, kaya dene padma tumrape Budha, kaya dene wulan-lintang tumrape Islam, kaya dene salib tumrape Kristen/Katholik. Sawetara wewangunan, yen disepadakake, ‘arsitektur’e geometri lumpang alu. Upamane: tugu, menara mesjid lan kubahe, klebu uga Monumen Nasional ing Jakarta. Utawa sawetara wewujudan kang dhesaine yoni-lingga kang ngrujuk marang tandha salib ing Candi Cetha, upamane: piranti gamelan rebab, lambang allah, lambang padma, lemper-munthu, lan temtu wae lesung (lumpang-alu) kaya kang bakal dakomongke ing ngisor iki.

 2

Paling ora kaya mangkono iku kang dadi pangangen-angenku sawise nyekseni ananing Lomba Gejog Lesung ing sawijining wilayah ing Yogyakarta sawetara wektu kepungkur. Lomba kang dianakake kanggo mahargya ‘hari jadi’, ‘dina dumadi’. Sanajan ana pitakonan: kapan ta sawijining ‘negara’/ ’pamarentahan’ temen-temen dumadi, becoming? Durung maneh pitakonan bab manungsane; kapan masyarakat sawijining papan iku dumadi? Bab iki isih dadi rembugan kang panjang, adoh, uger saben-saben tokoh lan wilayah duwe penggalihan werna-werna. Dudu mucuk bab rembugan ‘hari jadi’ kang ngebaki angen-angenku, ananging bab lakuning lomba, swasanane, manungsane, lan apa-apa sing pating grandhul ‘sangisoring’ lambang lumpang lan alu dhuwur iku mau: Lesung kang ndadekake urip.

Bisa diarani, lomba gejog lesung iku klebu kategori acara teater-musik-tari. Ing antaraning swara lesung kang menakke kuping sumusup (sengaja ditlusupake?) obahing manungsa ing padinane: nandur tetaneman, siram-siram kembang, nggendhong tenggok, mikul blek banyu, nggotong watu, nyencang kewan, lsp. Bisa manawa anane lomba iku diarani nyoba nggambarake ‘realitas sosial’e masyarakat umume. Uger sing kawastanan budaya iku lumrahe nyawiji karo adat saben masyarakat panyengkuyunge. Dadi, ora mokal manawa kridhaning lomba gejog lesung nggawa unsur-unsur padinane masyarakat.

Dak-omongke wae, upamane, lomba gejog lesung iku minangka metafor bab kahananing masyarakat kang tansah duwe krenteg nggarap sawah-tegale supaya tuwuh pametune. Supaya ‘rame’ tanem-tuwuhe. Banjur asiling tetanen diolah; dianggo ningkatake ‘drajat’ uripe secara ekonomi lan spiritual. Lumpang-alu iku teknologi wajibe masyarakat tradhisional. Lumpang-alu dianggo nutu pari, dhele, kadhang kala kacang, ngrujak, nyambel, nepung, njadah, lan sakteruse. Urip diwiwiti saka ‘weteng’; supaya luwar saka ‘pepeteng’. Padhang. Mak Byar. Lantarane yaiku kanthi tandang gawe, nyipta-ngrasa-ngarsa. Salah sijine kanthi nggrengsengake kesenian, sanajan amung lumantar lomba. Panjenengan kabeh wis pirsa manawa unsur-unsur budaya iku ora bisa dipisah-pisahake siji lan sijine. Endi sing dhisik, endi sing keri. Endi sing luwih wigati, endi sing ora pati. Nandure pari lan palawija, seni gejoge, kapercayane, basane, teknologi lumpang-alune, organisasi sosiale, kuwi kabeh manunggal padha nyengkuyung ‘anane’ siji lan sijine. Mbokmenawa iku kang tansah dadi cirine seni tradisional: asipat padinan sakral. Mbokmenawa uga semangat iki kang beda kanggone wong-wong posmo: samubarang iku remeh, padinan iku profan, kitsch, tarkadhang nihil; absurd.

Tamtu wae, saka pandelengku, lomba gejog lesung iku nggendhong teges kang ‘bias’; saderma program kerja kang wis direncanakake, mula ya ‘biasa’. Dibolan-baleni; papane, wulane. Panggunge ing lapangan; mbuh merga alesan ben nyawiji karo alam, back-grounde alam, utawa merga alesan liya. Iyub-iyube tendha modheren mung siji, separo pasarta kena panase srengenge. Dipurwakani telat saka jadwal. Saben pasarta diparingi ‘dana’ kang mepet. (Merga pancen anane ‘dana’ mung sethithik; wis dadi kalumrahan yen ta bidang seni budaya ing Indonesia iku ora diparingi anggaran sing gedhe. Rada beda karo event Seni Rupa, biennale umpamane, kang bisa ‘ditendherke’ pihak swasta). Lan liya-liyane. Jane, aku, para pasarta, panitia, lan Panjenengan kabeh wingi-wingi wis sadhar yen ta acara-acara kaya mangkene mbuh kanthi argumentasi lan apologi nglestarekake tradhisi, njaga jiwa supaya tetep spiritual, nguri-uri kabudayan, lan sakteruse, kadhang kala namung minangka klambi manawa ‘kesadharan’e awake dhewe kabeh wus dipunthes, dipunggel, diwungkus es supayane kaku, dijajah dening apa-apa kang diarani ‘kepentingan pariwisata’, ‘proyek kebudayaan nasional’, ‘program rekonstruksi budaya’, lsp. Nadyan ing atine sawetara pawongan mbokmenawa duwe pangajab supaya para paraga, sapa wae, wus samestine ora mung mbujung pragmatisme kanggo kepentingan ing dhuwur mau. Ana kang luwih wigati: apa ta maknane lumpang-alu ing (lomba) gejog lesung iku, banjur sawise ‘weruh’ aku lan Panjenengan kabeh―dadi paraga apa wae, kanthi laku-legawa, kanthi ‘iman’ sing dhuwur, agawe regenge acara iku.

 3

Kanthi lembut-lamat lomba gejog lesung iku nyoba nywarakake uripe paragane: kang tansah gumyak ngadhepi kahanan jaman kang rinasa tambah ngesuk-esuk, mepet-epet. Gejog iku tegese kothekan; nywarakake samubarang kang (m)eneng. Mbokmenawa lomba gejog lesung iku urip kang wiwitane eneng; wong-wong durung padha ambyuk teka ing lapangan, banjur alon-alon wiwit ana check sound, wong-wong padha teka, njur ana swara: thek, thok, dhog. Metu ‘gelombang’; ombaking swara. Swara-swara ngene iki klebu seni musik sing mula: swara-swara saka kridha nuthuk-nuthuk samubarang, nggameli (mbokmenawa iki mergane ana piranti kang diarani gamelan; asil saka tandang gawe nuthuki), nga-thukke thek-e dhewe kalawan thek-e liyan (wong liya, titah liya, alam, reriptane Gusti liyane, the others), banjur muni. Banjur lair. Lesung dithuthuk alu, ditembangi, dijogedi, diwenehi roh. Banjur ana. Muni. Sakwise rampung dikeploki, dibacutake kridhane kelompok liya. Lesung ditabuhi maneh. Muni, lan mengkono sakteruse. Yen daksawang saka kadohan, nggejog lesung iku kaya dene wong ndhayung prau, jumbuh karo sawijining lelagon kang ditembangake ing lomba; Prau Layar.

. . . . . . .
alon praune wus nengah,
byak-byuk byak, banyu binelah,
ora jemu-jemu, sajak mesem ngguyu,
ngilangake rasa lungkrah lesu,
adhik njawil Mas, jebul wis sore,
witing kalapa katon ngawe-awe,
prayogane becik bali wae,
dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe.

Alon-alon urip lumaku, nrajang banyu, saderma nglakokke ‘dosa asal’ (sengsara, dadi kawula, lsp), takdhir, dharma, ibadah, mbuh apa wae tetembungane, kanthi rasa suka, ngendhit greget, nggembol kesadharan manawa ana ener kang tinuju. Banjur tumeka wayahe bali. Mulih mulanya.  Manawa lelagon iku dianggep sak-siklus, bisa dibaleni lelagone maneh. Manawa numpak prau iku sak-siklus, isih ana siklus liyane; tandang gawe. Mbokmenawa mangkono. Kesadharan bab siklus urip ing lelagon iku bisa dak-padhakake karo gegambaran ing piramida Mesir: roh-e para raja Mesir Kuna diarak nuju sorga, numpak prau. Sorga mau ing brang (waca: bumi) sisih wetan; papane srengenge miwiti ngetokake teja, ing wewengkon tropis, papan kang mratandhani urip pisanan lumaku. (Sawetara ana sing ngendika yen sorga kang tinuju iku sorga bumi, yaiku ing ‘siti’ nusantara; lemah asal kang nglairke uripe para raja Mesir mau, kang nglairke Ra, Dewa Mesir, utawa Si Radite yen ing silsilah Raja-raja Jawa, Dewa Matari, kepara kang nglairke ras manungsa ing bumi sisih endi wae). Rohe para raja Mesir padha diarak bali menyang siti asale; sangkan parane. Ndherekake roh iku lumantar anane prau; diiringi kothekan, lelagon, tetembangan. Swasanane gumyak, gumbira. Ananging sadurunge ing pungkasan swara dibalekake menyang asale nganggo prau, ing wiwitane swara uga dilairke nganggo prau; banjur ngulandara, migrasi, supaya urip tetep dumadi. Kesadharan bab laire urip kang ngulandara iku kaya dene critane Manu, utawa Nuh (Noah) tumrape Ibrahiman, utawa Nahua tumrape wong Indian-Amerika. Urip kaya dene prau kang golek ‘papan’ kang rinasa luwih becik, luwih nguripi. Ing wusana bakal bali. Kabeh mau mijil linambaran kesadharane para pasarta lomba manawa urip kudu didhayung ngono wae; nrajang banyu bawera, ora perlu maneka warna teori; wus dadi innate tumrape masyarakat agraris-maritim. Wus nyawiji ing laku. Ananging laku progresif. Ananging uga laku alon-alon kang ngati-ati, dudu alon kang lelet. Mbokmenawa iki bedane ‘wong wetan’ kang lumantar lembaga-institut-sekolah modhern tansah pengin dadi wong kulon ditandhingake karo ‘wong kulon’ kang tansah pengin bali menyang wetan, lumantar idheologi lan ‘rasa’ apa wae: wong wetan iku ‘laku’ dene ‘wong kulon’ iku ‘maca lan nulis laku’. Nyilih tetembungane Pierre Bordoue, kuwi wis dadi habitus-e wong nusantara; wis naluri, gift, gawan. Freudian nyoba maca laku mau nganggo tesis tataran pra-sadhare manungsa; manawa lesung lan alu iku kaya dene pepinginane manungsa kang wis kuna sumare ing neurotic-e manungsa rikala wiwit lair, ana, lan dumadi (mbokmenawa yen nganggo basane Foucultan pikiran iki mau klebu ‘arketip’). Dene ‘wong kulon’ rame-rame nyinau, nulis, lakune ‘wong wetan’ mau.

Psiko-seksuale Freudian miwiti wacan bab neurotika lumpang-alu saka fase rikala bocah-bocah seneng nglebokake ‘barang’ ing cangkeme, ateges pengen ngebaki wetenge mawa maneka warna pangangan, barang, banjur menthil ibune, dolanan ‘manuke’ (ing tembe tumrape bocah wadon ana penggalihan bab penis-envy; pengin kaya wong lanang), lsp. Ing wektu liya Freud menehi wacana wewaler bab Kompleks-Oedipus: sawise Si Bocah tambah ‘diwasa’—marga nalurine bayi kang pisanan iku bakal mamek ibune, nyimpang dadi ‘adreng’ marang ibune—pengin nggarwa ibune. Kompleks-Oedipus iki ora liya ya critane Simbah Watugunung utawa Sangkuriang. Gunung iku alu; kakung, dene lemah (bumi) iku lumpang; putri. Rong perkara iki kang ndadekake horege kayangan. Wus dadi kalumrahan yen mitologi iku ngomongke kasunyatan: bab ‘tabu sosial’ ing tengahing masyarakat, dudu ing jeroning sejarah. Tabu kang magepokan karo simbol lumpang-alu upamane: wong lanang kang tansah pengin duwe kuwasa tumrap wadon; utawa tata bebrayan kang isih nunggal getih.  Jane, iki isih klebu wacana tataran ‘perkembangan seksual’, kang linier karo tataran ‘tak-sadhar’e manungsa (yen tetep nganggo konsepe Freud). Para pasarta duwe ‘ketaksadharan’ sing padha bab lumpang-alu, bab numpak prau nrajang baweraning banyu. Yen miturutku, ketaksadharan iki ketaksadharan sing sadhar: yaiku arsa nglebokake ngelmu apa wae ing penggalihe, atine, kanggo ngadhepi byak-byuking urip. Para pasarta, panitia, pejabat, penonton, lan masyarakat umume duwe ‘ketaksadaran-kolektif’ utawa nggembol ‘kesadharan-kolektif-Nusantara’ sing padha bab gejog lesung, mligine alu kang kolaboratif lawan lesung/lumpang, sing mapan ing neurotic lan tumanem ing galih sing paling jero; sawetara dha ngomong ing papan sing paling alus, sirr, atman. Alu diwenehi roh—pancen adhedhasar penggalihan yen duwe roh—disawijekake karo lumpang kang ngemu roh uga, maujud Roh Suci, Sing Sakral, Sing Ultima.

Pasartane lomba lanang wadon, bebarengan nuwuhake swara-swara kang ‘prasaja’ saka lesung-alu:

. . . . thok thok thek thok thok dhung
. . . . thok thok thek thok thek thok dhung

Dikotomi seksual para pasarta, lanang-wadon, jumbuh karo swara ‘thek’ lan ‘thok’; laras karo lambang lesung (wadon) lan alu (lanang).  Nyawijine lanang-wadon iki kang nglairke swara; kang mijilake urip. Banjur donya. Donya kang dumadi saka rong perkara kang manunggal. Saka beda menyang tan cetha wates bedane. Kadhang kala, dikotomi seksual uga nglairake bab-bab kang tipis watese: transeksual upamane. Sanajan mengkono, ndadekake swaraning lesung maneka warna, jer urip pancen heterogen. Sutasoma mbaleni kearifane wong nusantara iki kanthi unen-unen: bhinna ika tunggal ika, tan hana dharma mangrwa. ‘Rwa’ iku loro. Loro kang kempel, golong-gilig. Mula, jane, tantularisme iku diomongke dening keyakinane sapa wae, kitab apa wae, dikon-ngetrapake dening agama apa wae, uger kang beda mau mung anuju marang sawijining bab kang nyedhaki sampurna, endah, ayem; kaya dene ungeling gejog lesung dening pasarta lanang-wadon mau. Sing baku, lumantar gejog lesung lanang-wadon iku ana kang tinuju, kang tumrape sawetara kelompok diarani ‘siji’, dening sawetara kelompok liya diarani ‘nyawiji’, utawa malah ‘sejatine ora ana’. Rasa seksualitas alumpang (alu-lumpang) bisa ditemu saka etimologi tembung ‘allah’e Arab Kuna, utawa Ale, Elohim, tumrape Yudhaisme, Alif ing Aksara Arab, Alepha (waca: gajah) tumrape teks-teks kuna India, Alpha tumrape Yunani, lsp.

“Biyung alah, lomba gejog lesunge apike ora njamak!”, mengkono penonton wadon-lanang anggone nywarakake lakune lomba.

Tegese, penggalihan bab ‘ketaksadaran kolektif’-e Freudian lan Jungan kang magepokan karo simbol gejog-lesung, lumpang-alu, wadon-lanang, lan sakteruse iku malah minangka ‘kesadaran’-e para pasarta, panitia, penonton, utawa masyarakat Jawa-Nusantara sapa wae: yen ana kang alus, transenden, sakral, suci, kang wis nyawiji ing laku uripe wong-wong mau, ing suwaliking acara lomba gejog lesung kang regeng, rame, minangka ‘program kerja dinas pariwisata’, utawa ‘saderma proyek rekonstruksi budaya kang saktekane’, lan kang kaleksanane mbutuhake beya ora sethithik iku. Banjur, kesadharan mau dianggo ngunekake lesung kanthi greget, legawa, ngono wae tanpa ‘ketaksadaran’ werna-werna sing jane malah njajah laku batine.

4

Muga-muga mengkono; ing saben wektu lumpang-alu nggejog uripe manungsa.

 [dening Wong Gunung]

 

Celathon

1 celathon to “Lumpang-Alu”

  1. Hari Budiyanto
    April 16th, 2012 @ 4:15 pm04

    Mohon semua tulisan dapat di download, kalau mendownload bagaimana caranya, matur nuwun!

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur