KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Nuju Sejarah Jawa (1)

Kababar | November 18, 2011 | 1 Celathu

Nuju Sejarah Jawa

Tidak ada yang baru di bawah kolong langit
- Sawijining Kawicaksanan

Sejarahe manungsa kang ngemu teges minangka kedadeyan-kedadeyan sinkronik iku tansaya suwe tansaya angel dimangerteni; semune tambah ora tarwaca. Peteng. Iki isih ing sejarah kalabendu; sejarah kang nistha, saha angkara murka. Kaya dene sejarahe Si Kali, Si Durga, The Black One, Kaliyoga, Kala Kali, kang tansah nglairake ‘para Kala’; kang bakal nguntal sapa-sapa lan apa-apa; mula, mbokmenawa, perlu ‘diruwat’ dening salah sijining Pandhawa. Donya sajroning sejarah peteng lumaku seseg, banter, tansaya ora bisa dimudhengi. Kedadeyan-kedadeyan (empiris) kaya-kaya aduh saka ulah kridhaning manungsa kang ‘sanyatane’, kang apa-anane, lan nyoba nyedhaki kajujurane. Jawa-Nusantara lagi nemahi pepeteng; arsa uwal, mlajar, metu, ngancik jaman kang golong-gilig-saeka-wibawa, nuju pribadi kang sabenere. Kang sabenere iki mbokmenawa kang lumrah disebut kala-kala pungkasaning jaman; ‘pinggiring wektu’; rikala Gusti arsa njejegake agama himah-e, nuwuhake tata titi tentrem lumantar messiahe; kang tan kena kinaya lan adoh tan wangenan rasane; lan mbokmenawa ing kategori golden-age, Kertayoga, kae. Kapan kuwi, jaman posmodheren iki? Mbokmenawa wis ngemplik, mbokmenawa durung. Ketoke ana kang klemput saka penggalihe wong-wong (pos)modheren: kabeh kedadeyan-kedadeyan ing donya iki amung dibolan-baleni, kaya dene jantra. Sawetara ‘wong Jawa’ nora (bakal) kacipuhan ing kahanan kaya mangkene, ora bingung, merga wus ‘mangerti’ apa ta sejatine sejarah Jawa iku, apa ta Jawa ing kategori sejarah iku. Lan, ing sawetara wektu, ora perlu bengok-bengok sapa dhirine. Dene sawetara wong Jawa ing jaman posmodheren iki, tanpa tedheng aling-aling, masrahake lair-batine marang kuwasane ‘sejarah’.

Jawa, kaya kang nate sinebut ing maneka papan lan wektu, temtu wae nggawa penggalihan-penggalihan kang mbokmenawa ora bakal rampung ngono wae diomongke. Penggalihan-penggalihan iki bisa gayut karo tetembungan ‘Jawa’ ing jeroning wujud papan, manungsa, ras, falsafah-filsafat, seni, basa, mitologi, psikologi, arsitektur, pranata mangsa, religi, utawa Jawa ing wewujudan apa liyane. Kabeh mau nyengkuyung marang teges apa ta Jawa kuwi. Sapa ta Jawa kuwi. Ngono sakteruse. Kadhang kala tembung ‘jawa’ nggendhong teges kang tumpang-tindhih, tumpang-paruk. Kadhang kala ana kang rumangsa amakili, kang ‘asli’, lan ing liya papan-wektu minangka teges kang saderma dianggep ‘turunan’ wae; saka apa-apa kang diprinci dudu klebu kategori Jawa.

Dene sejarah iku memper karo kasunyatan empiris; sinkronik, linier sipate. Kasunyatan iku mbutuhake ‘bukti’, fakta, sajroning wektu. Akeh para wicaksana kang ngendika manawa kasunyatan iku semu, pseudo. Banjur mijil maneka tingkatan kasunyatan, amarga ora ana bab ing jagad iki kang yen diomongke nganggo konsep apa wae kaya ta basa, lambang, simbol, ngelmu, lan sakpiturute, bisa ‘temen-temen’ nggajuli apa kang diarani kasunyatan [waca: realitas] iku. Semono uga sejarah. Akeh para ahli kang ngendika sejarah iku ‘kudu’ sesandhingan karo ‘kasunyatan’, ana sawetara kang martakake kosok balene: sejarah iku amung ‘ngaya wara’; kaya-kaya sunyata wae.

Latar Penggalihan

Wus werna-werna wungkuse sejarahe manungsa-bangsa ing bumi iki coba ditulisake; lumantar buku-buku, oyot sarasilah, lan sakpiturute. Dewasa iki panulise sejarah mau dingendikakke dening sawetara sejarawan yen ngemu cita rasa Europe-Centric; nganggo cara pandelenge wong-wong Eropa, dudu South East Asia-Centric. Sejarah iku duwene ‘sawetara’ wong-wong Eropa kang ngulandara [waca: ngolonisasi] ing sajembaring Bumi. Ing antarane ana kang nggunggung dhiri, ujare nemokake pulo-pulo ing Pasifik, menehi tenger Amerika lan wilayah sing dikoloni liyane. Ing papan lan wektu kang luwih ‘mutakhir’, ing antarane dheweke maujud kapitalisasi, korporasi-korporasi ‘aklambi’ demokrasi. Sejarahe manungsa-bangsa sakjabane Eropa wis mati, ujare Fukuyama. Mbokmenawa sejarah demokrasi bakal nglairake peperangan gedhe maneh, pralaya, Perang Dunia ka-3, gonjang-ganjing; kaya kang diramalake Nostradamus, para pujangga nusantara, uga dening carita-carita kuna.

Sejarah nusantara iku hindia-centric: carita-carita Saga, uga legendha, kang mapanake ‘sawetara wong-wong Indhia’ ing papan kang superior; kang satemene angejawa [waca: ngoloni Pulo Jawa] sakwise mahapralaya, casmamegha, catastropi, dumadi ing nusantara; kang leluwure ing jaman sadurunge eksodus gedhen-gedhenan saka lemah Jawa. Sejarah nusantara iku Arab-centric; carita-carita manungsa Rum kang kanthi gupuh mbedhol bandha-kaluwargane kanggo ‘ngramekake’ Pulo Jawa Kuna-makuna. Caritane sawetara manungsa-manungsa mau kang jane nemu urip ‘kaswargan’, ning diaku yen Jawa durung ‘beradab’, durung ‘dadi manungsa’ sabenere. Wong-wong sing mapan ing wewengkon kang dikoloni (waca: pribumi) ora bisa nywara kung: yen ta dheweke duwe versi bab sejarahe dhewe, bab kepiye kasunyatan-kasunyatan uripe nate dumadi miturut ‘pandelenge dhewe’. Duwe cara pandeleng bab kasunyatane dhewe-dhewe, dudu kasunyatane dhewe nganggo mripate wong liya. Wong-wong pribumi iki, ing jaman semana, ngripta kitab panguripan: maca ji, manembah mring Hyang Tunggal; Hyang Manon; Gusti Maha Purwa.

Inlanders, wong pribumi, digrujuki penggalihan manawa sejarah iku jasad, materi, kang ‘kudu katon’ ing pandeleng. Mula materialis sipat sejarahe. Revolusi neolitik, jagad-cilike Newtonian, santhet Ensteinian, kepara penggalihan bab revolusi Copernican umpamane, wong-wong Eropa sing rumangsa lan pantes ngomongke. Emane sawetara pribumi percaya ngono wae, banjur mahargya sejarah sing kaya ngene iki; sejarah lesan kang ateges majibake ana seksine, i-witnessing, njur direkam kanthi mlaha, tembene disinau massal ing pasinaon-pasinaon; mijil para ‘sarjana’ (waca: sarjana sing tegese wong-wong kang mung bisa gawe laporan panaliten bab sakperkara wae), dhoktor, lan profesor. Tekane saiki. Tradhisi lesan? Ora dilebokake dumadi sumber sejarah. Menyan? Dianggep dudu ‘metodhe’ sejarah. Tradhisi iku mung separo eksistensine: mung imajinatif, dudu gegambaran kasunyatan ing jaman biyen, mung dadi panglipur wae; timun wungkuk. Kesadharan historis iku kejiret ‘kala’ kang ateges the here and the now, ing kene-saiki. ‘Kala’ ora ditegesi ‘endi papan’ lan ‘endi wektu’; jaman kuna, wektu (sa)iki, lan mbesuk. Sejarah kolektif kang luwih jembar malih dadi sejarah individual utawa sejarahe sakelompok manungsa wae. Sejarah kang kaiket ‘kala’ kuwi mau ngganteni apa-apa kang sinebut mitologi dhiakronik, ujare Levi-Strauss, amerga dha dianggep mapan ing piguna kang padha. Mitologi, tradhisine ‘wong primitif’, kaya mitologine Lemah Jawa utawa mitologi ing tangane Levi-Strauss, ora kalebokake sejarah, amerga dituduh nir-kala. Yen wus mangkene iki, mbokmenawa sawetara neo-kolonialis tansaya gumuyu, gumbira. Kepara malah ana ing antarane inlanders kang marga sawijining kepentingan lan ndilalah duwe ‘kuwasa’ melu-melu nywarakke, kanthi berjamaah, sejarah modhel iki.

Sejarah apa wae lan sejarahe sapa wae ora bisa uwal saka tembung ‘kepentingan’. Sejarah iku kepentingane maskulinisme, mula plesetane his-story: caritane wong-wong sing ‘memangun’ ciri kuwat tumrap awake, mbokmenawa kaya sawetara wong Eropa kang (isih) rumangsa minangka ras unggul. Kaya wong lanang kang luwih kuwasa tinimbang wong wadon. Mula sejarahe asipat androcentric; sejarah kuwasa lan prakosa: sejarahe manungsa kang dudu sejarah feminis, dudu sejarah spiritualitase Ibu bumi; Ibu Pertiwi (Parvati); Simbok Sri, lan sakteruse. Kamangka, sejarah kang urmat marang Ibu Bumi, utawa ing papan liya sinebut Ibu Agung, dibutuhake minangka pepeling (waca: kesadharan) menawa kang nglairke samubarang iku tan liya iya amung bumi, lan ing tembene dianggo dhasar tumrap sakabehing spiritualitas. Ibu Bumi nglairke menungsa tanpa bapa, amarga langsung tinitahake dening Gusti; kaya dene caritane Maria, utawa Kunthi. Eling, sejarah iku ora mligi tumrape kepentingan lan kuwasane wong lanang (androcentric), utawa kepentingan lan kuwasane wong wadon (gynocentric) wae, utawa makili ras manungsa kang rumangsa duwe kuwasa, ananging sejarah kang adil; sejarah saka perkara-perkara kang ‘beda’ nanging ‘nyawiji’, banjur diarani ‘ana’, ‘dumadi’, amarga Hyang Puruwa wus arsa nitahake cahya, rasa, lan karsane!

Manungsa, ing antarane Sing Dumadi iku, anduweni sipat gaib, samar. Semono uga sejarahe manungsa. Saben-saben (ras) manungsa iku duwe ciri sing ‘beda-mligi’, sui generis, ananging uga duwe ciri universal. Manungsa duwe tata lair kang ngegla wela-wela, ananging uga semu. Ciri-ciri mau kudu diudhari lumantar perkara-perkara kang ‘cetha’ apadene kang sinamun semu. Ing tata batin, pikiran, manungsa duwe sipat mimesis, nyonto, niru, apa-apa kang dadi laku lan penggalihaning manungsa-manungsa sadurunge; ing sajembaring papan lan sakunane wektu. Manungsa duwe rasa-pangrasa bab jasad, wujud, banjur ngomongke maneh ‘wewujudan’ mau katujokake marang manungsa turunane. Mokal manungsa bisa ngomongke samubarang penggalihan yen ta durung nate ngrasa manganggo indrane. Rasa-pangrasa mau banjur dilairake penggalihan, konsep, simbol, teka-teki, tata-cara, ditulis ing kitab-kitab, dicaritakake sacara lesan turun-temurun, disalini ing beda jaman, diwenehi spirit, geist, roh, dijejegake lumantar monumen-monumen utawa wewangunan. Manungsa kang lair ing kategori sejarah manungsa ing wektu-wektu luwih keri bakal nemu arketip, ciri-ciri primordhial sing khas, arkais, lumantar kitab, carita lesan, utawa piranti apa wae saka bab-bab mau. Manungsa kang lair jaman saiki bakal nemu artefak loro: kang samar, lan kang ngegla, wuda, ora ana aling-alinge; kadhang kala malah ketutup ‘cara-menggalih’e dhewe. Kridhane manungsa iku fotokopi, lakune manungsa iku turunan, saka kedadeyan-kedadeyan lan panggalihan-penggalihan sadurunge (kasunyatan-kasunyatan ‘kaswargan’). Tumrape wong tradhisional, miturut Eliade, prilaku-prilaku manungsa dumadi ‘nyata’ yen mbaleni apa sing diaranai arketip mau. Kasunyatan-kasunyatan dipikolehi kanthi laku ‘mbaleni’ ontologi primitif, yaiku apa-apa kang wis nate ana.

Ciri-ciri kang arketipal mau sinamun ing invensi-invensi, pikiran-pikiran kang dianggep alternatif, uga bab-bab kang sarwa anyar (novae); ‘maju’. Satleraman maju lan beda. Manungsa jaman saiki nampa-narima kabeh iku mau, minangka apa kang diarani ‘sejarah kemajuan’, sejarah modhernisme, utawa sejarahe posmodhernisme kang dhekonstruktif ujare. Mbokmenawa, bisa diaturke manawa manungsa jaman kalabendu iki disuguhi sejarah semu, simulacrum tembunge Baudrillard; sejarah kang katon nyata ananging ‘gawe-gawe’, ilusi: dhemokrasi seksi a la Eropa, kolonialisme abad pertengahan, globalisasi dhemokrasi jaman saiki, neo-kolonialisme, Ramayanane Walmiki kang ngunggulke Ras Arya, Mbah Buyut Aji Saka kang asale dudu saka lemah Nusantara, lan sakteruse. Iki jamane sejarah hiper-realitas. Sejarah-sejarah kaya mangkene iki wus diarani ‘semu’ kang semu. Sejarah kewolak-walik. Sawetara wong padha ora nggraita, sawetara manungsa Jawa-Nusantara padha ora perduli; manungsa Jawa ora sethithik kang lali (lan nglali) marang arketip-arketip kang diwarisake para leluwure lumantar simbol, ‘pasemon’, uga perkara-perkara kang kerep diklambeni konotasi ala kaya ta gugon tuhon, klenik, mitos, dongeng, legendha, cryptozoology, lan sabangsane. Sawetara manungsa Jawa lali manawa donyane ing jaman saiki tetep minangka turunan saka donya kang transenden, alus, lan gaib. Ana perangan kang wengker, gawat-kliwat, uga keramat (karomah). Manungsa ndulu nglakoni donya kang mlaha, hedhonis, konsumtif, pragmatis, lan sakteruse. Mula, samangkone, sejarah sing awujud perkara-perkara ngene iki mau panggah wae bakal dakarani ‘semu’.

Ning arep kepiyea wae, nadyan ingaran semu, carita-carita iku klebu sejarah. Lha wong kosok balene: sing ingaran ‘sejarah’ wae ya ora kuwasa uwal saka kasunyatan menawa dheweke amung fotokopi, samudana, ethok-ethok, carita ngaya wara, dudu perkara kang nyoba nyedhaki apa kang diarani kasunyatan tuhu. Iya, pancen, sejarah iku bisa awujud sejarah adege kutha (kosmogoni), sejarah sosial, sejarah seni, sejarah basa, sejarah psikologi (psychohistory), sejarah ekonomi, sejarah agama, sejarah politik, sejarah pikiran (thought), sejarah kolektif (prosopography), lan liya-liyane kang mesthine wus kabukti ngenut prasyarat ‘logika’ ngapa dilebokake sejarah. Nanging, penggalihan bab sejarah iku kadhang kala ambigu, ambivalen, gumantung sapa sing nywarakke lumantar werna-werna formula lan wadhah. Kaya peprincen iku. Banjur, wungkus sing werna-werna iku sumebar, pinercaya lumantar buku-buku, uga propagandha-propagandha.

Ngelmu-ngelmu Nusantara kang heterogen wis wiwit mulane minangka pancering ngelmu-ngelmu jagad. Ing wektu-wektu bacute banjur ngulandara. Sejarah Jawa (waca: Nusantara) iku wahya-jlentreh saka idhe-idhe globalisasi ing jaman kuna-makuna kang wus nate njajah desantara milangkori pulo-pulo bumi endi wae. Sejarahe manungsa jaman saiki kang ginelung ing globalisasi modhernisme nutup-rapet sejarah globalisasi jaman kuna-makuna, yaiku sejarah agrikulturalisme-maritim: pengolahan watu, metalurgi, religi, basa, alphabet, lan uga alkimia; rikala Jawa-Nusantara duwe ‘carita sejarah’ kang kuncara; dudu amerga arsa ‘njajah’ bangsa liya, dudu merga pengin nguwasani, dudu sebab ngrasa ras utama. Sejarah globalisasi ‘ngelmu-ngelmu nusantara’ kang kosmopolit iku duk rikala jaman kuna makuna ngulandara tekan ekumene endi wae ing bumi, ngglobal, nyebar, pungkasane nglairake negara-bangsa ‘maju’ ing jaman mutakhir; kang kadhang kala adigang adigung adiguna.

Sawetara negara-bangsa mau, kepara putra-putra bangsa Jawa-Nusantara dhewe, ana kang samar ngumandhangke manawa sejarahe iku mung saderma critane wanodya sulistya kang dadi rusak pakulitane, banjur tinundhung lunga, manjalma carita-carita ‘mitis’ ing pinggiring samodra, kang ingaran nir-sejarah; utawa dedongengane manuk Garudha-Phoenix kang nyekukruk badane, rontok wulune, ingah-ingih raine, cendhek-cedhak ibere, banjur alon-alon anuju pati amarga amung dianggo rerenggan ing kamar-kamar pasinaon, dudu kanggo ngabarake semangat ‘liberasi’, utawa amung kanggo tambah-tambah endah idheologi ‘panca-sila’ kang ora kuwasa ngumandhangke sejarahe dhewe. Banjur, awake dhewe tetep wae bakal dadi negara-bangsa kang rendah diri, ora percaya dhiri. Awake dhewe bakal bola-bali mapanake ‘ibu bumi Jawa-Nusantara’ iku minangka ‘komoditi’ kang tansah dadi sumber pametu awujud modhal, utawa kanthi lila-legawa masrahake sejarah bangsane marang para pemodhal lan ‘panguwasa’. Sejarahe wong Jawa-Nusantara jaman saiki kuwi sejarah tiron-material saka kang duwe kuwasa. Lan, samubarang kang tiron-material iku, ujare Platon, asor drajate.

Sejarah kang asor tuwuh amarga awake dhewe ora mapanake waskithane para pujangga (waca: bhujangga, kang ateges ‘ula’ kang ing etimologi Sansekertane dimaknani ‘kang duwe kawicaksanan) Jawa, filsuf Jawa, futuris Jawa kayata Ranggawarsita, Mangkunagara, Jayabaya lan pujangga-sastrawan Jawa liyane sapalungguhan karo tokoh-tokoh kondhang donya kayata Platon, Aristoteles, Hegel, Foucault, Enstein, Nostradamus, lan liya-liyane. Kepara malah ana sawetara kang ‘ngiwakake’, kanggo ora arep ngarani yen jane ‘ngasorake’ kawicaksanane wong Jawa-Nusantara bab Gusti, alam donya, lan isine. Tembung ‘pujangga’ kang asale saka bhujangga iku duwe teges ‘kang nampa wahyu, kekuwatane Gusti’. Pujangga iku kaya dene patirtan; mangerteni kawruh werna-werna. Lire, kang ngono iku nganggep manawa pujangga lan tokoh-tokoh Jawa-Nusantara iku ora luwih pinter, ora pantes pinercaya, tinimbang tokoh-tokoh saka njaban Jawa-Nusantara; lumantar karya-karyane. Aja-aja, carita-carita ‘sejarah’ mau minangka cara tumrape para ‘pujangga’ kanggo ngomongake versi sejarahe wong-wong Jawa-Nusantara supayane luwih tahan lama nahan kridhaning jagad; nganti dilebokake kategori sejarah-inferior; marga (se)jati-dhirine wong-wong Jawa-Nusantara iku ‘menang tanpa ngasorake’, nunggu wektu jumedhule? Aja-aja sejarah para dewa-nabi (waca: pangiwa-panengen) tumrape para raja lan leluwur Jawa-Nusantara iku dudu mligi ‘pokale’ sawetara wong Indhia lan Arab kanggo nglindhih idheologi Nusantara, ananging pancen temen-temen para hero kang nate ‘nguripake’ lemah nusantara iki? Aja-aja ‘sejarah’ bab gunung-gunung kang ditancepake ing Pulo Jawa kanggo ‘antenge’ Pulo Jawa iku sajatine wewangunan-wewangunan gedhe kaya dene menara babelan, piramid-piramid, gedhung-gedhung dhuwur; kang minangka wormhole; kang ‘sengaja’ ditutup-rapet dening para leluwur, supaya anak putune padha tansah sinau, ngawula, uga ora nggunggung dhiri? Pancen, awake dhewe, wong-wong Jawa-Nusantara kang lumrah, biasa, iki mbutuhake rembesing madu, tunggak-tunggak jati, kayu panguripan (kayon), kaya ta Jayabaya, Ranggawarsita, Santos, Oppenheimer, Lombard, Turangga Seta, Cak Nun, Platon, lan para pujangga-satriya liyane kang ora daksebutake saking akehe, utawa wong-wong tradhisional-prasaja kang sajatine dhuwur kawruhe ananging ora dicathet ‘sejarah’, pinangka wong-wong kang maringi ‘misil’, supayane tambah mrajak ngelmune; sadhar marang sangkan-parane; wruh ing jro oyote.

Supaya dadi negara-bangsa kang utama, kang percaya dhiri, kang kaloka-manjila, kang ngglobalisasi maneh, sejarahe (manungsa) Jawa-Nusantara mangga-mangga direkonstruksi miturut daur era (yoga); saka carita gara-gara, ragnarok, (maha)pralaya, casma megha, chaos, kang mijilake tatanan tata titi tentrem kerta raharja (cosmos)! Ayo ngudhari-mbabari simbul-simbul utawa pasemon-pasemone para leluwur kaya dene tumrap da Vinci Codes; kang dipikir-ditegesi kanthi ‘diwalik’! Kaya marang carita wayang manungsa-manungsa purwa ika. Kaya marang artefak-artefak ‘sastra cetha’ kang pating jenggunuk ing sakiwa tengen iku. Mangga, kita ndelengi ‘sejarahe’ prodhuk-prodhuk ‘asli’ Jawa-Nusantara kang ngglobalisasi tekan endi papan, kaya dene rudraksha (jenitri), pisang raja, tela rambat, rempah, kayu manis, gambang, lan liya-liyane!

Ya: Sejarah kang disinau dening putra-putra Jawa-Nusantara jaman saiki saperangan amung ‘mitos’ (waca: samubarang kang ora bener nyata orane) wae; dene mitologi iku, kanthi sakehing tandha anane ‘kasunyatan’ ing bab-bab kang alus, sejarah. Sejarah iku nyoba, sanajan ta aduh, luwih cedhak sacedhak-cedhake: sesenggolan marang kang ‘asli’.

Jawa; Klairan Kapisan

Wus dadi perkara lumrah manawa rikalane sawijining manungsa nyoba nggoleki tapak-tilas sejarah masyarakate dhewe, kang minim cathetan-cathetan kang ‘diakoni’ minangka sumber sejarah, banjur ngomongke-sora marang donya, kudu bisa migunakake ‘warta kang sethithik’ kanggo ngupaya rekonstruksi sejarahe. Sejarah Jawa, klebu kang dilebokke minim cathetan mau, bisa dipirid saka basa. Basa iku tandhane manungsa ana; fonetis wiwitane, banjur lair tetembungan. Ilat, utawa lidhah, iku papane ‘aji-aji’; babaring kasunyatan. Mula, tembung Jawa, Yavanas, Yahweh, Jews, Yahudi, Yudh, Havana, Yavana, Iabadiu, Ye-tiao, ‘temtu’ duwe ubungan etimologis, miturut lidhahe sapa sing mocapake; ras endi sing ‘ngabarake’ tembung-tembung kuwi mau. Uga tembung Madagaskar, Makasar, lan Gadjah-mada. Paling ora, tembung-tembung mau ngrujuk marang bab kang gegayutan karo sejarah Jawa; karo ‘jawa’. Jawa ing kategori wektu kuna-makuna, Jawa ing kategori wektu Masehi, tekane Jawa ing wektu saiki.

Robert Dick-Read nglapurake kahanan pra-Masehi, Bangsa Mesir wus suwe ngimpor dupa, kayu eboni, electrum (campuran emas-perak), menyan, gadhing, lan barang-barang aji liyane saka daratan misterius papane Punt lair. Kanggo nuju papan iki, wong-wong Mesir mbutuhake kayu-kayu saka Lebanon kanggo gawe kapal-kapal Puntite saperlu nyengkuyung laku dagang karo wong-wong Punt. Iki mau bukti kang kuwat yen Bangsa Mesir rikala semana nguwasani tata cara gawe kapal, ngono terus salawase pirang-pirang abad. Kapal Cheops, kapal kang endah kanggo Fir’aun Cheops, ditemokake ing kahanan kang kapilah-pilah ‘kanthi ati-ati’ sajroning kuburan sangisoring piramidaning sang raja. Bukti iki laras karo apa kang diwartakake Pliny bab ‘wong-wong guwa’ ing Pulo Mafia kang duwe prau Kano saka sawijining kayu. Wong-wong iki ngingu ayam (kang asale saka Nusantara), mbebedhag, golek iwak, duwe grabah jaman Besi, lan nanem sawetara taneman pangan. Wong-wong iki kinira dening Pliny nyebrang samudra kanthi pambiyantuning angin kang langsung nuju Horn of Africa lan dhayung kang cendhak mula luwih mbanterake kapal tinimbang dhayung-dhayung dawa kang dianggo wong-wong Romawi, ngliwati Maladewa, nyingkiri India lan Srilanka, ndadekake wong-wong Romawi klemput anggone ngawat-awati wong-wong guwa iki.

Kapal-kapal Kun-lun (Waca: Nusantara) melu dedagangan ing Mediterania. Kapal-kapal iki nggawa kayu manis, cassia, lan rempah-rempah secara langsung nyang Ras Hafun lan bandhar-bandhar Berber, liwat Maladewa utawa nyebrang langsung saka Sumatra. Kapal-kapal Nusantara, kang ingaran kapal dagang kaum ‘barbar’, uga kang ndadekake wong-wong Cina laku dagang karo wong Yunani, Romawi, Suriah, lan Mesir. Ubungan, utawa sebut wae laku dagang, antarane Kulon-Wetan ing jaman kuna ditandhani ananing ‘ijol-ijolan’ barang. Rikala ngedhuk omahe sawijining padagang mangsa 1700 SM, arkeolog Giorgio Buccellati gumun marga nemokake wadhah cengkeh. Cengkeh iku barang Nusantara. Ing Pulo Timur ditemokake biri-biri dening arkeolog Inggris, umure 1500 SM, digawa saka Timur Tengah nganggo kapal. Laku dagang ing jaman kuna iki uga dicritakake ing Bibel, ing Raja-raja 9:27-28, udakara 1000 taun SM:

Hiram, nganggo kapal-kapal, ngirim bawahane, yaiku bawahane kang ngerti bab laut, nyartani bawahane Salomo. Dheweke prapteng Ofir lan saka kana njupuk patang atus rong puluh talenta emas, kang diaturke marang Raja Salomo. Ing laut, sang raja anduweni kapal-kapal Tarsis kang nggabung karo kapal-kapale Hiram; pisan sajroning telung taun, kapal-kapal Tarsis mau teka nggawa emas, perak, gadhing, munyuk, lan manuk merak.

Barang-barang iki asale saka India sisih kidul, tan liya iya Nusantara. Barang-barang liyane kang duwe ubungan linguistik ing antarane: oryza (pari, beras), zingiber (jae). Sajroning laku dagang lumantar laut, wong-wong Yunani lan Romawi, kanggo njaga barang dagangane saka para perompak, biasane ngaryakake para pemanah Yavana (Yavanas nunggal teges karo iaones, nama Yunani kanggo dhirine pribadi, sing tegese ‘wong asing’). Sakliyane iku, para pemanah Yavana iki uga dadi pangreksa kutha-kutha lan kratone dhewe.

Manganggo kapal-kapal gedhe lan cilik, masyarakat Kepulauan Zabaj nglakoni laku dagang menyang wilayah Zanj; loro-lorone basan-binasan lumrah, amarga ngerti basane ing liyane. Sawijining ahli Arab abangsa Inggris, Pendheta Trimmingham, ngandharake yen tembung Arab ‘zabag’ bisa tinulis ‘zabaj, zanaj’, kang minangka tembung kapisan saka basa Arab kang ateges ‘jawa, utawa sumatra’. Banjur, dheweke nulis bab pulo kang mapan ing Mombasa kang digambarake dening Al-Idrisi taun 1154 minangka Sufalah Zanj (daratan emas); ingaran Zanj. ‘Temtu wae’ bangsa Zanj iki uga duwe kapal-kapal kanggo laku dagang karo bangsa Zabag ing Jawa-Sumatra, ing Nusantara. Pancen nyata yen salawase milenium kapisan, sadurunge wong-wong Arab mbangun kekuwatan ing kutha-kutha gisik sapanjang 2000 mil saka Somalia tekane Afrika sisih kidul, ditemokake ‘unsur-unsur’ Nusantara kang kuwat, kang cinathet ing ‘sejarah’ minangka bangsa Zanj. Iya Bangsa Nusantara uga kang gawe koloni ing Madagaskar.

Bilad az-Sufalah, kang sinebut dening Al-Idrisi mau mapan ing antarane Save lan Tanjung St. Lucia, ora adoh saka Kutha Durban jaman saiki. Papan iki kisi pelabuhan-pelabuhan kuna minangka paraning kiriman barang-barang saka ‘pedalaman’ ing wiwitaning Jaman Besi udakara abad 1-2 Masehi. Kutha pelabuhan mau ing antarane Chibuene kang ketutup ing Teluk Vilanculos lan Inhambane kang 100 mil adohe ing iring kidul, sumimpen manis ing burine Tanjung Correntes utawa Cape of Currents. Adoh saka iku mapan Negeri Waq-Waq; negeri kang ora wani dilayari dening para pelayar Arab. Kutha loro iki bener-bener wis ana pra-Islam, lan ing tumpukan pasir ing kutha iki ditemokake papan paleburan logam kanggo murnekake emas. Alternatif tujuwan pangiriman emas saka Afrika ora liya ya wong Sumatra lan wong Jawa. Apa sebabe? Yen nilik critane wong Jawa, Jawa iku duwe warta minangka El Dorado sejati, kang bisa ngasilake emas ing wilayahe dhewe. Ramayana nyebutake yen Hanuman (Anoman), Panglima Kethek, marentahake prajurit kethek supaya nggoleki Sita, bojone Rama kang diculik, ing Yavadvipa (Pulo Jawa); pulo kang ngandhung emas lan perak, sugih tambang-tambang emas. Ptolemy, abad 2 Masehi, nulis manawa Iabadiou (Jawa) iku pulo kang sugih woh-wohan lan ngasilake akeh emas. Sumber awal Dinasti T’ang (618-907) tekane pungkasane Dinasti Sung (960-1279) ngomongake yen Jawa ngasilake emas putih (perak) lan emas kuning (emas sabenere), uga nggambarake papane para raja dilapisi tegel emas, duwe kolam-kolam kang pinggire karipta saka emas, sarta dhayung-dhayung praune kalapis emas. Ing jaman kang luwih enom, abad 14, digambarake dening penulis saka Pordenone, Friar Odoric, yen ta istana Kraton Majapait ing Jawa sisih wetan iku gedhe banget lan nduweni undhak-undhakan kang gedhe, amba, mompyor, dumadi saka emas lan perak; semono uga tembok-temboke linapis emas (miturut Greget Nuswantara, Kraton Majapait ing Trowulan iku dudu sabenere, dene sing sabenere mompyor linapis emas-perak katutup rapet ing Gunung Penanggungan). Mula, peta kuthane Idrisi mau jane tambah nguwatake yen wus kalakon anane gelombang migrasi saka Nusantara sekitar Masehi. Para imigran kuwi ing antarane suku Jawa, suku Bugis, Mandar, Makasar, lan liyane. Para imigran iki nepungake budaya anyar kaya ta tetaneman lan tetanen, ilmu mineral, gamelan, lan sabangsane.

Masyarakat awal Madagaskar sinebut dening para antropolog minangka tompontany, Sang Ahli Tanah, kang diwakili dening suku Vasimba, lan minangka tompondrano, Sang Ahli Banyu, kang diwakili suku Vezo kang panggaotane pelaut lan nelayan. Suku Vasimba, utawa Bazimu, ditegesi ‘nenek moyang, leluwur’, kadhang kala sinebut ‘hantu’. Sawijining ahli Malagasi asal Prancis, Hubert Deschamps, percaya yen Vazimba iku separo Afrika-separo Nusantara. Teori ras campur Afro-Nusantara iki dilaporake dening kelompok Dokter Afrika Selatan kang nyinau sebarane sickle cell utawa sel arit (yaiku sel darah merah kang awujud arit kang nyimpang saka sel-sel biasa ing Afrika, ning ora ing Nusantara). Ing babagan sebaran kromosom cDe, dilaporake yen wong-wong Malagasi nduweni 62% gen Afrika lan 38% gen Nusantara. Saka kromosom CDe, 67% Afrika lan 33% Nusantara.

Ing jeroning tembok-tembok watu Great Zimbabwe ana wewangunan aneh kang sinebut ‘Menara Kerucut’. J.T. Bent lan R.N. Hall ngomong manawa barang iku digunakake kanggo pamujan marang phallus (alat kelamin); alat kelamin raseksa. Ing kiwa tengene ditemokake atusan barang cilik saka lempung awujud silinder, kekubur, bebarengan karo patung kebo asungu. Pamujan marang phallus (alat kelamin) kaya ngene iki lumrah dumadi ing Nusantara; pakurmatan marang Gunung Suci, Pakubumi, lan sakpiturute, ginambar ing Candi Cetha, Candi Sukuh, Tugu-tugu, utawa menara-menara mesjid tuwa lan liya-liyane. G.W.B. Huntingford, sawijining etnograf, nambahi katrangan yen pangaribawane Nusantara wus lumaku wiwit jaman biyen ing gisik iring wetan Afrika lan Arab iring kidul, lan asal-usul budaya monolitik iku saka Asia Kidul-Wetan.

Erich von Hornbostel lan Jaap Kunst martakake yen alat musik xilofon saka Afrika lan Birma asale saka Jawa. Alat music xilofon (gambang) akeh ditemokake ing sadawane wilayah sub-Sahara, saka Gambia nuju Danau Victoria, ngliwati Kongo sisih kidul, Afrika Selatan, lan Mozambik. Bapa Jones ngomong yen gambang Kamboja lan alat musik bamboo Afrika asale saka Nusantara. Sitar, utawa siter, ditemokake ing alas gung Olombo Kongo, ing Makonde Mozambik, ing Antaimoro lan Sakalava Madagaskar. Ing babagan konsep, alat gong pawarta (kenthongan) ing Afrika lan Nusantara bisa diarani kembar. Relief Candi Borobudur ngabarake telung jinis alat musik Jawa Kuna: xilofon (gambang), gong-kethuk, lan genta-kethuk. Tegese, wong-wong Nusantara pancen nepungake gambang ing Afrika; difusi alat musik kayu-bambu-logam diwiwiti saka Nusantara. Difusi iki ora mung babagan alat musik wae, ananging uga pisang raja (musaceae), tela rambat (dioscorea alata), keladhi (colocasia esculanta), manik-manik, kulit kerang lambang kemakmuran, agama, sistem ramalan, cita rasa seni sing dhuwur, dhakon/mancala/congkak, klebu uga penyakit kaki gajah (elephantiasis).

Dene saka andharane Bernard H.M. Vlekke, kanthi (apologi) ‘dhata sing minim’, ing awal Masehi Jawa iku digambarake isih primitif: dumadi saka para petani lan nelayan, kaimpun sajroning kelompok cilik semidemokratik, kang keyakinane ora mbutuhake ‘papan pamujan’ nanging cukup ing sangisoring langit ‘tarbuka’; papane kekuwatan-kekuwatan ilahiyah-alam langsung bisa dirasakke. Ing Jawa ditemokake ‘konstruksi-primitif’ awujud gunung-gunung kang ana undhak-undhakane, kang mangkone ingaran ‘pundhen berundhak’; ana piramid-piramid cilike lan disartani ukiran. Sawijining arkeolog Britania negesi konstruksi-konstruksi ‘gunung-watu’ primitif iku minangka tinggalane “Anak-anak Mata(h)ari”, kanggo kultus tumrape wong mati lan papan pamujan marang leluwur. Para sodagar-pedagang bolak-balik antarane pantai-pantai India-Indonesia-Vietnam. Jataka, kitab suci Budha kang tinulis kurang luwih 300 sadurunge Masehi, nyritakake bab ‘penjelajahan’ samudra; sanajan kanthi istilah-istilah kang ‘kurang cetha’. Dene sumber Cina 132 Masehi ngomongake yen ana sawijining raja saka Ye-tiao, utawa Jawadwipa, Pulo Jawa, maringake hadhiyah marang Kaisar Cina. Jawadwipa iku nama ing Sansekerta kang ateges ‘pulo pari’ lan sinebut ing epos Ramayana. Epos iki ngomongake, “Jawadwipa direnggani pitung praja, Pulo Emas lan Perak, sugih tambang emas”. Para raja nusantara wus nganggo gelar agung sadurunge Hindu wiwit ‘nguwasani’; mbuktekake manawa komunitas-komunitas nusantara wis ‘tumata’ saka wiwitane. Ing silsilah, gelar mau umpamane: Sang Maha Prabu, Sang Maha Raja, Raja, Sang Maha Ratu, Kanjeng Prabu Adipati, lan Kanjeng Ratu Adipati; kang kadhang kala kaanggep minangka ‘dewa sing ngejawantah’. Ptolemeus, geografer Yunani Alexandria, kenal karo tembung Iabadiu, Jawadwipa, saka versi Prakrit kurang luwih 160 Masehi, banjur nulis babagan nusantara adhedhasar laporan-laporan bab negeri-negeri kang dumunung adoh ing sakburine Ceylon (Sri Lanka); negeri-negeri sisih wetane Malaya. Geografer iki mbedakake antarane ‘Negeri Emas’ lan ‘Negeri Perak’, kang loro-lorone mapan ing Asia Kidul-Wetan, lan ing iabadiu dumunung kutha kang anama “Kutha Perak’.

Iku mau sawetara kabar bab Jawa ing wiwitaning Masehi. Ora mokal manawa istilah-istilah kaya ta negeri perak, negeri emas, pulo perak, pulo emas, kutha perak, kuwi ngrujuk marang papan-papan kuna kang ing kategori wektu sejarah saiki ‘kerem’ sangisoring banyu, amarga undhaking banyu sajroning kala kang panjang. Bola-bali. Bena universal. Tanjung Mas ing Semarang lan Tanjung Perak ing Surabaya iku tapake, tilase. Mbokmenawa yen ana panaliten oceano-arkeologi ing papan iki, bakal nambah ngyakinake wong-wong Jawa jaman posmodheren iki manawa ing wektu sejarah kang luwih kuna ing nusantara madeg sawijining negari kanthi aran Salaka Negara (Negeri Perak), kaya kang sinebut ing silsilah lan kratone para raja Jawa. Miturut paguyuban Turangga Seta, utawa Greget Nuswantara, salaka negara iku istilah kanggo ngarani sawetara periodhe tata pamarentahan ing Jawa kang ngalami kawijayan; golden age; tatananing jagad gedhe Nuswantara kang manunggal, nyawiji, ana indhunge, ana ibune. Kang kalebu Salaka Nagara iki ing antarane Krajan Keling, Krajan Purwadumadi, Krajan Medang Gili, Krajan Medang Ghana, lan Krajan Medang Kamulyan. Tataning krajan Salaka Nagara sing jembar bawera wijaya-wijayanti, maju babagan agraris-maritim, digambarake lumantar janturan wayang purwa:

….dhasar negari kasebat panjang, punjung pasir-wukir loh-jinawi, gemah ripah karta tur raharja, basa panjang dawa punjung dhuwur, lamun katraju sepinten ta dawaning negara, pranyata negari dawa pocapane jembar tlatahe luhur kawibawane dhasar jero tancebe, pasir samodra wukir harga, tata rengganing negari mengkeraken samodralaya, kinapit harga ageng ngiringaken padhusunan tuwin pategalan ngananaken pasabinan saha hangajengaken sandaran ageng, loh tulus ingkang tinandur dadi jinawi murah ingkang sarwa tinumbas, payu kang sarwa sinade saget kasebat negari murah boga saha wastra, agemah saha ripah, basa gemah kathah kawula alit tumindak among dedagang, dagang layar nangkoda saking manca negari, surya pantara ratri data nana pedhote, aripah pratandha kawula alit kathah ingkang cumondhok salebeting negari, katitik pepasanganing wisma ketingal jejel apipit, pangrasa adu cukit tepung taritis ngantos papan wiyar katemahan rupak, karta katandha….

Papan gegambaraning janturan mangkene iki ora liya iya apa kang diarani ‘swarga’.

Anane tata praja-nagara kang kaya ‘swarga’ mau pancen pinercaya dening kabeh bangsa, ing kapan wektu, yaiku anane Swarga Primordhial ing endi ‘(ras) manungsa’ lair pisanan kanggo nuju apa kang diarani duwe peradaban: homo sapien, dumadi insan. Carita-carita, mitologi-mitologi, utawa dak-arani wae sejarah, pancen bener lan nyata, kaya kang sinebut ing Bibel, Rig Veda, Purana, Adiparwa, Qoran, Tantupanggelaran, lan sakteruse. Surga utawa Taman Edhen papane ‘manungsa’ lair iku, miturut Santos, ing Jawa Kuna-makuna, yaiku Jawa kang tegese dharatan jembar-panjang ing Asia-Tenggara (Sunda Land) jaman semana, Jawa jamane kabuyutan (utawa karuhunan tumrape sadulur Sunda). Neng Jawa Kuna-makuna iki agrikulturalisme lan peternakan mijil, lair. Jawa Kuna-makuna iku sumbere ‘agama-agama’, ilmu pengetahuan, ras bangsa-bangsa, lan apa kang dening kategori ilmu-ilmu diarani peradaban. Kahanan Jawa Kuna-makuna mangkene iki kang tansah diajab dening manungsa Jawa, dijanturake ing purwakaning wayang purwa: nagara panjang-punjung, pasir-wukir, gemah-ripah, loh-jinawi, tata-tentrem, lan kerta-raharja dhuwur mau; rikala sakabehing ngelmu kuncara ing lemah Jawa lan saindenging bawana.

Carita bab manungsa-manungsa purwa iki wus lumrah dimangerteni dening wong Jawa lumantar teori antiga, ‘telur’, kang salah sijine binabar ing Serat Praniti Radya, uga lumantar Tantupanggelaran. Teori antiga nyritakake kahanane jagad kang isih suwung, amung ana Sang Maha Pencipta; teja sumunar. Sang Maha Pencipta banjur nyabda sawijining Sang Hyang, dene Sang Hyang iki nyipta Sang Hyang liyane, ngono terus mengisor tekane Sang Hyang Wening. Para Sang Hyang mapan ing Kayangan Alang-alang Kumitir. Sang Hyang Wening banjur nyipta Kayangan Manik Maninten lan sawijining antiga. Kulit antiga sinabda dumadi Sang Hyang Batara Antiga utawa Teja Mantri. Putihe antiga dumadi Hyang Batara Ismaya, dene kuninge antiga sinabda dadi Sang Hyang Batara Manik Maya. Telu-telune arupa bagus lan mapan ing Kayangan Manik Maninten.

Iya Sang Hyang Bathara Brama kang kapisan nyiptakake manungsa; dijupuk saka lemah nganggo kepelan tangane. Sang Hyang Bathara Brama iku geni wujude, mula manungsa kang diciptakake kegosongen. Bangsa iki mapan ing lemah dharatan Gunung Bromo, wewengkon Gunung Sumeru; amarga kepanasen yen mapan ing dharatan. Sang Hyang Batara Wisnu uga nyiptakake manungsa, kang luwih becik lan sampurna kaya manungsa jaman saiki. Sabda iki dumadi ing Gunung Pawinihan. Manungsa kang diciptakake iki kahanane isih padha, mula mapan ing papan kang dhuwur. Ing peprincening jaman utawa kala manungsa iki diarani ras Keling, utawa bangsa Keling, saka tembung ‘kelingan’ kang ngelingake bab sabda pisanan, dumadi ing jaman madya Kala Kukila ing jaman gedhe Kali Swara.

Para Hapsara dan Hapsari gupuh arsa momong manungsa iki supaya antuk keturunan lan diparingi wewujudan kaya pasuryane Hapsara dan Hapsari. Kabeh iki mau wus dikarsakake Sang Hyang Wening supayane Arcapada dikebaki manungsa; lair apa kang diarani urip, larase jagad agung. Bathara-bathari padha angejawa (waca: Arcapada) kanggo mulang-muruk Hastabrata lan banyu suci Prawita Sari; ngajarake tata caraning urip marang manungsa supaya ditularke marang keturunane. Ing antarane: Sang Hyang Batara Brama ngajari manungsa carane gawe perkakas; Sang Hyang Batara Wisma Karma mulang carane gawe omah; Sang Hyang Batara Iswara paring kawruh bab tata cara mocap lan manembah. Kanggo njaga tatananing jagad, Sang Hyang Wening bakal milih Ratu Tri Loka Buwana, yaiku Arcapada (Bumi), Madyapada (Gaib), lan Mayapada (Kadewatan). Sang Hyang Wening nyipta Kahyangan Jong Giri Saloka; mapan ing sangisoring Kayangan Alang- Alang Kumitir lan sakdhuwuring Kayangan Manik Maninten, minangka papan kanggone Ratu Tri Loka Buwana sajroning ngatur-nata alam donya.

Sang Hyang Batara Antiga lan Sang Hyang Batara Ismaya arsa madeg Ratu Tri Loka Buwana, banjur padha adu kasekten kanggo mbuktekake sapa kang luwih pantes dumadi Ratu Tri Loka Buwana. Sing sapa bisa ‘nguntal’ Jamur Dipa, utawa Jambu Dvipa (waca: gunung kang gedhe, lingga, utawa pulo), dheweke kang pantes dadi Ratu Tri Loka Buwana. Sang Hyang Batara Antiga ora bisa nguntal Jamur Dipa, wurung, cangkeme suwek. Dene Sang Hyang Batara Ismaya bisa nguntal Jamur Dipa, ananging ora bisa diwetokake maneh. Pirsa kahanan kaya mangkene, Sang Hyang Wening ora rena penggalihe, banjur nyabda: Sang Hyang Batara Antiga cangkeme suwek lan ingaran Togog; Sang Hyang Batara Ismaya wetenge gedhe amarga kisen Jamur Dipa lan ingaran Semar. Sang Hyang Wening nunjuk Sang Hyang Batara Manik Maya, kang ora melu adu kasekten, dumadi Ratu Tri Loka Buwana. Sang Hyang Batara Manik Maya ngrasa gumbira; ing antaraning sadulur telu iku dheweke kang paling bagus karana liyane wus owah wujude. Sang Hyang Manik Maya disabda dening Sang Hyang Wening dumadi ala rupane; karana mertandhani sipat nggunggung dhiri. Minangka Ratu Tri Loka Buwana, Sang Hyang Bathara Manik Maya agelar Sang Hyang Bathara Guru, utawa Sang Hyang Jagadnata, utawa Sang Hyang Syiwa. Sang Hyang Batara Guru bebarengan karo Sang Hyang Bathari Uma manggon ing Kahyangan Jong Giri Saloka. Sang Hyang Wening marentahake Togog lan Semar supaya dadi pamomonge manungsa ing Arcapada. Togog dadi pamomong manungsa ing iring Kulon-Lor Arcapada, dene Semar dadi pamomong manungsa iring Wetan-Kidul Arcapada.

Jamur Dipa utawa Jambu Dvipa kang coba ‘dipangan’ dening Sang Hyang Batara Antiga lan Sang Hyang Batara Ismaya iku mau, miturut Santos, minangka arketip saka ‘lingga’; watu kang diadegake, utawa kang luwih pas minangka ‘titisan’, avatara, dewa-dewi kang mudhun ing arcapada awujud ‘meteorit unggul’. Jambu Dvipa iku Island of Jambu Tree, Pulo Wit Jambu. Wit Jambu, utawa jambul (syzygium cumini), jambula, jamboola, Java plum, jamun, iku spesies taneman Jawa-Nusantara kang sumebar rikala jaman kolonisasi Eropa. Jambul iki minangka ‘woh-wohaning para dewa’ kang dipangan Sri Rama sasuwene diukum 14 taun ing alas. Jambu Dvipa, miturut tradhisi Purana, minangka salah siji saka pitung pulo (waca: benua) kang dipisahake segara, yaiku Jambudvipa, Plaksadvipa, Salmalidvipa, Kushadvipa, Krounchadvipa, Shakdvipa, lan Pushkaradvipa. Pulo Jambudvipa (India Blackberry Island), uga dikenal kanthi Sudarshanadvipa, wujude konsentris. Viṣṇupurāa ngomongake manawa wit jambu iku sagedhe gajah lan rikala bosok banjur nyeblok ing pucuking gunung, ndadekake kali ‘jus’ jambu; sinebut jambunadi, Kali Jambu. Kosmologi Budha mbagi mandhala bumi iku dadi telung tingakatan: kamadhatu, rupadhatu, lan arupadhatu. Ing kamadhatu mapan Gunung Semeru kang dikupengi patang pulo (benua). Pulo kang sisih kidul ingaran Jambudvipa. Jambudvipa awujud segitiga kanthi titik-tumpul ing iring kidul. Ing tengahe ana wit jambu raseksa, mula diarani Jambudvipa. Jambudvipa minangka papan ing endi manungsa urip lan siji-sijine papan ing endi manungsa bisa ‘kalairake’. Kosmos Hindhu bab jambudvipa sing kaya ngene iki saemper karo konsepsine Platon bab Atlantis, utawa ‘geometri suci’. ‘Wit jambu kang gedhe’ ditanem ing tengah-tengahing Jambu Dvipa; kang ora liya yaiku apa kang diarani wit panguripan, kalpataru, kayon, uga ‘gunung suci’.

Carita klairane manungsa Jawa-Nusantara kang kaya mangkene iki nuduhake manawa manungsa iku asil saka sabdane Sang Hyang kang luwih dhuwur drajate; mangkono terus mandhuwure tekane Gusti kang Maha Purwa. Pancen, dening idhe-idhe posmo, panggalihaning manungsa tradhisional iku diarani ‘dikuwasani’ dening bab-bab kang alus, ora katon, nirlogika. Nanging, bab iki ndadekake manungsa duwe ngelmu luhur, marisi gen-e Gusti,; banjur ing jaman posmodheren iki diarani ‘kaya dene Gusti, Tuhan’ amarga duwe kuwasa nyiptakake ‘gusti-gusti’ kang maneka wujude, lan tarkadhang uga mblusukke manungsa marang angkara murka; numpes, mungsuhi sasamane.

Sakabehing kawruh utawa ngelmu kang luhur iku kang ndadekake manungsa purwa nuju beradab lan bisa ngadegake kutha; dudu anthropoid simian separo kewan kang ngulandara saka savana semi-gurun Afrika (waca: Out of Africa) nuju Eurasia lan sakiwa-tengene, tekane Timur Jauh lan Australia kurang luwih 1 yuta taun kepungkur, banjur mandheg, anuju ‘beradab’; utawa manungsa Jawa kang asale saka Yunan. Kosok balene, manungsa Jawa Kuna-makuna kuwi sing ing mengkone bakal ngulandara, migrasi, hijrah, saka lemah asale, nuju lemah-lemah anyar kang nuwuhake peradaban India, Mesir, Yunani, Mesopotamia, Cina, lan liya-liyane. Ing Jawa Kuna-makuna, utawa (H)indus-Nesos, utawa Nusa-Antara tembunge saiki, lan sakiwa tengene, manungsa diparingi iklim (tropis), angin muson barat lan timur, kang idheal kanggo ngembangake peradaban. Sawetara bageyan bumi liyane isih ketutup es, ing Jawa mijil Java-man, manungsa Jawa, homo-sapien. Banjur ana mahapralaya kapisan: njebluge Gunung Toba (ing teks suci India diarani Gunung Kailasa), mbokmenawa kang ndadekake manungsa Neandhertal lan Cro Magnon mati. Gunung geni kang mbledhos iki ndadekake papan-papan ing bumi kepenak dianggo urip, anget; es kutub dadi banyu. Ing papan iki (ras) Adam lan (ras) Siti Hawa (waca: Lemah Jawa) lair, ngedegake kutha, mangun bebrayan agung.

Kutha kang pisanan mau sinebut Henok utawa Chenok, the Abode of the Pure kang tegese Pure Land, Tanah Suci, uga nunggal teges karo nama ing tradhisi Hindu: Shveta-dvipa, Sukhavati, Saka-dvipa, utawa Atala; lemah sucine ‘ras putih’. Tembung Yvymaraney ing tradhisi Amerendian, kang ateges the Land of the Pure, minangka ibu pertiwine suku Indian Brazil, Tupi-Guarani. Dene wong Aztecs Kuna ing Meksiko ngarani lemah klairane Aztlan, lan wong-wong Maya Yucatan ngarani Tollán.

Ing sajroning tata kabuyutan Jawa Kuna-makuna, kutha kang kaya mangkene iki, kutha kaswargan, dilairake awujud tata aturan jagad keblat papat lima pancer. Kutha kabuyutan (waca: geometri limas) iki diperlambangake kanthi mandhala, cross utawa salib, gunungan, tumpeng, yaiku pon, wage, legi, pahing, lan kliwon minangka pancere (horizontal-vertikal). Jawa-Nusantara iku pancering jagad: sisih kulon Afrika, lor Eurasia, kidul Australia, lan wetan Amerika. Ing jaman kuna-makuna, lemah Jawa-Nusantara sinebut Taprobane, Tamraparna, Terra Australis Incognita, Antichthon, Antilia, Antipodes, Antiporthmos, Atala, Mundus Alterius, lan sakpiturute. Jawa-Nusantara iku papan mancer; manuju mendhuwur. Asale saka dhuwur. Jawa-Nusantara manganggo ngelmune Gusti kanggo ngrembakake uripe. Mula, Jawa Kuna-makuna nduweni ilmu pengetahuan lan teknologi kang ngedab-edabi; luwih maju tinimbang apa kang ingaran ‘kemajuan’ jaman saiki. Ana kang ngarani tata-kutha kang mengkene iki kanthi nama Lemuria: Ibu kang nglairake purusha, insan, amarga karsane Gusti kang Maha Puruwa. Gusti nyabda lumantar aksara, lumantar utusan-utusan, kanggo nuwuhake panguripan. Papane ing sisih timur ekumene kuna; wilayah ing endi Si Mata Ari wiwit jumedhul, ngetokake tejane. Urip tuwuh kapisan ing papan iki: Swarga Edhen.

Ing peprincen era geologi, ananing swarga Edhen-Jawa Kuna-makuna iki klebu ing era Pleistocene, kang rampunge 11.600 taun kepungkur. Ing pungkasan era iki ditandhani kanthi laire agrikulturalisme, adege kutha-kutha, lan revolusi Neolitik ing sajembaring bawana. Ngrujuk marang tradhisi universal, peradaban saka Jawa Kuna-makuna sawise mahapralaya iki disebarake dening ras-ras manungsa turunane lan para ‘hero’. Para hero iki ora liya wong-wong Jawa-Nusantara ing jaman kuna-makuna kang migrasi, nylametake ‘urip’, kaya ing carita samudramantana kang bakal dirembug ing ngisor, pindhah nuju ‘ibu pertiwi’ne kang anyar kanggo miwiti urip maneh. Swarga Edhen ambruk mijil ‘naraka’; ibu pertiwine rusak.

Anane swarga primordhial, Swarga Edhen, kang ‘ambruk’, bedhah, iki wus dicritakake ing akeh tradhisi. Tradhisi Celtic asring ngomongake sawijining pulo kanthi nama Island of the Lions (Pulo Singa), kadhang kala sinebut Ava-lon, kang ing tradhisi Hindhu diarani Simhala-dvipa utawa Seren-dip. Serendep iki ngrujuk marang ‘Pulo Seres’, kang nunggal teges karo Taprobane utawa Sumatra. Wong Seres yaiku ‘wong-wong sutra’ (ing basa Latin, serica ateges sutra). Dening Pliny lan Solinus Wong Seres digambarake wong-wong kang pirang rambute, mripate biru, lan dhuwur dedege. Ing India, tembung Simhala-dvipa ateges ‘pulone para hero, pahlawan’. Pulo iki, ora liya, pulone para pahlawan saka Jawa-Nusantara kang ambruk, merga bencana gedhe. Sawetara penulis kuna uga nggathukake tembung ‘serendip’ karo tembung hevilat ing Al-Kitab; minangka salah sijining wilayah Swarga Edhen. Wilayah Hevilat utawa Havila kuncara karana emase lan diubengi Kali Phison. Yosefus, sejarawan Yahudi, mapanake Hevilat iki ing Asia Tenggara, ing ‘Indhia’, kang ngasilake taneman bdellium, utawa gulgulu (sajenis taneman obat) lan batu permata.

‘Eden’ lan ‘India’ iku dasanama; asale saka akar tembung Sansekerta ‘ind’ utawa ‘endh’ kang ateges ‘geni’. Edhen iku ‘pulo-pulo geni’ kang kondhang ing mitologi-mitologi kuna. Pulo Geni disebut Edhen. Wong-wong Eropa kleru njenengi Samudra Atlantik lan Brasil ing wektu-wektu bacute, sawise Amerika ‘ditemokake’. Atlantis iku papane swarga Edhen kang ambruk, dene ‘brasil’ iku sajatine ‘pulo geni’, utawa ‘Ys Brasil’, kang akar tembunge ‘bra’ kang ateges ‘geni’. Jawa-Nusantara iku Pulo Geni.

Edhen ambruk. Geni mulad-mulad. Para putra Jawa-Nusantara migrasi; mamek swarga anyar, gawe swarga anyar, kanggo mbacutake laku. Samubarang penggalihan digawa-sarta, sakehing budaya coba didegake maneh ing sajembaring jagad bawera.

Jantra Khaos-Kosmos

Urip dibaleni maneh. Sawuse rampung gara-gara. Jer urip iku kaya dene ungeling gamelan; sakwuse sak-gongan banjur mungel maneh. Bali. Iku kosmogonine manungsa, kaya dene jantra: cakra manggiling. Lair-pati-lair. Khaos nuju kosmos. Utawa kosok balene; ngono sakteruse sajroning ‘wektu-sejarah’ kang panjang. Kosmogonine wong Jawa-Nusantara paling ora kaya gegambaran-gegambaran ing carita kuna:

Samudramanthana nyejarahke bab kosmogonine Jawa, Jawa-Nusantara, Sundaland, Tanah Sunda, utawa Sveta-Dvipa tumrape Hindu. Jawa iku surga bumi, kang ‘dilairake’ saka muter samudra-susu. Mbokmenawa iki pasemon saka gunung geni sajroning banyu kang njeblug, ndadekake kewan-kewan lan kabeh kang urip kobong, keleb banyu; urip kang wiwitan wus nemahi ‘pati’ amarga Tarian Syiwa. Para golongan sura, asura, bathari, dewa, dewi, daitya, raseksa, nagas, melu ing pamuteran samudra-susu iki, kanggo amek banyu suci perwita sari. Banyu asil pamuteran samudra iki pertandha ‘urip’ kang dibacutake, amarga ‘urip’ kang sadurunge nemahi pungkas sajroning katastropi; Gunung Mahameru njeblug. Banyu suci saka muter gunung kanggo rebutan. Apa-apa kang wus ‘ana’ diganteni sing anyar: kang luwih becik. Jawa dumadi rikala Eropa wrata katutup gletser kandel kang angel kanggo papan panguripan. Jawa iku lemah tropis punjering bawana; papane surya sumunar saben taune, angin loro Wetan-Kulon; mula urip bisa lumaku. Awake dhewe saiki ngerti manawa kolonialisme iku didhasari semangat ‘bali menyang surga’, kanggo nggoleki Elixir of Life, ‘banyu suci’. Kasunyatane, surga papane banyu suci mau ngrujuk marang ‘Indhia’; tujuwane para ‘pahlawan-laut’ ing wiwitaning jaman kang ngaku ‘modheren’.

Sveta-Dvipa, White Islands, Eldorado, Golden Cipangone Solomon, utawa Jawa, Dugdha Samudra, surgane wong Hindu, lair saka Samudra Susu kang diputer: mbokmenawa kaya dene rupa susu utawa ‘krim’ kang pating kampul sawise Gunung Api jeron banyu njeblug. Gunung Api kang njeblug ngetokake geni, ladhu, kaya dene ‘susu’ kang ngetokake banyu. Sveta, white, iku putih; lir putihe susu. Maknane, Jawa Kuna-makuna iku papane Si Putih, Ras Putih, lair. Si putih utawa ras putih iki dudu ngrujuk marang werna kulite kang putih, ananging merga mapan ing wilayah kang cedhak banget karo gunung geni. Jawa uga sinebut Saka-Dvipa; yaiku papane Ras Sakas ‘Ras putih’ pisanan angejawa, dudu angejawa saka njaban ekumene Jawa, nanging pisanan diciptakake dening Gusti Maha Puruwa ing Jawa. Ras Putih iki dening wong Yunani sinebut ‘ethiopians’, kang tegese burnt-faces; kang raine kobong, utawa kang ateges purified by fire; digawe suci nganggo ‘geni’. Dene teks sakral Hindu ngarani agnishvatthas. Jawa uga asring sinebut Yavanas, kang diucapke javanas, tegese ‘putih’. Jawa uga ateges ‘sapi (wadon) putih’.

Ing carita iki, gunung geni ing Jawa, Gunung Mahameru, pinuter. Ambles. Apa-apa kang kawetu saka Gunung Api kang njeblug iki kang nuwuhake urip: subur makmur. Papan iki dianggo rebutan para dewa, asura, daitya, raseksa, denawa, dewi, bathari, lan liya-liyane pengin angajawa; urip ing arcapada. Gunung Suci Mahameru ginanti Gunung Mandhara, utawa Gunung Meru ing wektu-wektu tembene; kang tansah bakal nguripake siklus katastropi ing Pulo Jawa. Akupa, ‘kura-kura’ titisane Wisnu, pinangka dhasaring pamuteran samudra susu. Iki mertandhani manawa Jawa kang kapisan nate ambles amarga Gunung Api, utawa banyu. Vasuki utawa Basuki, nagaraja, minangka tali pamutere gunung suci; makili avatare Wisnu ing urip-urip kang bacute. Golongan sura lan asura padha ‘perang maneh’, memungsuhan, rebutan banyu suci. Crita memungsuhane sura-asura iki bakal dibolan-baleni tekan pungkasaning jagad, uger kosmogoni iku kaya dene jantra; khaos njalari urip kang sadurunge musna, banjur direkonstruksi dadi urip maneh, lan kosok-balene. Sing mangkono iku Syiwa; wujud liyane Gusti tumrap para panyembahe. Banjur jumedhul kosmos; ing Yoga bacute diperlambangake gunungan. Dene ‘gunung kosmik’ dilambangake tumpeng kang pucuke tinancepan lombok abang.

Tembung Yunani kosmos iku ana ubungane karo ‘kosmetik’; bumi kang endah, lemah (waca: gunung api) kang diangon, nuwuhake gemah ripah. Gusti kang Maha Puruwa nyabda bumi (waca: jagad) kang endah: sastra jendra hayuningrat. Gusti nyabda hanacaraka. Qur’an ngomongake manawa rikalane Gusti bakal nyiptakake khalifah (utusan) ing bumi, iblis ora sarujuk amarga para ‘khalifah’ mau amung bakal gawe karusakan. Mula, anane simbul banyu saka muter samudra susu iku kang bakal nglestarekake manungsa, purusha, insan, urip ing bumi, kanggo gawe subur kang tinandur; supaya ora tiba maneh ing karusakan.

Jawa iku Taman Eden, Taman Firdaus; kosmos kapisan kang ditemokake manungsa. Kosmos iku antitesise khaos. Tembung khaos nunggal asal karo khasma, utawa khasma mega miturut Hesiod. Wong Hindhu ngarani vadava-mukha; wewujudane lemah Jawa kang ambruk, bedhah, amarga gunung vulkanik mbledhos, nuwuhake kaldera bawera: banyu mumbul, geni muluk. Ing wektu-wektu sing luwih enom kahanan kaya ngene iki digambarake ing ‘jangka’ kanthi unen-unen toya muluk ing gegana; banyu muncrat tekeng langit, geni tiba maletiking angin; kang tembene misah-misahake pulo-pulo Jawa. Iku khaos. Khaos iku gara-gara:

… gara-gara mubal babal, genineyomani, lir kinebur temah ambabar agenging lahar, dahana makantar-kantar lir angabar ing kahyangan yayah kawelegar… [Suharni Sabdowati]

Gununge jagad utawa gunung kosmik utawa gunung vulkanik jeron banyu kang njeblug iku tandha ‘nyawijine’ dewa-dewi tumrape sadulur Hindu; saresmine Shiva lan Shakti. Pasangan primordhial iki merlambangake dhauping jagad, bawana: nyawijine ‘geni’ lan ‘banyu’ kang numpes jagad kanthi banjir ladhu, lahar.

Geni lan banyu kang ngedab-edabi mau asale saka Gunung Mahameru; Krakatoa kuna. Hesiod lan para pengarang kuno liyane ngarani kahanan ing Jawa kang kaya ngene iki kanthi jeneng khaos (devide) utawa khasma mega (giant abyss) ing lawang nuju naraka (tartarus). Hesiod uga nerangake manawa Jawa iku papane Atlas (dewa Yunani) lan pilar-pilar-e; dadi pakuning jagad (gunung Kumeru, Krakatoa, Sumeru). Para pelaut kuna kaya dene Ulysses lan Argonauts mikoleh ‘azab’ ing naraka Jawa Kuna-makuna kene iki. Kaldhera Krakatoa kuna kang mulad-mulad nggambarake kalamukha (black-hole); utawa vadava mukha. Kaldherane Krakatoa kuna kang mblawah, kerem lir kapal selam, misahake Pulo Jawa Kuna dumadi Pulo Sumatra, Pulo Jawa, lan Pulo-pulo liyane. Ing tradhisi Hindhu, Gunung Mahameru, utawa kadhang ingaran Gunung Meru, mau dipapanake minangka pohon kosmik ing endi cosmic man, purusha, manungsa, disalibake, kaya dene Kristus ing Kayu Salib (waca: Gunung Salib). Gunung Meru utawa Gunung Suci Swarga tan kendhat digambarake ing Indhia awujud Lotus Emas; jamur atom kang nggambarake mbledhose jagad; The Secret of the Golden Flower. Wutah magmane, kaya ‘balon bocor’, puncaking gunung kang gedhe ambruk-nlusup ing banyu, owah dumadi kaldhera raseksa.

Pulo Jawa-Nusantara pancen mapan ing Pasific Fire Belt; sabuk gunung api Pasifik. Gunung api bebarengan karo banyu kang mangkene iki nuwuhake dies natalis solis invicti; the birthday of the invicible sun; bena gedhe, tsunami. Ing mangkone, Jawa-Nusantara ingaranan nesos dening wong Yunani, insula basa Latin-e, continent dening Strabo, utawa incu ing basa Dravida, dvipa (waca: dvi ‘loro’ lan ap ‘banyu’, ateges ana banyu ing kiwa tengene) dening Hindhu, kang tegese wilayah kang dumadi pulo-pulo karana banyu samudra kang munggah. Iki kang bakal mijilake tembung ‘nusa’; dene tembung Indonesia dumadi saka ‘indus’ lan ‘nesos’. ‘Indus’ iku memper tegese karo ‘ibu’; ibu kang nglairake manungsa-manungsa, utawa memper karo teges ‘geni’: pasemon kaldhera gunung geni kang mblawah amba kaya ‘kelamin’e ibu, mongah-mongah, kaya padma kang mekrok. Ing tembe, Jawa Kuna-makuna, utawa Jawa-Nusantara, ingaran Ibu Pertiwi (Parvati).

Padmane Ibu Pertiwi kang ‘mekrok’ meksa para putra Jawa-Nusantara eksodus, migrasi. Carita oncate lan paran-dununge para putra Jawa-Nusantara ing lemah-lemah anyar iki dicritakake dening akeh tradhisi. Ing tradhisi Dravida digambarake manawa para Dravida pindhah nuju Indhia saka sawijining pulo kang bawera ing arah kidul-wetan Indhia aran Rutas; pulo iki kerem ing jeroning samudra amarga bencana gedhe. Tembung rutas ana ubungane karo oyot Sansekerta rudh kang tegese ‘abang’, utawa ‘dadi abang’, utawa ‘kanggo ngobong’. Etimologi iki nuwuhake istilah ‘pulo geni’, lan mbokmenawa sawijining pawarta bab anane dharatan minangka ‘pulone Si Abang’; ‘lemahe Ras Abang’. Para Dravida ngaku yen dhirine iku para ksatriya (warriors); golongan masyarakat ing Indhia kang diwakili werna abang. Para Fenisian (wong-wong Kanaan), kang jenenge uga duwe teges ‘abang’ ing Basa Yunani, kaya dene para Dravida, ngaku yen teka ing wilayahe saiki saka ‘pulo geni’ kang mapan ing sajabaning Samudra Hindhia (utawa Erythraean). Tegese, pulo mau mapan ing Indhia, kang pancen manggon ing ‘Samudrane Si Abang’ (Erythraean). Sawijining Fir’aun, Pharaoh, raja Mesir, dicritakake ing kitab ambles ing Laut Merah. Laut Merah iki pantes manawa mapan ing kiwa-tengene Samudra Hindhia; samudra duwene wong-wong Kanaan, samudrane Si Abang; samudra ing pulo geni. Ibu Pertiwine wong Kanaan katone padha karo rutas (pulo geni). Wong Mesir uga nyebut dhirine The Reds, Si Abang (Rot utawa Khem ing lidhahe wong Mesir), lan teka saka ‘pulo geni’ ing Indhia. Ing tradhisine bangsa Celtic dicritakake yen dheweke teka saka lemah ing luwar negri kang ambrol ing samudra karana bencana kang nggegirisi. Jean Markale, tokoh bangsa Celtic kang kondhang, nyebut ‘lemah-legok’ asal-usul bangsane kanthi nama Cantref Gwaelod kang tegese ‘negeri ngisor’. Ing buku Mabinogion, buku asal-usule bangsa Celtic, dipratelakake yen bangsa Celtic ing wiwitane asale saka ‘Pulo Defrobani, Summer, lan Cimmerians’. Defrobani disimpulke dening para ahli yaiku taprobane; swarga terestrial papane Adam ing arcapada, kang tan liya Pulo Sumatra jaman saiki. Dene Cimmerians, kang dianggep leluwure bangsa Celtic mau, minangka ‘rakyat pedhut’; kang nunggal maksud karo ‘Naraka Surem’ kang dingendikakake Homer. ‘Rakyat pedhut’ mau minangka tokoh-tokoh ing tradhisi sangisoring ‘pedhut surem’ kang nutupi wilayahe; ngrujuk marang ‘pedhut vulkanik’ kang nutupi Nusantara sajroning kala kang panjang sawise ajur, ambruk. Cimmeria padha karo Black Tartarus utawa Erebus, Erebodes ‘peteng ndhedhet’; surga ing suwaliking pedhut peteng Gunung Erebus. Mesir uga ngomongake bab Hanebut utawa Haunebut, yaiku wong-wong kang manggon ing sajabaning Samudra Hindhia, ing wilayah Amenti utawa Punt. Nama dhiri Hanebut, Hau-Nabha ing Dravidane, ateges ‘wong-wong saka Haze’ utawa ‘wong-wong saka Pilar Atlas (waca: gunung Atlas kang dadi paku bumi)’, yaiku wong-wong aneh kang digambarake urip ing sangisoring pedhut peteng kang ora bisa ditembus sunaring srengenge. Wilayah Amenti utawa Punt iki temen-temen bisa diparani, kaya kang asring dilakoni dening wong Mesir. Pancen angel ditampa yen wong-wong Punt, kang sinebut Gerzeans, mbedhah lan nguwasani Mesir Hulu ing pra-Dinasti Kali, lan mengkone tinundhung rikala Mesir dipimpin Raja Menes. (Ananging nitik saka ‘gelar’ pemimpin Mesir wae wis nandhani yen Mesir lan Jawa-Nusantara wus duwe ubungan ing jaman kuna-makuna; dagang, politik, uga Musa, kaya kang bakal diomongake ing ngisor mengko, utawa kaya kang ginambar ing relief Candi Penataran). Ing tradhisi Polinesia dicritakake manawa Ibu Pertiwine wong-wong Polinesia yaiku sawijining pulo gedhe (benua) ing sisih kulon, ing jabaning Samudra Pasifik; Hawaiki jenenge. Hawaiki iki, utawa Jawa-Nusantara, dianggep swarga sadurunge nemahi pati dening bencana gunung geni. Bencana iki nglelebi saperangan pulo, mageri kanthi awu lan kebul. Leluwure bangsa Romawi, Etruria, duwe tradhisi bab praptane saka lemah kang ambles sangisoring samudra sajroning bencana gedhe sawise perang gedhe. Wong-wong iki dipimpin dening Eneas, lan teka manganggo kapal gedhe saka wilayah ing jabaning ‘pilar Hercules’, nuju Roma; lemah kang dijanjekake. Dheweke teka saka Gunung Ida, kang minangka Swarga Primordiale Romawi lan Yunani; ing tradhisi Yudeo-Kristen dumadi tembung ‘Eden’. Papan iki pancen kang diparani dening Odises, Argonauts, lan para hero liyane kang tegese ‘Trident’; nama kang nuju marang Trikutha: gunung telu ing Lanka. Wong-wong Yunani lan Romawi nyritakake yen ing kene iki peperangan kang kondhang antarane Zeus lan Typhon dumadi; dene ing Veda sinebut peperangan antarane Indra lan Vritra, yaiku perange para dewa (sura) aprajurit giants (asura). Ing Indhia, Vritra makili geni, Indra banyu. Ing Yunani, Typhon makili banyu, Zues genining swarga. Rong perkara iki kang ndadekake remuke jagad lan wiwitaning jaman anyar. Swarga Jawa-Nusantara diambrukke dening geni vulkanik lan banyu samudra (hierogami Agni-Jaladara). Wong-wong Yunani, kaya bangsa-bangsa kuna liyane mau, ngomong yen asale saka swarga kang ambruk banjur padha migrasi nyang Indhia, banjur Mesir, banjur Mediterania. Tradhisi Yunani disengkuyung dening wong-wong Yavanas (Yunani, Arya) kang nate manggon ing Pulo Yava (waca: Jawa) bebarengan karo wong-wong Dravida; loro-lorone padha nglakoni peperangan. Para Yavanas uga sinebut Yonas, nama kang raket nuwuhake tembung Ionians utawa Yunani. Wusanane, tembung Yavanas lair saka tembung Sansekerta yoni lan tembung Dravida Ya-Vanna; ngrujuk marang Ibu Agung, Ibu Pertiwi, lan kang luwih trep, wetenge jagad. Platon ngomongake bab Gadeiros, kembarane Atlas. Gadeiros ora liya ya Hercules, kang ateges ‘tukang angon sapi’; mimpin sapi ingon-ingon saka pulo kang ambles Erytheia (Lemah Papane Srengenge Sumunar). Saka Erytheia wong-wong Yunani teka, dipimpin Hercules, nuju lemah kang ‘dijanjekake’; Yunani. Pahlawan iki ora liya salah siji saka Si Kembar Nakula Sadewa kaya arketip ‘si kembar’ liyane. Ing tradhisi Indhian Brasil dicritakake yen wong-wong alas Amazon, Tucanos, Desanas, Barasanas, teka saka swarga kang keleb, ajur dening bena gedhe. Swargane iki mau diarani Yvymaraney (Lemah Suci), utawa Emekho Patolé (‘Puser Alam Raya’). Wong-wong iki prapta lumantar kapal kang ora beda karo Tabut Nuh lan nyebrangi Alpikun Dihtalu, samudra susu; kang raket karo samudrane wong Indhia (ing carita Samudramanthana). Kanthi carita-carita saka sakehing tradhisi universal iku, kabeh sarujuk yen ta ‘swarga’ lan ‘naraka’ bumi iku mapan ing Jawa-Nusantara, Sundaland, utawa kang luwih ciut ingaran Negara Indonesia jaman saiki.

Jantraning Ibu Pertiwi kang mblawah, awujud naraka, ing wektu-wektu bacute rikala wus ‘anteng’ malih-maujud swarga subur makmur, nglairke panguripan anyar, ngono kuwi dibolan-baleni; sajroning kala kang ganti-gumanti, ing tata pamrentahan raja Jawa-Nusantara kang gumilir. Ing carita-carita, babad-babad, buku-buku sejarah, digambarake rikala wong-wong jaban Jawa angejawa. Amung sawetara wae kang nyritakake rikala manungsa-manungsa purwa ‘oncat’ saka lemah Jawa; amarga Gunung Suci, Gunung Geni, kang mulad-mulad. Siji-loro kang nyritakake rikala wong-wong Mesir-Nusantara nyoba ngedegake Gunung Sucine, Gunung Genine; Gunung Meru sing ambruk, ing lemah anyare ing Afrika, minangka peling: awujud piramida. Miturut Santos, tembung ‘piramida’ iku ngandhut unsur M’R kang ngrujuk marang sawijining monumen; gunung-piramid kang nyengkuyung langit, amarga wong Mesir ora ngeja aksara swara ing hieroglife. The Great Pyramid, Piramid Gedhe, papane Osiris kang mati dipapanake ika, makili sawijining peradaban kang ‘mati’ lan dikuburake dening njebluge gunung suci. Nanging, saka ananing gunung suci kang gawe pati mau ing mbesuke ndadekake Jawa-Nusantara urip. Urip kang dikersakake dening Gusti kang Maha Purwa. Pungkase urip, mbokmenawa karana Gunung Geni maneh. Gegambaraning urip manungsa-manungsa purwa Jawa-Nusantara maujud talu, ing pungkasaning urip ditandhani tanceping gunungan. Tegese, gunungan iku pambuka lan panutup uripe manungsa; sangkan paraning dumadi.

Gunungan, prototip geometri suci, candi, uga piramida, lumrah ingaran kayon; wewujudan pindha kayu, kajeng, kayun. Gunungan ing wayang purwa nggambarake gunung kosmik, Meru, gunung sucine wong-wong purwa; wong Jawa-Nusantara ing wiwitane. Dene kayon iku nggambarake kayu gedhe, wit Jambu dhuwur mau, kang tuwuh ing pancering Pulo Jawa Kuna-makuna, minangka Wit Panguripan, Pohon Hayat, Kalpataru, kang sinebut ing Serat Rama utawa Serat Panji, uga ginambar ing relief Candi Prambanan, Candi Jago, Candi Panataran lan Candi Sukuh. Kayon iku kayun-e Gusti kang Maha Purwa nyabda manungsa-manungsa purwa kanthi ananing gunung geni. Lumantar sengkalan geni dadi sucining jagad (1443 Saka), kayon nemahi maknane: dilairake maneh dening Kalijaga pinangka peling tumrap para putra Jawa-Nusantara yen ta uripe lair saka ananing gunung geni, gunung suci, kang ngubungake antarane swarga lan bumi. Bakal digawe suci lantaran gunung(an). Rerenggan gunungan awujud maneka warna tingkatan, anasir urip, hakekat, lan sakpiturute ika minangka dalan nuju ‘kaswargan’ kang angel, abot, durohana. Dalan kang angel nuju swarga, kaya rerenggan gunungan, iki nyatane digambarake dening playune para putra Jawa-Nusantara amek lemah anyar kanggo papan panguripan, kang ing jaman-jaman bacute maujud petualangan berbahaya sajroning ekspedisi heroik golek emas, apel emas, jambuning panguripan lan sakpiturute; utawa digambarake lumantar ukelan kang angel sajroning tingkatan candi (Borobudur); ziarah menyang lemah-lemah suci (Jawa-Nusantara tumrape para kolonialis, Mekah, Jerusalem); dalan nuju pancering dhiri (waca: monisme, asring sinebut sangkan paraning dumadi); uga mbukak alas dadi kutha. Dalan kang angel ing gunungan utawa kayon mau minangka ritus saka kang kasar (lair) nuju kang alus (batin), saka pati nuju urip, saka manungsa nuju Gusti.

Ritus kasar-batin, pati-urip, manungsa-Gusti, tumraping wong Jawa-Nusantara iku dipratandhani kanthi inisiasi, pagawe suci, utawa saka khaos nuju kosmos, lumantar geni, banyu, lemah, lan angin. Ing saben-saben gumantining jaman, utawa adhegan, siklus diungelake maneh kanthi gunung geni kang mulad-mulad, bena agung, lindhu, angin gedhe; gara-gara, pralaya:

Kesandhung wohing pralaya, kaselak banjir ngemasi, udan barat salah mangsa, angin gung anggegirisi, kayu gung brasta sami, tinempuhing angin agung, katha rebah amblasah, lepen-lepen samya banjir, lamun tinon pan kados samodra bena.

Alun minggah ing daratan, karya rusak tepis wiring, kang dumunung kering kanan, kajeng akeh ingkang keli, kang tumuwuh apinggir, samya kentir trusing laut, sela geng sami brasta, kabalebeg katut keli, gumalundhung gumludhug suwaranira. (Sabdo Palon)

Sawuse pralaya, lair tatanan maneh, kosmos. Mangkono sikluse, ungele. Jantraning urip kang kaya ngene iki dicritakake dening para bhujangga Jawa ing kitab-kitab, manuskrip-manuskrip, bab manungsa-manungsa purwa; awujud babon pawayangan, kaya ta Pustakaraja, Purwakandha, lan Purwacarita.

Ana candhake.

[dening: Wong Gunung]

Bibliografi

Ahmad-Arsuka, Nirwan. 2002. Semesta Manusia dalam Esei-Esei Bentara 2002 (ed.) JB Kristanto. Jakarta: Kompas.

Ainun-Nadjib, Emha. 2010. Demokrasi la roiba fih. Jakarta: Kompas.

Eliade, Mircea. 2002. Mitos Gerak kembali yang Abadi; Kosmos dan Sejarah. Yogyakarta: Ikon Teralitera.

Jayaatmaja, Manu. 2001. Serat Purwakandha dari Kraton Yogyakarata; Jembatan antara Masa Lalu dan Masa Mendatang dalam Proseding Kesastraan Konggres Bahasa Jawa ke-3. Dr. Sudaryanto dkk (Ed). Yogayakarta: Media Pressindo.

Levi-Strauss, Claude. Mitos, Dukun, dan Sihir. Yogyakarta: Kanisius.

Lombard, Denys. 2008. Nusa Jawa: Silang Budaya 1, 2, 3. Jakarta: Gramedia.

Nitihardjo, Soeprapto. 2001. Andharan dan Tafsir Filsafat Hanacaraka. Yogyakarta: Tiara Wacana.

Oppenheimer, Stephen. 2010. Eden in The East; Benua yang Tenggelam di Asia Tenggara. Jakarta: Ufuk Press.

Purwoko, Agus. 2010. Gunungan: Nilai-nilai Filsafat Jawa. Bekasi: Adisaputra.

Santos, Arysio. 2005. Atlantis, The Lost Continent Finally Found. Lynnwood: Atlantis Publications.

Sukatno, Otto. 2007. Prahara Bumi Jawa, Sejarah Bencana dan Jatuh Bangunnya Penguasa Jawa. Yogyakarta: Jejak.

Toynbee, Arnold. 2006. Sejarah Umat Manusia. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Vlekke, Bernard H.M. 2008. Nusantara: Sejarah Indonesia. Jakarta: PT. Gramedia.

Yanuana-Samantho, Ahmad. 2011. Peradaban Atlantis Nusantara; Berbagai penemuan Spektakuler yang Makin Meyakinkan Keberadaannya. Jakarta: Ufuk Press.

Dick-Read, Robert. 2005. Penjelajah Bahari; Pengaruh Peradaban Nusantara di Afrika. Bandung: Mizan.

Alangalangkumitir.wordpress.com

Atlan.org

Lakubecik.org

Politikana.com

Sacred-texts.org

Sastra.org

Wikipedia.org

Celathon

1 celathon to “Nuju Sejarah Jawa (1)”

  1. maryun
    November 29th, 2011 @ 4:15 pm11

    wuah,,,,,,,nganti lali turu ki,,,,,

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur