KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Basa Krama Alus

Kababar | October 20, 2011 | 4 Celathu

BASA KRAMA-ALUS

 Basa Krama Lumêbêt ing Jaman Modherên

Basa krama saking jaman kajawen sagéd léstantun lumêbêt ing jaman modherên. Ewa samantén inggih botén gampil, pérlu kanthi ngambah wêkdal pintên-pintên dasa taun, taksih tansah kagubêl mawarni-warni rêribêd lan tantangan ingkang botên entheng. Namung kemawon ing wasana kasunyatanipun basa krama katampi, kabangun lan kauri-uri gêsangipun.

Ingkang njalari basa krama sagêd lumêbêt lan gêsang ing jaman modherên, wontên tigang prakawis, inggih mênika:

1) Basa krama nggadhahi têtalês ingkang awujud kasusilan lan pakurmatan, ingkang têtêp dipunsêngkuyung dening warganing masyarakat Jawi ing jaman modherên.

2) Kanthi têtalês warni kalih mênika, sagung warganing masyarakat Jawi sami manunggal karsa têtêp migunakakên saha nguri-uri basa krama.

3) Para ahli, para panuntun saha para sutrésna basa Jawi kanthi semangat Tridarma, mbudidaya mbangun lan mranata basa krama mawi cara: ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.

Kanthi pênuh ing kasabaran lan kawicaksanan, basa krama saking jaman kajawen ingkang mawami-warni, dipuntinting, dipunsaring, dipun-garap, kacundhukakên kaliyan swasana masyarakat Jawi ing jaman modherên. Ing wasana wohipun ingkang pokok lan wigatos warni kalih, inggih menika:

1)      Basa kramantara kabangun dados basa krama (limrah).

2)      Basa mudha-krama kabangun dados basa krama-alus.

Swasana Masyarakat Jawi ing Jaman Modherên

Marsudi unggah-ungguh basa mênika angudi subasita utawi tatakrama. Mênggah wujudipun subasita wau inggih mênika watak andhap asor, sênêng ngaosi ing ngasanes, linambaran bêbuden luhur saha watak ingkang utami. Pambêgan ingkang makatên wau mila sampun dados jatidhirinipun tiyang Jawi, pramila sanajan sampun gésang wontên ing madyaning jaman modherén, tiyang Jawi tétép andhap asor, sênêng ngaosi ing ngasanes. Dados sampun samêsthinipun manawi tiyang Jawi tansah ngluhurakén kautamen ingkang awujud kasusilan lan pakurmatan, tuwin ing salajéngipun têtêp nampi saha nglestantunakén basa krama.
Darma bêkti marsudi unggah-ungguh basa mênika ngêmu prakawis satunggal ingkang wigatos inggih mênika cak-tumindak utawi lampah ngurmati tiyang sanes. Katingalipun, ngurmati ing ngasanes mênika sêpele, prakawis ingkang gampil lan prasaja.

Langkung-langkung ing jaman modherên, ing masyarakat demokrasi ingkang nggadhahi gêgêbêngan bilih sabên tiyang mênika martabatipun sami. Botên wontên tiyang alit, botên wontên tiyang luhur. Atêgês ngurmati tiyang sanes mênika cak-cakanipun gampil, botên wontên paugéran utawi tatanan ingkang ruwét.

Nanging mênika wau namung katingalipun. Pranyata ing masyarakat Jawi modherên ingkang demokratis swasananipun botên lajéng prasaja makatên. Inggih lêrês bilih sabén tiyang martabatipun sami, namung kemawon jatidhirinipun tiyang Jawi botên badhe ical. Badhea sampun modherên, sampun demokratis, tiyang Jawi tétép gadhah pambékan andhap asor lan sênêng ngurmati tiyang sanes.

Ugi lêrês bilih botên wontên paugêran utawi tatanan caranipun ngurmati tiyang sanes, nanging têtêp wontên prakawis ingkang pêrlu dipunwigatosakên. Wontên prakawis, pêpengêt, utawi faktor ingkang pêrlu dipunwigatosakên minangka lampahipun ngurmati ing ngasanes, inggih menika faktor: umur, pêprênahan, drajat pangkat, drajat sêmat, faktor darah sarta faktor luhuring pribadi.

Manawi dipun-garba, faktor warni 7 kasébat, mahanani bilih kautamen pakurmatan mênika botén namung asipat urmat limrah, nanging wontên ingkang asipat langkung urmat. Tuladhanipun tumrap:

1) Faktor péprénahan, manawi kaliyan kakang, mbakyu, mênika urmat limrah, nanging yen kaliyan êmbah, êmbah buyut, ménika kêdah langkung urmat.

2) Faktor drajat pangkat, upami murid kaliyan guru, mênika urmat limrah, nanging manawi murid kaliyan Menteri Pendidikan Nasional, ménika langkung urmat.

Dados ing masyarakat Jawi modherén taksih wontên prakawis-prakawis ingkang pêrlu kawigatosakén ing bab ngurmati tiyang sanes, lan mênika mangke wontên sambét rapêtipun kaliyan gêsangipun basa krama.

Basa Mudha Krama Ngêmu Pakurmatan ingkang Langkung Urmat

Manawi dipuntliti kanthi prémati, basa krama warni 9 ing jaman kajawen, swasana pakurmatanipun botên sami, katranganipun makatên:

1) Basa madya warni tiga inggih ménika: madya-ngoko, madyantara, lan madya-krama, sadaya kenging kawastanan ngêmu pakurmatan limrah.

2) Basa krama desa, ugi sami, kirang langkung ngêmu pakurmatan limrah.

3) Basa kramantara, amargi kangge wicantén kaliyan tiyang ingkang sami statusipun, ugi ngêmu pakurmatan limrah.

4) Basa wrêdha-krama, amargi kangge wicantên tiyang ingkang kaprênah sêpuh dhatêng tiyang

ingkang langkung ênem, ugi ngêmu pakurmatan limrah.

5) Basa mudha-krama, amargi kangge wicantén tiyang ênem dhateng tiyang sêpuh, ménika pakurmatanipun langkung urmat.

6) Dene basa krama-inggil lan basa kadhaton sampun cétha manawi urmat sangêt.

Kanthi dhasar panaliten makatên mênika, kados sampun nama trêp manawi ing jaman modherên mênika ingkang dipunlêstantunakên basa krama (limrah) saha basa mudha-krama Basa krama (limrah) kangge ngurmati tiyang sanes kanthi limrah, dene yen badhe langkung ngurmati mawi basa mudha-krama. Nalika jaman kajawen, basa ngoko wontén warni kalih, inggih ménika basa ngoko lugu saha basa ngoko-andhap, ingkang kaprinci dados kalih inggih mênika basa antya-basa kaliyan basa-antya. Basa ngoko andhap mênika nalika samantên dipunwastani basa ngoko ingkang alus, maksudipun basa ngoko ingkang langkung ngaosi utawi langkung ngurmati.

Kanthi ngengêt-engêt maknanipun témbung alus kasêbat, sampun kasinggihan manawi basa krama-alus mênika kangge wicantên kaliyan tiyang sanes ingkang langkung dipun-urmati lan ingkang kabangun saking basa mudha-krama.

Mbangun Basa Mudha-Krama dados Basa Krama Alus

Ingkang dipunwastani basa mudha-krama mênika basa krama lêrês, maksudipun kala samantên; manawi jaman samênika dipunwastani basa krama ingkang hormat ingkang satuhu nêtêpi paugêraning subasita. Yen basa kramantara, basa wrêda-krama, langkung-langkung basa krama-desa lan basa madya dipun-anggêp kirang urmat. Dene basa karma inggil kaliyan basa kadhaton dipunanggêp kalangkung urmat.

Dene pigunanipun basa mudha-krama inggih mênika kangge pawicantênan:

1) tiyang ênem dhatêng tiyang sêpuh

2) murid dhateng gurunipun

3) rencang (batur) dhateng bêndaranipun (yen béndaranipun wau sanes bangsa luhur)

4) kanca sami kanca ingkang dereng kulina

5) priyantun kaliyan priyantun ingkang sababagipun

6) reh-rehan kaliyan nginggilanipun (yen nginggilanipun wau sanes bangsa luhur).

Wujudipun basa mudha-krama, inggih mênika:

1) tembung-tembungipun krama, atêr-atêr lan panambangipun ugi krama.

2) mawi témbung krama-inggil tumrap tiyang ingkang dipunajak ginêman.

 Ing ngandhap mênika kacawisakén tuladha awujud pawicantênan antawisipun Bapak Sastrajuména kaliyan Bapak Prawiratênaya. Bapak Sastrajumêna mawi basa wrêdha krama, dene Bapak Prawiratênaya migunakaken basa mudha krama. Kanthi makatên malah ngiras kangge suka gambaran, manawi mudhakrama satuhu basa krama ingkang langkung lêrês utawi langkung normatif kaukur kanthi paugeran kasusilan lan pakurmatan, tinimbang basa wrêdha-krama.

1)      Sastrajumêna: “Kadospundi kabare Dhi, angsal sampeyan dhateng Semarang, menapa sagêd angsal damêl?”

2)      Prawiratênaya: “Saking pangestu panjênêngan saged angsal kalih-kalihipun. Rodha ban karet (rodha bendhi/andhong), kula tumbas dhateng toko ‘Persatuan’. Namung kajéng timaha ing Semarang botên wontên; pramila mantuk kula mawi mampir ing Surakarta, pados dhateng pêkên. Lah kok kapinujon wontên ingkang sae tur manawi sampun dados wrangka, calonipun kêndhit, tiyang peletipun nggaler wontên ing tengah, kiwa têngên.

3)      Sastrajumêna : “Pintên rêgine Dhi? Janji angsale ngawis dikintên-kintên, botên langkung saking dugi-dugi kula sawég anu ménika, inggih nama botén kawisén”.

4)      Prawiratênaya: “Rodhanipun ban karet sêpasang f. 75,- (pitung-dasa-gangsal rupiah);
pangraos kula dhawah cêkapan. Kajêngipun timaha badhe wrangka 3 ringgit, mênika ing ngatasipun yatra pados barang inggih botên awis”.

5)      Sastrajumêna : “Pundi kajénge timaha?”

6)    Prawiratênaya: “Lah mênika kula bêkta. Namung rodhanipun bendhi kula kintunakên
medal sêpur. Benjing êmbcn sawég dhatêng”.

7)      Sastrajumêna: “Manawi ditingali pelete, kajeng makatên mênika saene didamêl
wrangka gayaman kemawon. Yen direka didadosake wrangka ladrang, kok kirang kobet”.

8)      Prawiratênaya: “Kasinggihan pangandika panjênêngan”.

9)      Sastrajumêna : “Adhi yen aken ndamêlake wrangka dhatêng sintên?”

10) Prawiratênaya: “Dhaténg Ki Trimagati. Ménika pancen golongan mranggi ingkang
sampun kêsuwur sae damêlanipun”.

11) Sastrajumêna: “Adate epahe ndamêl wrangka makatên mênika pintên Dhi?”

12)  Prawiratenaya: “Mirah-mirahipun kalih rupiah”.

13)Sastrajumêna: “Inggih. Mangkc êmben-êmbcn ngriku tiyange kula undange mriki.
Mênggah diken nggarap wontên ing griya kula ngriki mênapa purun?”

14)  Prawiraténaya: “Lah kantun sumangga kérsa. . . . Sarehning kula ménika wau nilar
tamu, keparenga kula tumuntên mantuk”.

15)  Sastrajumêna: “0, lah mangga Dhi!”

16)  Prawiratênaya: “Sampun kêlilan!”

17)  Sastrajumena: “Inggih mangga!”

(Karti Basa, 1946)

Katrangan:
1) kajêng timaha = kajêng ing wana, ingkang mligi kangge bahan damêl wrangka dhuwung.

2) pelet = warni loreng-loreng ing têngah kajêng ingkang dipunkéthok, tumrap wrangka

dhuwung dados rêrênggan ingkang endah.

3) mranggi = tukang damêl wrangka

Sami kaliyan cara mbangun basa kramantara, bilih ingkang mbangun basa mudha-krama ngantos dados basa krama-alus ing wêkdal mênika, botên sanes inggih sagung warganing masyarakat Jawi piyambak. Malah ugi ingkang milih dipun-angge têrus lan dipunlêstantunakên. Tuladhanipun basa wrêda-krama kados ing nginggil samênika awis-awis malah sasat botên wontên ingkang ngangge malih. Bokbilih karaos kirang urmat utawi radi angel anggenipun ngêcakakên.

Minangka conto: manawi nitik tuladha ing nginggil, têmbung-têmbungipun krama, nanging kok rimbag-rimbagipun ngoko, raosipun radi kirang sakeca. Dening para warga masyarakat Jawi, basa mudha-krama kasébat botên lajéng namung dipun-angge makatên kemawon, nanging ugi dipunbangun, liripun yen wontén bab ingkang karaos kirang srêg, kirang cundhuk kaliyan kamajenganing jaman, ugi dipun-ewahi ngantos katingal langkung sae lan prayogi. Tuladhanipun:

1) Têmbung: kula, dipungantos: adalêm. sanajan taksih ugi kathah ingkang têtêp migunakakén tembung kula. Sébabipun adalém mênika témbung krama-inggil.

2) Témbung tiyang, (kathah ingkang sami botên ngangge, kagantos tembung: amargi: tiyang ing ukara mênika ngokonipun: wong, nanging ménika têmbung panggandheng (kata sambung), sanes tiyang ingkang têgêsipun manungsa.

3) Têmbung kêlilan, samênika kathah ingkang sênêng mawi témbung kêpareng.
4) Têmbung yatra, mênika kalêbêt têmbung krama madya, sanes têmbung krama. Pramila ing wêkdal ménika kathah ingkang migunakakén tembung arta, ngokonipun: dhuwit.

Kajawi mênika, para ahli, para panuntun, saha para sutrêsna basa Jawi ugi urun-urun rembag bokbilih wontên bab-bab ingkang kirang prayogi, pérlu dipunprenahakên. Tuladha: témbung pangestu panjênêngan, kula tumbas, lan mantuk kula, ukara nomér 1, ing basa sinêrat mawi tandha panggandheng, amargi ngokonipun gandheng inggih mênika: pangestumu, daktuku, lan mulihku. Pangestumu, mênika panambang -mu; daktuku, atêr-atér dak-, lan mulihku, panambang -ku. Dados prayoginipun kasêrat: pangestu-panjênêngan, kula-tumbas, saha mantuk-kula. Kadosdene témbungipun Bapak Sstrajumêna sasampunipun ukaranipun Bapak Prawiratênaya nomêr 1: Pintén régine Dhi? Dugi-dugi kula prayoginipun dipunsêrat: dugi-dugi-kula, amargi ngokonipun: duga-dugaku, angsal panambang-ku.

Gambaran satleraman kintên-kintên makatên mênika lampahipun mbangun basa mudha krama ngantos ing wêkdal mênika dados basa krama-alus. Nanging mênika wau inggih namung satunggaling pangentha-entha, amargi kadadosan ingkang salêrêsipun ngambah wêkdal pintên-pintên dasa taun, dumados ing madyaning bêbrayaning gêsang, sarêng lan ewah-ewahan enggal kabudayan Jawi saha kamajenganing jaman. Dados, sajatosipun kenging dipunwastani botên ‘kasat mata’ (abstrak), namung kenging dipuntingali woh, kasil, utawi bukti nyatanipun.

 


Endahing Raos

Endahing raos basa krama-alus dumunung ing raosing manahipun tiyang ingkang migunakakên. Namung kemawon, tumrap basa krama-alus raos ingkang tuwuh mênika warni-warni lan angel dipun-gagapi. Nanging pangripta badhe nyobi nyakêti kanthi migunakakên wahana pusaka saking pujangga luhur agul-aguling tiyang Jawi, ingkang awujud sêkar Pangkur pada sapisan lan kaping kalih saking Sêrat Wedhatama, yasan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV ing Surakarta, ingkang makatén cakêpanipun:

1)      Mingkar mingkuring angkara, akarana karênan mardi siwi, sinawung rêsmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kêrtarta pakartining ngelmu luhung, kang tumrap neng tanah Jawa, agama agêming aji.

2)      Jinêjer neng Wedhatama, mrih tan kêmba kêmbenganing pambudi, mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rasa, yêkti sepi asêpa lir sêpah samun, samangsane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglêlingsêmi.

Tembang kalih pada kasêbat ngêmu kautamen warni kalih, ingkang kenging dipun-angge ndudut endahing raos manahipun têtiyang ingkang sami migunakaken basa krama alus, inggih mênika raos kasusilan saha raos pakurmatan. Dene katranganipun kados ing ngandhap rnênika:
1) Raos kasusilan, sumbêripun dumunung ing pada kapisan gatra kaping 5, 6, 7: . . . .mrih kêrtarta pakartining ngelmu luhung/kang tumrap neng tanah Jawa/agama agêming aji. wosing suraos kirang langkung makatén: amrih katawis ingkang dipunwastani awon utawi sae, susila utawi botên susila (ngelmu luhung), tumrap tiyang Jawi, pêrlu nêtêpi wéwatoning gésang utawi kautaman ingkang dipun-angge dening ratu (panguwaosing praja). Yen samênika Dasar Negara Pancasila.
2) Raos pakurmatan, sumbêripun dumunung ing pada kaping kalih gatra kaping 4, 5, 6, 7:
. . . yen tan mikani rasa / yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun / samangsane pakumpulan / gonyak-ganyuk nglelingsêmi. Wosing suraos kirang langkung makatên: manawi botên nggadhahi raos (kasusilan kasébat), katingal suwung kados sêpah, tanpa isi, kalamangsanipun srawung wontên ing pakêmpalan pundi kemawon, botên ngêrtos unggah-ungguh botên sagéd ngurmati tiyang sanes, tumindakipun nglingsemakén. Ingkang dipunwastani raos kasusilan (rasa kesusilaan, moralitas), mênika raos sênêng ingkang mijil sabên tumindak nêtêpi anggêring kasusilan lajêng dipuntanggapi kanthi katrimah dening tiyang sanes. Dene raos pakurmatan (rasa kehormatan, etiket), ménika raos sênêng yen saged ngurmati tiyang sanes kanthi sae lan prayogi. Tumrap basa krama alus, raos warni kalih kasêbat tuwuhipun manawi anggenipun migunakaken basa krama-alus satuhu tulus lair trusing batos, botên namung lamis utawi tata lair kemawon. Dene titikanipun wontên ing swasana pawicantênan. Swasana basa krama alus mênika boten namung kabangun dening têmbung-tembung krama lan têmbung krama-inggil, nanging ugi kacipta dening laguning basa (lagu bahasa), solah bawa saha pasémon utawi polatan (mimik dan pantomimik). Dene laguning basa, solah bawa, saha pasêmon, mênika sumberipun wontên ing wijiling raos kasusilan lan raos pakurmatan.

[saking Marsudi Unggah-ungguh Basa Jawa, Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. & Th. Supriya, 2001, Yogyakarta: Kanisius]

Celathon

4 celathon to “Basa Krama Alus”

  1. agus santosa
    November 14th, 2011 @ 4:15 pm11

    kok saget nggih , nyrerat ngagem basa jawi krama kanthi sae kados menika.

  2. Anonymous
    March 23rd, 2012 @ 4:15 am03

    inggih mekaten ingkang diwastani basa kromo alus, kulo namung saget maca lan mungel matur nuwun sanget anggenipun panjenengan kersa nyerat ing ateges wonten salebete seratan crios ngemu pangertosan ingkang kabara kanti gamblang, Nuwun.

  3. Suparno
    February 17th, 2013 @ 4:15 pm02

    Matur Nuwun dumateng poro pinisepuh kang sampun awarto marang kawulo soho saged ambyantu pangerten tumrap sanesipun.

  4. Anonymous
    August 27th, 2013 @ 4:15 am08

    Nalika aku isih cilik, aku tau melu bapak lan simbok lunga menyang sala ndelok wayang wong ana ing taman sriwedari

Ninggali Tetembungan





  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur