KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Sutra Gaib

Kacrita ana sawijining nagara gêdhe, gêmah ripah karta raharja, murah sandhang murah pangan, tata têntrêm tulus apa kang tinandur, nganti dadi pangungsèning wong-wong saka môncanagara. Ananging ana cacade sathithik, dene sang prabu kang jumênêng ratu ing nagara kono, apadene kyai patih,

Uripe Manusa Kudu Tulung-tinulung

Ing sawijining dina wayah sore kabênêran malêm Ngahad, Radèn Ngabèi Harjasuwarna sarean ing kursi dawa karo maos koran, garwane ngrenda pinarak ing kursi ngadhêpake meja, kang ing dhuwur ana lampune padhang kêncar-kêncar, putrane lanang ontang-anting aran Radèn Bagus Harsaya, kang lagi

Purwakanthi

Purwakanthi Purwakanthi memper tegese karo sajak utawa rima. Sabenere, jinis lan jenenging purwakanthi uga ora akeh, yaiku: purwakanthi guru swara, manawa kang runtut swarane (lumrahe swara aksara menga/vokal); purwakanthi guru sastra,

Wangsalan

Wangsalan Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kaya dene cangkriman utawa tebakan. Tembung ‘wangsalan’ nunggal teges karo ‘wangsulan’. Ing sajroning wangsalan ngemu unen-unen, lan unen-unen iku mbutuhake wangsulan minangka batangane.

Sanepa

Sanepa Sanepa yaiku unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa tetandhinga lan duwe teges mbangetake kanthi nyurasa teges kosok baline. Sanepa: “tatune arang kranjang” karepe tatu iku kaya bolonganing kranjang. Mangka bolonganing kranjang iku yen dideleng, sing bolong lan sing ora bolong akeh bolongane. Unen-unen iku nyanepani: ‘tatu sing kerep

Parikan

Parikan Tembung ‘parikan’ ana gandheng cenenge karo tembung ‘pari’. Ing basa Melayu ana rumpakan kanga ran ‘pantun’. Racikan lan paugerane memper utawa meh padha karo rumpakan kang kasebut ‘pantun’. Ing rumpakan pantun ana gatra sampiran, yaiku gatra kapisan lan kapindho. Isi kandhutaning rumpakan tinemu ing gatra katelu lan kapapat.

Isbat

Isbat Isbat yaiku unen-unen kang ajeg panganggone lan mawa surasa tartamtu. Isbat awujud racikaning tembung kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar lan ngemu ‘pasemon’. Tembung ‘isbat’ tegese ‘katetepan’. Isbat saemper paribasan, tegese lumereg marang filsafat lan pasemon. Lumrahe dianggo istilah, konsep, utawa kredho ing ngelmu tasawuf,

Cangkriman

Cangkriman Cangkriman yaiku unen-unen kang rinacik ing tembung kang tumata, surasa utawa isine ngemu teges kang dudu dibadhe. Cangkriman uga kasebut ‘badhean’ utawa ‘bedhekan’. Ing sawatara panggonan sok kasebut ‘capean’. Racikaning cangkriman ana kang dhapur ukara lumrah, ana kang sinawung ing tembang. Wujud lan dhapukaning cangkriman kabedakake:

  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur