KAWURYAN

Kagunan Weh Urubing Kabudayan

Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A)

Kababar | 27 July 2014 | Ora ana celathon

Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A) [waca bacute...]

Pitedah Maos Bausastra Djawa

Kababar | 27 July 2014 | Ora ana celathon

Baoesastra Djawa
INGKANG NGIMPUN W. J. S. POERWADARMINTA KABANTU C. S. HARDJASOEDARMA J. CHR. POEJASOEDIRA
INGKANG KANGGE ANCER-ANCER SERAT BAOESASTRA DJAWI-WLANDI KARANGANIPUN DR. TH. PIGEAUD ING NGAYOGYAKARTA
KAECAP ING PANGECAPAN J. B. WOLTERS’ UITGEVERS = MAATCHAPPIJ N.V. GRONINGEN, BATAVIA, 1939 scottweg 5 [waca bacute...]

Sejarah Aksara Jawa (1)

Kababar | 27 July 2014 | Ora ana celathon

Karkating tyas katuju, jibar-jibur adus banyu wayu, yuwanane turun-temurun tan enting,
liyan praja samyu sayuk, keringan saenggon-enggon.
[Sabdatama, Ranggawarsita]

Tembung-tembung kang magepokan karo ‘sejarah’ Jawa kayata: Javanas, Yahweh, Yueh-chi, Yahudi, Yudh, Havana, Yavana, Iabadiu, Ye-tiao, pancen duwe ubungan linguistik. Sveta-Dvipa, White Islands, Eldorado, Golden Cipangone Solomon, utawa Jawa, Dhawa, Dugdha Samudra, surgane wong Hindu, lair saka Samudra Susu kang diputer: mbokmenawa kaya dene rupa susu utawa ‘krim’ kang [waca bacute...]

(S)apa Jawa?

Kababar | 27 July 2014 | Ora ana celathon

Tunggal tan tunggal lawan ing pesthi, roro pan tan roro,
lir jiwa tinon lawan ragane, katon tunggal katingal kakalih,
mangke ana mami, lawan Gustiningsun,
tan kena pisah siyang lan ratri,
tansah awor winor.
[Centhini]

Panjenengan kabeh lan penulis, minangka wong Jawa, utawa paling ora wong sing ‘ngaku Jawa’, mbokmenawa nate mitakon bab sapa sejatine dhirine. Pitakonan filsafati kaya ngene iki bisa nggiring manungsa nyedhaki apa sing diarani kasunyatan. Jer kasunyatan sejati iku amung kagungane Gusti. Manungsa diparingi kuwasa, ananging winates. Sing winates iki kaajab bisa dianggo mersudi kawruh kang tanpa wates; tanpa wates sajroning takeraning manungsa, dudu Gusti. Temtu wae kawruh ing tulisan iki magepokan karo pitakonan bab: manungsa Jawa, utawa wwang Jawa, utawa wong Jawa, lan apa-apa kang diasilake dening buddhi-ne. Prof. Dr. Driyarkara nate medhar [waca bacute...]

Dhadhung

Kababar | 27 July 2014 | Ora ana celathon

Jenenge, lan dadi undang-undangane, Dhadhung; mbuh ngapa simboke menehi tenger iku. Upama ditegesi mono ncen getir, geter. Mosok, anake diwenehi jeneng nunggal teges karo tali kanggo nyencang kewan. Krungu rerasane simbok-bapake sawijining wektu jeneng iku titipane simbahe. Simbahe biyen kondhang dadi tukang nambani kewan. Tumrape bocah-bocah sepantarane jaman cilik, jeneng mau ora elite blas. Najan uripe dha neng desa, wong desa. Liyane nganggo jeneng-jeneng modern. Wis ngutha. Wektu ika kalane [waca bacute...]

Kapustakan Jawi Jaman Islam

Kababar | 26 July 2014 | Ora ana celathon

Nalika mumbul-mumbulipun jaman Majapait, ing tanah Jawi kadugi sampun wontên tiyang agami Islam dhatêng saking manca satunggal kalih. Saya dangu saya kathah, nanging taksih sami manggèn wontên kitha dagang ing pasisir, upaminipun Tuban, Sidayu, Grêsik. Tiyang Sêlam wau kajawi among dagang, ugi nyambi nglêbêtakên agaminipun: ing sakawit namung angsal tiyang alit kemawon. Dangu-dangu tamtunipun inggih wontên priyantun satunggal kalih ingkang lumêbêt agami Islam. [waca bacute...]

Kidung Basa Jawi Tengahan

Kababar | 26 July 2014 | Ora ana celathon

Basa Jawi kina ingkang kangge wontên ing sêrat Ramayana, Arjunawiwaha, Bharatayuddha sasaminipun, punika kanggenipun ing pawicantênan, mandhap-mandhapipun namung dumugi jaman ngajêngakên adêgipun kraton Singasari. Sasampunipun punika tiyang wicantênan sampun wiwit nglèrèg dhatêng basa Jawi têngahan. Sarêng wontên ing jaman Majapait, basa Jawi têngahan sampun dados basa padintênan, basa umum. Namung ing kidung, para bujangga taksih nglajêngakên basa ingkang kangge wontên ing sêrat-sêrat. [waca bacute...]

Sêrat-sêrat Jawi Golongan Enèm

Kababar | 26 July 2014 | Ora ana celathon

Ingkang badhe kula têrangakên ing ngandhap punika sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan ênèm. Mênggah titikanipun sami kemawon kaliyan ingkang golongan sêpuh. Inggih punika:
1. Namaning ratu ingkang kasêbut, gandhèngipun kaliyan sêratan sanèsipun; kados ta sêratan sela.
2. Titimangsa utawi angka taun.
3. Lêlewaning basa.
4. Babonipun sêrat Jawi kina ingkang langkung sêpuh, wontên.
5. Nyariyosakên bab kawontênan ing tanah Jawi. [waca bacute...]

delok liyane »
  • banyu

    Sugeng Rawuh ing kawuryan.com; cendhelamaya MGMP Basa Jawa SLTA Kabupaten Sleman DIY


  • peling

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. Ulatana kang nganti bisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen jroning ati, den tumanggap dimen manggon. Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sejatine isi, isine cipta kang yektos. [Sabdajati]
  • Celathon anyar ing postingan

  • kawuryan

  • Garan

    Pramila sasama kang dumadi, mikanireh papaning sujana, sayoga tulus pikukuhe, angrengga jagad agung, lelantaran mangun sukapti, limpade kang sukarsa, wisaha angayun, suka bukti mring prajengwang, pananduring mukti, kapti amiranti, dilah kandhiling satya. [Saminisme]
  • Tags

  • Kredho

    Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi. Pamulangane, sengsarane sesami. Ganjarane, ayu lan arume sesami. (Sosro Kartono)
  • Teknologi Leluwur